cerkak

3
Ing Desa Makmur wonten sawijining wong sing diarani Pak Paijo. Pak Paijo niki kagungan putri wadon setunggal naminipun Dennisa, dene ibunipun Dennisa sampun tilar donya. Dadi Dennisa mung urip kalih bapake. Ananging boten watara suwe pak Paijo krama maneh kaliyan sawijining wanita sing aran Berta. Saking Bu Berta niki Pak Paijo nduweni putra kang cacah tiga. Dados, sakniki putranipun Pak Paijo wonten sekawan. Dening ibunipun kuwalon niki Dennisa karep disiya-siya. Apa kemawon sing ditindakke dening Dennisa mboten kepeneran. Saben wonten perkara utawis klenten, mesthi Dennisa sing diluputake. Kepara kabehing gawean keluarga Pak Paijo niki diburuhake marang Dennisa. Dennisa mboten nate sambat. Kabeh ditandangi dening Dennisa kanthi sabar. Suwening dina, Bu Berta sansaya mboten seneng marang Dennisa. Kabeh wau amarga Bu Berta meri marang Dennisa, amarga Dennisa luwih pinter, luwih tramil, luwih sregep lan luwih ayu tinimbang Bu berta lan putra putrine Bu Berta. “Bu, piye ya carane ben Dennisa lunga saka omah kene? Aku wes raseneng kara dewekne.” Ngoteniku pitakone putri Bu Berta sing mbarep sing asminipun Putri. “iya bu, menawa Dennisa isih nangkene, tresnanipun bapak mung bakal jkanggo Dennisa, ora kanggo awak dewe kabeh” Putrine bu Berta ingkang nomer kalih urun rembug. “aku ya wis ngreka daya nganti dewekne taknehi gawean sing akeh lan abot, ora tau tak tukokne apa-apa, lan panganne yowis tak suda. Nanging isih wae Dennisa betah urip nang omah iki. Banjur kuda kepiye maneh aku iki.” Wangsulane Bu Berta. “apa jatah panganne disuda meneh wae bu? Becike sedina sepisan wae. Yen perlu rasah diwenehi lawuh” pitakonne Putri. “tambah meneh gaweanne sing luwih abot seka sing biyen” tambahe Santi putrine Bu Berta sing nomer kalih. “wis aja pada ribut, mengko aku dewe sing akal ngreka daya supaya Dennisa bia lunga saka kene. Yen perlu lungane aja nganti bisa bali mrene maneh. Ing sawijining wengi Bu Berta nggugah rewangipun sing aran Mbok Iyem. Mbok Iyem sing nembe turu kaget banjur tangi. “wonten menapa ndara?” pitakone mbok Iyem kaget. “ssttt. Aja sero-sero anggonmu ngomong mbok.”

description

cerita cekak

Transcript of cerkak

Page 1: cerkak

Ing Desa Makmur wonten sawijining wong sing diarani Pak Paijo. Pak Paijo niki kagungan putri wadon setunggal naminipun Dennisa, dene ibunipun Dennisa sampun tilar donya. Dadi Dennisa mung urip kalih bapake. Ananging boten watara suwe pak Paijo krama maneh kaliyan sawijining wanita sing aran Berta. Saking Bu Berta niki Pak Paijo nduweni putra kang cacah tiga. Dados, sakniki putranipun Pak Paijo wonten sekawan.

Dening ibunipun kuwalon niki Dennisa karep disiya-siya. Apa kemawon sing ditindakke dening Dennisa mboten kepeneran. Saben wonten perkara utawis klenten, mesthi Dennisa sing diluputake. Kepara kabehing gawean keluarga Pak Paijo niki diburuhake marang Dennisa. Dennisa mboten nate sambat. Kabeh ditandangi dening Dennisa kanthi sabar.

Suwening dina, Bu Berta sansaya mboten seneng marang Dennisa. Kabeh wau amarga Bu Berta meri marang Dennisa, amarga Dennisa luwih pinter, luwih tramil, luwih sregep lan luwih ayu tinimbang Bu berta lan putra putrine Bu Berta.

“Bu, piye ya carane ben Dennisa lunga saka omah kene? Aku wes raseneng kara dewekne.” Ngoteniku pitakone putri Bu Berta sing mbarep sing asminipun Putri.“iya bu, menawa Dennisa isih nangkene, tresnanipun bapak mung bakal jkanggo Dennisa, ora kanggo awak dewe kabeh” Putrine bu Berta ingkang nomer kalih urun rembug.“aku ya wis ngreka daya nganti dewekne taknehi gawean sing akeh lan abot, ora tau tak tukokne apa-apa, lan panganne yowis tak suda. Nanging isih wae Dennisa betah urip nang omah iki. Banjur kuda kepiye maneh aku iki.” Wangsulane Bu Berta.“apa jatah panganne disuda meneh wae bu? Becike sedina sepisan wae. Yen perlu rasah diwenehi lawuh” pitakonne Putri.“tambah meneh gaweanne sing luwih abot seka sing biyen” tambahe Santi putrine Bu Berta sing nomer kalih.“wis aja pada ribut, mengko aku dewe sing akal ngreka daya supaya Dennisa bia lunga saka kene. Yen perlu lungane aja nganti bisa bali mrene maneh.

Ing sawijining wengi Bu Berta nggugah rewangipun sing aran Mbok Iyem. Mbok Iyem sing nembe turu kaget banjur tangi.

“wonten menapa ndara?” pitakone mbok Iyem kaget.

“ssttt. Aja sero-sero anggonmu ngomong mbok.”

“Nggih, wonten menapa?” Mbok Iyem nglirihake suarane.

“Ngene mbok. Kowe tak dhawuhi nyabbut gawe sing ora entheng. Ananging tanggung jawabmu gedhe tenan.”

“Wadhuh, pedamelane menaka inggih menika?”

“Iki gawean mung kowe lan aku wae sing ngerti, aja nganti bapak apa sapa wae ngerti. Yen nganti ana sing krungu kowe bakal tak hukum.”

“aduh ndara kok kados ngaten ta? Lajeng pagewaen kula menapa ta ndara. Lha menawi pedamelan punika wigati lajeng menapa utawi kados pundi tanggung jawabipun. Kados pundi upah ingkang badhhe kula tampi.”

“Mbok Yem, yen pancen kowe iso ngayahi gawean iki nganti tuntas lan primpen kowe bakal taktukoake sawah nang desamu kana, kuwi bakal iso dinggo nandur pari keluargamu nang desa kana.”

Page 2: cerkak

“Lha inggih, kula kedah nindakake padamelan ingkang kados pundi ndara?”

“singkirna Dennisa saka omah iki, sesuk isuk takdhawuhi kowe ngumbahi klambi nang kali pinggir desa iki banjuk Dennisa dijak ngewangi kowe ngumbahi. Tibakke Dennisa nang kali kuwi.

“kula anjrih ndara”

“kowe mung kari milih. Milih tak pecat tanpa pesangon, apa nglakoni gawean iki kanthi upah sawah? Milih endi?” takonne Bu Berta marang Mbok Iyem.

“nggih mpun, kula nderek.”

“janji karo aku menawa kowe ora bakal ngomong karo sapa wae ngenani perkara iki.”

“Nggih ndara.”

Ganti dina Dennisa kaliyan Mbok Iyem didhawuhi menyang kali ing pnggir Desa Mkmur kanggo ngumbahi. Dennisa banjur gawa saktumpuk klambi sing arep dikumbah. Mbok Iyem sing tinanggenah lan merjaya Dennisa atine rumangsa wedi lan mesakne. Kepriye wae atine ora mentala. Kawit Dennisa lair dhwekne wis nyambut gawe ana ing dalemnipun Pak Paijo. Dadi, Dennisa iki wis kaya getih balunge dewe.