Pidato kemerdekaan 17 agustus bhs. jawa

2
Kemerdekaan 17 Agustus Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh. Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping;……Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur. Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki. Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu- lintunipun. Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia. Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun : “Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.”

Transcript of Pidato kemerdekaan 17 agustus bhs. jawa

Page 1: Pidato kemerdekaan 17 agustus bhs. jawa

Kemerdekaan 17 Agustus

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken

raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun

arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan

bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang

kaping;……Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur.

Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw.,

keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun

ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat

beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi

nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo

selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan

pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih

meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu- lintunipun.

Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus

ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan

pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken

kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo

lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.

Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun

lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang

paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito

sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi

dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun :

“Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah.

Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal

adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.”

Page 2: Pidato kemerdekaan 17 agustus bhs. jawa

Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati.

Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki supoyo mados

sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang

bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan. merintah marang ingkang sahe lan nyegah

saking keawonan. Milo saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade

langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil

lan makmur sedoyo masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur’an. serat Al

A’raaf, ayat 96, ingkang artosipun :

“Lan Lamon penduduk deso utowo negoro iku podho iman lan takwa marang Allah, Allah bakal

nurunaken berkah (rizeki songko langit lan bumi, nanging menowo penduduk deso mahu podho

durhoko, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah

bakal nurunaken sikso marang penduduk mahu, koyo mengkono iku keran-ten lelampahanipun

deweke kabeh.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahma-tullahi Wabarakaatuh.