snpsis b.jw

7
SEPISAN LAN PUNGKASAN Penulis : Geraldine Mariauli Banurea Tahun : 2011 Sumber : http://kafeilmu.com/2011/02/contoh-cerpen-bahasa- jawa-sepisan-lan-pungkasan.html#ixzz1jWADk36s Sinopsis : Olin wektu iku munggah kelas 5. Sawektu unggah-unggahan, ning kelas Olin ana bocah anyar sing awake cacat jenenge kuwi Adri. Sikil tengene sengkleh ora bisa kanggo mlaku, awake gering, lan rambute nyaris gundul. Ing kelas, saben murid ngenalkake awake dhewe-dhewe, namung pas giliran Adri ngenalkake awake, bocah-bocah padha nggeguyu lan ngenyek bocah cacat kuwi mau. Olin ngrasa melas karo Adri, sebabe Adri saliyane cacat uga gagap mature. Sawektu dina Olin ndeleng Adri dienyek lan diusili kanca-kancane Olin. Olin gagain nulungi Adri mberesi buku- bukune sing tiba, Adrine ngresiki klambine sing reged. Sawise prastawa iku, Adri nyedhaki Olin amarga ora ana sing gelem dadi kancane Adri. Olin ya nanggepi adri kaya kanca biasa, nanging sawektu-wektu Olin ngrasa Adri kuwi nganggep Olin luwih saka kanca. Olin ngrasa ora kepenak akhire ngusir Adri kanggo cara sing alus. Patang wulan sabanjure prastawa Olin ngadohi Adri .. Saminggu kuwi ing sekolah, Adri laka kabare, dheweke ora mangkat sekolah, akhire Olin lan kanca-kanca mutusake kanggo

Transcript of snpsis b.jw

Page 1: snpsis b.jw

SEPISAN LAN PUNGKASAN

Penulis : Geraldine Mariauli Banurea

Tahun : 2011

Sumber : http://kafeilmu.com/2011/02/contoh-cerpen-bahasa-jawa-sepisan-lan-

pungkasan.html#ixzz1jWADk36s

Sinopsis :

Olin wektu iku munggah kelas 5. Sawektu unggah-unggahan, ning kelas Olin ana

bocah anyar sing awake cacat jenenge kuwi Adri. Sikil tengene sengkleh ora bisa kanggo

mlaku, awake gering, lan rambute nyaris gundul. Ing kelas, saben murid ngenalkake awake

dhewe-dhewe, namung pas giliran Adri ngenalkake awake, bocah-bocah padha nggeguyu lan

ngenyek bocah cacat kuwi mau. Olin ngrasa melas karo Adri, sebabe Adri saliyane cacat uga

gagap mature.

Sawektu dina Olin ndeleng Adri dienyek lan diusili kanca-kancane Olin. Olin gagain

nulungi Adri mberesi buku-bukune sing tiba, Adrine ngresiki klambine sing reged. Sawise

prastawa iku, Adri nyedhaki Olin amarga ora ana sing gelem dadi kancane Adri. Olin ya

nanggepi adri kaya kanca biasa, nanging sawektu-wektu Olin ngrasa Adri kuwi nganggep

Olin luwih saka kanca. Olin ngrasa ora kepenak akhire ngusir Adri kanggo cara sing alus.

Patang wulan sabanjure prastawa Olin ngadohi Adri ..

Saminggu kuwi ing sekolah, Adri laka kabare, dheweke ora mangkat sekolah, akhire

Olin lan kanca-kanca mutusake kanggo njenguk maring omahe Adri. Nganti tekan omahe

Adri, Olin lan kanca-kanca kaget jebul umahe Adri gedhe lan megah. Ibune Adri mbukakna

lawang umah, Olin lan kanca-kanca padha kesengsem ndeleng Ibune Adri sing ayu, namung

mripate kethok bar nangis. Olin lan kanca-kanca dimanggakake mlebu.

Ing njero umahe Adri, Olin lan kanca-kancane dicritakake kahanane Adri sing

sabenere. Pas Olin takon Adri lagi ing endi, ibune Adri ngendika yen Adri kuwi wis ninggal

amargi penyakite sing tambah parah lan ora bisa diobati. Sakbanjure crita kuwi, ibune Adri

menehake lipetan surat kanggo Olin sing isine kuwi Adri ngucapna maturnuwun karo Olin

sebabe Olin wis gelem dadi kanca sepisan lan pungkasane, malah Adri kuwi wis nganggep

Olin kuwi sahabate. Ing batine Olin banjur njaluk ngapura marang Adri.

Page 2: snpsis b.jw

DADI JURAGAN BARANG BEKAS

Penulis : Budi Wahyono

Tahun : 2009

Sumber :http://planetdemam.blogspot.com/2009/12/dadi-juragan-barang-bekas cerkak-

cerita.html

Sinopsis :

Mugiman nduwe kekarepan mbiyantu bapake sing mbutuhake paitan maneka warna

kanggo gawe terompet. Umume gawe terompet-terompetan kuwi saka dluwang, kerdhus lan

lim. Dluwang ana sing isih sisa lan lem saka pathi kanji ya isih ana sisa, nanging sawektu

bapake Mugiman nggawe terompet kerdhuse isih kurang. Banjur Mugiman ngendika karo

bapake yen Bapak Kepala Sekolahe Mugiman nawani kerdhus akeh kanggo dhewe amargi

Mugiman sering dadi juara kelas lan uga juara karate nalika Porseni tingkat kecamatan.

Nanging bapake Mugiman lan Lik Min isih ora percaya karo apa sing diomongkake

Mugiman.

Bubar sarapan Mugiman lan Lik Min lunga maring sekolah kanggo njupuk kardhus,

kabeneran dina iku sekolah lagi prei lan pak kepala sekolah lagi piket. Banjur Mugiman teka

ing sekolahan, dheweke pamit karo Pak Kepala Sekolah arep njupuk kerdhus-kerdhus,

namung Pak Kepala Sekolah nyarankake mbok menawa sing teka iku bapake Mugiman wae

sing nggawa kerdhus kanggo gerobak cilik sing ana ing gudhang kerdhus. Mugiman

ngucapna maturnuwun karo bapak kepala sekolah, nanging tetep wae dheweke lan Lik Min

sing arep mbongkoki tumpukan kerdhus. Kerdhus sing diparingake jebule akeh nemen, ujare

pak sekolah kuwi kanggo hadhiah Mugiman, sebabe sekolah durung bisa maringake hadhiah

sing pantes kanggo Mugiman. Pak Mus, bapak kepala sekolahe Mugiman kuwi ngujar kaya

kuwi karo ngguyu.

Banjur Mugiman teka umah karo kerdhus sing mau diparingake. Omahe katon ora

tata lan ndadekake sesawangan sing ora kepenak menyang mripat. Pirang jam bacute Yu Yah

tukang dodol rongsokan liwat ing ngarep omah Mugiman. Yu Yah kuwi pan tuku kerdhus-

kerdhuse Mugiman, rega seket ewu. Mugiman nawar yen ditambah maning sebabe kanggo

Mugiman paitan dodol dluwang rongsokan. Akhire kerdhus-kerdhus kuwi didol sewidak

ewu.

Page 3: snpsis b.jw

Banjur Mugiman olih paitan, dheweke luruh dluwang rongsokan ing umahe kanca-

kancane lan mubeg kampungan. Sawise olih dluwang kuwi, dluwang kuwi didol maneh. Ora

mung dluwang, nanging ana kerdhus lan plastik. Bapake Mugiman balik omah kaget kok ana

akeh maneka werna barang sing ngebaki omah. Mugiman ngendika iki modhale saka

paringane Pak Kepala Sekolah kanggo dodolan. Bapake trenyuh lan mesem. Iki pancen dalan

kanggo paitan urip sing luwih mbejaji. Tinimbang dalan sing liyane nggawa pangarahan sing

negatif.

Page 4: snpsis b.jw

PANGLARIS

Penulis :

Tahun : 2010

Sumber :http://sanggarseo.blogspot.com/2010/06/kumpulan-cerpen-bahasa-jawa.html

Sinopsis :

Sore iku ing sawijining angkringan ing padesaan, Paimin lagi ndingkluk ngantuk-

antuk namung tiba-tiba ana bapak-bapak sing takon karo Paimin. Paimin langsung nanggep

pitakone bapak kuwi sing lagi mangan cakar. Manurut bapak kuwi cakar ing angkringane

Paimin rasane enak tenan lan bisa dadi sebab ngramekake angkringane Paimin. Paimin

nganggep bapak kuwi ngarani cakar dadi panglaris, nanging bapake njelasake maning

maksude sing sabenere. Bapak kuwi awit cilik senenge mangan cakar, ibune biyen ngendika,

anggere mangan cakar sikile bakal pengkuh. Namung iku ora bener, nyatane kuwi ibune

bisane nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngono iku. Paimin seneng ngrungokake

guneme bapak kuwi mau sebabe isi lan sajake wong pinter, uga tindak tandhuke kuwi apik.

Bapak mau matur karo Paimin bakal njlentrehake panglaris sing sabenere namung ora

sepisanan wengi iku, bapak kuwi bakal omongna sethithik-sethitik banjur kolakonana Paimin.

Bapak kuwi njamin angkringan Paimin bakal rame, Paimin manut lan saguh karo omongane

bapak kuwi. Wengi iku bapake aweh pitutur marang Paimin. Syarat sing sepisan kuwi Paimin

angger bakulan kudu rapi klambine, nganggo sepatu, rambute kudu dirapikna lan diminyaki,

tambah uga wewangenan, iku syarat sepisanan meh wong ora males mampir marang

angkringane Paimin.

Esuke Paimin nglakokake syarat sepisanan kuwi. Klambine sing pan dienggo mengko

sore dikumbahi, disetlika, sepatune diresiki nganggo banyu. Bapak sing wingi aweh pitutur

marang Paimin arep teka maneh, anggone menehi syarat panglaris liyane karo Paimin. Sore

iku bar maghrib, bapak sing aweh pitutur kuwi teka maneh karo wong loro yaiku kancane

bapak kuwi. Wong loro kuwi nyawang Paimin anggone nyandhang, wong loro iku padha

kagum lan seneng ana bakul sing rapi lan resik kaya Paimin iku. Paimin mesem-mesem lan

wangsulan, iku sabenere nampi panglaris saking kancane wong loro iku yaiku bapak sing

aweh pitutur marang Paimin.

Page 5: snpsis b.jw

Sawise bapake mangan sate, bapak kuwi matur karo Paimin panglaris sing kaping

loro kuwi yaiku panganan ing angkringan, piring, lan piranti liyane iku supaya diresiki kabeh

lan ditatani sing apik. Sesuke, angkringane Paimin resik tenan. Bapak sing aweh pitutur kuwi

teka maneh karo nggawa kanca-kancane sing luwih akeh. Paimin seneng sebabe dodolane

bisa cepet enthek.

Bapak sing aweh pitutur karo Paimin kuwi ngendika maneh marang Paimin,

angkringane esuk kuwi bakal rame, Paimin kudu luruh papan sing luwih jembar kanggone

dodolan, uga nggawa klasa kanggo lesehan wong tuku, karo bapake tetembungan karo

nduduhi panggonan sing dikarepake. Paimin karo bapake isih tetembungan nanging

omongane ngalor-ngidul. Tiba-tiba Paimin takon kapan dheweke nampi panglaris saking

bapak kuwi. Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Banjur bapak kuwi

ngendhika sing dimaksud panglaris kuwi ya iku kabeh omongane bapak kuwi wiwit wingi-

wingine.