Sesorah

6
Assalammualaikum Wr Wb Para tamu undangan ingkang kula urmati Para pemudha-pemudhi tunas bangsa ingkang kula tresnani Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan narkoba. Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: “Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”. Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula kita sadaya. Sahingga kanthi kanugrahan Gusti kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya saged kempal ing papan punika kanthi sehat wal’afiat. Sampun kasub bilih Indonesia menika negari ingkang nggadhahi SDM melimpah ingkang paling utama inggih menika para pemudha-pemudhi. Para pemudha niki bilih mbenjang tiyang ingkang bakal nerusaken cita-cita bangsa. Mula sak niki Indonesia digunakake kangge nagri transaksi Narkoba lan jenise. Sampun wonten atusan malahan jutaan kasus narkoba ingkang kecathet kaliyan BNN ingkang ndadikke Indonesia Nagri ngonsumsi Narkoba paling kathah nomer tiga sak penjuru jagad niki. Ingkang paling kathah yaiku dialami kaliyan para pemudha broken home. Kenging menapa babagan narkoba menika saged ngrembaka? Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental, satemah nuwuhaken bebaya pati. Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki, Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha nengenaken prestasi. Ingkang baku kedah ngatos-atos ing pasrawungan. Kanca ingkang sae menika kanca ingkang saged nuntun saha mbabar kawruh dhateng kasaenan, sanes tiyang ingkang asring ngajab dhateng tindak angkara satemah namung badhe ngrisak saha nebihaken ing pangangkah becik. Ingkang kaping kalih, kanthi sengkut gumregut tembayatan kaliyan

description

Tugas Bahasa Jawa Sesorah

Transcript of Sesorah

Page 1: Sesorah

Assalammualaikum Wr WbPara tamu undangan ingkang kula urmati Para pemudha-pemudhi tunas bangsa ingkang kula tresnani

Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan narkoba. Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: “Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”. Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula kita sadaya. Sahingga kanthi kanugrahan Gusti kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya saged kempal ing papan punika kanthi sehat wal’afiat.

Sampun kasub bilih Indonesia menika negari ingkang nggadhahi SDM melimpah ingkang paling utama inggih menika para pemudha-pemudhi. Para pemudha niki bilih mbenjang tiyang ingkang bakal nerusaken cita-cita bangsa. Mula sak niki Indonesia digunakake kangge nagri transaksi Narkoba lan jenise. Sampun wonten atusan malahan jutaan kasus narkoba ingkang kecathet kaliyan BNN ingkang ndadikke Indonesia Nagri ngonsumsi Narkoba paling kathah nomer tiga sak penjuru jagad niki. Ingkang paling kathah yaiku dialami kaliyan para pemudha broken home. Kenging menapa babagan narkoba menika saged ngrembaka? Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet faktor kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental, satemah nuwuhaken bebaya pati. Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki, Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha nengenaken prestasi. Ingkang baku kedah ngatos-atos ing pasrawungan. Kanca ingkang sae menika kanca ingkang saged nuntun saha mbabar kawruh dhateng kasaenan, sanes tiyang ingkang asring ngajab dhateng tindak angkara satemah namung badhe ngrisak saha nebihaken ing pangangkah becik. Ingkang kaping kalih, kanthi sengkut gumregut tembayatan kaliyan masyarakat, aparat, saha badan-badan LSM brastha bebaya ngrembakaning saha mekaripun narkoba ingkang saestu saged ngrisak moral saha pranatan negari. Boten saged dipungambaraken menawi sadaya para mudha samenika kenging pangaribawaning narkoba. Sinten samangke ingkang badhe nglajengaken lampahing pamarintahan ing negari Indonesia menika menawi para mudha samya risak moralipun? Ingkang pungkasan inggih menika kanthi jejeging iman, eling lan waspada adhedhasar agama, sumangga sami gumregah nebihaken saha brastha narkoba ing pangajab para mudha saha negari Indonesia saged uwal saking bebenduning angkara.Nuwun,

Wassalammualaikum Wr Wb

Page 2: Sesorah

Sesorah Babagan Narkoba

Assalamu’alaykum wr. wb.Nuwun, dhateng Bapak Ibu Guru lan Karyawan dahat pinudhi-pundhi lan para murid ingkang rena ing sasanaPamuji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit saking rahmatipun, kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan satemah saged pinanggih manunggal wonten papan menika saperlu  rawuh wonten ing acara penyuluhan Bebayaning Narkoba Tumrap Kawula Mudha kanthi wilujeng kali sing sambekala.

Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan bebaya narkoba kangge pelajar kanthi sesirah: “Bebayaning Narkoba tumrap Kawula Muda lan Pelajar”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.

Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,Mboten saged dipungkiri, penyimpangan narkoba ingkang sampun dumados sakmenika, sampun menyentuh lapisan masyarakat lan sanesipun. Mbok menawi penyelewengan narkoba sampun dumugi tiyang enom lan pelajar. Mila saking menika kedah dipungatosaken saking ingkang berwajib amargi tiyang enom penyambung masa depan. Mula bukane pelajar ingkang ngangge narkoba saking kenalan kanti isap rokok. Isap rokok menika kebisaan pelajar sak meniki. Saking kebiasaan menika ,terus meningkat ngisap narkoba, lajeng dados kecanduan utawi ketergantungan. Narkoba menika zat bebaya lan mboten sae. Narkoba ingkang kathah, pelajar menika penerus bangsa ingkang kedhah dipuntebihaken kaliyan zat-zat wisa menika. Narkoba menika zat psikotoprika, inggih menika zat ingkang saget ngrisak system saraf lan raga sahingga saget ngrisak kerja saraf lan ndhatengaken gangguan mental utawi kejiwaan pengagem. Nanging babeya menika mboten dipunganthosaken kagem pengagem, ingkang menika kathah catatan kagem pengagem narkoba wonten ing Indonesia. Narkoba saget ngganggu saraf amargi narkoba saget ngirangi kerja saraf ingkang linuweh. Ingkang menika ngagem narkoba terus sager ngisak saraf dados rusak. Saking segi mental, pelajar badhe susah lan depresi menawi kabotanipun mboten kacekapan. Biasanipun pelajar pengagem narkoba menika nebihi lan mboten purun bergauldateng tiyang sanes. Mboten naming menika nanging saget dipuntebehaken saking kaca-kanca lan kulawarga. Mbok menawi sampun bagas waras saking ketergantungan piyambakipun susah rekaos dipunpercaya tiyang sanes. Bebaya narkoba dhateng pelajar mboten naming sebatas ganggungan raga ugi mental, nanging ugi gangguan sanes ingkang dipunkajengaken. Contohipun pelajar saget mlebet wonten kejahatan amargi narkoba dilarang kaliyan hokum wonten ing Nagari Indonesia. Mila saking menika narkoba saget memida pelajar saget mendhet artha kagem mundhut narkoba ingkang reginipun awis. Kathah tiyang mboten ngertos bebayanipun narkoba sahingga tiyang

Page 3: Sesorah

teras ngginakaken dumugi dangu. Narkoba sampun cetha ngandung zat bebaya kagem manungsa. Narkoba dipunlarang kaliyan Agama Islam lan mlebet barang haram ingkang saget ngrisak organ tubuh manungsa lan ndamel manungsa ical akal sehatipun sahingga ninggalaken ibadah. Mila saking menika para pelajar nebehi narkoba mboten nganti mencobi utawi ngenal langsung menapa malih ngginakaken saking menika mboten wonten kaginaanipun, malah ndhatengaken kesusahan kagem piyambak lan kulawarga. Pengawasan saking tiyang sepuh, kulawarga lan lingkungan masyarakat sanget dibuthaken kagem mbimbing lare-lare penerus bangsa kanthi sinau lan nyambut damel kagem cita-citanipun piyambak lan paling utami inggih menika beriman lan bertaqwa dhumateng Gusti Allah Subhanahu wa Ta'ala nidhakaken ajaran lan akidah Agama Islam ingkang sae lan bener. Insya Allah, kula sedaya terlindung saking perbuatan terlarang. Amin Kagem nyegah dhumateng peneybaran narkoba wonten ing lingkungan pelajar lan remaja, sampun sepantesipun tanggung jawab kita sesami. Ing saat menika, kedhahipun tiyang, tiyang sepuh lan masyarakat kedah gadhah peran aktif kagem waspada ancaman narkoba kagem pelajar. Usaha ingakng nyata lan sagetipun lampai kanthi kerjasama kaliyan ingkang berwajib kagem penyuluhan narkoba kagem generasi penerus lan razia rutin kagem pengangge narkoba kasebat. Mangga para kanca pelajar berjuang lam mbangun bangsa kanthi pondasi Agama kangge neglanjutaken cita-cita perjuangan. Ayo padha ngadhohi narkoba!!! Para rawuh ingkang kinurmatan, Makaten ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Matur nuwun.Wassalamu’alaykum wr. wb.

Page 4: Sesorah

Nuwun,Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri,mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan.Pasegahan panakrami mligi katur dhumateng « ingkang minulya. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhendherek urun rembag menggah babagan narkoba.Para lenggah ingkang kinurmatan,Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokankaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: ³Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha´.Para lenggah ingkang sinuba ing akrami,Minangka purwakaning andharan sumanggA kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhattansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengansadaya. Sahingga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti mekaten kalawau, ingkalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal manunggal, nyawijikanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.Para lenggah lan dewan juri ingkang satuhu bagya mulya,Sampun kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkangtegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ingwewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta ugi mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningratminangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah IstimewaYogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar sahangrembakanipun. Manut owah gingsiring jaman, ing samangke Ngayogyakarta ugikasebat minangka kitha narkoba, tegesipun papan dedagang dol tinuku lan papanipun para pecandu narkoba. Kaserat ing laporan panaliten taun 2003 Ngayogyakarta kalebetsatunggaling kitha urutan angka 5 (lima) menggah bebayanipun tumrap penyalahgunaannarkotika lan psikotropika. Kacathet wonten cacah 312 kasus, 114 kasus jebul ingkang