RPP Dhian

26
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nomor: 1 I. Identitas Mata Pembelajaran Mata Pelajaran : Bahasa, Sastra, dan Budaya Jawa Jenjang : SMK MUH 1TEMPEL Kelas/Program : X Semester : 1 (SATU) Alokasi Waktu : 2 x (1 x 45 menit) II. Standar Kompetensi 1. Mampu memahami berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya Jawa melalui menyimak cerita/ informasi dari berbagai media. III. Kompetensi Dasar 1.1 Memahami cerita atau berita yang dibacakan atau melalui berbagai media. IV. Indikator o Mengungkapkan kembali secara lisan isi/pesan pokok yang terdapat dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung o Mengungkapkan kembali secara tertulis isi/pesan pokok yang terdapat dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung secara runtut dan jelas o Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai- nilai budi pekerti dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung V. Tujuan Pembelajaran o Terampil menceritakan kembali cerita yang sudah didengar/ dibacakan. o Mampu menerima isi cerita yang diterima lewat media. o Mampu mengambil intisari pendidikan dari apa yang diterima lewat media elektronik atau media cetak. o Terampil membuat rumusan/ kesimpulan dari apa yang telah didengar/ dilihat lewat media cetak/ media elektronik.

Transcript of RPP Dhian

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)Nomor: 1

I. Identitas Mata PembelajaranMata Pelajaran: Bahasa, Sastra, dan Budaya JawaJenjang: SMK MUH 1TEMPELKelas/Program: XSemester: 1 (SATU)Alokasi Waktu: 2 x (1 x 45 menit)

II. Standar Kompetensi1. Mampu memahami berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya Jawa melalui menyimak cerita/ informasi dari berbagai media.

III. Kompetensi Dasar1.1 Memahami cerita atau berita yang dibacakan atau melalui berbagai media.

IV. Indikator1. Mengungkapkan kembali secara lisan isi/pesan pokok yang terdapat dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung1. Mengungkapkan kembali secara tertulis isi/pesan pokok yang terdapat dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung secara runtut dan jelas1. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam siaran siaran informasi dari media elektronik atau pembacaan teks langsung

V. Tujuan Pembelajaran Terampil menceritakan kembali cerita yang sudah didengar/ dibacakan. Mampu menerima isi cerita yang diterima lewat media. Mampu mengambil intisari pendidikan dari apa yang diterima lewat media elektronik atau media cetak. Terampil membuat rumusan/ kesimpulan dari apa yang telah didengar/ dilihat lewat media cetak/ media elektronik.

VI. Materi PembelajaranCerita Kethek Sing PinterKETHEK SING PINTER(Dening Sutarjo)

Dhek jaman biyen, ana kethek manggon ing wit jambu gedhe ing tengah alas. Uripe kethek mau seneng amarga anggone golek pangan ora perlu lunga adoh, amarga wit jambu mau wohe akeh.Ing sangisore wit jambu ana kedhung jero kang dienggoni baya sajodho, lanang wadon. Baya uga saba ing sangisore wit jambu golek gogrogan jambu.Kethek mau kekancan karo baya. Kekarone padha omong-omongan. Si kethek mangani jambu lan baya uga diuncali jambu rada akeh, nganti ora entek, banjur digawa bali kanggo oleh-oleh bojone. Sawijining dina baya wadon ngomong marang bojone, Kang, kethek kancamu iku pakanane saben dina jambu sing legi-legi. Mesthine daginge enak banget ya yen dipangan. Mendah gurihe! Baya lanang mangsuli, Si kethek kuwi kancaku, atine apik, seneng kekancan, gawene ngopekake jambu.Sejatine baya lanang ora tega, nanging bareng baya wadon kandha yen lagi nyidham ati kethek, mula baya lanang kepeksa nyaguhi, si kethek diundang pista. Si kethek mudhun saka wit jambu lan si baya minggir ngambang. Kethek mencolot menyang gegere si baya. Bareng tekan tengah kedhung sing jero, baya nggoling-nggoling. Kethek meh bae tiba, mula dheweke cekelan kenceng banget.Bareng carane arep mateni kethek ora kasil, baya blaka yen dheweke ngalap patine munyuk. Kethek sing pancen pinter lan sugih akal nemu cara kanggo golek slamet. Kethek kandha menawa atine ora digawa. Kethek lan baya bali marani wit jambu. Bareng tekan pinggir kali kethek terus menek wit jambu. Kethek slamet, dheweke ora gelem kekancan karo baya amarga kabecikene diwales ala!VII. Alat/Bahan/Sumber Pembelajaran Sumber Belajar: Dongeng Warna-warni, CD Kethoprak, Djaka Lodang, Mekarsari, dll. Alat Pembelajaran: Kaset rekaman cerita, buku Klumpukan Dongeng.

VIII.Langkah-langkah Pembelajaran Kegiatan PembelajaranTahapKegiatan

Pendahuluan Guru memberi tugas siswa untuk menyimak CD rekaman yakni kethoprak Kethek Sing Pinter

Kegiatan IntiElaborasi Siswa menceritakan hasil menyimak kethoprak Kethek Sing Pinter dengan bahasanya sendiri.Eksplorasi Secara bergiliran siswa dipilih tampil ke depan menceritakan dan menaruik kesimpulan dari cerita Kethek Sing PinterKonfirmasi Siswa mendiskusikan isi cerita

Penutup Guru bersama siswa menarik kesimpulan cerita Kethek Sing Pinter dari segi sastra, budaya dan budi pekerti.

IX. Penilaian dan Tindak lanjuta. Tehnik : Tes tulisb. Bentuk: Membuat kesimpulan tentang sebuah cerita kethoprakdongengc. Instrument: Kadamela dudutanipun cariyos Kethek Sing Pinter?d. Kunci Jawaban:Baya kaliyan kethek menka janipun kekancan, ananging karana baya wadon nyuwun atine ketehek mula baya lanang banjur nyaguhi apa sing dadi kekarepane baya wadon (amarga lagi nyidam). Ananging kethek uga ara kentekan akal, dheweke ngomong karo baya lanang yen atine ora digawa. Baya banjur tumuju ana ing pinggir lepen, kethek mau banjur mlumpat ning wit jambu, dheweke banjur slamet.Nilai-nilai budi pekerti: Ajining awak gumantung ana ing tumindhak, mula yen kekancan utawa paseduluran iku dijaga kanthi manah sing ikhlas, mundhak didohi kanca-kancane. Aja gampang nyaguhi samubarang bab sing ora becik, sinaosa iku saka bojone dhewe. e. PenilaianNama SiswaKesesuain isi kesimpulan dengan cerita yang sebenarnyaKetepatan penggunaan bahasa

Yogyakarta, Februari 2014Dosen Pembimbing,Mahasiswa

Mulyana, M.HumDhian Kartika Dewi

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)Nomor: 2

I. Identitas Mata PembelajaranMata Pelajaran: Bahasa, Sastra, dan Budaya JawaJenjang: SMK MUH 1 TEMPELKelas/Program: XSemester: 1 (SATU)Alokasi Waktu: 2 x (1 x 45 menit)

II. Standar Kompetensi1. Mampu memahami berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya Jawa melalui menyimak cerita/ informasi dari berbagai media.

III. Kompetensi Dasar1.2. Memahami geguritan yang dibacakan atau melalui berbagai media

IV. Indikator Mengartikan kata-kata sukar dalam geguritan tersaji Mengungkapkan keindahan geguritan Menceritakan kembali dengan kata-kata sendiri mengenai isi geguritan dalam bahasa Jawa ragam krama atau ngoko Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan

V. Tujuan Pembelajaran Mengidentifikasi kata-kata sukar dalam geguritan. Mengidentifikasi nilai-nilai yang terkandung dalam geguritan.

VI. Materi Pembelajaran Geguritan

GEGURITAN (PUISI JAWA GAGRAG ANYAR)

Geguritan

Gurita

Gerita

Gita (tegese lagu, syair, tembang)

Miturut kamus geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru lagu lan guru wilangan mboten ajeg.Miturut Subalidinata geguritan yaiku iketaning basa ingkang memper syair (syair Jawa gagrag anyar)

Paugeran (aturan) nyerat geguritan:1. Geguritan menika kalebet puisi Jawi bebas2. Tembung-tembungipun mboten kedah ngange basa Jawa Kuna, ananging pamilihing tembung ingkang menthes3. Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik4. Saben setunggal irah-irahan saged dumadi 1 pada/ larik, ingkang baku maknanipun manunggal

4 syarat menawi badhe damel geguritan:1. Tema yaiku idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan2. Diksi yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan3. Sarana Retorika yaiku alat kangge ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing geguritan4. Amanat utawi pesen ing geguritan

Titikane/Ciri-cirine Geguritan:1. Tembung-tembunge singkat2. Mentes3. Padhet4. Bisa nggunakake purwakanthi5. Ora nggunakake metrum/ paugeran kayadene macapat

Enem laku minangka tuntunan mekarake kreativitas:1. Nglatih tanggap sasmita2. Nangkep ilham3. Ngetokake tembung pisanan kang bisa nuntun tembung sateruse4. Ngolah tembung5. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau6. Nyeleksi tembung

Caranipun damel Geguritan:1. Nemtokaken tema2. Milih irah-irahan ingkang sae3. Milih tembung ingkang sae lan mentes4. Antawisipun judul lan tema wonten sambungipun5. Saged migunakaken purwakanthi

Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan:1. wicara : basa, pocapan/ lafal2. Wirama : lagu/ irama3. Wirasa : penjiwaan 4. Wiraga : solah/ gerak, pasemon/ raut muka

VII. Alat/Bahan/Sumber Pembelajaran Sumber Belajar: LKS, CD Geguritan, Antologi Geguritan,Djaka Lodang, dll. Alat Pembelajaran: Tape recorder, LCD, VCD Player, membacakan secara langsung.

VIII.Langkah-langkah Pembelajaran Kegiatan PembelajaranTahapKegiatan

Pendahuluan Informasi guru tentang pentingnya mengenal geguritan.

Kegiatan IntiElaborasi Siswa membacakan geguritan dengan intonasi yang tepat Menanggapi isi geguritanEksplorasi Memparafrasekan geguritanKonfirmaasi Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti

Penutup Guru dan siswa dapat menyimpulkan nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan bertema kepahlawanan

IX.Penilaian dan Tindak lanjuta. Tehnik : Tes tulisb. Bentuk: membuat parafrase geguritan (puisi ke prosa)c. Instrument: Kadamela parafrasenipun geguritan ing ngandhapmenika?

Katur Bapak IbuDening Damaika SaktianiDhuh Bapak Ibu,Samono gedhene tresnamu marang anakmu ikiNganti aku ora mangertiKudu kepriye atur panuwunkuMarang Bapak lan IbuSatenane,Rasaku abot temenanKudu lunga adoh saka Bapak lan IbuNanging, kanthi donga lan pangestumuSaiki, aku ana ing kuthaMbuh kapan bali aku ora ngertiDhuh Bapak IbuKaya ngapa rasaku ikiYen eling marang pasuryanmuLuhku tumetesLan pambengokku ing jroning kalbuBapak-Ibu, aku kepengin baliAku kepengin ndang ketemuAtiku wus tansaya rindu (Djaka Lodhang, edisi 17 Maret 2007)d. Kunci Jawaban:Putra ingkang nembe nyambut damel ing paran, tebih saking tiyang sepuhipun. Ngraosaken raos ingkang sedhih utawi susah, amargi naming kaliyan bapak lan ibunipun piyambake nguda rasa. Nanging minangka anak ingkang kedah bekti kaliyan tiyang sepuh kedah paring bebungah dhateng tiyang sepuh inggih menika saged migunani tumrap sesami (makarya).

e. PenilaianNama SiswaKesesuain isi parafrase dengan geguritanKetepatan penggunaan bahasa

Yogyakarta, Februari 2014Dosen Pembimbing,Mahasiswa,

Mulyana, M. HumDhian Kartika Dewi.

PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)Nomor: 3

I. Identitas Mata PembelajaranMata Pelajaran: Bahasa, Sastra, dan Budaya JawaJenjang: SMK MUH 1 TEMPELKelas/Program: XSemester: 1 (Satu) Alokasi Waktu: 2 x (1 x 45 menit)

II. Standar Kompetensi2. Mampu mengungkapkan pikiran atau gagasan dalam berbagai bentuk wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya Jawa.

III. Kompetensi Dasar2.1 Menceritakan berbagai pengalaman dengan menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan konteksnya.

IV. Indikator Menyampaikan secara lisan pengalaman pribadi (yang lucu, menyenangkan, mengharukan, dsb.) dengan pilihan kata dan ekspresi yang sesuai dengan tingkat tutur ngoko dan tau krama Menanggapi pengalaman pribadi yang disampaikan teman dengan bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama

V. Tujuan Pembelajaran Siswa dapat mengungkapkan gagasan atau ide pikiran dengan bahasa ngoko atau krama Siswa dapat menyimpulkan cerita yang diceritakan orang lain. Siswa dapat mengidentifikasi nilai-nilai budi pekerti.

VI. Materi Pembelajaran Cerita tentang pengalaman lucu, menyenangkan, mengharukan, dsb.

WONG EDANSawijining dina iku aku momong putrane paklikku, sing lagi rong taun jenenge Lan. Lan takjak numpak pit dolan neng daleme pakdheku. Tekan kana aku lan keluargane pakdhe banjur padha ngobrol ngalor ngidul sinambi ndolani Lan neng ratan wetan omahe pakdheku.Lagi seneng-seneng ngobrol sinambi dolanan, dumadakan ning ratan sisih lor, kurang luwih 30 meter saka anggonku ngobrol ana mobil mandheg. Mbok menawa tamune tanggaku. Lan banjur ngajak aku nonton mobil kuwi, nanging aku ora gelem. Lan takapusi yen mobil kuwi nggawa wong edan. Nanging ora ngandel, Lan tetep meksa nonton mobil. Tinimbang nangis aku nuruti karepe Lan. Sisan karo mulih pikirku. Lan banjur takjak numpak pit maneh. Saya suwe olehku numpak pit saya cedhak karo panggonane mobil mandheg kuwi, Lan banjur takon.Endi mabk wong edane?Kae lho neng njero mobil, wangsulanku karo tetep numpak pit. Ora krasa pas njawabngono kuwimau pitku wis ana jejere mobil mau. Cilakane, jebul ana njero mobil kuwi pancen ana wonge.Kae mbak wong edane?Kandhane lan sinambi nudingi Pak Supir sing ana njero mobil, gek ndilalah suwarane Lan rada seru.Sanalika anggonku ngepit tak kebut, ben cepet tekan ngomah amarga Pak Sopir ana ing njero mobil methenthemg kaya wong nesu. Untunge Pak Sopir ora ngoyak aku, lha yan nesu tenan rak yo kojur. Karepe mung arep ngapusi cah cilik, jebul malah dipenthelengi wong.

VII. Alat/Bahan/Sumber Pembelajaran Sumber Belajar: LKS, Majalah Djaka Lodang, Mekar Sari, dll. Alat Pembelajaran: Buku cerita VIII.Langkah-langkah Pembelajaran Kegiatan PembelajaranTahapKegiatan

Pendahuluan Siswa menjawab pertanyaan guru mengenai jenis-jenis micara dengan berbagai keperluan atau tujuan micara

Kegiatan IntiElaborasi Siswa mendengarkan informasi dari guru mengenai pengertian dan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam micaraEksplorasi Setiap siswa maju ke depan kelas untuk menceritakan pengalaman yang berkesan dengan menggunakan bahasa Jawa ragam tutur krama

Penutup Siswa menyimpulkan aspek-aspek yang harus diperhatikan dalam micara dan menyimpulkan nilai-nilai budi pekerti atau pelajaran yang dapat diambil dari berbagai pengalaman yang telah diceritakan di depan kelas

IX.Penilaian dan Tindak lanjuta. Tehnik : Tes tulisb. Bentuk: Membuat cerita pengalaman pribadhic. Instrumen: Kadamela cariyos pengalaman pribadhi (saged lucu,haru, seneng, utawi susah?d. Kunci Jawaban: Sumangga (masing-masing anak berbeda)e. Penilaian

Nama SiswaKelengkapan apa, siapa, dimana, mengapa, kapan, dan bagaimanaKetepatan penggunaan bahasa

Yogyakarta, Februari 2014Dosen Pembimbing,Mahasiswa,

Mulyana, M.HumDhian Kartika DewiRENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)Nomor: 4

I. Identitas Mata PembelajaranMata Pelajaran: Bahasa, Sastra, dan Budaya JawaJenjang: SMK MUH 1 TEMPELKelas/Program: XSemester: 1 (SATU) Alokasi Waktu: 2 x (1 x 45 menit)

II. Standar Kompetensi3. Memahami isi berbagai wacana tentang bahasa, sastra dalam kerangka budaya Jawa.

III. Kompetensi Dasar3.1 Melagukan dan memahami ajaran moral tembang macapat

IV. Indikator Melagukan tembang Macapat Mengartikan kata-kata sukar yang ada dalam tembang Macapat Mengidentifikasi metrum tembang Macapat Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam tembang Macapat Membuat parafrase tembang Macapat tersaji.

V. Tujuan Pembelajaran Siswa dapat mengidentifikasi tembang macapat Siswa dapat mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti

VI. Materi Pembelajaran Melagukan salah satu jenis tembang macapat

TEMBANG MACAPATI. PangertosanSekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan sawanten (Padmosoekotjo, 1960:25)Sekar macapat inggih menika sekar ingkang kaping papat (sekawan)Waosan sekar I: maos sekar ageng sapadeswara (sapada/ kalih padadirga) II: maos sekar ageng setunggal pada dirga (kalih pada pala/ gatra) III: maos sekar tengahan IV: maos sekar alit (macapat)Adhedhasar lagunipun sakawit sekar macapat menika kalagokaken kanthi lagu maos. Pramila sekar macapat ugi wonten ingkang mastani maca cepet. Wonten ugi ingkang mastani anggone maca papat-papat inggih menika sekawan wanda-sekawan wanda.

II. Timbulipun Sekar MacapatSekar Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi Tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.

III. Paugeran Sekar MacapatPaugeranipun sekar Macapat wonten tiga ingih menika:a. Guru gatrayaiku gunggungipun larik ing saben padab. Guru wilanganyaiku gungungipun wanda saben larik/ gatrac. Guru laguyaiku dhawahing swanten vokal ing pungkasaning gatraGunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika 1.Mijil,7. Maskmambang,2. Kinanthi, 8. Durma, 3. Sinom, 9. Pangkur, 4. Asmarandana, 10. Megatruh, 5.Dhandhanggula11. Pocung.6. Gambuh, Tembang macapat menika minangka pralambang gesanging manungsa wiwit lair dumugi mati. Manungsa lair ing ngalam donya metu saka guwa garba (MIJIL) nalika isih cilik kudu dituntun utawa dikanthi (KINANTHI) yen wis rumaja (SINOM) duwe rasa tresna utawa aweh katresnan marang wong liya (ASMARANDANA).Sing lagi nandhang tresna swasanane katon endah lan manis (DHANDHANGGULA) sawise mengku kulawarga kudu ngerti (GAMBUH) marang prakaraning urip. Manawa wis tuwa uripe bakal ngambang (MASKUMAMBANG) mikirake donya lan akherat. Tambah tuwa saya mundur (DURMA) mungkur ing kadonyan (PANGKUR) ngadhepi akherat mula gentur ngibadahe. Sawise mati ateges pegat ruhe (MEGATRUH). Banjur dibuntel utawa dipocong (POCUNG).

IV. Konvensi Sekar Macapata. Baliswara yaiku rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran awit kangge njangkepi guru laguTuladha: Anoman sampun malumpat Anoman malumpat sampun (kinanthi)b. Daya sastrayaiku ngicali aksara irung (hanuswara) kangge njangkepi guru wilangan. Daya sastra limrahipun dumadi ing sekar Macapat seratan Jawi.Tuladha: Ing Serat Abimanyu KeremSemar (ng)guguk, nabda: Bangsat teka n(dlarung), katanggor wong nekad, (m)baludhus tan wruh ing isin, lah rasakna yen prakteng wisma tak ajar.c. Plutan saha Wancahanyaiku ginanipun kangge nyuda guru wilangan amrih jangkep. Plutan: sru, mlas, lyan, wruh. Wancahan: gung, kang, ywa.d. Uluranyaiku nambah aksara hanuswara, vokal a, utawi ma. Kados (m)bludhus dados (m) baludhus, nangis dados anangis, mijiki dados hamijiki, lsp. Uluran kangge nambah guru wilangan amrih jangkep.e. Sandi/ garbayaiku kangge nyuda guru wilanganTuladha:nara + iswari = nareswariratu + agung = ratwagunglebda + ing = lebdengf. Sandiasmayaiku asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting sekar. Sandiasma saged mapan ing awal pupuh, awal pada, awal gatra, pedhotan, wanda awal tembung, gatra, akhir gatraTuladha: ing Serat AjipamasaRA-sikaning sarkara kaesthi,DEN-nya kedha mamardi mardawa,NGA-yawara puwarane,BE-la-belaning kalbu,

I-nukarta niskarteng gati,RONG-as rehing ukara,Ga-garanirantuk,WAR-ta wasitaningkuna,SI-nung tengran:sembah trus kaswareng bumiTA-litining caritag. Sengkalanyaiku tetenger taun ingkang sinawung tembung salebeting sekar. Kados sengkalan ing nginggil Semabh trus kaswareng bumi= (1791). V. Anasir Sekar Macapata. Dendha keratacaranipun nyekaraken sekar Macapat winastan dendha kerata, tegesipun cetha, mboten bindheng, mboten blero, las-lasan, lugu, bares, prasaja, mboten kekathahen laku-luk, cengkok, utawi wilet, awit kedah ngengeti suraosing sekar ingkang nembe kawaos.b. Andhah saha nung sawarayaiku luk swanten kadhawahaken ing wanda pungkasaning gatra. Dene anung swara yaiku luk swanten kadhawahaken ing setunggal wanda saderengipun pungkasaning gatra.Tuladha: Ingkang becik martabate = (andhah swara)Sapa ta kang palakrami, c. PedhotanPedhotan wonten kalih werni yaiku pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho mboten munggel wanda ing salebeting tembung. Pedhotan kenceng munggel wanda ing tembung.Tuladha: Kang aran - bebuden luhur, (pedhotan kendho) Dudu pangkat - dudu ngelmi, (pedhotan kendho) Uga dudu kapinteran, (pedhotan kendho) Lan dudu pa ra winasis,(pedhotan kenceng) Apa maneh kasugihan,(pedhotan kendho) Nanging mung sucining ati(pedhotan kendho)d. AndheganYen pedhotan menika mapan ing tembung, dene andhegan mapan ing pungkasaning gatra. Andhegan menika wonten tiga: andhegan wantahyaiku mapan ing pungkasaning gatra, suraosung gatra dereng jangkep. Andhegan wantah menika dumados saking setunggal gatra. andhegan alityaiku mapan ing gatra, suraosing gatra saged mapan sanadyan dereng setunggal pada. Andhegan alit saged dumados saking setunggal gatra utawi langkung. andhegan agengyaiku mapan wonten ing pungkasaning pada, dene suraosing sekar sampun jangkep. Andhegan ageng dumados saking setunggal pada.e. Padhang saha UlihanAndhegan wantah limrah sinebat padhang awit dreng paripurna, suraosing dereng jangkep. Dene andhegan ageng winastan ulihan, suraosing sekar sampun jangkep. Padhang mapan ing pungkasaning gatra, dene ulihan ing pungkasaning pada (Prawiradisastra, 1996: 42).f. Wiramayaiku wirama ing sekar Macapat limrahipun wirama merdika, mboten ajeg.g. Rerengganing sekar Macapat1) Wiletyaiku variasi titi laras wonten ing pangolahing cengkok2) Cengkokyaiku rerangkening titi laras kangge ngolah lagu3) Lukyaiku andhah swara saha nung swara4) Gregelyaiku luk ingkang cepet5) Sliringyaiku mineur, vals, penyimpangan saking skala nadah. Watak saha ginanipun Sekar Macapat:Nama SekarWatakGinanipun

Mijilasih, prihatin, pangajabmulang tiyang ingkang nembe prihatin

Kinanthiseneng, asih, kasmaranmituturi, pratelan tresna, mulang

Sinomethes, prasajapiwulang, wewarah

Asmaradanatresna, sedhih, sengsemnggambaraken kakesitan, mulang, tresna

Dhandhanggulaluwes, gumbira, endhahmahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok

Maskumambangnelangsa, ngeres-eresi, sedhihmahyakaken raos panalangsa

Durmakeras, nepsu, semangatnggambaraken tiyang nepsu, perang

Pangkursereng, nepsu, gandrungpitutur radi srengen, gandrung

Pocungsembrana, parikena, lucucangkriman, crita lucu, guyon

Gambuhsumanak, sumadulurmulang, pitutur

Megatruhprihatin, getun, keduwung, sedhihcariyos ingkang sedhih, getun

Balabaksembrana, saenake, lucuguyonan sakepenake, sembrana

WirangwongWibawamahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang

Girisagagah, wibawa, wanti-wantipiwulang, kasepuhan

Jurudemungkenes (genit)mancing brahi

VI. Struktur Tembang Macapat:

Nama TembangGatra

IIIIIIIVVVIVIIVIIIXX

Mijil10 i6 o10 e10 i6 i6 u

Kinanthi8 u8 i8a8 i8a8 i

Sinom8a8 i8a8 i7 i8 u7a8 i12a

Asmaradhana8 i8a8 e/o8a7a8u8a

Dhandhanggula10 i10a8 e7 u9 i7a6 u8a12 i7a

Maskumambang12 i6a8 i8a

Durma12a7 i6a7a8 i5a7 i

Pangkur8a11 i8 u7a12 u8a8i

Gambuh7 u10 u12 i8 u8 o

Megatruh12 u8 i8 u8 i8 o

Pocung12 u6a8 i12a

VII. Alat/Bahan/Sumber Pembelajaran Sumber bahan: Djaka Lodhang, Mekar Sari, LKS, Buku Kumpulan Tembang Macapat, CD Tembang Macapat, dll. Alat Pembelajaran: LCD, VCD Player, CD Tembang Macapat.

VIII.Langkah-langkah Pembelajaran Kegiatan PembelajaranTahapKegiatan

Pendahuluan Guru memberikan tugas kepada siswa untuk membaca syair tembang macapat Pangkur.

Kegiatan IntiElaborasi Siswa mampu memahami ajaran moral dalam tembang macapat PangkurEksplorasi . Siswa dapat mengungkapkan ajaran moral yang terkandung dalam tembang macapat Pangkur.Konfirmasi Siswa dapat menyebutkan jenis tembang macapat

Penutup Guru dan siswa dapat menyimpulkan ajaran moral yang terkandung dalam tembang macapat Pangkur.

IX.Penilaian dan Tindak lanjuta. Tehnik : Tes lisanb. Bentuk: Melagukan dan mengungkapkan isi salah satu jenistembang macapatc. Instrumen: Tembang ing ngandhap menika katembangna kanthi trepkaliyan titilarasipun, saha kaandharna wosing sekarPangkur kasebat!d. Kunci: Sumangga

Sekar Macapat Pangkur, Lrs. Pl. Pt. Nem

3 5553333mang-ko-nongel-mukangnya-ta355z5c6111233z2x.x1x2x.c1sa-nya-ta-nemungwehre-sep-inga- ti56!!!!@z!c@bu-ngahing-a-ran-ancu-bluk!6555z5x.c6z4x.x5x6x.c5su- kengtyasyenden- i- na355z5x.c61 1 1 11z2x.x1c233no- raka-yaSi Pung-gung ang-gunggum-rung- gungy1111111u- gung-ansa-di-na-di-na1231233z2x.x1x2x.c1a- jamang-ko-nowongu- ripcakepan sanes:6. Uripe sepisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene paksa kumaki.(Serat Wedhatama, pupuh Pangkur pada 5-6 anggitan Dalem KGPAA. Mangkunegara IV)

Yogyakarta, Februari 2014Dosen Pembimbing,Mahasiswa,

Mulyana, M. Hum.Dhian Kartika Dewi.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN(RPP)Nomer 2

1. Identitas Mata PelajaranMata Pelajaran: Bahasa, Sastra, dan Budaya JawaJenjang: SMK MUH 1 TEMPELKelas/Program: XISemester: 1 (SATU)Alokasi Waktu: 1 x 45 menit1. Standar Kompetensi0. Mengungkapkan gagasan dan pendapat berbagai wacana lisan sastra dan budaya Jawa1. Kompetensi Dasar1.2.Menyimak, memahami dan menanggapi campursari melalui berbagai media.1. Indikator1. Mendefinisikan tembang campursari1. Menyatakan pendapat mengenai tembang campursari berjudul Prau layar1. Melagukan tembang campursari berjudul Prau layar1. Tujuan PembelajaranSetelah mengikuti pembelajaran ini, diharapkan siswa dapat :1. Mendefinisi tembang campursari dengan tepat1. Menanggapi tembang campursari yang dinyanyikan1. Melagukan tembang campursari1. Materi Pembelajaran1. Video klip tembang campursari berjudul Prau layar1. Pangertosan campursariCampursari inggih menika lelagon Jawa ingkang ngawrat pinten-pinten aspekseni. Campursari kalebet lelagon amargi anggenipun maos utawi nembang sagedkanthi cara dipunlagokaken (kanthi solah bawa). Lelagon ingkang asring dipunanggecampursari saged wujud macapat, langgam, gendhing, lagu dolanan, tembang gedhe, lsp.Lelagon campursari menika boten gadhah aturan ingkang baku utawi gumathok, ingkang mesthi saged damel gumyak kaliyan seneng ingkang mirengaken, ugi saged kangge nglelipur manah. Cakepanipun ugi prasaja kaliyan gampil dipunapalaken, dipunremeni dening para mudha kaliyan sepuh, malah kepara dipunremeni lare-lare.Penyanyi utawi paraga ingkang nglagokaken dipuwastani wiraswara utawiswarawati. Penyanyi ingkang kondhang utawi misuwur kadosta: Manthous, DidiKempot, Waljinah, Sony Joss, lsp. Isinipun lelagon campursari saged manekawarni,umpaminipun nggambaraken katresnan, papan wisata, susahing manah, lelucun lsp.1. Teks tembangPRAU LAYARyuk kanca neng gisik gembiraalerap -lerap banyune segaraangliak numpak prau layaring dina minggu keh pariwisataalon praune wis nengahbyak byuk byakbanyu tinelahora jemu-jemu karo mesem ngguyungilangake rasa lungkrah lesuadik njawel mas jebul wis sorewiting kelapa katon ngawe-aweprayogane becik bali waedene sesuk esuk tumandang nyambut gawe1. Metode Pembelajaran1. Ceramah: Apersepsi mengenai tembang campursari1. Praktek: Siswa menyanyikan tembang campursari secara kelompok dan individu1. Langkah-langkah Pembelajaran

No.Kegiatan PembelajaranAlokasi Waktu

A.Pendahuluan :1. Guru bersama siswa mengawali pelajaran dengan mengucapkan salam dan berdoa dan dilanjutkan mengabsen siswa.1. Guru memberi apersepsi berupa pertanyaan tentang campursari.2 menit

B.Inti :Elaborasi 1. Siswa menyimak tembang campursari1. Siswa menyebutkan pengertian campursariEksplorasi 1. Secara bersama-sama siswa menyayikan tembang campursari didampingi oleh Guru1. Salah satu siswa diminta menyanyikan tembang campursari di depan kelasKonfirmasi 1. Siswa lain memperhatikan dan memberi apresiasi40 menit

C.Kegiatan Akhir :1. Guru memberi tugas kepada siswa untuk mencarai pesan moral yang terkandung dalam tembang campursari berjudul Prau layar1. Siswa menyampaikan kesan dengan menggunakan bahasa yang baik dan benar terhadap pembelajaran yang baru saja berlangsung sebagai kegiatan refleksi3 menit

1. Media, Alat, dan Sumber Belajar1. Media Pembelajaran1. Kertas fotocopy berisi materi1. Media player yang menampilkan video klip tembang campursari1. Alat1. Whiteboard1. Spidol1. laptop1. Speaker active1. LCD proyektor1. Sumber Belajar1. http://kanagaartikeldanmakalah.blogspot.com/2011/01/kelas-x-wulangan-2.html, 06-07-2011, 20.30 WIB.1. http://www.youtube.com/watch?v=9E777yCgZL0, 06-07-2011, 20.45 WIB.

1. PenilaianIndikatorRentangan NilaiInstrumenBentuk Tes

2. MendefinisikanTembang campursari

2. Meyatakanpendapat mengenai tembang campursari

2. Melagukan tembang campursari berjudul Prau layar0 25

0 25

0-50

Menapa ingkang dipunsebut tembang campursari?

Miturut para siswa, kadospundi tembang macapat ingkang judul Prau layar menika?

Praktekaken tembang Prau layar menika kanthi sae!Pertanyaan Lisan

Pertanyaan Lisan

Praktek

Jumlah100

Kunci Jawaban6. Menapa ingkang dipunsebut tembang campursari?1. Campursari inggih menika lelagon Jawa ingkang ngawrat pinten-pinten aspek seni, boten gadhah aturan ingkang baku utawi gumathok, salajengipun campursari ingkang mesthi saged damel gumyak kaliyan seneng ingkang mirengaken, ugi saged kangge nglelipur manah.6. Miturut para siswa, kadospundi tembang macapat ingkang judhul Prau Layar menika?1. Tembang prau layar menika nggambaraken kawontenan wonten ing daerah pesisir.1. Tembang menika sampun sae, awit saking cakepanipun kaliyan tarianipunYogyakarta, Februari 2014Dosen Pembimbing,Mahasiswa,

MUlyana, M. Hum.Dhian Kartika Dewi.