Sekaten

3
Sekaten Sekaten tumrap tiyang ing tlatah Ngayogyakarta minangka satunggaling adicara ingkang asring kapireng. Amargi saben setaun sepisan adicara menika saged dipunpanggihi. Sekaten sakmenika sampun kanggep minangka salah satunggaling seni kabudayan tradhisional ingkang dipundhi. Miturut sejarah, sekaten boten naming satunggaling adicara panglipur nanging wonten sesambetanipun kaliyan panggesangan tiyang antawisipun agami menapa dene kaliyan gesang bebrayan. Ingkang sesambetan kaliyan agami mliginipun agama Islam. Sekaten ingkang kaleksanan ing wulan Maulud minangka pangetan dinten tingalan Nabi Muhammad SAW. Sasampunipun kerajaan Demak minangka kerajaan Islam ing Mataram ingkang lajeng pecah dados kalih, Kasultanan Ngayogyakarta saha Kasultanan Surakarta, adicara menika tetep dipunlestantunaken. Langkung-langkung Sunan Kalijaga minangka satunggaling wali ingkang nyebaraken agami Islam lajeng ngginakaken gamelan kangge narik kawigatosaning warga. Gamelan kadamel dening Sunan Giri ingkang kasebat Kyai Nagawilaga lan Kajeng Kyai Guntur Madu, menika kangge ngiringi gendhing-gendhing ingkang cinipta dening para wali kalebet Sunan Kalijaga. Ing kalodhangan menika saben tiyang ingkat niyat kepengin ngrasuk agami Islam kedhah maos kalih ukara syahadat ingkang katelag Syahadatain. Lajeng kathah tiyang anggenipun pangucap dados ‘Syakatain’ saengga dumugi sakmenika katelah tembung sekaten. Ingkang sesambetan kaliyan gesang bebrayan, adicara sekaten menika nedahaken celakipun panguwasa kaliyan kawula, antawisipun Ngarsa Dalem Kanjeng Sultan minangka Raja ing Kraton Ngayogyakarta kaliyan kawulanipun. Menawi kita tingali adicara sekaten menika sageh kapilah dados tigang prekawis.

description

 

Transcript of Sekaten

Page 1: Sekaten

SekatenSekaten tumrap tiyang ing tlatah Ngayogyakarta minangka satunggaling adicara ingkang

asring kapireng. Amargi saben setaun sepisan adicara menika saged dipunpanggihi. Sekaten sakmenika sampun kanggep minangka salah satunggaling seni kabudayan tradhisional ingkang dipundhi.

Miturut sejarah, sekaten boten naming satunggaling adicara panglipur nanging wonten sesambetanipun kaliyan panggesangan tiyang antawisipun agami menapa dene kaliyan gesang bebrayan. Ingkang sesambetan kaliyan agami mliginipun agama Islam. Sekaten ingkang kaleksanan ing wulan Maulud minangka pangetan dinten tingalan Nabi Muhammad SAW. Sasampunipun kerajaan Demak minangka kerajaan Islam ing Mataram ingkang lajeng pecah dados kalih, Kasultanan Ngayogyakarta saha Kasultanan Surakarta, adicara menika tetep dipunlestantunaken. Langkung-langkung Sunan Kalijaga minangka satunggaling wali ingkang nyebaraken agami Islam lajeng ngginakaken gamelan kangge narik kawigatosaning warga.

Gamelan kadamel dening Sunan Giri ingkang kasebat Kyai Nagawilaga lan Kajeng Kyai Guntur Madu, menika kangge ngiringi gendhing-gendhing ingkang cinipta dening para wali kalebet Sunan Kalijaga. Ing kalodhangan menika saben tiyang ingkat niyat kepengin ngrasuk agami Islam kedhah maos kalih ukara syahadat ingkang katelag Syahadatain. Lajeng kathah tiyang anggenipun pangucap dados ‘Syakatain’ saengga dumugi sakmenika katelah tembung sekaten.

Ingkang sesambetan kaliyan gesang bebrayan, adicara sekaten menika nedahaken celakipun panguwasa kaliyan kawula, antawisipun Ngarsa Dalem Kanjeng Sultan minangka Raja ing Kraton Ngayogyakarta kaliyan kawulanipun. Menawi kita tingali adicara sekaten menika sageh kapilah dados tigang prekawis.

Sepisan, medalipun gamelan Kanjeng Kyai Nagawilaga lan Kanjeng Kyai Guntur Madu saking papan panyimpebab bangsal Sri Manganti tumuju bangsal Ponconiti, lajeng kapindhahaken ing pelataran Masjid Agung Ngayogyakarta kanthi kairing dening para abdi dalem saha para punggawa kraton. Ungeling gamelan ing peranging sekaten mujudaken manawi ing upacara tradhisional ngemu seni tradhisi ingkang adiluhung.

Kalih, pengetan dinten tingalan Nabi Muhammad SAW kanthi ngaturaken riwayat Nabi wonten ing Masjid Agung Ngayogyakarta.

Tiga, Ngarsa Dalem Kanjeng Sultan paring sedekah/shodaqoh dhateng kawulanipun kanthi ngedalaken gunungan ingkang kadamel saking sedaya asil bumi wonten salebetipun adicara Garebeg/Grebeg. Salajengipun gunungan menika dipunrebutaken para warga.

Page 2: Sekaten

Rumiyin tiyang ingkang tetanen gadhah kapitadosan menawi saged dados berkahing anggenipun tetanen, yen dhahar suruh utawi nginang ing umur pelataran Masjid Agung ndadosaken tambahing umur utawi yuswa panjang, yen tiyang ingkang mundhut cemeti utawa cambuk, nggadhahi sesanti saged nambah semangat anggenipun nglampahi gesang.

Sedaya menika kasumanggakaken miturut kapitadosanipun piyambak amargi kandhelipun iman tiyang setunggal lan sanesipun menika boten sami.

Mekaripun jaman, pengetan sekaten menika lajeng pinanggih adicara ingkang nyengkuyung, kados wontenipun pasar malem perayaan sekaten ingkang dangunipun 39 dinten kaleksanan mapan ing Alun-alun Ler Kraton Ngayogyakarta. Tiyang-tiyang ingkang sami merlokaken wekdal kangge ningali sekaten boten naming saking warga salebeting kitha Ngayogyakarta ananging ugi saking kukuban saking tengenipun kepara malah saking sanjawining kitha.

NAMA ; YANASTA YUDO PRATAMA.

NOMOR ABSEN : 33.

KELAS : XD.

TUGAS : MENGUMPULKAN CERITA RAKYAT BERBAHASA JAWA.