geguritan bahasa jawa

3
SUKMA LELANA GUGAT angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra sasat tanpa leren ngobahake banyu iwak gedhe iwak cilik padha gumregah jumedhul sakdhuwure ombak ilang swara mlebu ing akasa prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angen kanthi jala lan jaring saka sutra obor thathit lan lintang sambung sinambung ing wewangunan jagad tepake isih katon cetha ing garis tangan prasetya lan prasapa ngumbara dadi omah urang lan kewan segara liyane lumaku manut ilining pasir molah malih njupuk warna cahyaning jaman wit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot angin lagi thawaf ngubengi kedhaton napas Jakarta, 22 Juni 2001 JANJI SEPI dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha prasasat isih dawa janjimu kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku nlusup ing balung sungsum angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa netramu yen lagi nyawang jagad agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara ora kuwat nyangga bumi ora kuwat ngreksa budi angin isih nggoleki aburing kupu mangsa rendheng udane nggrejih nanging kali durung akeh banyune rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke ngebaki guwa pertapan asri kekidungan dhewe tan kena dipenggak kadya lali purwa duksina angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi Stasiun Tugu (Ngayogyakarta), 3 Maret 2001 RON GARING Wengi sansaya atis nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan kang digawa dening angin prasasat tan kendhat

Transcript of geguritan bahasa jawa

Page 1: geguritan bahasa jawa

SUKMA LELANA GUGAT angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodrasasat tanpa leren ngobahake banyuiwak gedhe iwak cilik padha gumregahjumedhul sakdhuwure ombakilang swara mlebu ing akasa

prau-prau lelangen ngoyak playune angen-angenkanthi jala lan jaring saka sutraobor thathit lan lintangsambung sinambung ing wewangunan jagadtepake isih katon cetha ing garis tangan

prasetya lan prasapa ngumbaradadi omah urang lan kewan segara liyanelumaku manut ilining pasirmolah malih njupuk warna cahyaning jamanwit-witan gedhe ngadeg pating jenggeleg tanpa oyot

angin lagi thawafngubengi kedhaton napas Jakarta, 22 Juni 2001

JANJI SEPI

dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kuthaprasasat isih dawa janjimukang nggawa daya sumringah ing sajroning lakunlusup ing balung sungsumangin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawanetramu yen lagi nyawang jagadagawe donya njomplang kadya katrajang gara-garaora kuwat nyangga bumiora kuwat ngreksa budi

angin isih nggoleki aburing kupumangsa rendheng udane nggrejihnanging kali durung akeh banyunerasa aneh kaya kang wis nate daksasakkengebaki guwa pertapan asrikekidungan dhewe tan kena dipenggakkadya lali purwa duksinaangin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingiStasiun Tugu (Ngayogyakarta), 3 Maret 2001

RON GARINGWengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring

STASIUN GAMBIR WANCI ESUK(dening: Triman Laksana. stasiun gambir 301108)

tekaktu iki, ora nggawa kabar dhuhkitasanajan tetep isih kebak tandha pitakonmung wae nuhoni jejege laku tamagawe gegayuhan kang bakal dadi atilelandhesan karep.... nyekel angin ana epek-epek

wis dak rungkebi, dawane dedalanankanggo janji-janji kawuri sing bakal tumekaana sangarepe kori kahanan padhangbareng mandhege sepur bima... ana stasiun gambirsrengenge isih tetep padha... madhangi jagat iki

kebak sanggan ana raga, supaya dadi kasunyatannyawiji siji... ing sajroning pangkon

Page 2: geguritan bahasa jawa

aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

TRESNAKU

kayungyun duk samana nalika dak sawangruntut gunemmudakik-dakik seratanmu ing nawala

aku ngerti, merga suket godhong lan rembulandadi mitramu sejatirina wengi tan bisa goling

aku rugi.......merga aku lali

banjur....tresnaku kaseret pedhutsurup....esuk.... lan kapan wae mesthi bakal ana wayah manembahpucuking angen-angen

TRESNAKU ndak sok mring GUSTI