UNGGAH-UNGGUH BASA
Ngoko lugu: Basa kang ing njerone ngoko Kabeh. Kanggo omong-omongan bocah marang bocah wong kang luwih enom utawa wong kang wis akrab
TITIKANE
1. Tembunge ngoko kabeh tanpa krama
2. Tembung sesulih / kata ganti orang :
wong kapisan : Aku wong kapindho : Kowe
wong katelu : Dheweke 3. Tembung – tembung liyane ngoko
kabeh
Ngoko alus :Basa ngoko kang ana krama aluse (krama inggil) kanggo ngurmati marang kang luwih tuwa (nalika lagi ngomong ngoko)
TITIKANE 1. Kecampuran krama alus.2. Tembung sesulih/ kata ganti
orang : wong kapisan : Aku Wong kapindho : Panjenengan Wong katelu : Panjenengane3. Tembung liyane ana sing di kramakake (biasane tembung
kriya lan duweke sing diajak ngomong)
Krama lugu Basa krama kang isine khusus ( krama madya ) kanggo awake dhewe , utawa utawa kanggo wong sapadha-padhaTITIKANE1. Tembunge krama kabeh tanpa kecampuran
krama inggil.2. Tembung sesulih : Wong kapisan : Kula Wong kepindho : Sampeyan Wong ketelu : Piyambakipun 3. Ater-ater lan panambang dikramakake 4. Tembung kriya ngangggo krama lugu Tuladha : nedha , tilem, dugi 5. Tembung kaduwekan lan tembung liyane nganggo
krama lugu Tuladha: sukunipun, mripatipun, siyos, nembe
Krama alus (krama inggil)Basa krama kabeh alus kanggo banget ngurmati marang kang diajak ngomong (wong tuwa)
TITIKANE
1. Tembunge krama kabeh tanpa kecampuran ngoko.
2. Tembung sesulih / kata ganti orang :
wong kapisan : kula wong kapindho : Panjenengan
wong katelu : Panjenenganipun
3. Tembung – tembung liyane kabeh di kramakaake.
Tuladha ukara ngoko
Ngoko Lugu : 1. Aku arep budhal sekolah. 2. Kowe apa sida melu ibumu menyang kutha? 3. Dheweke dhekwingi ora mlebu sekolah amarga lara. Ngoko Alus : 1. Aku ora sida budhal sekolah. 2. Panjenengan apa sida ndherekake ibu panjenengan menyang kutha. 3. Panjenengane ora sida rawuh amarga titihane rusak.
Tuladha ukara krama
Krama Lugu :
1. Kula ajeng kesah dhateng kitha Surabaya.
2. Sampeyan menapa siyos ngampil sepedha kula?
3. Piyambakipun wangsul enjing amargi sakit untu.
Krama Alus :
1.Kula badhe kesah dhateng kitha Surabaya.
2.Panjengan mangke punapa tamtu tindak dalemipun bu Anis.
3.Panjenenganipun saweg rawuh kalawau enjing.
VIDEO WONG AUSTRALIA NGOMONG JAWA
Drama Bahasa Jawa Bule Australi - YouTube.FLV
Top Related