Sungkeman

3

Click here to load reader

Transcript of Sungkeman

Page 1: Sungkeman

Pesenne wong tua

Nang …… nok memang wis suwe sira nimba ilmu ning kene lan sekien waktune sira

ngamalaken apa sing wis tek sampeaken mong sira lan waktune sira kanggo nerusaken

meng jenjang kang saduwure sebab wajibe wong luru ilmu iku ora pot sampe kene bae tapi

terus sampe sira di cabut nyawane

Nang …… nok….? ilmu sing wis disampeaken mong sira iku bakal di tagih ning

masyarakat sebab wong lian iku werue sira ana ning kene iku cuman kanggo luru ilmu ora

sing sejene. Masyarakat ora bakal peduli senajan ning kene sira sengsara puyeng

mikiraken bahan ujian atawa mikiraken masalah kang timbul sabatur. masyarakat cuman

weru sira ning kene iku nimba ilmu. Dadi sampeaken apa sing sira olih ning kene sing bener

sampeaken bener sing salah sampeaken salah

Nang…..nok….? saben-saben barang iku duwe harga, mengkonon uga sira kang dadi

menusa iku duwe harga, lan duwur atawa endepe regae sira iku ditentuaken ning ilmue sira

sebab menusa iku ora bakal ana gunane kecuali kelawan ilmu kang sempurna.

Wong kang ilmune bisa ngalahaken hawa nafsune maka insya Allah wong mau iku bakal

larang regane lan gusti Allah bakal ngangkat derajate wong kang duwe ilmu pirang-pirang

derajat saking wong liane

Nang….. nok,….? kita kang dadi wong tuae sira ning kene due pesen kanggo sira

sadurunge sira ninggalaken tempat belajare sira. ning endi bae panggonane ira ana, tulung

jagaen iman, akhlak, lan nama baike sekolahan ira kanggo bukti baktine sira maring guru-

gurue sira kang wis ngupai ilmu ning sira lan sekolahan kien kang wis dadi tempate sira

kanggo nimba ilmu

Nang…. Nok…,? sira kudu inget bahwa sira sekolah ning kene iku di bekali kelawan

sejadah lan buku. Jagaen sejadahe sira aja sampe bolong-bolong atawa soek pinggire lan

jagaen bukue sira aja sampe rapet kenang debu apa maning ilang kentir nang zaman

Nang…. Nok….,? saiki iku zamane, zaman globalisasi, zaman kang akeh nipue maring

Page 2: Sungkeman

iman karena zaman saiki iku akeh menusa kang kelalen karo pititure para wali lan kiyai

dadi sira kang dadi siswa lan siswi ning daarul fathonah iki kudu bisa ngejaga imanne sira

aja sampe goyah kenang globalisasi kang nyeret sira maring kekafiran lan perangkape

setan

Nang….. nok,…..? ati-ati ning dalan, sebab dalene sira mong arep iku ora cuman

sajalur sing ati-ati milih dalan aja sampe sira kesasar maring dalan kang ora bagus akeh

dalan kang katone padang lan nyenengaken padahal ning jerone gawe sira sengsara lan

bakal nyesel besuk ning akherat, lurua dalan kang bisa nggawa sira maring kesenengan

dunia lan akherat. Lan ning dalan iku pasti akeh godaan-godaan sing bakal ganggu

perjalanane sira kanggo mencapai apa kang dadi cita-citae sira mulane poma-poma sira

kudu ati-ati lan sing bisa milih dalan

Nang….. nok,….? ning endi bae anane sira slagine gawe perkara kang bagus donga lan

restune kita insya Allah bakal terus ngiringi perjalanane sira nglakoni tuntutan urip ning

dunnya lan bekal mbesuk ning yaumil kiyamah.

Mangga tangane nadah……. (do’a)

Sungkeman

Page 3: Sungkeman

Bapak…. Ibu..,? matur kesuwun kula sampeaken saderenge sampun lami kula nimba

ilmu teng riki nimba ilmu teng daarul fathonah. saniki waktue kula bade nerusaken nimba

ilmu maring jenjang kang saduwure, janten saniki kula bade nyuwun izin maring bapak lan

ibu kangge nerusaken maring jenjang kang selanjute

Pa….. bu…? Lamine kula teng riki ingkang niatipun bade nimba ilmu mesti katah

tingkah polah lan kelakuan serta ucapan kula ingkang salah lan gawe kecewa atanapi lara

maring atine ibu bapa.. sebab mekaten kula nyuwun agungipun pangapunten maring ibu lan

bapa

Pa….bu..? pelajaran ingkan bapa ibu sukanaken maring kula banget katah tapi

katahnipun ilmu ingkang bapa ibu sukani maring kula niku ndadosaken kula lebih haus

maring ilmu. Kusabab mekaten ridhonipun bapa lan ibu sanget kula harapaken supados ilmu

ingkang bapa ibu sukani maring kula saget bermanfaat kangge diri kula kalian masyarakat

Pa…bu..? teng riki kula dibimbing belajar carane urip, nambah batur lan sedulur

napaki urip kelawan seneng, sedih, nangis lan gemuyu. Kula mboten saget bales budi baike

ibu bapa ingkang sampun ngajar kula kelawan kesabaran lan ketekunan. Kula namung saget

dedonga muga-muga amal saenipun ibu bapa saget dibales maring gusti Allah ingkang maha

kuasa

Pa…bu…? Saderenge kula lunga kangge nerusaken nimba ilmu kula nyuwun nasehat

lan wasiat saking bapa lan ibu kangge bekel lan pedoman kula npaki perjalanan urip, sareng

kula nyuwun malih pandonga lan restunipun ibu bapa kangge kula nerusaken belajar maring

jenjang ingkang selanjute