Pranatacara b Jawaada

2
Assalamu´alaikum Warahmatullohi Wabarokatuh Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,para tamu undangan ingkang satuhu kinurmatan sarta para rawuh ingkang kinabekten,langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken syukur kit wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring mapinten- pinten kanikmatan dhateng kula panjenengan sedaya,saengga dumugi titi wanci siang menika kita taksih pinaringan kawilujengan ing sadayanipun.shalawat sarta salam mugi tansah tumanduk wonten ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu- antu syafaatipun mangke ing Yaumul Qiyamah. Salajengipun kula minangka panatacara badhe angaturaken rantaman adicara Syawalan 1433H ingkang badhe kaandhar samangke: 1.Pambuka 2.Sesorahahipun Pangrsaning Panitia ngiras katrangan bab Syawalan 3.Ikrar Syawalan 4.Sesalaman utawi Halal Bihalal 5.Panutup. Pramila saking menika, sumangga adicara menika kabikak kanthi waosan basmalah,matur nuwun.tumapan adicara candhakipun inggih menika sesorahipun pangarsaning panitia.Wekdal saha papan kula aturaken.sumangga…………………… Tumuten kalajengaken adicara salajengipun inggih menika Ikrar syawalan.Wekdal saha papan kula aturaken.sumangga…………………………………………………………. Saksampunipun pratignya Syawalan menika Adicara salajengipun inggih menika Sesalaman, mangga kita sedaya sami sesalaman minagka cihnaning halal bihalal. Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya , purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung

description

adad

Transcript of Pranatacara b Jawaada

Page 1: Pranatacara b Jawaada

Assalamu´alaikum Warahmatullohi Wabarokatuh

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan,para tamu undangan ingkang satuhu kinurmatan sarta para rawuh ingkang kinabekten,langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken syukur kit wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring mapinten- pinten kanikmatan dhateng kula panjenengan sedaya,saengga dumugi titi wanci siang menika kita taksih pinaringan kawilujengan ing sadayanipun.shalawat sarta salam mugi tansah tumanduk wonten ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kita antu- antu syafaatipun mangke ing Yaumul Qiyamah.

Salajengipun kula minangka panatacara badhe angaturaken rantaman adicara Syawalan 1433H ingkang badhe kaandhar samangke:

1.Pambuka

2.Sesorahahipun Pangrsaning Panitia ngiras katrangan bab Syawalan

3.Ikrar Syawalan

4.Sesalaman utawi Halal Bihalal

5.Panutup.

Pramila saking menika, sumangga adicara menika kabikak kanthi waosan basmalah,matur nuwun.tumapan adicara candhakipun inggih menika sesorahipun pangarsaning panitia.Wekdal saha papan kula aturaken.sumangga…………………… Tumuten kalajengaken adicara salajengipun inggih menika Ikrar syawalan.Wekdal saha papan kula aturaken.sumangga…………………………………………………………. Saksampunipun pratignya Syawalan menika Adicara salajengipun inggih menika Sesalaman, mangga kita sedaya sami sesalaman minagka cihnaning halal bihalal.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya , purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Para rawuh ingkang kinurmatan, Adicara salajengipun inggih menika panutup, minangka pratandha panutuping adicara siang punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

wassalamu´alaikum Warahmatullohi Wabarokatuh

Nama : Muh Hafiz VS

Kelas/no : XI A 1/23