WUJUD LAN TEGES JENENGE WONG JAWA METROPOLITAN ING KUTHA SURABAYA
-
Upload
alim-sumarno -
Category
Documents
-
view
272 -
download
1
description
Transcript of WUJUD LAN TEGES JENENGE WONG JAWA METROPOLITAN ING KUTHA SURABAYA
WUJUD LAN TEGES JENENGE WONG JAWA METROPOLITANING KUTHA SURABAYA
Dening:
Mochamad Taukit – NIM. 092114225
S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) – Universitas Negeri Surabaya
Abstrak
Jeneng wigati banget sajrone panguripane manungsa lan uga nduweni tetenger mligi kang diwenehake marang saben wong kanggo mbedakake wong siji lan sijine. Saliyane iku, sajrone jenenge wong ngandhut wujud lan teges kang beda-beda antarane wong siji lan sijine saengga bisa mbedakake jenenge wong kasebut. Wujude jeneng bisa saka satuwan-satuwan linguistik, sumber-sumber leksikone jeneng, lan perangane jenenge wong kang ing jerone ana jenenge wong adhedhasar sarasilah kulawarga lan wujud liya saka jenenge wong (celukan, julukan, lan wadanan). Teges jenenge wong Jawa metropolitan ngandhut maksud lan maknane jeneng. Maksude jeneng diolehi saka asile wawancara karo wong kang menehi jeneng kasebut, dene maknane jeneng diweruhi saka maca kamus-kamus basa ngenani jenenge wong. Wong Jawa metropolitan ing Kutha Surabaya kalebu masyarakat kang heterogen ing Kutha Surabaya lan uga akeh banget wong urban kang asale saka dhaerah sanjabane Kutha Surabaya kang isih kalebu wong Jawa lan uga ana keturunan Jawane sarta nduweni sipat metropolis utawa nguthani. Saliyane iku, uga akeh saka sanak sadulure wong Jawa metropolitan kang urip bebarengan ing sakiwa tengene wong Jawa kasebut kang bisa ndayani anggone menehi jeneng lan jenenge wong Jawa ing dhaerah kasebut nduweni jeneng kang narik kawigaten kanggo ditliti.
Tembung-tembung baku: wujude jeneng, tegese jeneng, jeneng wong Jawa metropolitan
Purwaka
Nganti saiki ana patang
panliten kang mligi ngenani jeneng.
Kang kapisan yaiku karyane Sugiri
(2001) kanthi irah-irahan “Proses
dan Latar Belakang Perubahan
Nama Diri bagi WNI Keturunan
Tionghoa di Kotamadya Surabaya:
Suatu Kajian Sosiolinguistik”. Asile
panliten yaiku ngandharake ngenani
landhesan kang nglandhesi owah-
owahane jenenge wong Tionghoa ing
Kutha Surabaya lan landhesan kang
njalari owah-owahane jeneng wong
Tionghoa menyang jeneng Indonesia.
Kang kapindho karyane Wijayanti
(2003) kanthi irah-irahan
“Perubahan Nama WNI Keturunan
1
Tionghoa dari Nama Tionghoa ke
dalam Nama Indonesia: Suatu
Kajian Antropolinguistik”. Asile
panliten yaiku ngandharake ngenani
landhesan kang nglandhesi owah-
owahane jeneng saka jeneng
Tionghoa menyang jeneng Indonesia
lan ngenani sesambungan wujud lan
tegese jeneng antarane jeneng
Tionghoa karo jeneng Indonesia.
Kang katelu yaiku karyane Adipitoyo
(2005) kanthi irah-irahan “Hegemoni
Negara terhadap Etnis Cina melalui
Bahasa (Studi Kasus Penamaan WNI
Keturunan Etnis Cina di Surabaya
[Kampung Pecinan] dengan
Leksikon Bahasa Jawa pada Masa
Awal Orde Baru dan
Perkembangannya sampai
Sekarang)”. Asile panliten yaiku
nemokake konsep lan proposisi
hegemoni negara liwat basa,
kalungguhane negara sajrone
hegemoni liwat basa, kasetyan, lan
resistensi etnis Cina sajrone
ngadhepi hegemoni liwat basa. Dene
kang kapapat utawa kang pungkasan
yaiku karyane Pairin (2010) kang
awujud artikel sajrone jurnal ilmiah
Padma kanthi irah-irahan “Aspek
Filosofis Bahasa Nama dalam
Budaya Jawa” kang dijupuk saka
asil panliten skripsine mahasiswa
Jurusan Pendhidhikan Basa Jawa
kang irah-irahane “Bahasa Nama
dalam Budaya Jawa, Suatu Kajian
Sosiolinguistik”. Asile panliten yaiku
nemokake kepriye basa nama kang
nduweni makna mligi minangka
andharan saka asile pikiran,
pangrasa, lan pangarep-arep saka
wong tuwane sarta tumuju marang
aspek-aspek kang ana sesambungane
karo nilai-nilai filosofis lan bisa
menehi werna marang urip lan
panguripane anak minangka kang
nggawa pesen lan pangarep-arep
kanggo kulawargane. Adhedhasar
sakehe panliten ing ndhuwur, durung
tau ditemoni kang nliti wujud lan
teges jenenge wong Jawa
metropolitan ing sawijine dhaerah
tartamtu lan nggunakake tintingan
semantik sarta kang dadi wewatese
objek panliten yaiku wong kang
menehi jeneng lan kang diwenehi
jeneng isih urip lan wong Jawa ing
RT 4 RW 10 Kelurahan Tambakrejo
Kecamatan Simokerto Kutha
Surabaya.
Mula saka iku, punjere panliten
iki yaiku kepriye wujud lan teges
jenenge wong Jawa metropolitan ing
Kutha Surabaya. Dene tujuwan saka
2
panliten iki yaiku ngandharake lan
njlentrehake wujud lan teges jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya. Banjur paedah saka
panliten iki yaiku jeneng minangka
salah siji perangan saka panganggone
teges sajrone ilmu semantik kang
dikarepake bisa migunani kanggo
ngrembakake ilmu Basa Jawa lan
uga dikarepake bisa dadi
pangrembakane materi pasinaon
sajrone wulangan Basa Jawa ing
sekolahan utawa ing pawiyatan luhur
mligine wulangan bab jenenge wong
kang sajrone jenenge wong kasebut
nduweni wujud lan teges kang bisa
migunani kanggo sapa wae kang
nyinaoni bab kasebut.
Satuwan-Satuwan Linguistik kang
Dadi Wujude Jeneng
Satuwan-satuwan linguistik
kang dadi wujude jeneng cacahe ana
telung jinis, yaiku tembung, frase,
lan aneksi. Jeneng kang awujud
tembung kaperang dadi loro, yaiku
jeneng kang awujud tembung iku
dhewe lan jeneng kang awujud
tembung camboran. Jeneng kang
awujud tembung iku dhewe tau
diandharake dening para ahli basa
kayata Unlenbeck (1982:373-384),
Kridalaksana (2008:110), lan
Sasangka (2011:38). Saka tetelu ahli
basa kasebut bisa didudut yen
tembung yaiku satuwan linguistik
cilik dhewe kang bisa diomongake
minangka wujud kang ora kaiket
(bebas) lan bisa madeg dhewe sarta
dumadi saka morfem tunggal utawa
morfem jamak. Saliyane iku, jeneng
uga bisa awujud tembung kang asale
saka jinise tembung sajrone Basa
Jawa kayata jeneng kang awujud
tembung aran, tembung kriya,
tembung kahanan, tembung
katrangan, lan tembung wilangan.
Jeneng kang awujud tembung
camboran uga tau diandharake
dening para ahli basa kayata
Prawiroatmodjo (1955:76),
Wirjosoedarmo (1987:114), lan
Sasangka (2011:105). Saka tetelu
ahli basa kasebut bisa didudut yen
tembung camboran yaiku tembung
loro utawa luwih kang digandheng
dadi siji lan nduweni teges anyar
sarta uga ana jeneng kang awujud
tembung camboran kang biyasane
kedadeyan saka telung tembung
nganti limang tembung.
Banjur jeneng kang awujud
frase uga tau diandharake dening
para ahli basa kayata
Poedjosoedarmo (1979:152), Arifin
3
(1983:33), Ramlan (1983:137),
Wirjosoedarmo (1984:331), Verhaar
(1988:99-100), Parera (1991:32),
Cook sajrone Adipitoyo (1993:11),
Bloomfield sajrone Adipitoyo
(1999:3) lan Kridalaksana (2008:66).
Saka andharan wolung ahli basa
kasebut bisa didudut yen frase yaiku
satuwan linguistik kang dumadi saka
rong tembung utawa luwih kang
sipate ora predikatif lan
kalungguhane ana sandhuwure
tembung lan sangisore klausa sarta
uga ana jeneng kang awujud frase.
Saliyane iku, jeneng kang
awujud aneksi uga tau diandharake
dening Mees (1953:58-59) lan
Wirjosoedarmo (1984:108). Saka
andharan leloro ahli basa kasebut
bisa didudut yen aneksi kang dumadi
saka rong tembung utawa luwih kang
raket banget sesambungane lan ora
nuwuhake teges anyar sarta uga ana
jeneng kang awujud aneksi.
Sumber-Sumber Leksikone Jeneng
Sumber-sumber leksikone
jeneng iki penting banget kanggo
jenenge wong amarga saka perangan
kasebut bisa dibedakake antarane
wong siji karo wong liyane. Saka
sumber-sumber leksikone jeneng
bisa dideleng basa apa kang dinggo
sajrone jenenge wong kasebut kayata
Basa Arab, Basa Indonesia, Basa
Jawa, lan sapanunggale, sarta uga
bisa dideleng makna apa wae kang
kinandhut sajrone jenenge wong
kasebut. Saliyane iku, saka perangan
jinise kelamine wong uga bisa
ndayani anggone menehi jenenge
wong kasebut kanthi nggunakake
sumber-sumber leksikone jeneng
kang kudu slaras karo jinise
kelamine wong kasebut kayata jinis
kelamine wong lanang kudu
nggunakake sumber-sumber leksikon
kang nuduhake jeneng lanang. Uga
ana anggone menehi jenenge wong
kasebut kanthi nggunakake sumber-
sumber leksikone jeneng kang ora
slaras karo jinis kelamine wong
kasebut lan kerep diarani anane
penyimpangan sajrone sumber-
sumber leksikone jenenge wong.
Perangane Jenenge Wong
Jenenge Wong Adhedhasar
Sarasilah Kulawarga
Farid (2005) ngandharake yen
jeneng iku bisa kedadeyan saka
sarasilah utawa urut-urutan kelairan
bayi ing salah sijine kulawarga,
tuladhane anak nomer siji lumrahe
dijenengi Eko utawa Eka, anak
nomer loro lumrahe dijenengi Dwi,
4
anak nomer telu dijenengi Tri, lan
sapiturute. Jenenge wong bisa kalebu
ing jeneng kang adhedhasar sarasilah
kulawarga yen jenenge wong kasebut
slaras karo kahanan sarasilah
kulawargane.
Wujud Liya Saka Jenenge Wong
Farid (2005) uga ngandharake
yen sajrone urip bebrayan iku,
manungsa saliyane nduweni jeneng
kang diwenehake saka cilik, uga
nduweni wujud liya saka jenenge
wong kang kaperang dadi telu yaiku
celukan, julukan, lan wadanan kang
lumrahe diwenehake dening kanca
utawa wong liya kang sipate
ngraketake sesambungan.
Celukan asale utawa dijupuk
saka cekakan utawa inisial jenenge
dhewe-dhewe utawa saka jeneng liya
kang diwenehake dening wong
tuwane utawa wong liya kang sipate
ora resmi (kanggo ngraketake
sesambungan), asipat mligi
(istimewa), lan saben wong iku uga
nduweni celukan kang beda-beda
adhedhasar jenenge dhewe-dhewe.
Julukan yaiku jenenge wong
kang diwenehake dening wong liya
amarga nuduhake titikan mirunggan
tumrap wong kang nduweni jeneng
kasebut kang sipate ora resmi
(kanggo ngraketake sesambungan),
asipat mligi (istimewa), lan saben
wong iku ora mesthi nduweni
julukan.
Wadanan yaiku jenenge wong
kang asale dudu saka jeneng asline
lan dudu jeneng kang diwenehake
dening wong tuwane, nanging bisa
nuduhake sipat ala utawa ana kang
kurang saka awake kang diwenehi
wadanan kasebut.
Konsep-Konsep ngenani Jeneng
Konsep-konsep ngenani jeneng
kaperang dadi papat, yaiku tegese
jeneng, titikane jeneng, sipate
jeneng, lan teori semantik ngenani
jeneng.
Tegese Jeneng
Wiwit biyen nganti saiki, akeh
para ahli basa lan buku-buku kang
ngandharake tegese jeneng kanthi
maneka werna kayata Scorates (469-
322 SM), Plato (429-348 SM),
Aristoteles (384-322 SM), F.C. Stork
(1972:148), Chaer (1990:43-52),
Sibarani, ed. (1993:8), Fatimah
(1993:47), Riyadi (1999:80), Ullman
(2009:85), Kamus Baoe Sastra Jawi
(Poerwadarminta, 1937:336), Kamus
Jangkep Jawa-Indonesia (Utomo,
2009:136), lan KBBI (Kamus Besar
5
Bahasa Indonesia) Edhisi I, II, lan III
(1988:607). Saka sakehe andharan
saka para ahli basa lan buku-buku,
bisa didudut yen jeneng yaiku
panganggone teges kang nengeri lan
nyebutake basa lan satuwan-satuwan
linguistik kang arupa tembung, frase,
utawa aneksi kang nduweni maksud,
makna, utawa teges sajrone jenenge
wong (manungsa).
Jeneng lan aran iku kalebu
sajrone tintingan semantik yaiku bab
panganggone teges lan lelorone
nduweni teges kang beda. Jeneng
mung digunakake kanggo nengeri lan
nyebutake manungsa, dene aran
digunakake kanggo nengeri lan
nyebutake sakabehe samubarang
saliyane manungsa.
Titikane Jeneng
Miturut Ullman (2009:86)
jeneng nduweni limang titikan, yaiku
1) jeneng nduweni sipat kang mligi
amarga tembung-tembung kang
dinggo sajrone jenenge wong kasebut
sipate werna-werna; 2) jeneng
kanggo tetenger ateges jeneng kang
digunakake kanggo nemtokake
tetengere wong, saengga saka jeneng
kasebut saben wong bisa dingerteni
kepriye tetengere lan sipate wong
kasebut; 3) jeneng nduweni sipat
wantah lan entar tegese kang dadi
sipat wantahe jeneng yaiku jeneng
iku dhewe utawa jeneng kang
wujude apa anane lan kang dadi sipat
entare jeneng yaiku ana sajrone
jeneng iku dhewe kang nduweni lan
ngandhut teges utawa dedonga; 4)
jeneng nduweni titikan pambeda
ateges saben tembung kang ana
sajrone jeneng nduweni lan ngandhut
teges kang beda-beda; lan 5) jeneng
kang titikane gramatikal tegese
jenenge wong kasebut nggunakake
basa kang maneka werna, tuladhane
dijupuk saka Basa Arab, Basa
Indonesia, Basa Jawa, lan sapiturute.
Jeneng minangka tetengere
saben wong gegayutan karo etnisitas
lan struktur sosial masyarakate. Dene
jeneng minangka tetengere wong
bisa nengeri jinis kelamine wong
kang nduweni jeneng kasebut yaiku
jinis kelamine lanang utawa wadon
lan jeneng minangka tetengere wong
ora bisa nengeri status sosiale wong.
Saliyane iku, jeneng minangka
tetengere wong ora bisa nengeri
tingkat pendhidhikan wong tuwane
anggone menehi jeneng kasebut
(Uhlenbeck, 1982:371).
6
Sipate Jeneng
Miturut ilmu semantik saka
pamawase Robert lan Henry (1993),
jenenge wong iku nduweni sipat
kang kinandhut sajrone jeneng
kasebut adhedhasar orientasi
pawewehe jeneng. Sipate jeneng
kasebut bisa diperang dadi telu,
yaiku 1) jenenge wong kang asipat
kharismatik. Kharismatik yaiku
sipate wong kang bisa nduweni daya
pangaribawa kang gedhe banget
tumrap wong liya. Wong kang
nduweni jeneng kang asipat
kharismatik biyasane bakal diugemi
sakabehe omongane, kayata nabi,
artis, panggedhe, kyai, lan liya-
liyane. Mula wong kang diwenehi
wong tuwane jeneng kang ngandhut
jeneng nabi, artis, panggedhe utawa
kyai iku mau dikarepake bisa asipat
kharismatik kaya dene sipate nabi,
artis, panggedhe, kyai, lan liya-
liyane.
Saka andharan ing ndhuwur,
jeneng kang ngandhut sipat
kharismatik iki bisa diperang maneh
dadi telu, yaiku a) jeneng agamawan
yaiku jeneng kang asipat utawa
ngandhut unsur agama, kaya dene
jenenge wong kang niru jenenge kyai
lan ustad kondhang utawa niru para
paraga agama kayata nabi, kanca
rakete nabi lan liya-liyane; b) jeneng
negarawan yaiku jeneng kang asipat
kaya dene jenenge wong kang niru
jenenge para negarawan kang ana ing
negara Indonesia utawa ing negara
manca; lan c) jeneng artis yaiku
jeneng kang asipat kaya dene
jenenge wong kang niru jenenge para
artis kang asale saka negara
Indonesia utawa saka negara manca.
2) jenenge wong kang asipat
idheasional utawa konseptual.
Jenenge wong kang asipat
idheasional utawa konseptual ateges
jenenge wong kasebut wis katata. Ing
kene wong kang diwenehi jeneng
kang asipat idheasional utawa
konseptual iki nduweni surasa
supaya jenenge wong kasebut bisa
dadi dedonga lan nduweni teges kang
becik tumrap awake kang diwenehi
jeneng kasebut. Dedonga kang
diwenehake kasebut bisa awujud 1)
dedonga kanggo keslametan awake
ateges jeneng kang ngandhut
dedonga kasebut dikarepake supaya
anake kang diwenehi jeneng kasebut
tansah oleh keslametan saka Gustine;
2) dedonga kanggo panguripan
awake ateges jeneng iki kagolong
jeneng kang nduweni dedonga saka
7
wong tuwane supaya panguripane
anake kang diwenehi jeneng kasebut
tansah becik; lan 3) dedonga kanggo
dedege awake utawa pasuryane kang
diwenehi jeneng kasebut ateges
jeneng ing kene nduweni dedonga
supaya anak kang diwenehi jeneng
kasebut nduweni dedeg utawa
pasuryan kaya kang dikarepake
dening wong tuwane kayata nduweni
rupa kang ayu kanggo bocah wadon
utawa rupa kang bagus kanggo bocah
lanang. 3) jenenge wong kang asipat
insidhental. Insidhen ing kene ateges
kedadeyan, mula jeneng kang asipat
insidhental yaiku jeneng kang ana
sesambungane karo kedadeyan-
kedadeyan kang mligi lan uga wigati
nalika dheweke lair. Jenenge wong
kang asipat insidhental iki bisa
kaperang dadi telu, yaiku 1) jeneng
temporal yaiku jeneng kang ana
sesambungane karo wektu, bisa
dijupuk saka sasi kelairan, tanggal,
dina, pasaran, lan liya-liyane kang
ana sesambungane karo wektu utawa
wayah kang dianggep istimewa; 2)
jeneng aksidhental dijupuk amarga
ana sesambungane karo aksi utawa
tumindak, bisa tumindake wong
tuwane, sanak sadulur, lan liya-
liyane kang dianggep wigati; lan 3)
jeneng lokasional dijupuk saka papan
panggonan laire, bisa saka jeneng
desa, jeneng kutha, jeneng dalan lan
sapanunggale kang ana
sesambungane karo papan
panggonan kang miturute nduweni
nges.
Teori Semantik ngenani Jeneng
Teori kang digunakake sajrone
panliten iki yaiku teori semantik
ngenani jenenge wong. Teori
semantik iku dhewe teori kang
ngandharake ngenani teges. Verhaar
(2001:9) ngandharake yen teori
semantik iku teori ngenani teges.
Teges iku dhewe yaiku perangan
saka sistematikane basa kang
tujuwane kanggo nggoleki teges.
Dene jenenge wong iku dhewe
kalebu ing orientasi semantik kang
sajrone jenenge wong iku ngandhut
maksud, makna, lan teges kang kudu
dingerteni kanthi nggunakake teori
semantik. Kanggo negesi tegese
jenenge wong kasebut, mula kudu
dingerteni dhisik maksud lan makna
apa kang ana sajrone jenenge wong
kasebut banjur disambungake dadi
siji supaya pungkasane bisa dadi
teges kang cetha.
8
Maksud
Maksud sajrone semantik
kalebu ing salah sijine satuwan
semantik kang kalungguhane padha
karo makna lan teges. Para ahli basa
uga melu ngandharake ngenani
tegese maksud, ing antarane yaiku
Wijana (2011:10), Chaer (2009:35),
lan Kridalaksana (2008:148).
Maksud ana sesambungane
karo jenenge wong amarga sajrone
jenenge wong kasebut ngandhut
maksud. Anggone nggoleki maksude
jenenge wong kasebut bisa digoleki
kanthi cara nindakake wawancara
karo wong kang menehi jeneng
kasebut, saengga bisa nemokake
wangsulan kang cetha ngenani
maksude jenenge wong kasebut saka
asile wawancara marang wong kang
menehi jeneng kasebut.
Saka sakabehe cara ahli
anggone negesi maksud, ing kene
panliti menehi pamawas ngenani
maksud yaiku elemen kang
panganggone dumunung ana ing
sanjabane basa kang sumbere saka
pamicara utawa subjeke kang
cecaturan lan nduweni sipat subjektif.
Saliyane iku, maksud ana
sesambungane karo jenenge wong
amarga sajrone jenenge wong
kasebut ngandhut maksud kang bisa
diweruhi kanthi cara nindakake
wawancara karo wong kang menehi
jenenge wong kasebut lan
pungkasane bisa dingerteni maksude
jenenge wong kasebut kanthi cetha.
Makna
Makna sajrone semantik kalebu
ing salah sijine satuwan semantik
kang kalungguhane padha karo
maksud lan teges. Ing kene, para ahli
basa uga melu ngandharake ngenani
tegese makna, ing antarane yaiku
Pateda (2001:82), Aminuddin
(2003:85), lan Wijana (2011:17).
Makna ana sesambungane karo
jenenge wong amarga sajrone
jenenge wong kasebut ngandhut
makna. Anggone nggoleki maknane
jenenge wong kasebut bisa digoleki
kanthi cara maca kamus-kamus basa
ngenani jenenge wong. Saliyane iku,
saka maknane jenenge wong kasebut
uga bisa diweruhi basa apa kang
dinggo sajrone jenenge wong
kasebut.
Saka sakabehe cara ahli
anggone negesi makna, ing kene
panliti menehi pamawas ngenani
makna yaiku sesambungan antarane
basa karo donya sanjabane basa kang
wis disarujuki bebarengan karo para
9
panganggone basa lan wujude makna
iku bisa digunakake kanggo
ngandharake informasi utawa
pawarta, saengga bisa padha-padha
dingerteni dening sapadha-padhane.
Saliyane iku, makna uga ana
sesambungane karo jenenge wong
amarga sajrone jenenge wong
kasebut ngandhut makna kang bisa
digoleki kanthi cara maca kamus-
kamus basa ngenani jenenge wong
lan uga bisa diweruhi basa apa kang
dinggo sajrone jenenge wong
kasebut.
Teges
Teges sajrone semantik kalebu
ing salah sijine satuwan semantik
kang kalungguhane kerep ngraket
karo apa wae kang diomongake
dening saben wong. Anggone negesi
teges bisa ditegesi kanthi maneka
werna dening para ahli basa kayata
Saussure sajrone Chaer (1994:286),
Bloomfield sajrone Wahab
(1995:40), Aminuddin (1998:50),
Pateda (2001:79), Ullman sajrone
Pateda (2001:82), Kamus Linguistik
(Kridalaksana, 2008:19).
Teges kasebut ana
sesambungane karo jenenge wong
amarga sajrone jenenge wong
kasebut ngandhut teges kang jero
banget. Tegese jenenge wong ing
kene bisa diweruhi saka asil
nyawijekake maksud lan makna kang
kinandut sajrone jenenge wong
kasebut.
Saka sakabehe cara ahli
anggone negesi teges, ing kene
panliti menehi pamawas ngenani
teges yaiku konsep kang
nyawijekake antarane maksud lan
makna saengga pungkasane bisa dadi
teges kang cetha. Saliyane iku, teges
kasebut uga ana sesambungane karo
jenenge wong amarga sajrone
jenenge wong kasebut ngandhut
teges kang jero banget.
Metodhe Panliten
Panliten iki kalebu panliten
basa kang asipat dheskriptif analisis,
jalaran sajrone panliten iki ana
sesambungane karo wujud lan teges
jenenge wong kang ora mung bisa
didheskriptifake wae, nanging uga
bisa dianalisis kanthi pangajab bisa
luwih cetha anggone ngerteni wujud
lan teges jenenge Jawa metropolitan
ing Kutha Surabaya.
Dhata sajrone panliten iki
yaiku jenenge wong Jawa
metropolitan warga RT 4 RW 10
Kelurahan Tambakrejo Kecamatan
10
Simokerto Kutha Surabaya. Dene
sumber dhatane yaiku wong kang
menehi jeneng lan diwenehi jeneng
kasebut isih urip sarta saka
dhokumen-dhokumen panliten
kayata poto copy KK (Kertu
Kulawarga) lan kamus-kamus basa
ngenani jenenge wong.
Instrumen panliten (Arikunto,
1993:121) kang digunakake sajrone
panliten iki yaiku instrumen utama
lan instrumen panyengkuyung.
Instrumen utamane yaiku panliti iku
dhewe, dene instrumen
panyengkuyunge yaiku piranti kang
digunakake sajrone panliten iki
kayata tape recorder kang
digunakake kanggo ngrekam asil
wawancara karo wong kang menehi
jeneng lan diwenehi jeneng kasebut,
piranti kanggo nulis, lan nyiyapake
pitakonan-pitakonan kang ana
sesambungane karo nggoleki maksud
kang kinandhut sajrone jenenge
wong kasebut sarta kamus-kamus
basa ngenani jenenge wong.
Urut-urutane panliten sajrone
panliten iki kaperang dadi telu, yaiku
1) tata cara nglumpukake dhata, 2)
tata cara nganalisis dhata, lan 3) tata
cara nyuguhake asile ngolah dhata
panliten. Saben tata cara iku nduweni
metodhe lan teknik dhewe-dhewe.
Tata Cara Nglumpukake Dhata
Tata cara nglumpukake dhata
kanggo nggoleki wujud jenenge
wong nggunakake metodhe observasi
lan nyemak sarta nggunakake teknik
observasi lan cathet kanggo
nglumpukake dhata. Kanthi metodhe
lan teknik kasebut, ing kene panliti
nggoleki wujude jeneng adhedhasar
satuwan-satuwan lingustik kang
awujud tembung (tembung lan
tembung camboran), frase, lan
aneksi, lan nggoleki sumber-sumber
leksikone jenenge wong kasebut
kanthi cara maca kamus-kamus basa
ngenani jenenge wong kang
sesambungan karo wujude jeneng
kasebut. Saliyane iku, metodhe
observasi lan nyemak sarta teknik
observasi lan cathet iki uga bisa
digunakake kanggo nggoleki makna
kang kinandhut sajrone jenenge
wong Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut kanthi cara maca kamus-
kamus basa ngenani jenenge wong
saengga pungkasane bisa diweruhi
makna apa kang kinandhut sajrone
jenenge wong Jawa metropolitan ing
dhaerah kasebut sarta uga bisa
nggoleki jeneng adhedhasar sarasilah
11
kulawarga lan perangane jeneng
kang isine ngenani wujud liya saka
jeneng yaiku celukan, julukan, lan
wadanan.
Tata cara nglumpukake dhata
kanggo nggoleki tegese jenenge
wong nggunakake metodhe semak
lan metodhe cakap (Sudaryanto,
1993:133-140). Metodhe semak
yaiku panliti nyemak sakabehe
omongan kang diomongake dening
wong kang menehi jeneng kasebut
nalika ngandharake maksud kang
kinandhut sajrone jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut (wong Jawa utawa keturunan
Jawa kang menehi jeneng). Dene
kang dimaksud metodhe cakap yaiku
wawancara antarane panliti karo
sumber dhata (wong Jawa utawa
keturunan Jawa kang menehi
jeneng). Sadurunge nindakake
wawancara, panliti nyusun pirang-
pirang pitakonan kang bakal
ditujokake marang sumber dhata
yaiku wong Jawa utawa keturunan
Jawa kang menehi jenenge wong
kasebut kang ana sesambungane karo
nggoleki maksude jenenge wong
kasebut.
Metodhe semak ditrapake
kanthi nggunakake teknik sadhap,
teknik mawa wicara, teknik tanpa
wicara, teknik rekam, lan teknik
cathet. Kanthi teknik sadhap, panliti
mung nyemak lan nampa sakabehe
omongan saka sumber dhata kang
ngandhut maksud jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut saka wong Jawa utawa
keturunan Jawa kang menehi jeneng
kasebut. Teknik mawa wicara, panliti
nyemak lan uga melu cecaturan karo
sumber dhata saengga saka cecaturan
kasebut bisa diolehi wangsulan kang
cetha lan trep ngenani maksude
jenenge wong Jawa metropolitan ing
dhaerah kasebut saka sumber dhata
(asil wawancara karo wong Jawa
utawa keturunan Jawa kang menehi
jeneng kasebut). Dene teknik tanpa
wicara, panliti mung nyemak wae
tanpa melu cecaturan nalika sumber
dhata kasebut ngandharake maksude
jenenge Jawa metropolitan minangka
wong Jawa utawa keturunan Jawa
kang menehi jeneng kasebut.
Sajrone panliten iki, sakabehe
cecaturan mau direkam kanthi
nggunakake piranti tape-recorder lan
piranti kasebut kudu nduweni syarat
supaya ora ngganggu cecaturan
kasebut. Saliyane iku, panliti uga
nggunakake teknik cathet, yaiku
12
nyathet sakabehe omongan kang
dianggep wigati banget ngenani
maksude jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
(wong Jawa utawa keturunan Jawa
kang menehi jeneng) nganggo piranti
kanggo nulis banjur asile ditulis.
Sajrone metodhe cakap, panliti
nggunakake teknik pancing. Dhatane
kang awujud korpus (kumpulan
dhata-dhata mentah) kang awujud
lesane sumber dhata, banjur
dipancing lan diarahake kanggo
ngolehake dhata sakeh-akehe
ngenani maksude jenenge wong kang
kinandhut sajrone jenenge wong
Jawa kasebut supaya oleh wangsulan
kang cetha ngenani maksude jenenge
wong Jawa ing dhaerah kasebut.
Tata Cara Nganalisis Dhata
Tata carane nganalisis dhata
kanggo nganalisis wujud jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya kanthi nggunakake
metodhe observasi lan teknik
observasi sarta metodhe semak lan
teknik nyathet kanthi cara nganalisis
wujude jeneng adhedhasar satuwan-
satuwan linguistike kang awujud
jeneng, sumber-sumber leksikone
jeneng, jeneng adhedhasar sarasilah
kulawarga, lan perangane jeneng
kang isine ngenani wujud liya saka
jeneng yaiku celukan, julukan, lan
wadanan.
Tata carane nganalisis dhata
kanggo nganalisis teges jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya nggunakake metodhe
interpretasi lan teknik reduksi
(Sharpe, 1982). Metodhe lan teknik
kasebut ditindakake dening panliti
nalika panliti wis kasil nemokake
makna kang kinandhut sajrone
jenenge wong Jawa metropolitan ing
dhaerah kasebut kanthi cara nggoleki
maknane jeneng-jeneng kasebut
sajrone kamus-kamus basa ngenani
jenenge wong kanthi nggunakake
metodhe observasi lan teknik
observasi sarta metodhe semak lan
teknik nyathet.
Metodhe interpretasi lan teknik
reduksi iki digunakake kanggo
nganalisis dhata kang wujude arupa
maknane jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kanthi cara napsirake langsung
tumrap maknane jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
karo ndeleng kahanan sabenere saben
wong ing dhaerah kasebut kang
jenenge kalebu sajrone dhata panliten
kanthi cara langsung kang wektune
13
ora winates amarga panliti uripe ana
ing sakiwa tengene wong Jawa ing
dhaerah kasebut lan asile wis slaras
apa durung. Yen asil saka napsirake
kanthi cara langsung kasebut ora
slaras, mula maknane jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut kudu didadekake siji karo
kahanan sabenere wong Jawa ing
dhaerah kasebut kang jenenge kalebu
sajrone dhata panliten saengga
pungkasane bisa nduweni makna
kang sabenere lan luwih cetha.
Saliyane iku, kanggo nggoleki
maksude jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kanthi nggunakake metodhe semak
lan teknik semak libas cakap sarta
teknik cathet supaya bisa ngolehi
maksud kang cetha banget ngenani
maksude jenenge wong Jawa
metropolitan kasebut saka wong
kang menehi jeneng kasebut.
Sawise panliti nemokake
makna lan maksude jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut, banjur panliti nggunakake
metodhe interpretasi lan teknik
reduksi maneh kang tujuwane
kanggo nyedherhanakake dhata kang
wis kasil diolehi kang awujud makna
lan maksude jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kanthi cara ndadekake siji makna lan
maksude jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kang jenenge kalebu sajrone dhata
panliten supaya diolehi teges jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya kang sabenere lan luwih
cetha. Saliyane iku, sawise ngolehi
tegese jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
banjur jeneng iku kudu diperang rata
adhedhasar orientasi pawewehe
jeneng yaiku sipate jeneng.
Dhata-dhata kang wis kasil
dianalisis kanthi metodhe-metodhe
lan teknik-teknik ing ndhuwur banjur
diklumpukake adhedhasar wujud lan
teges jenenge wong Jawa
metropolitan ing Kutha Surabaya.
Tata Cara Nyuguhake Asile Ngolah
Dhata Panliten
Tata cara nyuguhake asile
ngolah dhata panliten yaiku tata
carane panliti kanggo nyuguhake asil
analisis dhata kang awujud laporan
katulis ngenani sakabehe kang wis
diasilake sajrone panliten iki, mligine
ngenani wujud lan teges jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya.
14
Sakabehe dhata kang wis kasil
diklumpukake lan dianalisis sajrone
panliten iki yaiku arupa wujud lan
teges jenenge wong Jawa
metropolitan ing Kutha Surabaya.
Banjur asile analisis dhata iki
disuguhake kanthi cara formal lan
informal (Sudaryanto, 1993:145).
Nyuguhake asil panliten kanthi cara
formal yaiku nyuguhake asil panliten
kanthi cara dheskripsi ngenani wujud
lan teges jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kanthi nggunakake angka-angka lan
kodhe-kodhe, dene nyuguhake asil
panliten kanthi cara informal yaiku
nyuguhake asil panliten ngenani
wujud lan teges jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
kanthi cara nggunakake tembung-
tembung kang biyasa supaya bisa
dingerteni lan dipahami dening saben
wong kang maca asil saka panliten
iki.
Andharan lan Jlentrehan Asile
Ngolah Dhata Panliten
Wujud Jenenge Wong Jawa
Metropolitan Ing Kutha Surabaya
Dhata jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
cacahe ana 150 jeneng banjur
diandharake lan dijlentrehake miturut
wujude jeneng yaiku adhedhasar
satuwan-satuwan linguistik, sumber-
sumber leksikone jeneng, lan
perangane jeneng kang ing jerone
ana jenenge wong adhedhasar
sarasilah kulawarga lan wujud liya
saka jenenge wong yaiku celukan,
julukan, lan wadanan.
Wujud jenenge wong
adhedhasar satuwan-satuwan
linguistik cacahe ana telung jinis,
yaiku tembung, frase, lan aneksi.
Jenenge wong Jawa metropolitan ing
dhaerah kasebut kang awujud
tembung kaperang dadi loro, yaiku
jenenge wong Jawa metropolitan
kang awujud tembung lan tembung
camboran. Saka 150 dhata jenenge
wong Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut mung ana limang jeneng
kang jenenge awujud tembung yaiku
patang jeneng lanang lan sajeneng
wadon. Tuladhane jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut kang jenenge awujud
tembung salah siji ing antarane yaiku
jeneng Mustofa lan Yakub. Jeneng
Mustofa lan Yakub kalebu tembung
lan kalorone awujud tembung
kahanan amarga jeneng Mustofa
tegese pilihan lan jeneng Yakub
tegese slamet.
15
Satuwan linguistik kang dadi
wujud jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
yaiku awujud tembung camboran.
Saka 150 dhata jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut,
cacahe ana satus enemlikur jeneng
kang jenenge awujud tembung
camboran kang dumadi saka suwidak
papat jeneng lanang lan suwidak loro
jeneng wadon. Tuladhane jeneng
Eko Prasetyo, Dimas Satrio
Laksamana, Achmad Fidyan Fatchur
Rochman, lan Arie Widjanarko Hadi
Saputro Permadi, S.E.
Satuwan linguistik kang
kapindho kang dadi wujude jeneng
yaiku frase. Saka 150 dhata jenenge
wong Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut, cacahe mung ana sangang
jeneng kang jenenge awujud frase
kang dumadi saka wolung jeneng
lanang lan sajeneng wadon.
Tuladhane jeneng Afit Supriyatman,
Alfiansyah Darusman, Nanda
Aprilia, lan sapiturute.
Satuwan linguistik kang dadi
wujude jeneng kang pungkasan yaiku
aneksi. Saka 150 dhata jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut, cacahe mung ana sepuluh
jeneng kang jenenge awujud frase
kang dumadi saka patang jeneng
lanang lan enem jeneng wadon.
Tuladhane jeneng Sunarwi,
Darmadji, Suhartatik, lan sapiturute.
Sumber-sumber leksikone
jeneng kalebu sajrone wujud jenenge
wong lan uga penting amarga bisa
dibedakake antarane wong siji karo
wong liyane saka basa lan uga makna
apa wae kang kinandhut sajrone
jenenge wong kasebut. Saka 150
jenenge wong Jawa metropolitan ing
dhaerah kasebut, bisa diperang-
perang dadi pitulas basa adhedhasar
sumber-sumber leksikone jeneng
yaiku saka Basa Arab (BAr) ana
patangpuluh siji jeneng, Basa Ibrani
(BIb) ana patang jeneng, Basa
Indonesia (BIndo) ana telungpuluh
telu jeneng, Basa Inggris (BIng) ana
pitung jeneng, Basa Jawa (BJw) ana
patangpuluh siji jeneng, Basa Jawa
Kuna (BJwK) ana sajeneng, Basa
Jerman (BJr) ana sajeneng, Basa
Jerman Kuna (BJrK) ana sajeneng,
Basa Kawi (BKw) ana sajeneng,
Basa Latin (BLt) ana sajeneng, Basa
Melayu (BMly) ana telung jeneng,
Basa Perancis (BPr) ana rong jeneng,
Basa Romawi Kuna (BRK) ana
sajeneng, Basa Sansekerta (BSsk)
ana wolung jeneng, Basa Turki
16
(BTrk) ana sajeneng, Basa Walanda
(BWld) ana sajeneng, lan Basa
Yunani (BYn) ana telung jeneng.
Jenenge wong bisa kedadeyan
saka sarasilah kulawarga.
Adhedhasar 150 dhata jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut bisa didudut jenenge wong
kang kalebu adhedhasar sarasilah
kulawarga cacahe ana telulas jeneng
kang dumadi saka pitung jeneng
lanang lan enem jeneng wadon kang
winates ing sarasilah kulawarga
nomer siji nganti nomer papat.
Tuladhane jeneng Eko Prasetyo, Dwi
Agung Saputro, Firdy Langgeng Tri
Pamungkas, lan Catur Nugroho.
Saben wong saliyane nduweni
jeneng kang diwenehake saka cilik,
uga nduweni wujud liya saka jenenge
wong kang kaperang dadi telu yaiku
celukan, julukan, lan wadanan. 150
dhatane jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
bisa kalebu celukan. Tuladhane
jeneng Mat Ali Hasan diceluk Cak
Mat, Sunarwi diceluk Cak Sunar,
Rangga Perdana diceluk Mas Slamet,
lan sapiturute.
Ora kabeh dhatane jenenge
wong Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut kang cacahe 150 jeneng bisa
kalebu ing wujud liya saka jenenge
wong yaiku julukan lan mung ana
sepuluh jeneng kang kalebu julukan
kang dumadi saka limang jeneng
lanang lan limang jeneng wadon.
Tuladhane julukan yaiku jeneng Rudi
Julianto dijuluki Mas Bos amarga
dheweke iki kalebu anake wong
sugih lan seneng ngajak kanca-
kancane mangan lan dibayari dening
dheweke, jeneng Anang
Rhofandiyono diwenehi julukan
Panut amarga nalika dikongkon apa
wae tansah manut (mligi ngongkon
nindakake samubarang kang becik),
lan sapiturute.
Ora kabeh dhatane jenenge
wong Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut kang cacahe 150 jeneng bisa
kalebu wadanan lan cacahe ana
rongpuluh wadanan kang dumadi
saka patbelas jeneng lanang lan enem
jeneng wadon. Tuladhane wadanan
yaiku jeneng Deni Aji Prasetyo
diwadani plolong amarga nduweni
mripat plolong, jeneng Feri Festianto
diwadani ndomble amarga nduweni
lambe ndomble, jeneng Catur
Nugroho kang diwadani kenthung
amarga nduweni awak kang lemu lan
pakulitane ireng banget, lan
sapiturute.
17
Tegese Jenenge Wong Jawa
Metropolitan Ing Kutha Surabaya
Jenenge wong kalebu sajrone
orientasi semantik kang ing jerone
ngandhut maksud, makna, lan teges
kang kudu dingerteni dening saben
wong. Kanggo negesi tegese jenenge
wong kasebut, mula kudu dingerteni
dhisik maksud lan makna apa kang
ana sajrone jenenge wong kasebut
banjur maksud lan makna kudu
didadekake dadi siji supaya
pungkasane bisa dadi teges kang
cetha. Sawise nemokake teges kang
cetha, banjur diperang maneh miturut
sipate jeneng adhedhasar orientasi
pawewehe jeneng. Saka akehe dhata
panliten yaiku 150 jenenge wong
Jawa metropolitan ing dhaerah
kasebut, mung 125 sumber dhata
kang bisa menehi katrangan ngenani
maksude jeneng kang diwenehake
marang anake kang diwenehi jeneng
kasebut, dene sisane saka sumber
dhata kasebut ora bisa menehi
katrangan ngenani maksud kang
diwenehake marang jenenge anake
kang diwenehi jeneng kasebut. Dene
maknane jenenge wong Jawa
metropolitan ing dhaerah kasebut
bisa digoleki maknane jenenge saka
kamus-kamus basa ngenani jenenge
wong.
Andharan lan jlentrehan
ngenani tegese jenenge wong Jawa
metropolitan ing Kutha Surabaya
adhedhasar sipate jenenge wong
kang kalebu ing orientasi pawewehe
jeneng yaiku jenenge wong Jawa
kang asipat kharismatik, jenenge
wong Jawa kang asipat idheasional
utawa konseptual, lan jenenge wong
Jawa kang asipat insidhental kaya
mangkene.
Jenenge wong kang asipat
kharismatik bisa diperang maneh
dadi telu, yaiku a) jeneng agamawan
tuladhane yaiku jeneng Achmad
Fidyan Fatchur Rochman kang
kalebu jeneng lanang. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak lanang
nomer sijine Pak Yatim kang tansah
diparingi keslametan lan welas asih
saka Gusti Allah. Dene maknane
jeneng kasebut yaiku Achmad=
pinuji; Fidyan = wong kang nggawe
pangurbanan; Fatchur Rochman =
pambuka, kajayane Gusti Allah
Ingkang Maha Asih. Saka maksud
lan makna kasebut bisa nduweni
teges anak lanang nomer siji kang
tansah diparingi keslametan lan
welas asih saka Gusti Allah nalika
18
nindakake pangorbanan kang becik
marang sakabehe kahanan. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat kharismatik
yaiku jeneng agamawan amarga
wong tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya anake
nduweni sipat kaya Nabi Muhammad
SAW; tuladha liya jeneng agamawan
yaiku jeneng Dinar Humairoh
Ayodya Putri Widjanarko kang
kalebu jeneng wadon. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak wadone
Pak Arie kang nomer siji kang tansah
ana gunane ing panguripan, uripe
sarwa makmur lan seneng karo
budayane dhewe, lan seneng
mbrastha sakabehe prakara ing
panguripane. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Dinar = dhuwit emas;
Humairoh = merona; Ayodya = kang
ora kalah sajrone; paperangan; Putri
= anak wadon; Widjanarko = wong
kang menehi pangeyupan marang
anak-anak. Saka maksud lan makna
kasebut bisa nduweni teges anak
wadon kang tansah ana gunane ing
panguripan kaya garwane Nabi
Muhammad SAW yaiku Humairoh
(Siti Aisyah RA), uripe sarwa
makmur lan seneng karo budayane
dhewe, lan seneng mbrastha
sakabehe prakara kang diadhepi ing
panguripane. Jeneng kasebut kalebu
jenenge wong Jawa metropolitan
kang asipat kharismatik yaiku jeneng
agamawan amarga wong tuwane
menehi jeneng kasebut nduweni
pengarep-arep supaya anake nduweni
sipat kaya garwane Nabi Muhammad
SAW yaiku Humairoh (Siti Aisyah
RA); lan isih akeh tuladha liya-
liyane. b) Jeneng negarawan
tuladhane yaiku jeneng Enggar
Raditya Akbar kang kalebu jeneng
lanang. Maksude jeneng kasebut
yaiku anak lanang kang tansah
seneng sajrone nindakake
penggaweyan, kang tansah dadi
sumunare wong tuwane lan bisa dadi
wong gedhe ing dina tembe. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku
Enggar = tansah seneng sajrone
panguripane; Raditya = srengenge;
Akbar = gedhe. Saka maksud lan
makna kasebut bisa nduweni teges
anak lanang kang tansah seneng
sajrone panguripane, tansah dadi
sumunare wong tuwane lan bisa dadi
wong gedhe ing dina tembe. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat kharismatik
yaiku jeneng negarawan amarga
wong tuwane menehi jeneng kasebut
19
nduweni pengarep-arep supaya anake
bisa kaya Bapak Akbar Agung;
tuladha liya jeneng negarawan yaiku
jeneng Fatma Rianingsih kang
kalebu jeneng wadon. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak wadon
kang rupane ayu banget lan nduweni
unggah ungguh kang becik,
panguripane sarwa seneng, lan tresa
asihe marang wong tuwa lan
kulawargane jero banget. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku Fatma
= sumunar lan ayu; Ria = seneng
utawa bungah; Ningsih = bening
asihe. Saka maksud lan makna
kasebut bisa nduweni teges anak
wadon kang rupane ayu banget lan
nduweni unggah ungguh kang becik
banget, panguripane sarwa seneng,
lan tresa asihe marang wong liya
mligine marang wong tuwa lan
kulawargane jero banget. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat kharismatik
yaiku jeneng negarawan amarga
wong tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya anake
bisa kaya Fatmawati Soekarno Putri
(anak wadone Bung Karno); lan isih
akeh tuladha liya-liyane. c) Jeneng
artis tuladhane yaiku jeneng Deni Aji
Prasetyo kang kalebu jeneng lanang.
Maksude jeneng kasebut yaiku anak
lanang kang nduweni sipat adil
marang sapa wae, setya marang
samubarang saengga uripe tansah
mulya ing saben dinane, lan tansah
diregani dening sapa wae. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku Deni
= pangrasa marang keadilan; Aji =
nduweni rega; Prasetyo = nindakake
janji utawa sumpah. Saka maksud lan
makna kasebut bisa nduweni teges
anak lanang kang nduweni sipat adil
marang sapa wae, setya marang
samubarang saengga uripe tansah
mulya ing saben dinane. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat kharismatik
yaiku jeneng artis amarga wong
tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya anake
bisa kaya Aji Santoso (paraga bal-
balan Persebaya Surabaya); tuladha
liya jeneng artis yaiku jeneng
Febriyanti Cornelia Putri kang
kalebu jeneng wadon. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak wadon
kang dilairake ing Sasi Februari kang
nduweni watak alus lan nduweni
unggah-ungguh kang becik banget
sarta dikarepake bisa nduweni rupa
kang ayu banget kaya artis Cornelia
Agata. Dene maknane jeneng
20
kasebut yaiku Febri = dilairake ing
Sasi Februari; Yanti = alus lan
lembut utawa tentrem; Cornelia =
kabajikan kang sampurna banget;
Putri = anak wadon. Saka maksud
lan makna kasebut bisa nduweni
teges anak wadon kang dilairake ing
Sasi Februari kang nduweni watak
alus lan nduweni unggah-ungguh
kang becik banget. Jeneng kasebut
kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat kharismatik
yaiku jeneng artis amarga wong
tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya anake
bisa kaya artis Cornelia Agata (kang
dadi Jaenab ing film Si Doel Anak
Sekolahan); lan isih akeh tuladha
liya-liyane.
Jenenge wong kang asipat
idheasional utawa konseptual kang
isine ngenani dedonga kang
diwenehake kasebut bisa awujud a)
dedonga kanggo keslametan awake
tuladhane yaiku jeneng Slamet
Mujianto kang kalebu jeneng lanang.
Maksude jeneng kasebut yaiku anak
lanang kang tansah diparingi
keslametan saka Gusti lan uga
seneng memuji syukur marang Gusti.
Dene maknane jeneng kasebut yaiku
Slamet = slamet; Mujianto = tansah
muji marang Gusti. Saka maksud lan
makna kasebut bisa nduweni teges
anak lanang kang tansah diparingi
keslametan saka Gusti lan uga
seneng memuji syukur marang Gusti.
Jeneng kasebut kalebu jenenge wong
Jawa metropolitan kang asipat
idheasional utawa konseptual yaiku
jeneng kang nduweni dedonga
kanggo keslametan awake amarga
wong tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya dadi
anak lanang kang tansah diparingi
keslametan saka Gusti lan uga
seneng memuji syukur marang Gusti;
tuladha liya jeneng kang ngandhut
dedonga kanggo keslametan awake
yaiku jeneng Nor Hidayati kang
kalebu jeneng wadon. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak wadon
kang tansah oleh cahya lan hidayah
saka Gusti. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Nor = cahya; Hidayati
= panunjuk. Saka maksud lan makna
kasebut bisa nduweni teges anak
wadon kang tansah oleh cahya lan
hidayah saka Gusti. Jeneng kasebut
kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat idheasional
utawa konseptual yaiku jeneng kang
nduweni dedonga kanggo keslametan
awake amarga wong tuwane menehi
21
jeneng kasebut nduweni pengarep-
arep supaya tansah oleh cahya
keslametan lan hidayah saka Gusti;
lan isih akeh tuladha liya-liyane. b)
Dedonga kanggo panguripan awake
tuladhane jeneng Atha Bagus
Prasetyo kang kalebu jeneng lanang.
Maksude jeneng kasebut yaiku anak
lanang kang tansah diparingi rejeki,
kabecikan, rupa lan unggah-ungguh
kang bagus banget sarta dadi wong
kang tansah nengenake prakara
kasetyan marang kahanan apa wae
kang wis dadi kuwajibane. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku Atha
= rejeki utawa kabecikan; Bagus =
becik; Prasetyo = nindakake janji
utawa sumpah. Saka maksud lan
makna kasebut bisa nduweni teges
anak lanang kang tansah diparingi
rejeki, kabecikan, rupa lan unggah-
ungguh kang bagus banget sarta dadi
wong kang tansah nengenake prakara
kasetyan marang kahanan apa wae
kang wis dadi kuwajibane. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat idheasional
utawa konseptual yaiku jeneng kang
nduweni dedonga kanggo panguripan
awake amarga wong tuwane menehi
jeneng kasebut nduweni pengarep-
arep supaya dadi anak lanang kang
tansah diparingi rejeki, kabecikan,
rupa lan unggah-ungguh kang bagus
banget sarta dadi wong kang tansah
nengenake prakara kasetyan marang
kahanan apa wae kang wis dadi
kuwajibane; tuladha liya jeneng kang
ngandhut dedonga kanggo
panguripan awake yaiku Merry Rara
Anggraeni jeneng kang kalebu
jeneng wadon. Maksude jeneng
kasebut yaiku anak wadon kang
uripe kebak karo rasa seneng ing
kahanan apa wae, nduweni sipat
kang mulya, setya, sabar, lan
sapanunggale. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Merry = kebak rasa
bungah; Rara = wong wadon;
Anggraeni = setya, sabar, nduweni
unggah-ungguh, narik kawigaten.
Saka maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak wadon kang
uripe kebak karo rasa seneng ing
kahanan apa wae, nduweni sipat
kang mulya, setya, sabar, lan
sapanunggale. Jeneng kasebut kalebu
jenenge wong Jawa metropolitan
kang asipat idheasional utawa
konseptual yaiku jeneng kang
nduweni dedonga kanggo panguripan
awake amarga wong tuwane menehi
jeneng kasebut nduweni pengarep-
arep supaya dadi anak wadon kang
22
uripe kebak karo rasa seneng ing
kahanan apa wae, nduweni sipat
kang mulya, setya, sabar, lan
sapanunggale; lan isih akeh tuladha
liya-liyane. c) Dedonga kanggo
dedege awake utawa pasuryane kang
diwenehi jeneng kasebut tuladhane
yaiku jeneng Bagus Putra Aji kang
kalebu jeneng lanang. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak lanange
Pak Muyaji nomer siji kang tansah
nindakake sakabehe tumindak kang
becik marang sapa wae. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku Bagus
= becik; Putra = anak; Aji = nduweni
rega. Saka maksud lan makna
kasebut bisa nduweni teges anak
lanang kang nduweni rupa lan
unggah-ungguh kang bagus sarta
tansah dikurmati dening wong akeh
ing ngendi wae. Jeneng kasebut
kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat idheasional
utawa konseptual yaiku jeneng kang
nduweni dedonga kanggo dedeg
utawa pasuryane amarga wong
tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya dadi
anak lanang kang nduweni dedeg lan
rupa bagus; tuladha liya jeneng kang
nduweni dedonga kanggo dedeg
utawa pasuryane yaiku jeneng Dewi
Rosalia kang kalebu jeneng wadon.
Maksude jeneng kasebut yaiku anak
wadon kang rupane ayu kaya
kembang mawar lan dikarepake bisa
nduweni swara kang merdu. Dene
maknane jeneng kasebut yaiku Dewi
= anak wadon kang ayu lan ora akeh
tingkah polahe; Rosalia = merdu.
Saka maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak wadon kang
rupane ayu lan dikarepake bisa
nduweni swara kang merdu. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat idheasional
utawa konseptual yaiku jeneng kang
nduweni dedonga kanggo dedeg
utawa pasuryane amarga wong
tuwane menehi jeneng kasebut
nduweni pengarep-arep supaya
supaya nduweni rupa kang ayu
banget; lan isih akeh tuladha liya-
liyane.
Jenenge wong kang asipat
insidhental ateges kedadeyan, mula
jeneng kang asipat insidhental yaiku
jeneng kang ana sesambungane karo
kedadeyan-kedadeyan kang mligi lan
uga wigati nalika dheweke lair. Saka
andharan kasebut, jeneng kang
ngandhut sipat insidhental iki bisa
kaperang maneh dadi telu, yaiku a)
jeneng temporal tuladhane jeneng
23
Dicky Juniansyah kang kalebu
jeneng lanang. Maksude jeneng
kasebut yaiku anak lanang kang lair
ing sasi Juni nduweni sipat kang ora
mbandhel marang sapa wae mligine
wong tuwane. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Dicky = pemimpin
kang kuwat lan ora mbandhel;
Juniansyah = dilairake ing Sasi Juni.
Saka maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak lanang kang lair
ing Sasi Juni nduweni sipat kang ora
mbandhel marang sapa wae mligine
wong tuwane. Jeneng kasebut kalebu
jenenge wong Jawa metropolitan
kang asipat insidhental yaiku jeneng
temporal amarga dilairake ing Sasi
Juni; tuladha liya jeneng temporal
yaiku jeneng Ponitri kang kalebu
jeneng wadon. Maksude jeneng
kasebut yaiku anak wadon nomer
telu kang dilairake ing weton dina
pon. Dene maknane jeneng kasebut
yaiku Ponitri = dilairake ing pasaran
Pon lan anak nomer telu. Saka
maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak wadon nomer
telu kang dilairake ing weton dina
pon. Jeneng kasebut kalebu jenenge
wong Jawa metropolitan kang asipat
insidhental yaiku jeneng temporal
amarga dilairake ing pasaran Pon;
lan isih akeh tuladha liya-liyane. b)
Jeneng aksidhental tuladhane jeneng
Feri Festianto kang kalebu jeneng
lanang. Maksude jeneng kasebut
yaiku anak lanang (ontang-onting)
kang uripe tansah mardika kang lan
Festianto iku asale saka tembung
Festival lan Purwanto (jenenge
bapake Feri). Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Feri = wong kang
mardika; Festianto dumadi saka
tembung Festival = acara utawa
pagelaran lan Purwanto = nengenake
bab kang njero banget. Saka maksud
lan makna kasebut bisa nduweni
teges anak lanang (ontang-onting)
kang uripe tansah mardika. Jeneng
kasebut kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat insidhental
yaiku jeneng aksidhental amarga
nalika dheweke dilairake, ing rumah
sakit kasebut ana festival ambal
warsane rumah sakit kasebut lan anto
iku dijupuk saka jeneng pungkasan
bapake yaiku Purwanto dadine
diwenehi jeneng Feri Festianto;
tuladha liya jeneng aksidhental yaiku
jeneng Dwi Caba Purwati kang
kalebu jeneng wadon. Maksude
jeneng kasebut yaiku anak wadon
nomer loro kang lair nalika bapake
isih dadi Calon Bintara (CABA) lan
24
dikarepake tansah nengenake
pangrasane ati. Dene maknane
jeneng kasebut yaiku Dwi = loro;
Caba = calon bintara; Purwati =
nengenake ati. Saka maksud lan
makna kasebut bisa nduweni teges
anak wadon nomer loro kang lair
nalika bapake isih dadi Calon Bintara
(CABA) lan dikarepake tansah
nengenake pangrasane ati ing
panguripane. Jeneng kasebut kalebu
jenenge wong Jawa metropolitan
kang asipat insidhental yaiku jeneng
aksidhental amarga nalika dheweke
dilairake, bapake isih dadi Calon
Bintara (CABA); lan isih akeh
tuladha liya-liyane. c) Jeneng
lokasional tuladhane jeneng Puguh
Santoso kang kalebu jeneng lanang.
Maksude jeneng kasebut yaiku anak
lanang kang nduweni pepenginan
kang kuwat saengga panguripan kang
dilakoni kang saben dina dilakoni
bisa kuwat. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Puguh = mantap;
Santoso = kuwat lan prasaja. Saka
maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak lanang kang
nduweni pepenginan kang kuwat lan
nekad banget saengga panguripan
kang dilakoni kang saben dina
dilakoni bisa kuwat. Jeneng kasebut
kalebu jenenge wong Jawa
metropolitan kang asipat insidhental
yaiku jeneng lokasional amarga
dijupuk saka jenenge Bidhan Sentosa
ing Surabaya kang dadi panggonan
laire; tuladha liya jeneng lokasional
yaiku jeneng Santy Firdatul
Islamiyah kang kalebu jeneng
wadon. Maksude jeneng kasebut
yaiku anak wadon kang tansah
ngabekti marang Gusti lan wong
tuwane, jujur anggone nindakake
penggaweyan sarta njunjung dhuwur
agama Islam. Dene maknane jeneng
kasebut yaiku Santy = tentrem;
Firdatul = jujur sajrone nyambut
gawe; Islamiyah = asipat Islam. Saka
maksud lan makna kasebut bisa
nduweni teges anak wadon kang
tansah ngabekti marang Gusti lan
wong tuwane, jujur anggone
nindakake penggaweyan sarta
njunjung dhuwur agama Islam.
Jeneng kasebut kalebu jenenge wong
Jawa metropolitan kang asipat
insidhental yaiku jeneng lokasional
amarga dijupuk saka jenenge RS
Islam ing Kutha Jombang kang dadi
panggonan laire bocah kasebut; lan
isih akeh tuladha liya-liyane.
25
Dudutan
Wujud jenenge wong Jawa
metropolitan ing Kutha Surabaya ana
telung macem, yaiku 1) adhedhasar
satuwan-satuwan linguistike jenenge
wong bisa diperang dadi telung jinis,
yaiku jenenge wong kang awujud
tembung (tembung lan tembung
camboran), frase, lan aneksi; 2)
sumber-sumber leksikone jeneng
bisa dideleng basa apa kang dinggo
sajrone jenenge wong Jawa ing
dhaerah kasebut kayata Basa Arab
(BAr), Basa Ibrani (BIb), Basa
Indonesia (BInd), Basa Inggris
(BIng), Basa Jawa (BJw), Basa Jawa
Kuna (BJwK), Basa Jerman (BJr),
Basa Jerman Kuna (BJrK), Basa
Kawi (BKw), Basa Latin (BLt), Basa
Melayu (BMly), Basa Perancis
(BPr), Basa Romawi Kuna (BRK),
Basa Sansekerta (BSsk), Basa Turki
(BTrk), Basa Walanda (BWld), lan
Basa Yunani (BYn); lan 3)
perangane jenenge wong kang ing
jerone ana jenenge wong adhedhasar
sarasilah kulawarga lan wujud liya
saka jenenge wong Jawa yaiku
celukan, julukan, lan wadanan.
Tegese jenenge wong Jawa
metropolitan ing Kutha Surabaya
dumadi saka maksude jenenge wong
Jawa kang digoleki kanthi cara
wawancara karo wong kang menehi
jeneng kasebut, saengga bisa
nemokake maksude jenenge wong
kasebut lan maknane jenenge wong
Jawa digoleki kanthi cara maca
kamus-kamus basa ngenani jenenge
wong kang diweruhi makna, basa,
lan jinis kelamin apa kang kinandhut
sajrone jenenge wong Jawa kasebut
sarta pungkasane didadekake siji lan
dadi tegese jenenge wong Jawa kang
cetha. Banjur saka tegese jenenge
wong Jawa kasebut diperang rata
adhedhasar sipate jenenge wong
kang kalebu ing orientasi pawewehe
jeneng. Sipate jeneng kasebut
diperang rata dadi telu, yaiku 1)
jenenge wong asipat kharismatik
kang diperang dadi telu, yaiku jeneng
agamawan, jeneng negarawan, lan
jeneng artis; 2) jenenge wong asipat
idheasional utawa konseptual kang
diperang dadi telu, yaiku dedonga
kanggo keslametan, panguripan, lan
dedege utawa pasuryane awake kang
diwenehi jeneng kasebut; lan 3)
jenenge wong asipat insidhental kang
diperang dadi telu, yaiku jeneng
temporal, jeneng aksidhental, lan
jeneng lokasional.
26
Pramayoga
Panliten iki mung ngrembug
ngenani wujud lan teges jenenge
wong Jawa metropolitan ing Kutha
Surabaya, nanging sajrone panliten
iki ora ngrembug ngenani gunane
jenenge wong Jawa. Mula saka iku,
ora nutup anane wektu tumrap panliti
liyane kanggo nindakake panliten
kang sajinis ngenani jenenge wong
kanthi nliti gunane jeneng kanthi
nggunakake tintingan kang beda lan
watesan dhaerah kang luwih amba
saka panliten sadurunge.
Kapustakan
Adipitoyo, Sugeng. 1993. Frase: Ikhwal, Karakteristik, dan Klasifikasinya. Surabaya: Institut Keguruan dan Ilmu Pendidikan Surabaya.
________________. 1999. Frase dalam Bahasa Jawa: Identitas dan Klasifikasinya. Surabaya: Copy Right.
________________. 2005. Hegemoni Negara terhadap Etnis Cina melalui Bahasa (Studi Kasus Penamaan WNI Keturunan Etnis Cina di Surabaya [Kampung Pecinan] dengan Leksikon Bahasa Jawa pada Masa Awal Orde Baru dan Perkembangannya sampai Sekarang). Surabaya: UNESA.
Aminuddin. 1988. Semantik. Bandung: Sinar Baru.
_________. 2003. Semantik. Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru.
Arifin, Syamsul, dkk. 1983. Struktur Frase Bahasa Jawa. Yogyakarta: Balai Penelitian Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Arikunto, Suharsimi. 1993. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: PT. Rineka Cipta.
Babybooks, Tim Penulis. 2010. Ensiklopedi: 8000 Nama Bayi dalam 60 Bahasa. Yogyakarta: G-Media.
Bahar, Anita. 2010. Seni Merangkai Nama Bayi. Yogyakarta: Chivita Books.
Chaer, Abdul. 1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Cetakan 1. Jakarta: PT. Rineka Cipta.
___________. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Edisi Revisi. Jakarta: PT. Rineka Cipta.
Djajasudarma, T. Fatimah. 1993. Semantik 1: Pengantar ke Arah Ilmu Makna. Bandung: Refika Aditama.
Farida, Mutiah dan M. Fathur Rahman. 2003. Nama-nama Bayi Islam. Jakarta: Lintas Pustaka.
Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama.
27
Nassa, Elizabeth dan Y. Edy Smith. 2001. Nama-nama Bayi Terbaik Di Dunia. Jakarta: Prestasi Pustaka.
Mess, C.A. 1953. Tata Bahasa Indonesia Tjetakan Ketiga. Bandung: Badan Penerbitan G. Kolff & Co.
Muldjana, Slamet. 1956. Kaidah Bahasa Indonesia Jilid I. Djakarta: Djambatan.
______________. 1957. Kaidah Bahasa Indonesia Jilid II. Djakarta: Djambatan.
Parera, Jos Daniel. 1991. Sintaksis. Edisi Kedua. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama.
Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta: PT Rineka Cipta.
Poedjosoedarmo, Soepomo dkk. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Poerwadarminta, W.J.S.. 1937. Baoe Sastra Jawa. Batavia: JB. Wolters’ Uitgevers Matschappij NV.
Prawiroatmodjo, S. 1955. Konklusi Paramasastra Beserta Persamaannja Djawa-Indonesia Untuk S.G.B.-S.M.P.-S.G.A.-S.M.A. Surabaya: Marfiah.
Ramlan, M. 1983. Sintaksis. Yogyakarta: CV. Karyono.
Riyadi, Slamet. 1999. Nama Diri Etnik Jawa dan Fungsinya
dalam Masyarakat, Buku Panduan Kongres Linguistik Nasional IX 1999, (online), (http://cahsasindo.blogspot.com), diakses 5 September 2012.
Santoso, Elha. Mutiara Nama-Nama Indah. Surabaya: Duta Media.
Sasangka, Sry Satriya Catur Wisnu Sasangka. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sharpe, G.W. 1982. Interpreting the Environment. (2nd edition). John Wiley & Sons, Inc.
Sibarani, Robert dan Tarigan, Henry Guntur. 1993. Makna Nama dalam Bahasa Nusantara Sebuah Kajian Antropolinguistik. Bandung: Bumi Siliwangi.
Sleigh, Linwood & Charles Johnson. Makna Nama Anda. Jakarta: Bina Pustaka.
Sudaryanto. 1993. Metode dan Teknik Analisis Bahasa: Pangantar Penelitian Wahana Kebudayaan secara Linguistik. Yogyakarta: Duta Wacana University Press.
Stork, F.C. 1972. Dictionary of Langauge and Linguistics. London: Applied Science Publishers LTD.
Sugiri, Eddy. 2001. Proses dan Latar Belakang Perubahan Nama Diri bagi WNI Keturunan Tionghoa di Kotamadya Surabaya: Suatu Kajian Sosiolinguistik. Makalah
28
Penelitian Dosen Muda. Surabaya: UNAIR.
Suwandi, Sarwiji. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Yogyakarta: Media Perkasa.
Tim. 1997. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
___. 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia Edisi I, II, lan III. Departemen Pendidikan Nasional. Jakarta: Balai Pustaka.
Pairin, Udjang. 2010. “Aspek Filosofis Bahasa Nama dalam Budaya Jawa” saka asil panliten skripsi “Bahasa Nama dalam Budaya Jawa, Kajian Sosiolinguistik”. Jurnal Ilmiah Padma. Surabaya.
Ullman, Stephen. (diadhopsi dening Sumarsono). Pengantar Semantik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Unhlenbeck, E.M.. 1982. Kajian Morfologi Bahasa Jawa. Djambatan.
Utomo, Sutrisno Sastro. 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Kanisius.
Verhaar, J.W.M. 1988. Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
______________. 2001. Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Wahab, Abdul. 1995. Teori Semantik. Surabaya: Airlangga University Press.
Wijana, Dewa Putu dan Rohmadi, Muhammad. 2011. Semantik Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka.
Wijayanti, Ary. 2003. “Perubahan Nama WNI Keturunan Tionghoa dari Nama Tionghoa ke dalam Nama Indonesia: Suatu Kajian Antropolinguistik.” Skripsi tidak diterbitkan. Surabaya: PBSINDO FBS UNESA.
Wirjosoedarmo, Soekono. 1987. Tata Bahasa Bahasa Indonesia (Edisi Lengkap) Untuk SMTA-Universitas Pegangan Guru. Surabaya: Sinar Wijaya.
http://ibnufarid.com/2012/11/19/arti-sebuah-nama .
29