MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA tembung BASA...
Transcript of MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA tembung BASA...
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 1
URAIAN MATERI
WIDYA TEMBUNG BASA JAWA
1. Tegese Widya tembung
Paramasastra mujudaken peranganing ngelmu basa kang wigatos
dipunmangertosi tumrap tiyang kang sinau basa. Tiyang ingkang marsudi
basa kedah nguwaosi bab ngelmu tataning tembung, tataning ukara, saha
tegesipun. Salah satunggaling perangan paramasastra kang ngrembug lan
nyinau bab tembung yaiku widyat embung utawa tata tembung. Dene ing
salebeting studi linguistik, widya tembung uga kasebut morfologi.
Widya tembung kadhapuk saka tembung ‘widya’ lan ‘tembung’.
Widya asale saka basa Jawa Kuna kang ateges ‘ilmu’. Tembung tegese
rerangkening swara kang kawedhar saka tutuk kang nduwe teges, lan
dimangerteni surasane. Dene widya tembung ngemu teges ‘ilmu bab
tembung’. Miturut Putrayasa (2010: 3) widya tembung yaiku perangan
saka ilmu basa kang mratelakake utawa nyinau bab tembung,
pandhapuking tembung, sarta owah-owahaning tembung kang bisa
ndayani owahing jinis lan tegese tembung mau. Sasangka (2011:38)
ngandharake panjlentrehan bab widya tembung yaiku:
“Sempalaning paramasastra ingkang nyinau lan ngrembug bab
tembung, dumadine tembung, sarta owahe sawijining tembung dadi
tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (afiksasi), karangkep
(pengulangan), lan kagabung/kacambor (pemajemukan)”.
Adhedhasar panjlentrehan iku, bisa kajupuk dududan dene widya
tembung iku ngrembug bab tembung, dumadine tembung, sarta owahe
sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan
(afiksasi), karangkep (pengulangan), lan kagabung/kacambor
(pemajemukan).
2. Wujuding Tembung Basa Jawa
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 2
Tembung ing basa Jawa, adhedhasar wujude bisa kabedakake dadi
papat, yaiku: tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep lan
tembung camboran.
a. Tembung Lingga
Tembung lingga uga lumrah kasebut kata asal/kata dasar yaiku
tembung kang durung owah saka asale (Subalidinata, 1994: 1). Durung
owah saka asale ateges isih wutuh durung rinaketan wuwuhan apa-apa.
Tembung lingga uga ingaran morfem bebas. Tembung lingga ana kang
dumadi saka sawanda, rong wanda, telung wanda, lan patang wanda.
Tuladha:
Tabel 1. Tuladha tembung lingga basa Jawa
Tembung
Lingga sawanda
Tembung
Lingga rong
wanda
Tembung
Lingga telung
wanda
Tembung
Lingga patang
wanda
Dom, leng,
gong, tuk, sing,
yen, lan
jampi, ati, ili, ilu
gendul, pari,
jarik, resik,
Lunga, adus,
tuku, nyanyi,
nglangi, gawa,
amba, jembar,
patrap
lestari,
mustaka,
waspada
piranti
manungsa
sengkuyung
sitoresmi
murakabi
adangiyah
mutawatir
Saka Tabel 1. tuladha tembung lingga basa Jawa, bisa dipirsani bilih
tembung lingga basa Jawa, akeh-akehe dumadi saka rong wanda, dene
tembung lingga kang dumadi patang wanda gunggunge amung kawates.
Wanda basa Jawa bisa kabedakake dadi loro, yaiku wanda menga lan
wanda sigeg.
Tembung jampi upamane, dumadi saka rong wanda, yaiku jam- lan pi-
. Wanda kapisan sinebut wanda sigeg, amarga pungkasaning wanda
awujud fonem konsonan /m/, lan wanda kapindho sinebut wanda menga,
amarga pungkasaning wanda awujud fonem vokal /i/.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 3
Babagan tuladha tembung lingga kang ana ing sajroning konteks
wacana, dakaturi maspadhakake tuladha cakepan saka lagu langgam Jawa
kang irah-irahane “Ibu Pertiwi”, panembang Waljinah.
.
Saka Cakepaning lagu Ibu Pertiwi, bisa dipirsani dene meh kabeh
tetembungan kang ana ing lagu kasebut nggunakake tembung lingga,
kajaba tembung ‘sesami’ ing tembung ‘sih sulistya mring sesami’ lan
‘luhuring’ ing ukara ‘kang asih luhuring budi’. Tembung iku kalebu
tembung andhahan. Tembung sesami dumadi saka tembung sami kang
karangkep wanda wiwitane dadi sasami utawa sesami (dwipurwa). Sarta
tembung luhuring kang dumadi saka tembung luhur lan /-ing/.
Saliyane tembung lingga, ana tembung kang saemper wujude kaya
tembung lingga ananging luwih tuwa, yaiku tembung wod. Wod tegese
oyod, wujude mung sakecap. Saengga tembung wod (akar kata) yaiku
tembung kang mung sakecap ananging bisa digoleki tegese (sasangka,
2011: 40). Tuladha:
a. Lur alur, ulur, mulur (tegese dawa)
b. Sup susup, angslup, tlusup (tegese mlebu)
c. Sor asor, ngisor, dlosor (ngemu teges endhek)
b. Tembung Andhahan
Tembung Andhahan yaiku tembung kang wus owah saka asale.
Tembung andhahan kadadean saka tembung lingga oleh ater-ater, seselan,
panambang utawa dirangkep (Subalidinata, 1994: 2). Ana uga kang
ngandharake dene tembung andhahan iku tembung lingga kang wus
dirimbag. Dene pangrimbage tembung bisa kanthi muwuhake imbuhan
kang dumunung ana ing ngarep (ater-ater/prefiks), ing tengah
(seselan/infiks), ing buri (panambang/sufiks), lan imbuhan bebarengan
(Sasangka, 2011: 41).
Tuladha: https://www.youtube.com/watch?v=-ormiuihJWk
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 4
Tembung andhahan dumadi saka rerangkening tembung lingga kang
wus dirimbag. Tuladha tembung andhahan yaiku: Nulis, keli, kelingan,
mbeta, nyapu, nyuwil, nyathet, lsp. Tembung nulis dumadi saka tembung
tulis lan kawuwuhan ater-ater Anuswara /n-/, utawa tembung lingga kang
karimbag mawa rimbag tanduk. Babagan proses afiksasi utawa
pandhapuking tembung, bakal karembag mirunggan ana ing sub bab
sabanjure.
c. Tembung Rangkep lan Tembung Camboran
Tembung rangkep yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep.
Rerangkeping tembung iki ana loro, yaiku ana kang dirangkep linggane
lan ana kang dirangkep wandane. Tuladha:
- Tembung kang dirangkep linggane
(1) mlaku mlaku-mlaku ‘tanpa owah-owahan swara’
(2) bali bola-bali ‘srana owah-owahan swara’
- Tembung kang dirangkep wandane
(1) tetenger tenger ‘kang dirangkep wanda ngarep’
(2) ndhepipis dhepis ‘kang dirangkep wanda mburine’
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih kang
kagandheng/kagabung dadi siji lan tembung mau ana kang tegese dadi
anyar. Tuladha: wedhus gembel tegese awan panas saka gunung berapi,
semar mendem arane panganan, kuping gajah arane jinising panganan, lan
sakpiturute. Parembugan bab tembung rangkep lan tembung camboran
bakal kaandharake langkung jangkep ing sub bab sabanjure.
3. Pandhapuking Tembung Basa Jawa (Proses Morfologis)
Ing sub bab sadurunge wis kaandharake, dene tembung basa Jawa
adhedhasar wujude bisa kabedakake dadi papat, yaiku tembung lingga,
tembung andhahan, tembung rangkep lan tembung camboran. Dene tembung
kang wus owah saka linggane iku ngalami proses yaiku proses morfologis.
Proses morfologis yaiku proses owah-owahaning tembung lingga
(monomorfem) dadi tembung liya kang asipat polimorfem. Proses morfologis
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 5
bisa kabagi dadi telu, yaiku: (1) afiksasi, (2) reduplikasi lan (3) komposisi
(Subroto, 1991). Satemah bisa kasebutake dene proses owah-owahaning
tembung saka tembung lingga dadi tembung liya, iku bisa karana: (1)
kawuwuhan, (2) karangkep, lan (3) kacambor.
Proses morfologis bisa ndayani sawijining tembung dadi owah bentuk,
jinise sarta makna/tegese. Tuladha:
- Kinasih nyaponi latar
Tembung nyaponi kang asale saka tembung sapu, menawa dijinggleng
kanthi premati ngalami owah-owahan, yaiku: owah bentuk, jinis lan
teges/maknane.
1) Owahe BENTUK, tuladha
Sapu ny- + sapu nyapu
(tembung lingga) (tembung andhahan)
2) Owahe JINIS, tuladha
Sapu ny- + sapu nyapu
tembung aran tembung kriya
3) Owahe MAKNA/TEGES, tuladha
Sapu ny-+ sapu nyapu
piranti kanggo reresik nindakaken pakaryan nganggo ‘sapu’
dadi owah
Ing ngisor bakal kaandharake bentuk-bentuk kang njalari owah-
owahaning tembung lingga dadi tembung liya, sarta tuladha-tuladhane.
a. Rumaketing Wuwuhan (Afiksasi)
Tembung lingga kang malih dadi tembung andhahan, bisa karana
rumaketing wuwuhan. Rumaketing wuwuhan ing sajroning tembung lingga
dadi tembung liya uga kaaran proses afiksasi utawa proses pengimbuhan
(Mulyana, 2007: 17). Wuwuhan kang karaketake ing tembung lingga iku
mapane bisa ana ngarep, ana tengah, ana mburi utawa gabungan. Wuwuhan
Tembung
lingga wuwuhan
- Bentuk - Jinis
- Makna/
teges
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 6
utawa imbuhan utawa afiks basa Jawa wujude ana papat, yaiku: ater-ater,
seselan, panambang, sarta imbuhan bebarengan. Imbuhan-imbuhan iku bakal
karembug siji mbaka siji ing sub bab iki.
1) Ater-ater (Prefiks)
Ater-ater utawa prefiks yaiku imbuhan kang mapan ing sangarepe
tembung lingga. Proses rumaketing ater-ater ing tembung lingga bisa
kasebut prefiksasi. Kang kalebu ater-ater yaiku: ater-ater anuswara {N-, a-,
ma-/mer-, ma(A), dak-, kok-, di-, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar-,
kuma-, kami-, kapi-}
a) Ater-ater Anuswara {N-}
Ater-ater anuswara gunggunge ana papat, yaiku: {m-, n-, ny-, ng}
Rimbage diarani rimbag tanduk, amarga ater-ater iki ndhapuk tembung
lingga dadi tembung tanduk (kriya tanduk). Tuladha:
(1) {an-/n-/han-} ater-ater anuswara {N-} malih dadi {an- /n- /han-}
menawa tumempel ing tembung lingga kang apurwa konsonan
/j/,/t/,/th/,/d/,/dh/.
Tuladha: (1) njotos = {n- + jotos}
(2) nandur = {n- + tandur},
(3) nuthuk = {n- + thuthuk},
(4) ndemok = {n- + demok},
(5) ndhudhah = {n- + dhudhah}.
(2) {am-/m-/ham-} ater-ater anuswara {N-} malih dadi {am-/m-/ham}
menawa tumempel ing tembung lingga kang apurwa konsonan /b/, /p/
,/w/.
Tuladha: (1) mbeta = {m- + beta}
(2) manen = {m- + panen}
(3) mucal = {m- + wucal}
(3) any-/ny- (hany-) ater-ater anuswara (N-) dadi {any- /ny- /hany-}
menawa tumempel ing tembung lingga kang apurwa konsonan /c/ , lan
/s/. Tuladha:
(1) nyuwil = {ny- + cuwil}
(2) nyampar = {y- + sampar}
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 7
(4) ang-/ng- (hang-) ater-ater anuswara (N-) dadi {ang-/ ng- /hang-}
menawa tumempel ing tembung lingga kang apurwa konsonan /a/, /k/,
/g/, /r/.
Tuladha: (1) ngangkat = {ng- + angkat}
(2) ngukur = {ng- + kukur}
(3) ngrusak = {ng-+ rusak}
Saliyane iku ater-ater anuswara {N-} malih dadi {nge-} menawa
tumempel ing tembung lingga kang wandane amung sakecap. Tuladha:
{N- + cet} = ngecet. Ater-ater anuswara nduweni kabisan ngowahi
sawijining tembung dadi tembung kriya sarta tembung kaanan. Dene ater-
ater iku bisa ngemu teges: (a) nindakake pakaryan kaya kang kasebut
linggane, sarta (b) ngandhakake kaanan/watak sawijining bab kaya kang
kasebut linggane. Tuladha:
(1) Es kucir kang daktuku mau esuk, saiki wis mbanyu
(2) Mbak Evi saben esuk nyapu latar ing ngarep omahe
Ing tuladha (1) tembung mbanyu kang asale saka tembung aran
‘banyu’, banjur sawise diwenehi ater-ater anuswara {m-} malih dadi
tembung kaanan ‘mbanyu’. Tembung iku ngemu teges ngandharake
kaanan ‘wis dadi banyu’. Dene ing tuladha nomer (2) tembung ‘nyapu’
kalebu tembung kriya, kang ngemu teges nindakake pakaryan ‘nganggo
sapu’.
b) Ater-ater {a- }
Ater-ater iki uga sinebut rimbag bawa ha-. Ing basa Indonesia ater-
ater iki padha karo awalan {ber-}. Ater-ater iki bisa ngowahi sawijining
tembung lingga dadi tembung kriya. Ater-ater {a- } kang sumambung ing
tembung lingga ngemu teges: (1) nganggo <lingga>, utawa nduwe
<lingga>. Tuladha:
(1) Kakang kula menawi gineman abasa Jawa prigel sanget.
(abasa = {a- + basa}, abasa kalebu tembung kriya lan ngemu teges
‘nganggo basa’)
(2) Tetanduran punika apatra wiyar.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 8
(apatra = {a-+ patra}, ngemu teges ‘nduwe patra’)
c) Ater-ater {ma-} utawa {mer-}
Ater-ater {ma-} utawa {mer-} uga sinebut rimbag bawa ha. Ing basa
Indonesia padha karo awalan ber-. Tuladha:
(1) Dheweke seneng mertamba supaya larane enggal mari.
(mertamba = {mer- + tamba}, ngemu teges nindakake pakaryan
kanggo golek tamba)
(2) Sunarya seneng maguru marang Pak Dhalang.
(maguru = {ma- + guru}, ngemu teges nindakake pakaryan kang
gegayutan karo guru)
d) Ater-ater {maN-} utawa {ma- anuswara}
Ater-ater {maN-} adhakane bisa malih dadi {man-, mam-, many-,
mang-}, gumantung aksara wiwitaning tembung. Ater-ater iki bisa
ndhapuk sawijining tembung dadi tembung kriya, lan ngemu teges:
menyang <lingga>, sarta nindakake pakaryan <lingga>. Tuladha:
(1) Bathara Guru manjelma ing Ngarcapada.
(manjelma = {man- + jelma}, manjelma ngemu teges nindakake
pakaryan jelma/malih)
(2) Bremara iku mabur mangetan mencoki kembang.
(mangetan = {mang- + wetan}, ngemu teges menyang ngetan)
e) Ater-Ater {dak-, kok-, di-}
Ater-Ater {dak-, kok-, di-} uga ingaran ater-ater tripurusa, jalaran
magepokan karo tembung sesulih (wong kapisan, kapindho lan katelu).
Tembung lingga kang kawuwuhan ater-ater tripurusa bakal malih dadi
tembung kriya tanggap.
Aku = tembung sesulih utama purusa (dak-), kramane : kula__
Kowe = tembung sesulih utama purusa (kok-/ko-), kramane :
panjenengan__
Dheweke = tembung sesulih utama purusa (di-), kramane : dipun
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 9
Tuladha: (1) Buku iki dakgawa nalika aku menyang kampus.
(2) Aku ora usah kokpethuk, amarga arep mampir pasar.
(3) Godhong iku diiris dhisik sadurunge digodhog.
f) Ater-ater {ka- }
Ater-ater {ka-} uga sinebut bawa ka- utawa tanggap ka-, amarga bisa
ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya tanggap (kata kerja pasif).
Wonten ing basa Indonesia ater-ater iki padha karo awalan {di-}. Ater-ater
iki kerep kaenggo ing basa baku, rinengga, bisa uga ing ragam ngoko baku
utawa krama. Ater-ater {ka-} ngemu teges ‘nindakake pakaryan kanthi
disengaja utawa kajarak’. Tuladha:
(1) Kula kautus bapak supados kuliah wonten jurusan Sastra Jawa.
(2) Siswa sekawan kelas kagabung dados setunggal wonten ruang aula.
(3) Tigan kalawau sampun kapidak dening pinanganten kakung.
Ana ing tuladha (1) bisa kapirsani dene tembung kautus kang asale saka
{ka- + utus}, ater-ater {ka-} iku nduwe teges ‘lesan (obyek) akon/ngutus
kanthi sengaja supaya jejer (subyek) nindakake pakaryan’. Semana uga
tuladha (3), ater-ater {ka-} kang ana ing tembung kapidak ngemu teges
pinanganten kakung nindakake pakaryan midak endhog kanthi sinengaja.
g) Ater-ater {ke- }
Ater-ater {ke-} uga ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya
tanggap (kata kerja pasif) ananging sipate ora disengaja. Ing basa
Indonesia ater-ater {ke-} padha karo awalan ter- (prefiks ter-). Tuladha:
(1) Sikilku lara amarga kepidak uwong-uwong kang padha suk-sukan
mlebu stadion.
(kepidak = {ke- + pidak}, ngemu teges kapatrapan pakaryan kanthi
ora sinengaja)
(2) Omahe Sariman kobong nalika ditinggal lunga menyag desa.
(kobong asale saka tembung {ke- + obong}, nduweni teges
kapatrapan pakaryan kanthi ora disengaja)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 10
Ater-ater {ke-} kang sumambung ing tembung lingga kang apurwa b, d,
dh, lan g, bisa lira liru dadi {e-}.
Tuladha: {ke- + busak} kebusak gebusak
{ke- + dudut} kedudut gedudut
h) Ater-ater {paN- } utawa {pa- Anuswara}
Ater-ater {paN-} rimbage diarani kriya wacaka (Antunsuhono, 1953:
69) Ater-ater iki bisa malih dadi {pany-, pang-, pam-, pan-} gumantung
wiwitaning tembung kang kagabung. Yen kagabung karo tembung kang
apurwa vokal ater-ater iki bisa malih dadi {p-}. Ater-ater {paN-} duweni
kabisan ndhapuk tembung lingga dadi tembung aran. Tembung lingga
kang sumambung ater-ater {paN-} bisa ngemu teges (1) wong kang
<lingga>, (2) piranti <lingga>, (3) bab <lingga>. Tuladha:
(1) Dheweke wasis anggone petung dagang.
(petung = {pa- + etung}, ngemu teges bab ‘etung’)
(2) Panabuh gamelan iku jenenge Pak Panggih.
(panabuh = {pa- + tabuh}, ngemu teges wong kang ‘nabuh’)
(3) Ariel tetep bisa nganggit lagu-lagu pop, sanajan ana ing paukuman.
(paukuman = {pa- + ukum (an)}, ngemu teges papan kanggo ‘ngukum’)
i) Ater-ater {sa- } utawa {se-} utawa {sak-}
Ater-ater {sa-} bisa malih dadi {se-} utawa {sak-}. Ater-ater iki bisa
ndhapuk sawijining tembung dadi tembung wilangan (numeralia). Ater-
ater {sa-} kang sumambung ing tembung lingga nduweni teges: (1) Siji
<lingga>, (2) Padha (karo) <lingga>, (3) Kabeh sing ana ing <lingga>.
Tuladha:
(1) Aku nggawa kripik mlinjo, ananging mung satoples.
(ngemu teges: siji toples)
(2) Adhiku dhuwure wis sapundhakku.
(ngemu teges: padha karo pundhakku)
(3) Warga sadesa padha kerja bakti ngresiki kalenan supaya ora banjir.
(ngemu teges: kabeh sing ana ing desa)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 11
j) Ater-ater {pi- }
Ater-ater pi bisa ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung
aran, lan nduweni teges sing di- <lingga>-ake. Upamane:
(1) piwales = {pi- + wales} ngemu teges ‘sing diwalesake’,
(2) piwulang = {pi- + wulang} ngemu teges ‘sing diwulangake,
(3) pitakon = {pi- + takon} ngemu teges ‘sing
ditakonake’.
k) Ater-ater {tar-}
Ater-ater {tar-} bisa ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya lan
tembung katerangan. Ing basa Indonesia ater-ater iki kaya awalan ter-.
Ater-ater {tar-} uga bisa malih dadi {ter-}.
Tuladha: (1) tarkadhang – terkadhang = {tar- + kadhang}
(2) tartamtu – tertamtu = {tar- + tamtu},
(3) tarwaca – terwaca = {tar-+ waca},
(4) tarbuka – terbuka = {tar- + buka}.
l) Ater-ater {pri- }
Ater-ater {pri-} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran.
Tembung lingga kang sumambung ater-ater {pri-} winates cacahe.
Tuladha: priangga {pri- + angga}, prikanca {pri- + kanca}, pribumi {pri- +
bumi}. Dene tetembungan kaya priyayi, pribadhi, lan priksa kaya-kaya
kawuwuhan ater-ater {pri-}, ananging sejatine tetembungan iku kalebu
tembung lingga.
m) Ater-ater {pra- }
Ater-ater {pra-} bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran.
Tuladha:
(1) pralambang = {pra- + lambang}
(2) pralampita = {pra- + lampita}
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 12
(3) pratandha = {pra- + tandha}
Dene tembung kang saemper kaya tembung kang antuk panambang
{pra-}, kaya ta: prakosa, prayogi, prasaja, prawasa iku kalebu tembung
lingga kang dumadi saka telung wanda.
n) Ater-ater {kuma-, kami-, kapi- }
Ater-ater {kuma-, kami-, kapi-} rimbage diarani rimbag bawa kuma-.
Ater-ater iki bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung
watak/kaanan, sarta ngemu teges nduweni sifat banget kaya kang kasebut
<lingga>. Tuladha:
(1) Aja pijer kumawani melu investasi kang ora jelas, mengko
mundhak rugi
(Kumawani = {kuma- + wani}, ngemu teges ‘banget anggone wani’)
(2) Bocah iku dadi kamiluluten marang rewange, amarga wis diopeni
kawit cilik.
(kamiluluten = {kami- + lulut (-en)}, ngemu teges: ‘banget anggone
lulut’)
(3) Dheweke yen nesu nganti kapilare
(kapilare = {kapi- + lare}, ngemu teges: ‘nduweni sifat kaya lare’)
2) Seselan (infiks)
Seselan utawa sisipan (infiks) yaiku imbuhan kang manggone ana
satengahing tembung. Proses rumaketing seselan ing sawijining tembung
lingga kaaran infiksasi. Seselan ing basa Jawa ana papat, yaiku: {-um-, -
in-, -er-, -el-}.
a) Seselan {–um-}
Seselan {–um-} uga bisa sinebut rimbag bawa ma, kasebut mangkono
amarga seselan {–um-} menawa kaseselake ana ing tembung lingga kang
apurwa vokal, seselan iku malih dadi {m-} lan manggone ana ngarep.
Tuladha:
(1) {esem + -um-} = mesem,
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 13
(2) {inger + -um-} = minger
(3) {udhun + -um-}= mudhun
(4) {ambu + -um-} = mambu
(5) {uni + -um-} = muni
Tembung lingga kang antuk seselan {–um-} bisa dadi tembung kriya
tanpa lisan, lan bisa uga dadi tembung kaanan (sifat). Seselan {–um-}
bisa malih dadi {–em-}. Tembung lingga kang apurwa /p/, /b/, menawa
kasisipan seselan {–um-} bisa malih dadi /k/, lan /g/.
Tuladha: (1) {panggang + -um-} = pumanggang kumanggang
(2) {pinter + -um-} = puminter
kuminter
(3) {bagus + -um-} = bumagus gumagus
(4) {gandhul + -um-} = gumandhul gemandhul
b) Seselan {-in-}
Seselan {–in-} uga bisa sinebut rimbag tanggap na, jalaran tembung
lingga kang kaseselan {-in-} mesthi dadi tembung kriya tanggap (kata
kerja pasif). Seselan {-in-} menawa kasisipake ing tembung lingga kang
apurwa vokal, bakal malih dadi {ing-} lan manggone ana ngarep
tembung.
Tuladha:
(1) {incim + -in-} = ingincim,
(2) {imbu + -in-} = ingimbu,
(3) {apura + -in-} = ingapura.
Ananging menawa seselan {-in-} sumambung ing tembung lingga kang
apurwa konsonan, bentuke tetep ora owah.
Tuladha:
(4) {tulis + -in-} = tinulis,
(5) {sawang + -in-} = sinawang.
Seselan {–in-} uga bisa kawuwuhan panambang, yaiku panambang {-
an, -ake, -a/ -ana, lan –na}. Tuladha: ginawakake, tinulisan,
cinangkingna.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 14
c) Seselan {–er-} lan {-el-}
Seselan {–er-} lan {-el-} Kalebu kurang produktif, jalaran ora kabeh
tembung bisa kawuwuhan seselan iki. Tembung lingga kang kawuwuhan
seselan iki bisa ngemu teges mbangetake kaya kang kasebut ing linggane.
Tuladha:
(1) {kelip + -er-} = kerelip krelip
(2) {kepyur + -el-} = kelepyur klepyur
(3) {Titi + -el-} = teliti tliti
3) Panambang (sufiks)
Panambang utawa akhiran (sufiks) yaiku imbungan kang dumunung
ana ing mburi. Panambang ing basa Jawa kalebu akeh gunggunge.
a) Panambang {–i}
Panambang {–i} bisa malih dadi {–ni} yen sumambung ing
tembung lingga kang pungkasane vokal. Fungsine bisa ndhapuk
tembung lingga dadi tembung kriya, lan nduweni teges pakon (akon
supaya wong liya nindakake bab kaya kang disebutake linggane).
Tuladha:
(1) {bali + -i} = balii baleni
(2) {tuku + -i} = tukui tukoni
(3) {pijet + -i} = pijeti
(4) {tutup + -i} = tutupi
Tuladha ukara:
(1) Ayo pijeti maneh pundhakku, supaya ilang kesele!
(akon supaya mijet)
b) Panambang {–a}
Panambang {–a} yen sumambung ing tembung lingga kang
wekasane vokal, pangucapan tembunge kaya tuwuh suwara ya/wa,
nanging ora melu katulis. Panambang iki ndhapuk tembung lingga
dadi tembung kriya. Tuladha ing ukara:
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 15
(1) Balia saiki wae, supaya ora digoleki ibumu! (akon supaya bali)
(2) Dheweke tekaa ya padha wae, wong acarane wis rampung.
(sanajan teka)
(3) Pak Dokter enggal mrenea ya, aku selak ora kuwat ngampet
lara.
(ngarep-arep supaya mrene)
c) Panambang {–e}
Panambang {–e/-ipun} menawa ing basa Indonesia padha karo
akhiran {-nya}. Panambang iki nduwe kabisan ndhapuk tembung
aran lan nduweni teges nelakake pandarbe. Tuladha:
(1) Darane kang Parno dituku Pak Teja telung atus ewu.
(2) Padharanipun Bu Tari sakit, sasampunipun dhahar sambel.
Ana ing tuladha (1) tembung darane kadhapuk saka {dara+-e} =
darae darane, panambang iku ngemu teges ‘dara duweke Kang
Parno’. Dene ing tuladha (2) panambang {-e} malih dadi {-ipun},
amarga ana ing sajroning ukara krama. Panulisan panambang {-
ipun} iku ora kapisah utawa kagandheng karo tembung linggane.
d) Panambang {–en/-nen}
Panambang {–en} menawa sumambung ing tembung lingga
nduwe kabisan ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya utawa
kaanan. Panambang iki yen sumambung ing tembung lingga bisa
ngemu teges pakon utawa lagi nandang kaanan lara. Tuladha:
(1) Latar ngarep omah kae sapunen dhisik, sadurunge dhayohe
teka!
(sapunen = {sapu + -en}. ngemu teges ‘akon supaya nyapu’)
(2) Adhiku awake cilik amarga cacingen.
(cacingen = {cacing + -en}, ngemu teges ‘nandang kaanan lara
cacing’)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 16
Tuladha tembung kang kawuwuhan panambang {-e}
(1) {kanca [kͻncͻ] + -e} kancane [kancane]
(2) {sega [sƏgͻ] + -e} segane [sƏgane]
(3) {maca [mͻcͻ] + -e} macane [macane]
(4) {lunga [luŋͻ] + -e} lungane [luŋane]
Tuladha tembung rangkep kang mawa panambang {–e}
(1) {kanca-kanca [kͻncͻ - kͻncͻ] + -e} kanca-kancane [kͻncͻ
kancane]
(2) {lara-lara [lͻrͻ-lͻrͻ] + -e} Lara-larane [lͻrͻ larane]
Tuladha tembung kang kawuwuhan panambang –en/-nen
(1) {priksa [priksͻ] + -en} priksanen [priksanƏn]
(2) {waca {[wͻcͻ] + -en} wacanen [wacanƏn]
(3) {gawa {[gͻwͻ] + -en} gawanen [gawanƏn]
Tuladha tembung kang sumambung –ku/-mu
(1) {kanca [kͻncͻ] + -ku} kancaku [kancaku]
(2) {sega [sƏgͻ] + -mu} segamu [sƏgamu]
(3) {mata [mͻtͻ] + -mu} matamu [matamu]
e) Panambang {–an}
P e p e n g e t.
Kang prelu antuk kawigaten mirunggan, babagan panambang {–e, –en/-,
nen} sarta {–ku lan –mu}, menawa sumambung ing tembung lingga kang
wanda pungkasane awujud swara [ͻ], swara iku bakal malih dadi swara
[a]. Supaya langkung gampil anggenipun mangertosi, dakaturi mirengake
cara pangucapane tembung andhahan ing ngisor iki.
Audio
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 17
Panambang {–an} nduwe kabisan ndhapuk tembung lingga dadi
tembung aran, kriya, utawa kaanan, sarta ngemu teges kang maneka
warna, Tuladha:
(1) garisan = {garis + -an} ‘piranti kanggo nggaris’
(2) tegalan = {tegal + -an} ‘papan/panggonan’
(3) kumbahan = {kumbah + -an} ‘sing di-kumbah’
(4) gambaran = {gambar + -an} ‘hasil nggambar’
(5) klamben = {klambi + -an} ‘nganggo klambi’
(6) kancingan = {kancing + -an} ‘ngandhakake kahanan’
(7) lalen = {lali + -an}, ‘gampang lali’
f) Panambang {–na/-kna}
Panambang {–na/-kna} nduwe kabisan ndhapuk tembung lingga
dadi tembung kriya pasif. Panambang {–na/-kna} yen sumambung ing
tembung lingga nduweni teges pakon/akon marang wong liya supaya
nindakake kaya kang kasebut linggane. Tuladha:
(1) Jupukna panganan kuwi!
(jupukna = {jupuk + -na}, ngemu teges ‘akon supaya njupuk’)
(2) Aku gawekna teh sing kenthel!
(gawekna = {gawe + -na} gawena gawekna, ‘akon supaya
nggawe’)
g) Panambang {–ana/-nana}
Panambang {–ana} yen sumabung ana ing tembung lingga nduwe
kabisan ndhapuk tembung lingga dadi tembung kriya tanggap lan
ngemu teges: (a) pakon, (b) nadyan di-<lingga>-I. Tuladha:
(1) Kerdus kuwi talenana dhisik sadurunge digawa!
({tali + -ana} = taliana talenana, ‘akon supaya’)
(2) Timun iki irisana, mengko bisa kanggo lalapan!
({iris + -ana} = irisana, ‘akon supaya’)
(3) Kandhanana wis kebacut, kudu kepriye maneh.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 18
({kandha + -ana} = kandhaana kandhanana, ‘sanajan
dikandhani’.
h) Panambang {–ane}
Panambang {–ane} yen sumambung ana ing tembung lingga
nduwe kabisan ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung
aran lan ngemu teges ‘anggone Anuswara-<lingga>’. Tuladha:
(1) Sariman kae gambarane apik.
({gambar + -ane} = gambarane , ngemu teges ‘anggone
nggambar’)
i) Panambang {–ake/ -aken}
Panambang {–ake/-aken} nduweni fungsi ndhapuk tembung
lingga dadi tembung kriya tanduk mawa lesan, lan ngemu teges:
pakon utawa nindakake pakaryan. Tuladha:
(1) Tulung gawakke bukuku dhisik! (bentuk ngoko)
({gawa + -ake} = gawakake gawakke, ‘akon supaya’)
(2) Benjing Ibu badhe kula betakaken rasukan enggal.
(bentuk krama)
({beta + -aken} = betaaken betakaken, ‘nindakake pakaryan’)
4) Imbuhan bebarengan
a) Imbuhan bebarengan rumaket (serentak/konfiks)
Imbuhan bebarengan utawa konfiks yaiku imbuhan kang awujud
ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) kang kagabung kanthi cara
bebarengan utawa rumaket. Sumambunge imbuhan iki ora kena kapethil-
pethil utawa kapisah-pisah. Imbuhan basa Jawa kang kalebu konfiks
yaiku: {ka- + -an, ke- + -en, pa- + -an, paN- + -an, pra- + -an}.
(1) Imbuhan {ka- + -an}
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 19
Imbuhan {ka- + -an} uga sinebut rimbag bawa wacaka. Tembung
lingga kang kawuwuhan konfiks {ka- + -an} bisa malih dadi
tembung kriya utawa tembung aran. Konfiks {ka- + -an} bisa ngemu
teges: (1) kena/kapatrapan pakaryan kang ora disengaja utawa di-
<lingga>-i, (2) ngandhakake panggonan <lingga>, (3) bab <lingga>.
Ana kalane imbuhan {ka- + -an} bisa malih dadi {ke- + -an}.
Tuladha :
(1) {ka- + becik + -an} = kabecikan ‘bab becik’
(2) {ka- + lurah + -an} = kalurahan ‘panggonaning lurah’
(3) {ka-+ ciprat + -an} = kacipratan kecipratan ‘ora sengaja
nyiprat’
(2) Imbuhan {ka- + (-ake/ -kake, - a, -ana, -na)}
Tuladha :
(1) {ka- + andhar+ -ake} = Kaandharake
(2) {ka- + lali + -ake} = Kalalekake
(3) {ka- + jodho + -kake} = Kajodhokake
(4) {ka- + apura + -a} = Kaapuraa
(5) {ka- + rumat + -ana} = Karumatana
(6) {ka- + tebih + -na} = Katebihna
(3) Imbuhan {ke- + -en}
Imbuhan {ke-+-en} uga sinebut rimbag adiguna. Konfiks kasebut
nduwe kabisan ndhapuk tembung aran. Menawa kasambung ing tembung
lingga bisa ngemu teges ‘banget <lingga> -e’. Rimbag adiguna bisa
kabagi dadi loro, yaiku: {ke- + -en/-nen}, lan {keN- + -en/ -nen}.
Tuladha:
(1) {ke- + wani + -en} = kewanien kewanen
(2) {ke- + abang + -en} = keabangen kabangen
(3) {ke- + kidul + -en} = kengidulen
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 20
Konfiks {ke-+-en} kang ana ing tembung kewanen, kabangen, lan
kengidulen iku nelakake teges banget anggone, yaiku anggone ‘wani,
‘abang’, lan ‘ngidul’.
(4) Imbuhan {paN- + -an}
Imbuhan {paN- + -an} rimbage kasebut karana wacaka, konfiks iku
nduwe kabisan ndhapuk tembung lingga dadi tembung aran. Imbuhan
{paN- + -an} ngemu teges: (1) Ngandhakake papan panggonan, (2)
Ngandhakake piranti/alat kanggo <kaya kang kasebut linggane>.
Tuladha:
(1) {pa- + -an} petungan = {pa- + itung + -an}
pawon = {pa- + awu + -an}
(2) {pam- + -an} pambibitan = {pam- + bibit + -an}
pamulangan = {pam- + wulang + -an}
(3) {pan- + -an} panitipan = {pan- + titip + -an}
padhelikan = {pan- + dhelik + -an}
(4) {pang- + -an} panggilingan = {pang- + giling + -an}
panggodhogan = {pang- + godhog + -an}
(5) {-pany + -an} panyukuran = {pany- + cukur + -an}
panyelupan = {pany- + celup + -an}
Konfiks {paN- + -an} kang ana ing tembung pawon, pambibitan,
pamulangan, panitipan, pandhelikan, panggilingan, panggodhogan,
panyukuran lan panyelupan iku ngemu teges papan panggonan, dene
petungan nduweni teges piranti kanggo ngetung.
(5) Imbuhan {paN- + (-e, -ne, -ku, -mu)}
Tuladha:
(1) Pasuwitane = pa- + suwita + -ane}
(2) Panulisane = pa- + nulis + -e}
(3) Pangarepe = pa- + arep + -e}
(4) Pamilihe = pa- + pilih + -e}
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 21
(5) Panemuku = pan- + temu + -ku}
(6) Panyuwunku = pany-+ suwun + -ku}
(7) Pamilihmu = pam- + pilih + -mu}
(8) Pangrasamu = pang-+ rasa + -mu}
(6) Imbuhan {pra- + -an}
Imbuhan {pra- + -an} kang rumaket ing tembung lingga nduwe
kabisan ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran, Imbuhan {pra-
+ -an} kang sumambung ing tembung lingga bisa mratelakake (a) papan
panggonan, (b) bab <lingga>, utawa (c) padha <lingga>.
Tuladha:
(1) Pratapan = {pra- + tapa + -an}
(2) Praawakan prawakan = {pra- + awak + -an}
(3) Prajanjen Prajanjian = {pra- + janji + -an}
Imbuhan {pra- + -an} kang ana ing tembung pratapan ngemu teges
papan panggonan kanggo tapa. Dene ing tembung prawakan ngemu teges
bab awak, lan kang ana ing tembung prajanjen ngemu teges ‘padha janji’
utawa bisa uga ‘bab janji’, gumantung marang konteks ukarane.
(7) Imbuhan {pra- + (-a, -e/-ne, -ku/-mu)}
Tuladha: (a) Prasetyaa = {pra- + setya + -a}
(b) Prajurite = {pra- + jurit + -e}
(c) Pratandhane = {pra- + tandha + -ne}
(d) Prakaraku = {pra- + kara + -ku}
(e) Prasetyaku = {pra- + setya + -ku}
(f) Prajuritmu = {pra- + jurit + -mu}
b) Imbuhan Bebarengan Renggang
Imbuhan bebarengan renggang yaiku imbuhan kang awujud ater-ater
lan panambang kang rumakete ing tembung lingga, kanthi cara ora
bebarengan, ananging kasambungake siji mbaka siji.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 22
Gambar 1. Rumaketing imbuhan bebarengan renggang
Imbuhan bebarengan renggang ana ing basa Jawa, yaiku: {N
(Anuswara)- + –i, -a, -ake, -ana, di-+ (-i, -a, -ake, -ana); -in + (-i, -ake, -
ana) sa-+ -e}.
(1) Imbuhan {N- (Anuswara) - + -i}
Imbuhan {N- + -i} kang rumaket ing tembung lingga, bakal ndhapuk
tembung kriya. Rimbage diarani rimbag tanduk i-kriya. Imbuhan iki
menawa sumambung ing tembung lingga bisa ngemu teges ‘nindakake
pakaryan’ utawa ‘nindakake pakaryan kanthi wola-wali (repetitif)’.
Tuladha: (1) {n- + thutuhul + -i} = Nuthuli
(2) {m- + wedi + -i} = Medeni
(3) {ny- + cukur + -i} = Nyukuri
(4) {ng- + kandha + -i} = Ngandhani
(2) Imbuhan {N- (Anuswara) - + -ake/-aken}
Imbuhan {N- + -ake/-aken} kang rumaket ing tembung lingga
nduwe kabisan ndhapuk tembung kriya tanduk (kata kerja aktif), sarta
ngemu teges: (a) kausatif (nganggo/ndadekake/njalari sawijining bab
angkat
ngangkat diangkat
ngangkati
ngangkatake diangkati diangkatake
gawa
nggawa digawa
nggawani nggawakake
(nggawakke) digawani digawakake
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 23
kaya kang kasebut ing linggane. (b) benefaktif (nindakake pakaryan kaya
kang kasebut ing linggane kanggo wong liya).
Tuladha : (1) {m- + pethik + -ake} = Methikake methikke
(2) {ny- + cangking + -ake} = Nyangkingake
(3) {n- + tiba + -ake} = Nibakake
(4) {ng-+ lebu + -ake} = Nglebokake
(3) Imbuhan {N– + -a/-ana}
Imbuhan {N- + -a/-ana} kang rumaket ana ing tembung lingga
bakal ndhapuk tembung kriya, lan ngemu teges: (a) pakon utawa akon
supaya A-<lingga> (imperatif), (b) sanadyan (kontradiktif).
Tuladha : (1) {m- + wulang + -a} = mulanga
(2) {n- + tangis + -a} = nangisa
(3) {ng- + karang + -a} = ngaranga
(4) {ny- + cuwil + -a} = nyuwila
Tuladha Ukara:
(1) Ndhagela Dhik, kareben swasanane tambah regeng lan acarane dadi
gayeng!
(Ndhagela = {n- + dhagel + -a}, ngemu teges pakon/akon supaya
ndhagel)
(2) Ndhagela wong dheweke lagi lara, mesthi wae arep ngguyu ya aras-
arasen.
(Ndhagela = {n- + dhagel + -a}, ngemu teges sanadyan ndhagel)
(4) Imbuhan {N- + -e/-ne}
Imbuhan {N- + -e/-ne} kang rumaket ana ing tembung lingga bisa
ndhapuk tembung aran, lan nduwe teges ‘anggone kaya kang kasebut
linggane’.
Tuladha : (1) {m- + pacak + -e} = macake
(2) {m- + pati + -ne} = matine
(3) {n- + tari + -e} = narine
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 24
(4) {ng-+ angkat + -e} = ngangkate
(5) {ny- + cekel + -e} = nyekele
(5) Imbuhan {di- + (-i/-ni)}
Imbuhan {di- + (-i/-ni)} nduwe kabisan ndhapuk tembung lingga
dadi tembung kriya tanggap. Imbuhan iki yen sumambung ing tembung
lingga bisa ngemu teges ‘nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing
linggane nganti makaping-kaping’.
Tuladha : (1) {di- + tali + -ni} = ditaleni
(2) {di- + wungkus + -i} = diwungkusi
(3) {di- + jawil + -i} = dijawili
(6) Imbuhan {di- + (-a/-ana)}
Imbuhan {di- + (-a/-ana)} kang rumaket ing tembung lingga bakal
ndhapuk tembung kriya tanggap lan nduwe teges sanadyan
(pertentangan). Menawa imbuhan {di- + -a} kang rumaket ing tembung
lingga nduwe teges ‘sanadyan nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing
linggane’. Dene menawa imbuhan {di- + -a} uga ngemu teges ‘sanadyan
nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane’ ananging nganti
wola-wali utawa ‘sanadyan di- <lingga>-i’.
Tuladha : (1) {di- + pethuk + -a} = dipethuka
(2) {di- + kumbah + -a} = dikumbaha
(3) {di- + wuruk + -ana} = diwurukana
(4) {di- + kandha + -ana} = dikandhanana
Tuladha Ukara:
(5) Dikumbaha klambi kuwi tetep ora bisa resik, amarga wis njamur.
(dikumbaha ngemu teges sanadyan)
(7) Imbuhan {di- + (-ke/-ake)}
Imbuhan {di- + (-ke/-ake)} kang rumaket ing tembung lingga bakal
ndhapuk tembung kriya tanggap lan nduwe teges ‘wong liya nindakake
pakaryan kanggo awake dhewe’.
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 25
Tuladha : (1) {di- + turu + -ake}= diturokake/diturokke
(2) {di- + lebu + -ake} = dilebokake/dilebokke
(3) {di- + kandha + -ake} = dikandhakake/ dikandhakke
(8) Imbuhan {in- + (-an/-ake (-ke)/-ana)}
Imbuhan {in- + (-an/-ake (-ke)/-ana)} kang rumaket ing tembung
lingga bakal ndhapuk tembung kriya tanggap lan nduwe teges kang
padha karo paganggone ater-ater {–di} lan panambang {–an /-ake/-ana}.
Tuladha : (1) {gambar + (in) –an} = ginambaran digambari
(2) {serat + (in) –an} = sineratan dipunserati
(3) {tulis + (in) –ake} = tinulisake ditulisake
(4) {susul + (in) –ake} = sinusulake disusulake
(5) {tangis + (in) –ana} = tinangisana ditangisana
(6) {sebut + (in) –ana} = sinebutana disebutan
(9) Imbuhan -um + (-a,-ipun)}
Imbuhan {-um- + (-a,-ipun)} kang rumaket ing tembung lingga
bakal ndhapuk tembung kriya tanduk (kata kerja aktif), lan nduwe teges:
pakon (akan supaa nindakake pakaryan kaya kang kasebut ing linggane).
Tuladha : (1) {singkir + (-um-) + -a} = sumingkira/ sumingkiripun
(2) {lebu + (-um) + -a} = lumebua
(3) {laku + (-um) + -a} = lumakua /lumakunipun
(10) Imbuhan {sa- + (-e/-ne,-ipun/-nipun)}
Imbuhan {sa- + (-e/-ne,-ipun/-nipun)} kang rumaket ing tembung
lingga bakal ndhapuk tembung tembung katrangan (adverbial), lan
ngemu teges: (1) ngati <lingga>, (2) karo/lan <lingga> -e, (3) padha karo
<lingga> -e.
Tuladha : (1) {sa- + rampung + -e} = sarampunge
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 26
(2) {sa- + suwe + -e} = sasuwene
(3) {sa- + isi + -e} = saisine
(4) {sa- + sirah + -e} = sasirahe
(5) {sa- + adhi + -e} = saadhine/saadhinipun
b. Rerangkeping Tembung (Reduplikasi)
Owah-owahan sawijining tembung dadi tembung liya, saliyane amarga
karaketan wuwuhan, uga bisa karana dirangkep (reduplikasi). Reduplikasi
yaiku proses rerangkeping tembung lingga (Mulyana, 2007: 42). Tembung
kang dirangkep iku bakal malih dadi tembung rangkep. Tembung rangkep ing
basa Jawa ana loro, yaiku tembung kang dumadine srana dirangkep linggane,
lan ana kang dirangkep wandane (Subalidinata, 1994:88). Dene tembung
kang dirangkep linggane sinebut dwilingga. Dwilingga ana loro, yaiku
dwilingga wantah (murni) lan dwilingga salin swara. Dene tembung kang
dumadine srana dirangkep wandane, menawa wanda ngarep sinebut
dwipurwa, lan wanda mburi dwiwasana.
1) Dwilingga wantah (murni)
Dwilingga wantah (murni) yaiku tembung lingga kang karangkep
utuh, ora ngalami owah-owahan swara. Tembung lingga kang dirangkep
iki, padatan ngemu teges: (1) akeh (pluralitas), (2) mbangetake surasa,
(3) sanadyan, (4) tansah, (5) bola-bali. Tuladha:
(1) Klambi-klambi sing wis ora dinggo kae luwih becik disumbangake
wae
(2) Bocah kae cilik-cilik nanging rak pinter
Tembung klambi sawise karangkep dadi klambi-klambi,
rerangkeping tembung iku ngemu teges akeh (pluralitas). Dene tembung
cilik sawise dirangkep dadi cilik-cilik ngemu teges sanadyan.
2) Dwilingga salin swara
Dwilingga salin swara yaiku tembung lingga kang karangkep mawa
owah-owahan swara. Tembung lingga kang kadhapuk dadi dwilingga
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 27
salin swara ngemu teges: (a) akeh (pluralitas), (b) bola-bali <lingga>, (c)
tansah <lingga> . Tuladha:
(1) Klambi iki kok mung dipepa-pepe wae, mundhak wernane luntur.
(2) Dheweke kuwi senang-seneng wae yen diajak dolan.
3) Dwipurwa
Dwipurwa yaiku tembung lingga kang wanda wiwitane dipunrangkep.
Dwipurwa nduweni kabisan ndhapuk tembung dadi tembung aran utawa
tembung kriya, sarta ngemu teges terus-terusan anggone <lingga>.
Tuladha:
(1) Lara lelara (4) reged rereged
(2) Gaman gegaman (5) buka bebuka
(3) Bungah bebungah
Dwipurwa uga bisa kawuwuhan panambang, kaya dene tuladha ngisor
iki:
(1) di- + lelara dilelara (3) tetenger + -an = tetengeran
(2) n- + dedawa ndedawa (4) wewadi + -ne = wewadine
4) Dwiwasana
Dwiwasana yaiku tembung lingga kang karangkep wanda wekasane.
Tembung lingga kang dirangkep wandane dadi dwiwasana bisa ngemu
teges ambal-ambalan. Tuladha:
(1) Cengenges linggane cenges
(2) Cekakak linggane cekak
(3) Pethentheng linggane pentheng
(4) Jegeges linggane jeges
5) Tembung Rangkep Mawa Imbuhan
Tembung rangkep uga bisa diwenehi ater-ater, seselan, sarta
panambang. Kaya tuladha ing ngisor iki.
(1) diremet-remet
(2) dilelara
(3) tulis tinulis
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 28
(4) udan-udanan
(5) lelungan
(6) bebungahe
Ing ngisor iki dakaturi maspadakake tuladha tembung rangkep kang
ana ing konteks wacana lagu, yaiku lagu langgam Jawa, Yen Ing Tawang
Ana Lintang
Tuladha tembung rangkep kang ana ing cakepan lagu kasebut.
(1) Janji-janji aku eling, Cah Ayu
Janji janji-janji (dwilingga wantah, jinis: tembung aran,
sawise dirangkep ngemu teges: akeh janji/pluralitas
(2) Lintang-lintang ngiwi-iwi Nimas,
Lintang-lintang (dwilingga wantah, jinis: tembung aran, sawise
dirangkep ngemu teges: akeh lintang/pluralitas
Ngiwi– iwi = {ng- + iwi–iwi} (dwiligga mawa ater-ater, jinis:
tembung kriya, ngemu teges nindakake pakaryan kanthi wola-
wali (berulang-ulang).
c. Tembung Camboran (Komposisi/Kompositum)
Owah-owahaning tembung dadi tembung liya uga bisa karana kacambor,
yaiku tembung loro utawa luwih kagandheng/kagabung dadi siji dadi
tembung anyar lan tembung mau uga nduwe teges kang melu anyar.
Tembung kang kacambor iku lumrah kasebut tembung camboran. Tembung
camboran ana loro, yaiku tembung camboran wutuh lan tembung camboran
tugel. Tembung camboran nduwe titikan: (a) Kadadeyan saka rong
tembung/luwih, (b) dadi tembung anyar lan maknane ana kang uga melu
anyar kabeh, (c) ora bisa diseseli tembung apa wae, (d) upama rinaketan
wuwuhan, tembung camboran mapan ana ngarep utawi buri.
1) Tembung Camboran Wutuh
https://www.youtube.com/watch?v=W1REZwCVqas
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 29
Tembung Camboran wutuh yaiku gabungan rong tembung utawa
luwih kang isih wutuh/ora diwancah. Sasangka (2011) mratelakake,
tembung camboran wutuh bisa kaperang dadi papat, yaiku:
(a) Tembung Camboran Kang Tegese Owah Kabeh
Yaiku gabungan saka rong tembung dadi tembung anyar lan
tegese tembung mau uga melu anyar, utawa teges kang anyar iku
wus ora bisa ditlesih saka teges tembung asale. Tuladha
(1) Araning panganan : randha royal (tape goreng), kuping gajah,
balung kethek, nagasari
(2) Araning kewan : lareangon (jinising ula)
(3) Wedhus gembel (awan panas saka gunung mbledhos)
(4) Kutut manggung (araning gendhing)
Saka tuladha (1) bisa dipirsani bilih tembung randha royal saka
tembung randha ‘wong wadon kang wus tininggal seda garwane’ lan
royal tegese ‘seneng blanja;, menawa kasambung dadi randha royal
nduwe teges tape goreng. Satemah bisa dikandhakake menawa teges
anyar iku mau ora ana gandheng cenenge babar pisan karo tembung –
tembung asale.
(b) Tembung Camboran Kang Tegese Spesifik
(1) wedhus kacang (wedhus kang ora bisa gedhe)
(2) sega kucing (sega wungkusan kang lawuhe bandeng lan
sambel)
(3) uler srengenge (jinising uler kang bisa nyebabake gatel lan
panas ing kulit)
(4) gedhang raja (jinising gedhang)
(c) Tembung Camboran Tegese Mbangetake
(5) Araning werna : ireng thuntheng (ireng banget), putih memplak
(putih banget), abang mbranang (abang banget)
(6) Araning bentuk: cilik menthik (cilik banget), bunder seser
(bunder banget),
(7) tumpuk undhung (tumpuk-tumpuk nganti akeh)
(d) Tembung Camboran Tegese Kiasan
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 30
dawa tangane, kuping wajan, kembang lambe, rai gedheg
Tembung kang uga kalebu bentuk camboran saliyane iku, yaiku:
Camboran saroja (tembung saroja), yaiku tembung camboran wutuh kang
tembung ngarepe nunggal teges karo tembung kang ana ing burine.
Tuladha : wadya - bala (wadya lan bala)
terang - tarwaca (terang lan tarwaca)
asih - tresna (asih lan tresna)
campur - aduk (campur lan aduk)
Tembung garba utawi sandi menika kalebet tembung camboran
tugelan
Tuladha: maharsi ( maha + resi )
dupyarsa ( dupi + arsa )
dhemenyar ( dhemen + anyar )
ratwagung ( ratu + agung )
sarwendah ( sarwa + endah )
P e p e n g e t:
(a) Tembung loro menawa dadi tembung garba, banjur tuwuh aksara y,
kawastan tembung garba / sandi sutraye.
dupi + antuk = dupyantuk
dupi + arsa = dupyarsa
(b) Menawa tembung garba kang mawi aksara W, diarani tembung garba /
sandi sutrawan
ratu + agung = ratwagung
tumuju + ing = tumujweng
2) Tembung Camboran Tugel
Tembung camboran tugel yaiku gabungan rong tembung utawa luwih,
kang tembunge ana kang diwancah.
Tuladha: (1) panastis (panas + atis),
(2) kakkong (tungkak + bokong),
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 31
(3) ginastel (legi + panas + kenthel).
(4) bangjo (abang + ijo)
4. Jinising Tembung
a. Tembung Aran (kata benda, nomina)
Tembung kang mratelakake jenenge barang, barang konkret apa dene
abstrak (Padmosoekotjo, 1986: 108). Dene miturut Poedjosoedarmo
(1979) ngandharake tembung aran yaiku tembung kang mandiri, ana ing
sajroning ukara ora gumantung tembung liya, upamane: manungsa, papan
panggonan, barang. (Mulyana, 2007: 51). Tembung aran nduweni titikan
sintaksis:
(1) Bisa sumambung karo tembung dudu utawa ana. Tuladha: dudu obat,
ana uwoh.
(2) Ora bisa sumambung karo tembung ora
(3) Bisa kawiwitan preposisi. Upamane: Ing sawah, saka omah, tumrap
kowe
(4) Bisa dadi jejer ing ukara. Tuladha: Komputer kuwi rusak (komputer
‘jejer’)
(5) Bisa dijembarake kanthi muwuhake tembung sing + tembung kaanan,
utawa sing + tembung kriya. Tuladha: patra sing seger, bocah sing
mlaku
Tuladha:
Tabel 2. Tuladha tembung aran
Tembung Aran katon (konkret) Tembung Aran tan katon (abstrak)
Meja, song-song, gendhis, lisah,
linggis, kalpika, blabag, porong
Ngelmu, kapinteran, swarga, neraka,
kasarasan, kabudayan
b. Tembung kriya (kata kerja, verba):
Tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe utawa
nelakake lumakuning kaanan (Sasangka, 2011: 110). Tembung kriya bisa
kabedakake dari loro, yaiku: kriya tanduk lan kriya tanggap.
1) Tembung Kriya tanduk
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 32
Tembung kriya kang nuntut jejer (subyek) minangka paraga kang
nindakake pakaryan. Tembung kriya tanduk asale saka tembung
lingga kawuwuhan ater-ater anuswara. Kriya tanduk ana loro, yaiku
mawa lisan lan tanpa lisan.
1. Kriya tanduk mawa lisan (verba transitif)
Tembung kriya kang mbutuhake ananing kateranan liya
kang awujud lesan (objek)
1). Ater-ater anuswara + tembung lingga + -ake
({m- + pethik + -ake} methikake)
2). Ater-ater anuswara + tembung lingga + -i
({n- + tunggu + -i} nunggoni)
2. Kriya tanduk tanpa lisan (verba intransitif)
Tembung kriya kang ora mbutuhake ananing lesan (objek).
Tembung iki padatan kadhapuk saka tembung lingga kang
sumambung ater-ater {anuswara N-, ma-, utawa mer-}. Tuladha:
mbledhos, nangis, maujud, merdhayoh.
Tuladha panganggoning tembung kriya tanduk liyane, bisa
katemokake ana ing sawijining wacana lagu Jawa, kang irah-irahane
Lumbung desa. Supaya langkung jelas, dakaturi nyemak lagu punika.
Cakepan/lirik tembangipun:
LUMBUNG DESA
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo Dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo Yu, padha maju yen wis rampung nuli adang
Ayo Kang, dha tumandang nosoh beras nata lumpang
https://www.youtube.com/watch?v=1JJQd1G7bqw
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 33
Menawa dijinggleng kanthi premati, tembung – tembung kriya
kang ana ing cakepan tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya
tanduk, yaiku jejer (subyek) minangka paraga kang nindakake
pakaryan. Akeh-akehe nggunakake ater-ater anuswara. Coba
waspadakna pangrimbage tembung kriya ing ngisor iki.
- Tembung kang oleh ater-ater anuswara:
(1) Makarya = {m- + pakarya}
(2) Njupuk = {n- + jupuk }
(3) Nata = {n- + tata}
(4) Nyandhak = {ny- + candhak}
(5) Nuli = {n- + tuli}
(6) Nosoh = {n- + sosoh}
- Tembung kang oleh seselan {–um-}
(1) Maju = {aju + -um-} umaju maju
(2) Tumandang = {tandang + -um-}
Saka udharan pangrimbage tembung, bisa dikandhakake dene
cakepan tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya tanduk,
amarga nggunakake ater-ater {anuswara N-} lan seselan {–um-}. Ater-
ater {anuswara N-} lan seselan {–um-} pancen nduwe kabisan ndhapuk
sawijining tembung lingga dadi tembung kriya tanduk.
2) Tembung Kriya Tanggap (Kata Kerja Pasif)
Tembung kriya kang jejere kapatrapan pakaryan utawa jejer
(subyek) dadi sasaran (penderita). Tembung iki kadhapuk saka
tembung lingga kapatrapan ater-ater tripurusa, ka-/ke-, seselan –in-,
panambang –ake. Tuladha: ditulis, katulis, tinulis, tulisake.
c. Tembung kaanan (kata sifat, adjektiva)
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 34
Tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining
barang utawa bab (Sasangka, 2011: 114). Tembung kaanan miturut
Wedhawati (2006: 181) nduweni ciri sintaksis:
(1) Bisa sumambung karo tembung dhewe, paling, luwih, banget, utawa
rada. Tuladha: bagus dhewe, paling anteng, luwih seneng, loma
banget, rada clingus.
(2) Bisa ngisi fungsi predikat ing tataran ukara.
Tuladha: Pendhidhikan iku penting tumrap para generasi mudha.
d. Tembung katrangan (kata keterangan, adverbia)
Tembung kang aweh katerangan tumrap tembung liya. Tembung
katerangan bisa nerangake tembung aran, kriya, kaanan, wilangan, lan
tembung katerangan iku dhewe (Sasangka, 2011: 116). Tuladha: arep,
durung, uwis, lagi, ora, dudu, meh, rada, wae.
e. Tembung sesulih (kata ganti, pronomina)
Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka
sesulihing uwong, barang, utawa apa wae kang dianggep barang
(Sasangka, 2011: 119). Tembung sesulih ana 6 jinis, yaiku:
1) Sesulih purusa (kanggo nyulihi uwong)
Sesulih Purusa Tunggal Jamak
Utama Purusa Aku, kula, dalem,
ingsun
Kawula, kita
Madyama Purusa Kowe, sampeyan,
jenengan, ndika,
samang, slira, sira
Pratama Purusa Dheweke, dhekne,
piyambake,
piyambakipun
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 35
2) Sesulih pandarbe (kata ganti empunya), tuladha: -ku, -mu, -e/-ne.
3) Sesulih panuduh
a) Panuduh lumrah, tuladha: iki, ika, niku, nika, punika (menika), anu.
b) Panuduh Papan, tuladha: kene, kana, kono, ngrika, ngiriki.
c) Panuduh Sawijining bab, tuladha: ngene, ngono, ngana, makaten.
4) Sesulih Pitakon. Tuladha: apa, sapa, endi, kepriye, geneya.
5) Sesulih Panyilah. Tuladha: kang, sing, ingkang.
6) Sesulih Sadhengah. Tuladha: apa-apa, sapa-sapa, kabeh, apa wae,
sawijining.
f. Tembung wilangan (kata bilangan, numeralia):
1) Wilangan babon. Tuladha: siji, loro, sewelas, selikur, satus, seket,
sedaya
2) Wilangan susun. Tuladha: kapisan, kapindho, katelu, kaping
sekawan
3) Wilangan pecahan. Tuladha: seprapat, telungprapat, karotengah,
sejinah, sewindu.
g. Tembung Panggandheng (kata penghubung, konjungsi)
Tembung kang dadi panggandhenge tembung karo tembung, frasa karo
frasa, klausa lan klausa, sarta klausa lan ukara majemuk.
1) Tembung panggandheng ukara majemuk sejajar
Tuladha: lan, sarta, dalah, tuwin, miwah, utawa, karo, apadene.
2) Tembung panggandheng ukara majemuk susun
Tuladha: jalaran, yen, sebab, karana, amarga, lajeng, banjur, supados,
saengga.
h. Tembung Ancer- Ancer (kata depan/preposisi)
Tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri, papan utawa tembung
aran (Sasangka, 2011: 136). Tembung ancer-ancer mapane ana ngarep
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 36
tembung aran utawa tembung sifat. Tuladha: ing, saka, dhateng, nyang,
marang, nganti, saking, menyang, kanthi.
Tuladha ukara:
(1) Dheweke lagi wae mulih nglembara saka Surabaya.
(2) Mangga kula aturi ameng-ameng dhateng alun-alun.
i. Tembung Panyilah (kata sandang)
Tembung panyilah yaiku tembung kang kanggo nyilahake barang,
patrap, utawa sawijining bab (Sasangaka, 2011:137). Tembung iki padatan
manggon ing sakiwane tembung kang disilahi. Tuladha: si, sang, kang,
ingkang, para, sing.
Tuladha ing ukara:
(1) Si bothak iku saiki wis lunga menyang desa.
(2) Punapa ingkang rama sakpunika sampun tindak kaji?
j. Tembung Panyeru (Kata seru/interjeksi)
Tembung kang nggambarake rasa, yaiku antarane: rasa seneng, kaget,
kuciwa, rasa susah, lan rasa gumun. Tuladha: adhuh, ah, eh, nah, wah,
iyung, oalah.
(1) Adhuh biyung, larane sikilku!
(2) Wah elok tenan gambaranmu, persis kaya asline!
[MODUL 1 PARAMASASTRA|KB-2 WIDYA TEMBUNG BASA JAWA]
| Favorita Kurwidaria, S.S., M.Hum 37
KAPUSTAKAN
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud
Poerwadarminto. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Djakarta: J.B. Wolters
Uitgevers Maatshappij NV.
Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama
Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta:
Yayasan Paramalingua.
Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogykarta: Yayasan Pustaka
Nusatama
Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan
Sastra Daerah FSSR UNS
Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.