Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

5
UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320 PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140 Email : [email protected] Website : www.crownbrain.com UNTUNG SURAPATI Perange bangsa pribumi karo penjajah Walanda kang uga diarani Kompeni. Awit jaman semana wadya bala Walanda yaiku kompeni tentarane VOC. Ora mung ing tanah Jawa wae sing perang nanging ing Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, Bali, lan Madura ya padha ora seneng marang tingkah lakune bangsa kompeni. Putra putra pribumi padha mbalela marang kompeni sing sipate dur angkara murka ing tanah jajahan. Silsilahe Surapati dhewe ya ora pathi ceta. Dheweke iku putra sapa? Asal usule saka ngendi? Nganti saiki durung bisa kawiyak. Nanging sing jelas Untung Suraparti iku putra pertiwi kang wis labuh labet kanggo bangsane. Asok darma bekti, nglungguhi jejere satriya yaiku wani ing bebener, njejegake kang adil, seneng tetulung, lan mbirat kang luput. Manut critane Untung Surapati iku bocah saka Bali. Ditemu dening kompeni kang lagi plesiran ing Bali, banjur digawa menyang Betawi. Dheweke dadi batur tukon [budak belian]. Ana kana bareng wis gedhe dhweke disenengi putrane Kapten Adeleer Moor kang aran Susana. Kapten Moor ora seneng banjur dheweke dikunjara. Ana ing njero pakunjaran tansah dipulasara, semono uga wong wong liyane ing pakunjaran. Mulane kabeh padha mbudidaya suoaya bisa oncat saka pakunjaran. Klakon bisa metu saka pakunjaran Untung Surapati mimpin wong - wong ngajak nyerang kompeni, Untung dicekel kompeni. Untung Surapati diarih arih supaya gelem dadi tentara kompeni kanthi pangkat Letnan. Katone kepenak nanging batine kesiksa amarga tugase mung mungsuhi bangsane dhewe saben dina. Rumangsa diadu kumba [adu domba] dheweke lan pasukane mbalik mbalela marang Walanda, kompeni diserang. Walanda disingkirake. Saka dhawuhe Sultan ing Mataram, Untung Surapati supaya ngedegake kraton ing Pasuruan Jawa Wetan. Tahun 1706 kraton pasuruan diserang dening kompeni. Untung Surapati seda ing palagan. I. Wangsulana ptakon pitakon ing ngisor iki ! 1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur? ............................................................................................................................... 2. Sapa sing njajah bangsa pribumi? ............................................................................................................................... 3. Kepriye sipate Kompeni kuwi? ............................................................................................................................... 4. Geneya wong wong ing pakunjaran kabeh padha mbudidaya supaya bisa oncatsaka pakunjaran? ............................................................................................................................... 5. Ing ngendi Sultan Mataram paring dhawuh supaya Untung Surapati ngedegake kraton? ............................................................................................................................... II. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulana sing paling bener ! 6. Untung Surapati mbirat kang luput. Tembung mbirat tegese . . . . a. Numpes b. Seneng c. Tetulung d. Mbudidaya 7. Ukara ing ngisor iki sing kelebu ukara andharan [tak langsung] yaiku . . . . a. Wahyu kandha, “Aku arep tuku jajan.” b. “Aku kepingin mlaku – mlaku, “Kandhane Suradi. c. Aris kandha yen dweke sesuk ora melbu sekolah. d. Ibu takon, “ Apa bukumu wis kogoleki, Wan?” 8. Nalika ana banjir wong sekampung . . . . padha ngungsi ana ing liya desa. a. Numpes b. Dhelik c. Bangjo d. Perko 9. Sing kelebu ukara tanduk yaiku . . . . a. Martono dikancani bulik. c. Sepedhaku digawa Surana b. Suradi numpak sepedha balap d. Bukuku apa kosilih? NAMA : MATA PELAJARAN : B. Jawa HARI / TGL : KET : KELAS/SEKOLAH : VI WAKTU : NILAI :

Transcript of Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

Page 1: Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320

PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140

Email : [email protected]

Website : www.crownbrain.com

UNTUNG SURAPATI

Perange bangsa pribumi karo penjajah Walanda kang uga diarani Kompeni. Awit

jaman semana wadya bala Walanda yaiku kompeni tentarane VOC. Ora mung ing tanah Jawa

wae sing perang nanging ing Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, Bali, lan Madura ya padha ora

seneng marang tingkah lakune bangsa kompeni. Putra – putra pribumi padha mbalela marang

kompeni sing sipate dur angkara murka ing tanah jajahan.

Silsilahe Surapati dhewe ya ora pathi ceta. Dheweke iku putra sapa? Asal – usule

saka ngendi? Nganti saiki durung bisa kawiyak. Nanging sing jelas Untung Suraparti iku

putra pertiwi kang wis labuh labet kanggo bangsane. Asok darma bekti, nglungguhi jejere

satriya yaiku wani ing bebener, njejegake kang adil, seneng tetulung, lan mbirat kang luput.

Manut critane Untung Surapati iku bocah saka Bali. Ditemu dening kompeni kang

lagi plesiran ing Bali, banjur digawa menyang Betawi. Dheweke dadi batur tukon [budak

belian]. Ana kana bareng wis gedhe dhweke disenengi putrane Kapten Adeleer Moor kang

aran Susana. Kapten Moor ora seneng banjur dheweke dikunjara.

Ana ing njero pakunjaran tansah dipulasara, semono uga wong – wong liyane ing

pakunjaran. Mulane kabeh padha mbudidaya suoaya bisa oncat saka pakunjaran. Klakon bisa

metu saka pakunjaran Untung Surapati mimpin wong - wong ngajak nyerang kompeni,

Untung dicekel kompeni.

Untung Surapati diarih – arih supaya gelem dadi tentara kompeni kanthi pangkat

Letnan. Katone kepenak nanging batine kesiksa amarga tugase mung mungsuhi bangsane

dhewe saben dina. Rumangsa diadu kumba [adu domba] dheweke lan pasukane mbalik

mbalela marang Walanda, kompeni diserang. Walanda disingkirake.

Saka dhawuhe Sultan ing Mataram, Untung Surapati supaya ngedegake kraton ing

Pasuruan Jawa Wetan. Tahun 1706 kraton pasuruan diserang dening kompeni. Untung

Surapati seda ing palagan.

I. Wangsulana ptakon – pitakon ing ngisor iki !

1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?

...............................................................................................................................

2. Sapa sing njajah bangsa pribumi?

...............................................................................................................................

3. Kepriye sipate Kompeni kuwi?

...............................................................................................................................

4. Geneya wong – wong ing pakunjaran kabeh padha mbudidaya supaya bisa

oncatsaka pakunjaran?

...............................................................................................................................

5. Ing ngendi Sultan Mataram paring dhawuh supaya Untung Surapati ngedegake

kraton?

...............................................................................................................................

II. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulana

sing paling bener !

6. Untung Surapati mbirat kang luput.

Tembung mbirat tegese . . . .

a. Numpes b. Seneng c. Tetulung d. Mbudidaya

7. Ukara ing ngisor iki sing kelebu ukara andharan [tak langsung] yaiku . . . .

a. Wahyu kandha, “Aku arep tuku jajan.”

b. “Aku kepingin mlaku – mlaku, “Kandhane Suradi.

c. Aris kandha yen dweke sesuk ora melbu sekolah.

d. Ibu takon, “ Apa bukumu wis kogoleki, Wan?”

8. Nalika ana banjir wong sekampung . . . . padha ngungsi ana ing liya desa.

a. Numpes b. Dhelik c. Bangjo d. Perko

9. Sing kelebu ukara tanduk yaiku . . . .

a. Martono dikancani bulik. c. Sepedhaku digawa Surana

b. Suradi numpak sepedha balap d. Bukuku apa kosilih?

NAMA : MATA PELAJARAN : B. Jawa HARI / TGL : KET :

KELAS/SEKOLAH : VI WAKTU : NILAI :

Page 2: Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320

PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140

Email : [email protected]

Website : www.crownbrain.com

10. Nuju sawijining dina Kancil mlaku – mlaku nganti mlebu ing kebone Pak Tani.

Kahanan sing nyenengake banget, Kancil nganti ngiler ndeleng tandurane Pak

Tani arupa kebon timun sing wis nguwoh gedhe – gedhe lan katon seger –

seger. Sakala metu sipat serakahe Kancil. Tanpa rumangsa yen ora melu

nandur, Kancil mangan timune Pak Tani.

Sing dicritakake pethikan dongeng ing dhuwur yaiku . . . .

a. Pak Tani c. Kebon timun

b. Kancil nyolong timun d. Sipat serakah

11. Satriya pandhawa sing nomer siji yaiku . . . .

a. Janaka b. Puntadewa c. Arjuna d. Werkudara

12. Kesatriyane Raden Arjuna yaiku . . . .

a. Mandhangkara c. Angkara murka

b. Madukara d. Angkara

13. Sing kelebu cangkriman wancah yaiku . . . .

a. Pitik walik saba kebon.

b. Sega sakepel dirubung tinggi.

c. Burnas kopen.

d. Dikethok malah dhuwur.

14. Ana tulisan Arab, “macane’ saka ngendi.

Batangane cangkriman yaiku . . . .

a. Saka kiwa c. Saka ngisor

b. Saka tengen d. Saka alas

15. Kkkk yen ditulis latin yaiku . . . .

a. Umurmu padha aku c. Umurmu wis pira

b. Umurku sepuluh tahun d. Umurmu pirang tahun

16. Bapak negor wit gedhang nganggo kapak

Lesane ukara yaiku . . . .

a. Bapak b. Negor c. Wit gedhang d. Nganggo kapak

17. Bu guru ndawuhi aku supaya sregep sinau

Ukara mau yen diowahi dadi ukara kandha sing bener yaiku . . . .

a. Bu Guru dhawuh, “ Aku sing sregep sinau.”

b. Bu Guru dhawuh, “Kowe sing sregep sinau.”

c. Bu Guru dhawuh, “Murid – murid kudu sregep sinau.”

d. Bu Guru dhawyh, “Supaya aku sregep sinau.”

18. Kowe saiki wis kelas enaem . . . . tanduke kudu bisa dadi tuladha.

a. Tindak b. Laku c. Polah d. Tingkah

19. Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”

Arif : “ . . . Bu, benjing dinten Setu ngajeng.”

a. Sida b. Siyos c. Melu d. Tumut

20. Bapak mau wis turu apa durung?

Ukara mau yen didadekake basa krama alus sing bener yaiku . . . .

a. Bapak wau pun sare napa dereng?

b. Bapak kalawau sampun sare punapa dereng?

c. Bapak wau sampun tilem punapa dereng?

d. Bapak kalawau pun tilen napa dereng?

21. Pak muji kalawau dalu . . . jamu pegel linu.

a. Ngombe b. Nginum c. Ngglogok d. Nganjuk

22. Sing kelebu tembang macapat yaiku . . . .

a. Caping Gunung, Pucung

b. Caping gunung, blitar

c. Pucang, Knanthi

d. Kinanthi, Prau Layar

23. Saben sapada tembang kinanthi dumadi saka . . . . gatra

a. 4 b. 5 c. 6 d. 7

24. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani . . . .

a. Guru gatra c. Guru sastra

b. Guru lagu d. Guru wilangan

Page 3: Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320

PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140

Email : [email protected]

Website : www.crownbrain.com

25. Sadamuk bathuk sanyari . . . .

a. Banyu b. Srengenge c. Bulan d. Bumi

26. Asu gedhe menang kerahe, tegese . . . .

a. Wong kang dhuwur pangkate luwih gedhe panguwasane

b. Pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane

c. Manut grubyuk ora ngerti karepe

d. Wong duwe niyat ala oleh dalan.

27. Kanca – kanca nyambangi aku ing rumah sakit. Ukara tanggap sing bener yaiku

. . . .

a. Aku disambangi kanca – kanca ing rumah sakit

b. Aku nyambangi kanca – kanca ing rumah sakit

c. Kanca –kanca dak sambangi ing rumah sakit

d. Kanca – kanca ing rumah sakit disambangi aku

28. Indonesia merdeka tahun 1945. 1945 yen ditulis nganggo aksara jawa sing

bener . . . .

a. b. c. d.

29. Ukara ing ngisor iki sing mawa tatanan J – W – I – K yaiku ....

a. Mau esuk ibu tindak pasar

b. Budhe karo eyang lagi masak

c. Adhik diutus bapak mundhut rokok

d. Tanti nulis layang wingi sore

30. Anak gajah arane . . . .

a. Belo b. Minthi c. Genjik d. Bledug

31. Lele duwe gaman yaiku . . . .

a. Entup b. Patil c. Wisa d. Siyung

32. Senjatane cakra gamane . . . .

a. Prabu kresna c. Pandudhewanata

b. Prabu Puntadewa d. Rama Wijaya

33. Ing crito wayang kurawa iku cacahe ana . . . .

a. 10 b. 50 c. 100 d. 200

34. Tarmuji iku bocah kesed. Saben dina senengane mung dolan wae. Ora gelem

sinau babar pisan. Bijine ing raport ala banget, mulane Tarmuji ora munggah

kelas. Gagasan itama paragraf mau yaiku . . . .

a. Bocah kesed c. Seneng dolanan

b. Bijine ala d. Ora munggah kelas

35. Tembang macapat sing awujud cangkriman yaiku tembang . . . .

a. Sinom c. Pucung

b. Asmaradana d. Dhandhang gula

III. Titik – titik ing ngisor iki isenana nganggo tembung sing mathuk !

36. Tembung garba tumibeng asale saka tembung . . . . + . . . .

37. Adhine dhuwur nanging kangmase . . . .

38. Bung karno iku pemimpin sing kondhang . . . .

39. Kitab Mahabaratakuwi caritane kurawa lan . . . .

40. Bapak pucung dudu watu dudu gunung

Asal saka Plembang

Ngon – ingone sang Bupati

Yen lumampah si pucung lembehan . . . .

41. Wong asor dadi mulya diparibahasake kere munggah . . . .

42. Isi semangka arane . . . .

43. Siti nggambar kembang nganggo krayon.

Ukara mau sing mratelakake katrangan piranti yaiku . . . .

44. Mas Aris kuwi pancen dhegus. Tembung camboran dhegus asale saka tembung

. . . . lan . . . .

45. Manut unggah – ugguhing basa antarane murid karo guru kudu nganggo basa .

. . .

Page 4: Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320

PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140

Email : [email protected]

Website : www.crownbrain.com

IV. Garapen manut prenthae !

46. Owahana nganggo basa ngoko!

Bu Guru nyekar dhandhang gula wonten ngajeng kelas.

................................................................................................................................

................................................................................................................................

.............................................................................................................................

47. Aranana tembung camboran tugel [wancah] 3 wae!

................................................................................................................................

................................................................................................................................

.............................................................................................................................

48. Ukara iki udhalen kanthi pola J – W – L – K !

Dina Minggu Mas Huda tuku sepatu.

................................................................................................................................

................................................................................................................................

.............................................................................................................................

49. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Bocor malah kebak

................................................................................................................................

..............................................................................................................................

50. Anoman malumpat sampun

Prapteng witing nagasari

Mulat mangandhap katingal

Wanudyayu kuru aking

Gelung rusak wor lan kisma

Kaiga – iga kaeksi

Tembang kinanthi ing dhuwur golekna guru wilangan lan guru lagune gatra

ketelu!

................................................................................................................................

................................................................................................................................

................................................................................................................................

............................................................................................................................

Page 5: Uas bahasa-jawa-kelas-6-smt-1-11-12

UAS SMT 1 2011-2012 Jl. TARUNA VII BLOK AA-13 TAMAN SDA Teip. (031) 855 3832 / 7780 6878 / 0896 7579 9320

PURI SURYA JAYA TMN NAGOYA GRAND E1-24 SDA Telp 031 7068 9758 / 0857 3345 3140

Email : [email protected]

Website : www.crownbrain.com

Jawaban :

6. A

7. C

8. B

9. B

10. B

11. B

12. B

13. C

14. D

15. D

16. C

17. B

18. A

19. B

20. B

21. D

22. C

23. C

24. B

25. D

26. A

27. A

28. A

29. D

30. D

31. B

32. A

33. C

34. A

35. C

Isisan :

36.

37. endhek

38. tegese

39. Pandhawa

40. Grana

41. derajate

42. Kuwaci

43. Nganggo Krayon

44. Gedhe lan Bagus

45. Krama inggil

Uraian :

46. Ibu guru nembang dhandang gula ing ngarep kelas.

47. – Bangjo :Abang lan Ijo

- dhelik : gedhe lan chilik

- lunglit : balung lan kulit

48. Dino minggu ; K

Mas Huda : J

Tuku : W

Sepatu : L

49.

50.