dinda NGINGU BEBEK

download dinda NGINGU  BEBEK

of 6

Transcript of dinda NGINGU BEBEK

NGINGU BEBEKBapak, ibune bapakku kang uga diarani simbahku daleme ana ing perenge gunung, desane asri banget , hawane adhem. Simbah ana ing dalem karo paklek ya adhike bapak. Daleme simbah gedhe banget pekarangane ngarep mburi amba pekarangane ngarep ditanduri pelem , dene pekarangan mburi ditanduri gedhang, uga ana blumbang. Paklek dudu pegawai nanging wiraswasta yaiku ngingu bebek, amarga pekarangane simbah jembar. Kandhange digawe ana mburi omah, cedhak blumbang. Ngingu bebek ngono ora angel pangrumate, bisa dikandhangake bisa uga dingonana sawah. Sing baku pakane ora telat utawa aja nganti kelendran dhawuhu paklek, supaya endhoge akeh pakane uga ora angel kayata dhedek, jagung, kangkung, lompong ugo bisa utawa konsentrat. Bebeke paklek dikandhangake sawanci-wanci diengon nyang blumbang. Ngingu bebek akeh banget paedahe lan akeh kang bisa dijupuk asile kayata endhog, daginge bisa digawe bebek goreng, endhoge bisa digawe endhog asin. Mula aku yen liburan mesthi sowan simbah, lan esuk ngerewangi paklek njupuki endhoge, wah seneng banget yen bebeke kabeh ngendhog. Ngingu bebek saliyane dijupuk asile uga bisa kanggo hiburan, yen diengon nyang sawah bisa nyawang sawah sing ijo royo-royo, nyawang desa sing asri. Sing ngasta endhog asin bulik, nggawene gampang gawe bubukan bata dicampur uya lan banyu, banjur dibungkusake endhoge suwene seminggu nganti sepuluh dina saben dina wis ana bakul sing njupuk, dadi ora repot ngiderake dhewe. Saka usahane paklek mau bisa kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane lan uga bisa mundhut kendharaan, televisi, sepedha motor , bisa ngragati sekolahe putraputrane nganti kuliah.

TIMUN EMASAna ing sawijining desa ana mbok Rondha sing pegaweyane golek kayu ing alas. Mbok Rondha mau wis suwe kepengin duwe anak. Banjur ketemu Raseksa sing

gawene mangan wong. Mbok Rondha banjur diwenehi wiji timun supaya disebar ing latar mengko bakal keturutan duwe anak, nanging ana syarate yen besuk anake wis gedhe kudu diwenehake Raseksa mau arep dimangsa. Tekan omah wiji timun disebar banjur tukhul lan ana wohe siji gedhe banget warnane kuning emas. Banjur diundhuh karo mbok Randha disigar jebul jerone ana bocah bayi wadon. Mbok Randha seneng banget atine, dirumat bayine lan nganti dewasa. Atine mbko Randha tansah kuwatir marang janjine karo Si Raseksa. Mbok Randha golek wong pinter banjur diwenehi buntelen cacahe 4, yen sawanci-wanci Raseksa nagih janji Timun Emas supaya mlayu karo mbuwang buntelan mau mbaka siji. Sawijining dina Raseksa temenan teka nagih janji arep mangan Timun Emas. Timun Emas mlayu karo mbuwang buntelan sing diwenehi wong pinter mau mbaka siji. Buntelan sing sepisan wiji timun dibuwang banjur tukul wit timun sing wohe akeh banget bisa ngalangi lakune Raseksa. Buntelan nomer loro dadi alas pring, buntelan katelu uyah dadi segara, lan sing pungkasan dadi endhut sing panas. Wusanane Si Raseksa kecemplung endhut panas dadi lan patine. Sapa bae tokohe kang ana crita utawa dongeng timun emas iku, lan sapa sing dadi tokoh utamane ! Apa maknane dongeng Timun Emas sing bisa dijupuk !

ASAL USULE KUTHA BANYUWANGIDhek jaman biyen ing Jawa Wetan ana raja kang ajejuluk Prabu Sindhurejo, dene patihe Patih Sidapaksa kang duwe garwa kang ayu rupane tur lagi mbobot tuwo. Ibune Patih Sidapaksa iku kejem lan angkuh banget, uga ora seneng marang mantune ya garwane patih Sidapaksa. Wusanane ibu patih Sidapaksa duwe rekadaya ala, yaiku kepingin nyilakani mantune. Kanthi matur marang Prabu Sindhurejo supaya ngutus patih Sidapaksa menyang gunung Ijen saperlu njupuk kembang Wijayakusuma. Tenan patih Sidapaksa diutus rajane menyang gunung Ijen, gandheng patih Sidapaksa iku setya tuhu marang rajane ya budhal senajan abot ninggalake garwane kang mbobot sepuh. Sapungkure patih Sidapaksa garwane nglairake putra kakung wah seneng banget garwane patih Sidapaksa. Sawijining dina garwane patih Sidapaksa lagi siram, bayine dijupuk dening ibune patih Sidapaksadibuwang ana kali. Sawise rong tahun patih Sidapaksa kondur diwaduli ibune yen bayine dipateni garwane. Patih Sidapaksa duka garwane digawa menyang pinggire kali supaya bisa mbuktekake menawa ora luput. Garwane alon-alon banjur njegur kali. Sanalika

garwane musna, banjur ana wewujudan kembang cempaka loro cacahe gedhe cilik. Wusana kembang sing gedhe celathu yen kembang sing gedhe iku garwane, dene kembang sing cilik iku putrane. Kembang sing cilik ngomong yen sing mateni ibuke patih Sidapaksa dewe. Sawise iku kembang cempaka loro musna ambles sajeroning banyu kanthi ninggal ganda arum banget. Penggalihe patih Sidapaksa getun banget lan kanggo pengeling-eling papan iku mau dijenengi BANYUWANGI.

WAWAN REMBUG TATA KRAMAWati Pak Guru : { Budi, Susi, Wawan, Dian ana ing mburine Wati ) Assalamu alaikum pak ? : Walaikum Salam ( karo mbukak lawang ), oh ana bocah-bocah SMP ta ? Mlebu-mlebu Wati Pak guru : matur suwun pak : (tnggane nuding nang kursi ) mangga mangga pinarak , ana perlu apa iki mau kok dungaren rombongan Budi Dian Pak guru : niku pak badhe tangglet perkawis tata krama pak ? : ya pak ? saya belum bisa dan belum mengerti : (karo mantuk mantuk ) oh ngono ta critane ngene ya tak ambali maneh Katerananku sing dhek wingi ngene dadi siswa kudu bisa ngajeni Marang wong Luwih tuwa Wati : Maksudipun punapa kita kedah ngajeni dhateng tiyang sepah lan Sedherek , pak ? Pak Guru : Ora, Wati . kajaba ngajeni marang bapak lan ibu kluwarga , kita uga kudu Ngurmati marang eyang , pakdhe budhe , paklik, paman bibi, lan Anggota kluwarga liyane . Budi Pak Guru : punapa dhateng tiyabg sanes kita kedah nyaosi pakurmatan , pak ? : Bener Bud , marang sapa wae kita kudu nyaosi pakurmatan , mligine Marang wong sing umure luwih tuwa tinimbang awake dhewe . Susi : Menawi dhateng tiyang ingkang yuswanipun sadrajad utawi langkung Enem punapa kita ugi kedah ngajeni , pak ? Pak Guru : Bener susi, marang sapa wae kita kudu bisa ngajeni . yen awake dhewe kepingin di ajeni , kita kudu bisa ngajeni wong liya . Wawan Pak Guru : Kadospundi caranipun kita nyaosi pakurmatan dhateng tiyang sanes,pak? : Babagan tata cara ngajeni lan nyaosi pakurmatan marang wong liya salah liya mligine marang wong tuwo lan wong sing di anggep

sijine liwat ungguh ungguh basa Wati : Caranipun nyaosi pakurmatan dhateng tiyang sanes punika punapa Namung liwat unggah - unggah basa kita , pak ? Pak Guru : Ora wati , ananging bisa liwat tindak tanduk kita, uga kepriye carane Awake dhewe anggone sesrawung sing becik marang wong liya . sapa sing ana ing ngomah wis ngginakake basa krama ? Budi : Kula wonten griya tansah ngginakaken basa krama dhateng bapak lan ibu , pak. Susi : Kejawi dhateng bapak lan ibu kula ugi ngginakaken basa krama dhateng eyang, pakdhe, budhe, lan paman ugi bibi, pak. Wawan : Menawi kula dhateng Pak Mardi lan Bu Mardi tanggi kula kemawon ugi ngginakaken basa krama, pak. Wati : Menawi kula, wonten griya dereng ngginakaken basa krama, pak. Awit ajrih menawi klentu. Dian : Kalau saya, dirumah memakai Indonesia Pak, sebab saya baru pindah dari Jakarta. Orang tua saya berasal dari Medan Pak. Jadi kami belum lancar berbahasa Jawa. Pak Guru : Bagus kowe kabeh pancen muride bapak sing pinter-pinter. Marang wong sing umure luwih tuwa, kayata marang bapak -ibu, bapak -ibu guru, eyang, pakdhe- budhe, paman-bibi, lan sapa wae sing umure luwih twa, prayogane kita ngginakake basa krama alus. Wati : Menawi wicantenan dhateng tiyang ingkang sadrajad utawi tiyang yuswanipun langkung enem tinimbang kita, ngginakaken basa punapa, Pak ? Pak Guru Dian Pak Guru : Kena nganggo basa ngoko lugu, Wat. : Terus untuk saya bagaimana Pak ? : Kanggo Dian awit durung micara nganggo Basa Jawa, sauntara wektu nganggo Bahasa Indonesia ya ora apa, nanging Dian kudu blajar

nggunakake Basa Jawa ! Mengko suwe-suwe mesthi bisa. Aja kuwatir ! Bapak bakal ngajari, kok ! Dian Pak Guru : Matur nuwun , Pak. : Lha, kuwi .. wis bisa ngono lho ! Sinau basa ngono kudu dipraktekake . Awit asring anggon kita ngrungokake lan nyeak, maca lan nulis suwesuwe kita mesthi bisa micara. Sapa seng temen bakal tinemu. Sebab ngelmu iku kelakone kanthi laku. Sethithik baka sethithik , ngelmu apa wae sing kok sinaoni suwe-suwe kowe kabeh bakal bisa. Budi : Menawi mekaten , matur suwun pak? Kula kale kanca-kanca nyuwun pamit. Pak Guru Susi Pak Guru : Lho lho kok kesusu wae nganthi lali ora disuguhi ngombe iki mau.

: Sampun repot-repot pak, sampun sonten. : Yen ngono wis ndang mantuk selak bengi

Wati, Susi, Budi, Dian, Wawan : ( pamitan karo salaman ) matur suwun pak, assalamu alaikum pak? Pak Guru :Walaikum salam ( banjur mlebu omah )