tuladha_sesorah_nguri

download tuladha_sesorah_nguri

of 9

Transcript of tuladha_sesorah_nguri

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    1/9

    TULADHA SESORAH NGURI-URI BASA JAWA

    Assalamualaikum wr.wb.

    Nuwun,ingkang kinurmatan Bapak Iskandar.Ingkang kinurmatan Ibu TriwikDamarjati,saha para kanca ingkang kula tresnani.

    Para lenggah,mangga kula panjenengan sami langkung rumiyin ngaturaken

    gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Mirahawit paring-Ipun rahmat saengga ing titi wanci menika kula panjenengan sami saged

    pepanggihan ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

    Enjing/Siyang menika kula badhe matur sapala bab nguri-uri Basa Jawa.

    Basa Jawa inggih menika salah satunggalipun 700-an basa wonten ingIndonesia.Indonesia kagungan basa daerah paling kathah nomer 2 sasampunipun

    Papua Nugini.Icalipun basa dipunsebabaken dereng wontenipin tradisi nulis utawi

    nyerat saengga saged damel curesipun peradaban basanipun manungsa ingkang nate

    gesang wonten alam donya.Saengga UNESCO ngedalaken resolusi nomer 54 lan 99ngengingi pamrayoginipun migunaaken basa ibu wonten ing madyaning pawiyatan.

    Sagung para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami.Sampundipunwontenaken panaliten dening para lebda sujana bilih Indonesia kagungan 735

    basa daerah.Kanthi jlentrehanipun 83 basa daerah taksih wilujeng inggih menika

    langkung saking100.000 tiyang ingkang migunaaken basa daerah menika.Wonten637 basa daerah ingkang ngrekaos ngrembakanipun utawi setengah mati langkung-

    langkung kanthi katrangan 32 jinisipun sampun badhe cures amargi namung

    nggadhahi 1 dumugi 50 tiyang ingkang taksih migunaaken basa daerah

    menika.Lajeng 3 basa daerah dipunaturaken sampun cures utawi musna.Sagung para rawuh ingkang tansah nyengkuyung ngrembakanipun basa Jawa

    ingkang hambeg sinudarsana.Kawula badhe ngaturaken magepokan kaliyan aturkawula kala wau ngengingi basa daerah kanthi ngempalaken seratan-seratan parawinasis ing sumber-sumber pustaka ingkang sampun damel panaliten.

    1. Ingkang sepisan basa daerah menika saged cures amargi ingkang migunaaken

    basa menika namung sekedhik,winates ingkang migunaaken,strukturipunprasaja sarta namung winates ing ragam basa lisan.Telasipun ingkang

    migunaaken basa daerah kasebab saged damel icalipun basa menika lan

    peradaban masyarakat panyengkuyungipun.

    2. Mortalitas langkung inggil katimbang fertilitas.Amargi gizi awon,sakitnular,inggilipun ibu saha bayi ingkang seda nalikanipun babaran,leladosipun

    ingkang kawogan bab kesehatan,kesarasan masyarakat kirang mentok utawi

    optimal,bebendu utawi bencana alam,perang suku lan sapanunggalanipun.3. Ngrembakanipun kemajengan informasi wonten ing era globalisasi

    nyebabaken geseripun budaya.Saengga kathah para siswa ingkang nglanggar

    aturan,tumindak kanthi kekerasan,mboten ngaosi guru,adat istiadat.Sopan-santun,unggah-ungguh,raos ngaosi saha ngeman dhumateng kabudayanipun

    piyambak kirang saengga kicalan ruh budaya.Menawi tiyang Jawi

    maturWong Jawa Ilang Jawane.

    4. Para siswa ing tlatah Jawa kathah ingkang nggadhahi pemanggih bilih basaJawa menika Tidak Elit dan Sulit,mboten damel bombong ketingal asalipun

    saking dhusun saha angel anggenipun ngecaaken.

    Para lenggah ingkang kula kurmati.Menawi kawula kepareng maturlelampahanipun basa daerah khususipun basa Jawa supados mboten Jalan

    Ditempat utawi pancet,ajeg kemawon menawi mriksani ngrembakanipun

    teknologi informasi ingkang saged damel werni utawi corak sanes tumrapipungesangipun basa Jawa.Basa Jawa wonten era transformasi menika sageda

    dados filter,saringan saking penetrasi nilai enggal ingkang boten trep kaliyan

    nilai lami utawi konvesional sageda milah-milah,nyeleksi arus globalisasiingkang mboten trep kadosta

    materialistis,pragmatis,hedonik,konsumeristik,pemiskinan spiritual.Basa Jawa

    minangka kearifan lokal saged dados saringan saha tameng kangge milah-

    milah lan sadaya pengaruh awon wau mboten dipuntandhingi kanthidipunbrasta nanging tiyang Jawi sageda hambeg paramarta sadayanipun saged

    dipun limbang-limbang,pilah-pilah,dipunonceki saha dipuntaning-taning

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    2/9

    supados tiyang Jawi mboten kecalan jatidhirinipun.Sanadyan wonten

    saperangan pemanggih bilih mikukuhi kabudayan Jawi menika saged

    nyebabaken dados kaum marginal,kesisih,mboten saged dadospethingan,mendelep wonten ing konteks informasi dunia,menapa malih kirang

    dipununtungaken bab material wonten panganggep nyinau basa Jawa

    mbotenProfit Oriented.Pemanggih ingkang lepat ngengingi Basa Jawa kalawau saged dados PR

    kagem kula panjenengan sadaya.Sumangga sadaya ingkang nggadhahi raos

    ngeman dhateng warisan nenek moyang ingkang adiluhung sami

    menggalihaken Elegi Ingkang Menyayat Hatikalawau mboten namungdipungetuni,dipuntangisi menawi generasi 50 warsa sasampunipun kula saha

    panjenengan mboten saged meruhi utawi wicantenan ngangge basa Jawa,Basa

    Jawa namung dados cathetan sejarah dongengan saderengipun sare kangge

    putra wayah panjenengan sadaya.Sampun ngantos tongkat estafet gesangipunbasa Jawa ical jejakipun ingkang dipunsababaken saking generasinipun

    panjenengan sadaya.Menawi basa Jawa menika dangu-dangu dipuntilarakengenerasi mudha,kawula namung saged pasemonLedhek

    Ndesa,Man.Eman.Eman.eman .

    Para lenggah ingkang kula kurmati hambok bilih menawidipunandharaken,taksih kathah sanget ingkang perlu dipununingani,ananging

    kagalih cekap semanten rumiyin atur kula,bilih wonten kiranging atur

    mawantu-wantu tetesing pangaksama.Lan mangga samya amemuji dhumateng

    Gusti Ingkang Maha Agung mugi-mugi bangsa Indonesia menika tetepanyengkuyung saha nguri-uri warisan budaya ingkang adiluhung.Saengga

    menapa ingkang sampun dipuntilaraken dening leluhuripun saged lestari lan

    mahanani dhumateng kuncaranipun bangsa Indonesia ing ombyakingbebrayan ageng menika.Amin.nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    3/9

    TULADHA SESORAH KAWRUH PRANATACARA

    Assalamualaikum wr.wb.Kasugengan,kawilujengan sarta kabagyan saking Gusti Allah Ingkang Maha Welas

    Asih mugi tansah hamberkahi sarta hangayomi dhumateng panjenengan kula

    sadaya,nuwun.Panjenenganipun Bapak Iskandar,panjenenganipun Ibu Triwik ingkang hanggung

    mastuti dhumateng pepoyaning kautaman.Kanca-kanca sadaya ingkang kula tresnani.

    Mundhi dhawuh saking pawiyatan SMAN 1 Ngayogyakarta Hadiningrat bilih kula

    kadhawuhan matur bab-bab ingkang magepokan kaliyan pranatacara.Pranatacaramenika satunggaling kompetensi dasar ingkang dipunwulangaken wonten ing

    piwulangan Basa Jawa ing SMAN 1 menika.

    Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan.

    Saderengipun,Pranatacara, panatacara utawi master of ceremony (MC) inggih menika tiyang

    ingkang kapiji nderekaken satunggaling acara. Sae saha botenipun lampahingacara saperangan gumantung saking panindaking pranatacara. Pramila

    pranatacara kedah samekta ing gati, sawega ing dhiri saben-saben ngayahi

    pakaryan menika.Sangunipun pranatacara :

    1. Nyamektakaken samukawis ingkang sambet kaliyan rantamaning acara ingkang

    badhe kawaosaken utawi kaandharaken ing pengetan utawi pahargyan ingkang

    badhe kalampahan ing antawisipun :a. papan panggenan

    b. wekdal

    c. tema saha ancasing acarad. sinten ingkang medhar sabda

    e. sinten ingkang mirengaken utawi rawuh

    2. Nyamektakaken rantamaning pengetan utawi pahargyan. Wondene tuladharantamaning adicara pengetan ingkang prasaja kados makaten :

    a. salam pambuka

    b. atur pambuka

    c. atur puji syukur dumateng ingkang Maha Kuwaosd. ngaturaken urut-urutaning acara

    e. atur paripurna acara

    f. salam panutup3. Nyamektakaken samukawis ing babagan :

    a. patrap utawi sikep

    kajumbuhaken kaliyan sifat saha kawontenan acara. Boten kenging ajrihmenapa malih clingus. Sadayanipun kedah murakabi, tegesipun nalika

    ngayahi pakaryan menika kedah tansah :

    1) Tanggap, tegesipun saged maos kawontenan

    2) Trapsila, tegesipun kedah nggadhahi subasita ingkang sae3) Mantep, tegesipun kedah mantep ing manah boten kuwatos

    4) Pantes, tegesipun saged mapanaken dhiri kaliyan kawontenan

    5) Wibawa, tegesipun boten ajrih saengga anggenipun ngayahi kanthipercaya dhiri

    b. busana saha ngadi sarira

    anggenipun ngadisarira kedah dipun larasaken kaliyan kawontenan acara.Sampun ngantos kaladuk manjila. ajining sarira saka busana, menika

    minangka sangunipun MC nindakaken pakaryan.

    c. swara saha basakedah wijang, cetha boten blero saha lepat. Nyinau kadospundi tembung-

    tembungipun kedah dipun ungelaken kanthi leres. Supados sekeca kapireng.

    Wondene basa saha wawasanipun ugi kedah kasinau. Pener saha bener

    pangganggenipun saha saged katampi dening sedaya ingkang midangetaken(komunikatif)

    Para lenggahingkang taksih pikantuk rohmating Gusti

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    4/9

    Jejibahanipun presenter menika ngaturaken warta. Pawartos ingkang dipun aturaken

    wonten sangajengipun tiyang kathah kedah cetha lan gampil dipun tampi. Pramila

    jejering presenter menika boten gampil. Langkung-langkung presenter ingkangngturaken pawartos kanthi basa Jawi. Kita mangertosi bilih basa Jawi nggadhahi

    undha usuking basa ingkang kedah ningali kawontenan panggenan saha ingkang

    wawan pangandikan, sinten ingkang ngaturaken. Adhedasar menika mila sampun trepkaliyan kawontenan sakmenika menawi Wonten tiga prekawis ingkang kedah

    dipunwigatosaken tumraping presenter, inggih menika : kapitadosan dhiri, kawruh

    basa saha solah bawa.

    Jejering presenter kedah nggadhahi kapitadosan dhiri utawi asring kasebatpercaya diri ( PD). Kapitdhosan dhiri matur wonten ngarsanipun tiyang kathah

    menika saged tuwuh menawi wonten penguasaan materi ingkang badhe dipun

    aturaken, mliginipun babagan warta ingkang badhe kagiyaraken. Sasampunipun

    menika jejering presenter saged mekaraken warta ing kaaturaken kanthi improvisasi.Menawi sampun wonten ngajengipun kamera utawi pamiarsa kedah sesambetan

    kanthi migunakaken paningalipun kanthi fokus dhumateng audiens. Ajining sariragumantung anggenipun ngadi busana. Unen-unen menika mbokbilih trep kaliyan

    syarat minangka presenter ingkang kedah nggatosaken wiraga. Amargi dipun sawang

    tiyang kathah pramila kedah pantes anggenipun nyandhang kaselarasaken kaliyanadicara ingkang mirunggan kepara nengsemaken kagem tiyang ingkang nyawang.

    Kawruh basa kedah dipungatosaken kados kawasisan ingkang dipun gadhahi

    ahli sesorah saha pranatacara. Wicaranipun kedhah cetha saha boten blero, langkung-

    langkung menawi maos saha ngaturaken basa Jawi ingkang tembung-tembungipunkawaos benten kaliyan ukaranipun. Anggenipun ngaturaken ugi kedah nggatosaken

    andhap inggilipun saha sera kaliyan lirihipun. Luwes ugi minangka sikep ingkang

    wigatos, supados presenter saged ngaturaken samubarang warta ingkang wonten.Tanggap kaliyan kawontenan, ingkang dipun kajengaken bilih presenter saged maos

    kawontenan, wekdal menapa kedah mekaraken mbokbilih wonten kalepatan,cicir

    ceweting ukara kedah saged ngewahi utawi nambahi supados langkung sekecakaliyan panganggen utawi komunikatif. Wirasa ing mriki saged dipun tegesi bilih

    presenter kedah mangertosi babagan ingkang kawaos pramila warta ingkang

    dipunaturaken saged dipun mekaraken miturut kawonten ingkang dumadi (up to

    date). Boten kesupen ugi kedah nggladhi menawi wonten sangajengipun kamerasupados boten grogi.

    Solah bawa jejeripun presenter sanget nemtokaken para pamiarsa supados

    remen. Anggenipun ngaturaken kanthi trapsila boten nilar subasita ugi tatakramanipun basa tuwin sastra. Langkung malih sasaged-saged jejeripun presenter

    kedah nengenaken ekspresi saengga anggenipun ngaturaken warta saged langkung

    lebet saha mranani ingkang midhangetaken.Tiyang sesorah menika wonten sangu utawa ngelminipun. Sangunipun tiyang

    sesorah menika boten kathah lan boten angel. Ngelminipun tiyang sesorah menika

    namung tiga prekawis inggih menika :

    1. olah swara2. olah basa lan sastra

    3. olah raga lan busana

    Olah swara menika sesambetan kaliyan wicara saha wirama. Wicara

    magepokan kaliyan pocapan ingkang cetha (bener saha pener). Wirama

    umpaminipun andhap inggiling, cepet saha rindhiking, dawa saha cendhakingsuwanten.

    Olah basa lan sastra magepokan kaliyan basa ingkang kaginakaken, pamilih

    tembung ingkang pas, sae, endah. Basa-basa sastra saged kaginakaken. Paragasesorah ugi saged ngginakaken tembung, lagu, parikan, wangsalan, lsp. Ing

    sesorah wedaring tembung-tembung kalawau kedah dipunraosaken, dados ing

    mriki wirasa dipuncakaken.

    Olah raga lan busana magepokan kaliyan tata krama utawi subasita. Tindak-tanduk kedah dipungatosaken. Mekaten ugi bab pangagem utawi pangangge.

    Menawi ngangge rasukan trep kaliyan acaranipun. Paraga sesorah kedah seragam

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    5/9

    utawi boten. Seragamipun saged ngangge ageman Jawi menapa jas, menapa batik

    utawi seragam kantor utawi sekolah. Ageman ingkang resik lan rapi. Olah raga

    lan busana menika magepokan kaliyan wiraga. Inggih menika caranipunmapananken badanipun piyambak, (empan papan). Wonten unen-unen ajining

    dhiri gumantung ana ing lathi, ajining sarira gumantung ing busana , ajining awak

    gumantung tumindak.Para rawuh kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan.

    Wonten 4 prekawis ingkang kedah dipungatosaken nalika ngaturaken sosarah

    saged kajlentrehaken

    1. WicaraWicaranipun paraga sesorah kedah cetha, boten bindheng utawi blero.

    2. Wirama

    Paraga sesorah kedah nggatosaken anggenipun ngaturaken sesorah. Kedah

    nggatosaken andhap inggilipun saha cepet rindhikipun anggenipunngaturaken suwanten.

    4. WirasaParaga sesorah kedah nggatosaken isinipun sesorah. Isinipun dipun raosaken

    supados saged micara kanthi sae trep kaliyan isinipun. Saged milah saha

    milih sesorah ingkang nedahaken raos bingah utawi sisah.5. Wiraga

    Amrih sesorah langkung resep utawi sae dipuntingali , paraga saged

    ngginakaken astanipun, kedhep netranipun, esemipun, ugi ngadi sarira lan

    ngadi busana ingkang saged ndadosaken paraga sesorah langkung ,mantepsaha nengsemaken.

    Cekap sematen,atur kula bab pranatacara,mbokbilih kathah wor suh

    saha thithaling basa,amrgi cubluking seserapan.Kula nyuwun rumentahing sihpangapunten.Tahu kecap dicampur bakmi.menawi wonten kaladuking patrap

    nyuwun pangaksami.

    Wassalamualaikun wr.wb.

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    6/9

    TULADHA SESORAH DHASAR-DHASAR NYINAU BASA JAWI

    Assalamualaikum wr.wb.Nuwun,ingkang tuhu kinabekten Bapak Iskandar.Ingkang kinabekten Ibu

    Triwik.Saha para kanca ingkang bagya mulya.

    Saderipun kula matur wosing gati sumangga kula panjenengan sadaya tansahngaturaken syukur dhumateng Gusti akarya jagad saengga awit sih

    kanugrahanipun kula panjenengan sadaya saged pepanggihan wonten ruang

    mriki kanthi kebak kawilujengan.

    Sanggyaning para rawuh ingkang anggung sinungga ing akramiIngkang asipat pribadi inggih punika tekad ingkang kiyat,saha sikap mental

    ingkang positif.Dene faktor sosial inggih punika bebrayan ingkang mengkoni

    papan pamardining basa Jawi tuwin panganggening basa Jawi.

    1. Kaping Sapisan tekad ingkang kiyatNyinau basa Jawi punika menawi tanpa linambaran tekad ingkang kiyat temtu

    badhe kagiwang.Liripun,upami gineman ngangge basa Jawi manawi kirangkiyat kekajenganipun,badhe milih gineman ngangge basa sanes.Upaminipun

    ngalih ing basa Indonesia utawi nyomoti tembung-tembung

    Indonesia.Kojuripun manawi ngginaaken basa Jawi kirang prigel,ngginaakenbasa Indonesia inggih makaten,punapa malih basa Inggris boten

    saged,satemah basanipun campur bawur.

    Yektosipun ngginaaken basa campuran makaten wau mboten awon

    sanget manawi sawanci ing swasana lelahanan.Nanging manawi ing swasanapepanggihan ingkang resmi istingarah badhe nglingsemaken.Mangka

    sayektosipun kiranging baut medhar pangandikan ngangge basa Jawi wau

    amaragi lingsem amargi asring dipungegujeng ing asanes.Nggegujeng kalaumau boten nama adamel wirang utawi lingsem,nanging malah kosok

    wangsulipun.Kirang-kirang begjanipun malah mejahi tekad abasa

    Jawi.Leresipun manawi lepat dipunleresaken,boten dipungegujeng menapamalih lajeng dipunsepeleaken.Para wredha kedah wicakzana nggulawenthah

    para mudha aing babagan ulah Basa Jawi.Kedaha purun mbombong

    nenuntun,ngleresaken samesthinipun.Kanthi patrap makaten kaangkah

    juranging basa antawisipun kaun wredha kaliyan kaum mudha sagedkaingkupaken.

    Para rawuh ingkang hamber berbudi darma

    2. Kaping kalih sikap mental ingkang positifAngger tiyang ing sawenehing bangsa makaten temtu nggadhahi sikap mental

    nostalgia dhateng kabudayanipun kalebet ugi ing basanipun.Inggih punika

    sawenehing penalaran saha pangraos bilih kabudayan saha basanipun punikaingkang agung saha luhur piyambak,ingkang dipun aji-aji langkung tinimbang

    sanesipun.Satemah tiyang wau lajeng tuwuh raos ngaji-aji dhateng

    basanipun..Ing manah,kados mboten wonten basa ingkang

    sampurna,adiluhung kados basanipun piyambak.Pangaji aji makaten punikakenging kawastanan positif tumuju dhateng basanipun.Kosok

    wangsulipun,manawi nganggep asor basanipun piyambak,malah ngaosi

    basanipun bangsa sanes,punika kalebet patrap utawi sikap negatif.Sikap mental punika kalenbet sikap batos.Sikap punika dumados saking

    penalaran,sumrambah ing raos pangraos,tumus ing pakarti utawi tu

    mindak laras kaliyan batosipun.Sipat mental makaten asipat ajeg.Yektosipunsinau ing pamulangan punika ateges ndhapuk sikap ingkang mateng utawi

    ngewahi sikap ingkang kirang trep dados trep.Sikap kenging kaanggep

    wawasan batosing tiyang.3. Kaping tiga piwulangan basa Jawi wonten ing pawiyatan kedah

    dipundamel narik kawigatosan para wiranem supados boten kaanggep

    kalindhes rodhaning jaman.

    4. Kaping sekawan para siswa kapiji subyek(lakon) sarta guru sageddados fasilitator(tut wuri handayani)

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    7/9

    5. Kaping gangsal nancepaken pangertosan wonten ing pamawas para

    siswa bilih para siswa minangka ahli waris budaya saking para

    leluhuripun saengga saged tuwuh raos sadhar budaya sinten malihingkang kersa nguri-uri budaya punika menawi mboten kula saha

    panjenengan sadaya.

    Bapak,ibu sarta kanca-kanca ingkang tresna dhumateng budaya Jawa.Wondene sikap positif ing basa Jawi punika saged katitik saking ciri-

    ciri.(1) raos mogkog nggadhahi basa Jawi.(2).Nggadhahi raos setya ing basa

    Jawi.(3).Nggadhahi raos urmat ing basa Jawi.Sikap kalawau mboten madeg

    piyambak-piyambak,nanging manunggal ing salebetingbatos.Bakunipun,tiyang ingkang ajejer pendhidhik perlu nyerep-nyerepaken

    dhateng kaum mudha amrih nggadhahi sikap positif.Upaminipun

    njlentrehaken kanthi gamblang bilih pangganggenipun n basa Jawi punika

    kedah adhedhasar paugeran paramasastra,sarta tembung baku.Tembung bakukaliyan mboten baku saged dipuntingali wonten bausastra utawi kamus.

    Linambaran atur kula kalawau sumangga kabudayan Jawi punikadipunsaring,dipuninteri,dipunpendhet sari-sarinipun,dipun bucal ampas sarta

    reregedanipun.Cekak aosipun selektif konstruktif.Ingkang

    ngrerendheti,muspra tumraping bebrayan kabucal,ingkang damel gancarlancar,ingkang tuhu murakabi,ingkang saged damel katentreman,kesaenan

    bebrayan kaudi murih lestari.

    Mrih sembadaning sedya sumangga sami sesarengan amardi kardi angesthi

    Gusti.Cekap semanten atur kula menawi wonten atur kula ingkang tebih saking

    basa,susastra saha unggah-ungguh ingkang king mranani penggalih

    panjenengan sadaya.Kula nyuwun sih lumunturing samudra pangaksami.Ing wasana sumangga nglajengaken lampah anggenipun sami marsudi

    mardawaning budya tulus.

    Nuwun,Wassalamualaikum wr.wb.

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    8/9

  • 7/22/2019 tuladha_sesorah_nguri

    9/9

    PEDOMAN PENILAIAN PENYAJIAN SESORAH

    I.Guru membuat kisi-kisi atau aspek yang dinilai secara kualitatif.

    Pedoman penilaian sesorah yaitu: Kategori A yaitu nilai85.Aspek yang dinilai ketepatan pelafalan

    vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan kalimat per

    kalimat.Jika siswa salah membaca kata 20 kata

    Kategori A yaitu nilai 85 .Aspek yang dinilai ketepatan

    menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah

    menginterpretasikan makna bacaan 20 kalimat.

    Kategori A yaitu 55nilai74.Aspek yang dinilai ketepatan

    penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jika

    siswa membaca 75 kata per menit

    Kategori A yaitu. 85 Aspek yang dinilai keindahan suara

    leng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi sangat baik.

    Kategori B yaitu nilai75nilai84.Aspek yang dinilai ketepatan

    pelafalan vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan

    kalimat per kalimat.Jika siswa salah membaca kata 30 kata

    Kategori B yaitu 75nilai84Aspek yang dinilai ketepatan

    menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah

    menginterpretasikan makna bacaan 30 kalimat.

    Kategori B yaitu 75nilai84.Aspek yang dinilai ketepatan

    penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jikasiswa membaca 65 kata per menit

    Kategori B yaitu. 75nilai84 Aspek yang dinilai keindahan suaraleng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi baik.

    Kategori C yaitu nilai 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan

    pelafalan vokal maupun konsonan,pengucapan kata,pembacaan

    kalimat per kalimat.Jika siswa salah membaca kata 50 kata

    Kategori C yaitu nilai 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan

    menginterpretasi makna bacaan. Jika siswa salah

    menginterpretasikan makna bacaan 40 kalimat.

    Kategori C yaitu 70nilai79.Aspek yang dinilai ketepatan

    penyusaian durasi waktu pembacaan jumlah kata per menit.Jika

    siswa membaca55 kata per menit Kategori C yaitu. 70nilai79 Aspek yang dinilai keindahan suara

    leng,jeda,kesenyapan,tempo,ritmis,artikulasi,cukup.

    No.

    NamaLafal,pengucapan Durasi waktu

    Keindahansuara

    SkorNilaiSiswa A B C A B C A B C

    1 Suriyadi 86 85 65 236 78

    2

    3

    45

    Jumlah skor perolehan:

    Nilai=. ......x100Jumlah skor maksimal