19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

7
LPP Sinode Wulan Brayat 2014 13 4 PUNJERANING BRAYAT WONTEN ING SANG KRISTUS 1. Wekdal Ening 2. Kidung Pamuji: KPK BMGJ 97:1-3 “Tansah Samekta” Sumangga makarya pra prajuriting Gusti martosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargi mrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti. Sumangga makarya. Sumangga makarya sampun ta ngantos telat, WULAN BRAYAT BAHAN 2 Kidung KPK BMGJ 97: 1, 2 KPK BMGJ 26: 1, 3 KPK BMGJ 70: 1 - 5 Waosan: Lukas 12:33- bahan kempalan

Transcript of 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

Page 1: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

134

PUNJERANING BRAYAT

WONTEN ING SANG KRISTUS

1. Wekdal Ening

2. Kidung Pamuji:

KPK BMGJ 97:1-3 “Tansah Samekta”

Sumangga makarya pra prajuriting Gustimartosken kabar kang adya nggih sih rahmat sing swargimrih tyang kang peteng ing driya, samya manggih pepadhang yekti.Sumangga makarya.

Sumangga makarya sampun ta ngantos telat,mbabarken sih tresna nyata mrih tyang dosa mratobatywa giris nglawan bebaya wit Gusti nganthi salaminya,sumangga makarya.

WULAN BRAYAT

BAHAN 2

KidungKPK BMGJ 97: 1, 2KPK BMGJ 26: 1, 3KPK BMGJ 70: 1 - 5

Waosan:Lukas 12:33-38

bahan kempalan pandonga

Page 2: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

135

Sumangga makarya klayan manteb lan setya,manggul salib ndhèrèk Gusti mbélani tyang prih ati,kang tinindhes wah siniya linuwaran temah raharja,sumangga makarya.

3. Pandonga

4. Kidung Pamuji

KPK BMGJ 26: 1,3 “Puji Panuwun”

Sumangga prakanca marek ngarsaning Gustianggunggung asmanya wit sihé kang sejatidé krana Kang Putra kita tansah begjasiyang dalah ratri Gusti kang ngrimati

Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti,kawula anggunggung kanthi sruning pangidung,Allah ingkang murba pra titah sadaya,mung Allah pribadya langgeng salaminya.

5. Pamaosing Kitab Suci: Lukas 12:33-38

6. Wedharing Pangandika

PUNJERANING BRAYAT WONTEN ING KRISTUS

Kacariyos Pak Dipo nembé paben kaliyan sémahipun. Sawetawis dinten pak Dipo boten ngajak rembagan sémahipun. Punapa ingkang dados jalaranipun? Miturut pak Dipo, sémahipun

Page 3: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

136

sampun nindakaken kalepatan ingkang ageng. Sadèrèngipun pak Dipo nepsu dhateng sémahipun, piyambakipun manggihaken wonten tatu ing mobil. Mobil punika anyar, dèrèng dangu dipun tumbas déning pak Dipo. Kejawi punika ing panggènan wingking pinanggih bekas sundhulan kendaraan sanès, ingkang njalari mlenyok. Miturut pak Dipo, sanadyan sémahipun boten sengaja damel cacat mobilipun, punika tetep pinanggih lepat. Sejatinipun bu Dipo inggih sampun wongsal-wangsul nyuwun pangapunten, nanging panyuwunan wau dèrèng katampi déning pak Dipo, sabab panganggepipun pak Dipo, mobilipun wau aji sanget tumrap pak Dipo.

Gusti Yésus dhateng para muridipun paring pangadika, ”Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu.” Menawi kita ngraosaken pangandika-nipun Gusti Yésus punika, kita manggihaken bilih pangandika punika nyata dipun alami déning manungsa ing jaman sapunika. Manungsa asring nganggep bandha minangka satunggaling prakawis ingkang aji sanget, malah kepara ngungkuli ajining gesang. Pepénginan ingkang kemaruk dhateng bandha saged kita panggihi kanthi gampil ing sadaya péranganing gesang brayat. Ambeg karem bandha sampun dados allah anyar ingkang dipun pepuja déning manungsa, saé satata pribadi punapadéné sesarengan minangka brayat, kelompok masyarakat malah inggih kelompok agami. Pepuntoning ambeg karem bandha ingkang dengesangi ing gesangipun manungsa punjerani-pun bandha. Manah lan gesangipun manungsa kacencang ing bandha lan nglairaken sikep nampik kamanungsan, makaten ingkang kapratélakaken

Page 4: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

137

déning Bryant H. McGill satunggaling pejuang Hak Azasi Manusia ing Amérika Serikat. McGill nglajengaken bilih ambeg karem bandha njalari manungsa nengenaken kamaremaning dhiri pribadi. Sami kados ingkang katindakaken déning pak Dipo ing wiwitan wedharan punika.

Wonten ing jagad ambeg karem bandha, sesamining manungsa inganggep sami menawi anggadhahi bandha, kasugihan ingkang jajar utawi linangkung saking ingkang kita darbèni. Awit saking punika, krenteg ambeg karem bandha wau ndadosaken manungsa sami adu kasagedan mbebujeng bandha. Kadospundi ing bab brayat? Ing jagad ambeg karem bandha, brayat kaanggep boten langkung saking kanca mlampah ing margi sesarengan, ing satunggaling wekdal menawi sampun boten cocog saged dipun pungkasi. Boten béda kaliyan satunggaling prajanjian kontrak ingkang saged dipun pungkasi ing sawekdal-wekdal.

Ing kapitadosan kita, brayat Kristen punika brayat ingkang kawangun déning Allah, supados gesang sami silih asah, silih asih lan silih asuh. Supados timbalan punika saged katindakaken, brayat Kristen kedah mapanaken punjeranipun dhateng Gusti, boten dhateng bandha ingkang dipun darbèni punapadéné kasagedanipun piyambak. Awit saking punika, kita saged ngraosaken timbalanipun Gusti Yésus kados ingkang sinerat ing Injil Lukas 12: 35-38 ingkang ngatag sadaya brayat sami waspada ing bab pangodha-panggodha, ingkang damel brayat nyingkur saking Gusti.

Page 5: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

138

Kanthi cetha Gusti Yésus ngersakaken supados saben brayat njagi dhiri sarana gesang ingkang setya dhateng Gusti, Sumbering Gesang. Punapa ta ancasing kawaspadan lan gesang ingkang punjeranipun dhateng Sang Kristus? Inggih punika supados brayat ngraosaken kabegjan kadosdéné ingkang kapangdikakaken ing Lukas 12: 37 lan 38. Amin.

7. Pandonga

8. Kidung Pamuji

KPK BMGJ 70:1-5 ”Lumadi Ing Gusti”

Gusti gesang kawula lumados mring Paduka,dadya pisungsung yekti mrih kamulyaning Gusti.

Mobah mosiking driya wah rerantaman kulangarah luhuring lampah mbabarken karsèng Allah.

Kedaling ilat kula tindak lampahing gesang,namung tansah nélakna gunging sihè Pangéran

Bandha lan kasagedan katur minangka kurban,cihnaning bekti Gusti wah nresnani sesami.

Gesang sawetahira manut ing rèh Paduka, makarya klayan bingah kagem kratoning Allah.

[WSN/TK]

Page 6: 19. KEMPALAN PANDONGA 2.docx

LPP Sinode Wulan Brayat 2014

139