Wayang Jawa

12
ARJUNA Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku sawijining paraga sajroning wiracarita Mahabharata. Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing angka telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi Nakula (Pinten) lan Sadewa (TangsenA). Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih Rata). Dasanamané Arjuna,

Transcript of Wayang Jawa

Page 1: Wayang Jawa

ARJUNA

Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku sawijining paraga sajroning wiracarita Mahabharata.

Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan

Dèwi Kunthi sing angka telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah

Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira) lan

Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi Nakula

(Pinten) lan Sadewa (TangsenA). Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa, saka

linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa

iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné

putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji

panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta

wekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi

Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra.

Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih Rata).

Dasanamané Arjuna,

Begawan Ciptaning gagrag Yogyakarta

Janaka

Kiritin/Walikithi

Parta

Pritaputra

Permadi/Pamade

Dananjaya

Page 2: Wayang Jawa

Kumbalyali (ing padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)

Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)

Pandusiwi/Pandhuputra

Indratanaya

Jahnawi

Palguna

Danasmara

Margana

Gudhakesa

Wibatsuh

Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)

Sifat Arjuna

Wayang saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa. Ing cariyos

Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang nggadhahi sipat ingkang ala lan becik.

Ingkang becik inggih menika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih menika

golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa menika Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan

Sahadéwa. Nanging Pandhawa ugi nggadahi sipat ingkang kir ang becik, kadosta Arjuna.

Arjuna menika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna menika

kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona.

Kasilipun merguru kaliyan Drona menika Arjuna dados kesatria ingkang pinter manah

lan nggadhahi sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri

sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.

Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna nate ngukum diri ngantos

10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging

Jagad. Ananging, piyambakipun ugi nggadhahi sipat ingkang boten becik. Upaminipun

inggih menika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter anggenipun

manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.

Lelanang ing Jagad

Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu,

anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga pirang-pirang

turta bagus-bagus, umpamané :

Dèwi Sumbadra, peputra Abimanyu

Dèwi Larasati/Rarasati, peputra Sumitra lan Brantalaras.

Page 3: Wayang Jawa

Dèwi Srikandhi.

Dèwi Ulupi/Palupi, Irawan

Dèwi Jimambang, anaké Begawan Wilwuk.\/Wilawuk ing pertapan Pringcendhani

peputra Kumaladéwa lan Kumalasekti.

Dèwi Manuhara, anaké Begawan Sidanggana ing Andhongsekhar peputra

Pregiwa lan Pregiwati

Dèwi Dresanala,putrané Bathara Brama, peputra Wisanggeni.

Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.

Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.

Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing negara Mertani), peputra Bambang

Wijanarka.

Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang

liya, yaiku Banowati. Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji

karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.

Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen

gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-

undhuhané uga kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus

lan ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.

Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung

ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna

uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7

dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing

Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi

nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yaiku Prabu Niwatakawaca, ratu buta

saka negara Manik Ima-Imantaka.

Aji-aji

Arjuna iku ndarbèni enem aji-aji, yaiku:

Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.

Tunggengmaya = bisa gawé banyu.

Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.

Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.

Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.

Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.

Page 4: Wayang Jawa

Gaman

Pecut Kyai Pamuk

Panah Pasopati

Panah Harya Sangkali

Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali

Ali-ali Mustika Ampal

Trompet Dewadata

Keris Pulanggeni

Brahmasira/Agniyastra

Panah Merdaging

Panah Mercujiwa

Sarotama

Keris Kyai Kalanadhah

Busur Kyai Gendhewa

Pungkasan Crita

Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati,

merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-

mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan

tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning

paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging

putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing

Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh

bojoné dipatèni déning Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané

munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.

Page 5: Wayang Jawa

NakulaNakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake

dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku

sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo

obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan

amarga tinitisan Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki

salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang

jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan

Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim.

Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan

kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.

Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur

kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone

putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan

mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden

narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing

Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika

isih padha cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen.

Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge,

Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya sakloron kuwi titise

dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku klebu

sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan

satriya lima kasebut kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget

marang para kadhang sepuhe, senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan

Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.

Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji senopati

Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure nyarirani pribadi dadi

senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata

Astina. Nalika mireng yen kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa

padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur

dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api

nyuwun dipateni wae. Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah

banjur atine rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm)

kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang,

yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi

Page 6: Wayang Jawa

kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna

asih tanprabedha karo anake dhewe.

Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa kuwi

ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu

Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane merga

saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal

suwara yen babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya

Prabu Puntadewa.

Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya

sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya

nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora

kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha

disawat pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa

ing Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi

Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang

Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang

Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga

Ruwat, dicritakake yen akhire sawise klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa

palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka

pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati.

Yen pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu

Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.

Page 7: Wayang Jawa

SadéwaSadéwa utawa Sahadéwa (Sangskreta Sahadeva) iku sawijining paraga wiracarita

Mahabharata. Nalika cilik jenengé Tangsen. Dhèwèké salah sawijining Pandhawa.

Tangsen iki jenengé wit-witan kang godhongé bisa digawé obat. Kaya déné sedulur

kembaré, Nakula. Satriya kang manggon ing Bumiretawu iki kondhang amarga lantip ing

prekara obat-obatan. Wiwit isih bayi, Nakula lan

Sadewa wis dadi bocah lola, tanpa rama lan ibu.

Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, déwané tabib

kang kembar karo Bathara Aswi. Bareng karo Nakula,

Sadéwa tansah ngiring Yudhistira ing kraton Amarta.

Ing sawetara crita wayang, Sadéwa lantip ing sasmita.

Umpama Kresna ora ana, Sadéwa kang sulih golèk

upaya. Nalika mboyong Dèwi Srengginiwati seka

Gisiksamodra, Sadéwa kang bisa mbabar sayembara

ngenani “sejatining lanang, sejatining wadon.”

Jejodhoan iki nurunké putra Widapaksa utawa

Sidapaksa.

Ing lakon liyané, Sudamala, Sadéwa kang bisa

ngruwat Bathari Uma bali manèh dadi ayu. Ing

gagrag India, Sahadéva iku pinter pedhang. Ing Bharatayudha, Sahadéva kang bisa

ngalahaké lan matèni Shakuni (ing Jawa dadi Sangkuni). Ing crita pedhalangan, Sangkuni

dipatèni déning Bima.

Ing lakon “Babad Alas Mretani” Sadéwa entuk aji Purnamajadi seka Ditya Sapulebu. Aji

iki bisa gawé wong sing nduwé éling apa waé kang wis kalakon lan ngerti apa kang

kedadèn

Page 8: Wayang Jawa

Bima (paraga Mahabharata)Bima (basa Sangskerta: भी�म, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa.

Lairé Bima

Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih laro nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing

mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping.

Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké kawujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Ngastina, nanging sakwisé ditundhung déning Kurawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuak lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

Dasanama

Bayusuta : putrané Bathara Bayu Ballawa : gedhé dhuwur Bratasena : keturunan Barata kang prakosa Bhima : ngéndab-édabi (Mahabharata) Birawa : gedhé lan medèni Dandunwacana: teguh Nagata : nyata Kowara : kondhang Sena : prakosa Werkodara/Werkudara Wijasena Pandhusiwi. Kusumayuda Kusumadilaga Gandhawastratmaja

Anak Bojo

Bojone telu (gagrag Jogjakarta), yaiku :

Page 9: Wayang Jawa

Dèwi Nagagini, nduwé anak jenengé Antareja. Dèwi Arimbi, nduwé anak jenengé Gathotkaca. Dèwi Urangayu, nduwé anak jenengé Antasena.

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prajurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut.

Kasektèn

Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin).

Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip.

Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.