Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci...

20
Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika) Meriya Puspitasari Pembimbing: Prof, Dr Udjang Pairin M. Basir, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak Antologi geguritan BTG mujudake kasusastran kang diripta dening pangripta utawa sastrawan wadon. Kahanan urip bebrayan kang dideleng saka pangrasane sastrawan wadon tamtune beda yen dibandhingake sastrawan lanang kaya padatane. Pangaruh kahanan sosial, daya kratifitas lan imajinasine dadi bab sing narik kawigaten panliti kanggo ngonceki antologi geguritan BTG iki lumantar wadhah sawijine panliten. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif yaiku panliten kang medharake kasunyatan utawa tandha-tandha kang empiris lan tuwuh saka kedadeyan sumber pancelathon utawa panutur. Sumber dhata panliten iki yaiku saka geguritan kanthi cacah 11 sajrone antologi, dikumpulake kanthi cara nyathet gaguritan kang nggunakake fonologi, morfologi, sintaksis, semantik lan lelewane basa sing selaras. Saka andharan ing ndhuwur, perkawa utama sajrone panliten iki yaiku (1) kepriye diksi sajrone antologi geguritan BTG? (2) kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG? (3) kepriye makna sajrone antologi geguritan BTG?. Adhedasar rumusan masalah kasebut bisa didudut yen tujuwan panlitene yaiku (1) nuduhake diksi sajrone antologi geguritan BTG (2) nemokake lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG (3) nemokake makna sajrone antologi geguritan BTG. Saka asil pnliten iki yaiku njlentrehake penganggone diksi lan lelewane basa kang diperang dadi purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan konsonansi. Banjur titi tembung utawa bab morfologis kang ana sajrone geguritan tersebut yaiku ater-ater, seselan, panambang lan konfiks, tembung rangkep kang diperang dadi dwilingga padha swara lan dwilingga salinswara, sing pungkasan yaiku tembung camboran. Ing bab titi ukara diperang dadi pemendekan, inversi, antonym, sinonim, teges entar lan hiponim. Bab pencitraan diperang dumadi citraan pangambu, citraan pangrungu, citraan pandulu lan citraan pangecap. Tembung Wigati: geguritan, stilitiska, diksi, lelewane basa. PURWAKA Landhesane Panliten Kaendahan kasusastran diwujudkake pangripta lumantar basa kang digunakake bisa kanti tulisan lan lisan. Pangripta anggone ngripta karya sastra nduweni cara kang beda-beda sajrone ngandharake panemune. Tujuwane 1

description

Jurnal Online Universitas Negeri Surabaya, author : MERIYA PUSPITASARI

Transcript of Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci...

Page 1: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita

( Tintingan Stilistika)

Meriya Puspitasari

Pembimbing:

Prof, Dr Udjang Pairin M. Basir, M.PdPendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa)

Fakultas Bahasa dan SeniUniversitas Negeri Surabaya

Abstrak

Antologi geguritan BTG mujudake kasusastran kang diripta dening pangripta utawa sastrawan wadon. Kahanan urip bebrayan kang dideleng saka pangrasane sastrawan wadon tamtune beda yen dibandhingake sastrawan lanang kaya padatane. Pangaruh kahanan sosial, daya kratifitas lan imajinasine dadi bab sing narik kawigaten panliti kanggo ngonceki antologi geguritan BTG iki lumantar wadhah sawijine panliten.

Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif yaiku panliten kang medharake kasunyatan utawa tandha-tandha kang empiris lan tuwuh saka kedadeyan sumber pancelathon utawa panutur. Sumber dhata panliten iki yaiku saka geguritan kanthi cacah 11 sajrone antologi, dikumpulake kanthi cara nyathet gaguritan kang nggunakake fonologi, morfologi, sintaksis, semantik lan lelewane basa sing selaras.

Saka andharan ing ndhuwur, perkawa utama sajrone panliten iki yaiku (1) kepriye diksi sajrone antologi geguritan BTG? (2) kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG? (3) kepriye makna sajrone antologi geguritan BTG?. Adhedasar rumusan masalah kasebut bisa didudut yen tujuwan panlitene yaiku (1) nuduhake diksi sajrone antologi geguritan BTG (2) nemokake lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG (3) nemokake makna sajrone antologi geguritan BTG.

Saka asil pnliten iki yaiku njlentrehake penganggone diksi lan lelewane basa kang diperang dadi purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan konsonansi. Banjur titi tembung utawa bab morfologis kang ana sajrone geguritan tersebut yaiku ater-ater, seselan, panambang lan konfiks, tembung rangkep kang diperang dadi dwilingga padha swara lan dwilingga salinswara, sing pungkasan yaiku tembung camboran. Ing bab titi ukara diperang dadi pemendekan, inversi, antonym, sinonim, teges entar lan hiponim. Bab pencitraan diperang dumadi citraan pangambu, citraan pangrungu, citraan pandulu lan citraan pangecap.

Tembung Wigati: geguritan, stilitiska, diksi, lelewane basa.

PURWAKA Landhesane Panliten

Kaendahan kasusastran diwujudkake pangripta lumantar basa kang digunakake bisa kanti tulisan lan lisan. Pangripta anggone ngripta karya sastra nduweni cara kang beda-beda sajrone ngandharake panemune. Tujuwane kanggo narik kawigatenane pamaos, supaya maca lan seneng marang karya sastrane. Kasusastran nggunakake reroncene tembung lan lelewane basa kang nduweni tembung-tembung piliyan. Tembung-tembung pilyan kasebut nduweni lelewa utawa style. Style yaiku cara ngandharake bab kanthi cara tartamtu, saengga apa kang dadi tujuwane panulis bisa kagayuh kanthi sampurna (Ratna, 2013:3)

Basa mujudake medium utawa sarana utama kanggo sastra, lan ora ana sastra tanpa basa (Ratna, 2009:148). Sajroning kasusastran, basa digunakake kanggo medharake isining sastra kanthi nggunakake

paugeran tartamtu. Kayadene nggunakake pamilihaning tembung lan lelewaning basa. Basa kang digunakake sajroning reriptan sastra, mligine geguritan, ora mung nganggo basa lumrah utawa basa pedinan nanging uga nganggo basa endah kang ngandhut lelewaning basa. Pamilihane tembung lan lelewane basa mujudake unsur kang aweh nilai estetis.

Guritan mujudake sawijining ekspresi pikiran kang nuwuhake rasa pangrasa, sing ngrangsang imajinasi-ne pancadriya, kanthi trap-trapan kang adhedhasar rasa (Pradopo, 1997: 7). Sajroning guritan sing maneka warna isine, nggambarake kahanane panguripan jaman saiki kang kebak prakara, kaya dene prakara sosial religi, sosial tradisi, ajaran moral gegayutan karo pangupajiwa, adat-istiadat, lan liya-liyane.

Salah sawijine antologi geguritan kang ngandharake tema prakara sosial religi lan tradisi sarta

1

Page 2: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

ajaran moral gegayutan karo pangupajiwa yaiku antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita. Antologi geguritan kasebut mujudake kumpulan-kumpulan guritan kang nduweni tema kang beda-beda, senajan beda-beda temane nanging tetep manunggal isine. Antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar iki kandele 148 kaca kang diterbitkake dening Elmatera publishing taun 2010. Antologi kasebut isine kaperang dadi 11 bab, saben bab nduweni cacah geguritan kang beda-beda. Cacah geguritan kabeh ana 143, sajrone antologi guritan Bakal Terus Gumebyar (sebanjure BTG).

Saka andharan kasebut antologi geguritan iki nduweni maneka warna tema. Saliyane iku antologi geguritan BTG weneh gegambaran donyane wanita sepuh sing taberi marang kabudayan Jawa kang gegayutan karo prakara-prakara sajrone urip bebrayan. Pamilihaning tembung lan lelewane basa sing digunakake ing panulisane kelebu basa kang endah nanging gampang dimangerteni, saengga narik kawigaten kanggo ditliti. Adhedhasar bab kasebut antologi geguritan BTG iki cocok yen ditintingi kanthi tintingan stilistika kanggo bisa ndhudah isi geguritan sajrone antologi iki.

Kridalaksana (1982: 157), sajrone Kamus Linguistik, menehi wewatesan stilistika, yaiku (1) ilmu kang nliti basa sing digunakake sajrone kasusastran; ilmu interdispiliner antarane linguistik lan kasusastran (2) penerapan lingustik sajorne panliten lelewane basa. Ratna (2009:3) ngandharake yen stilistika yaiku ilmu ngenani gaya, dene style yaiku cara-cara kang khas.

Panliten kanthi objek teks antologi geguritan BTG nggunakake tintingan stilistika. Tintingan stilistika nduweni peran kanggo nganalisis kang aweh gegambaran kang jangkep ngenani nilai sawijine karya sastra. Tintingan stilistika ing panliten iki ora mung ngandharake bab linguistik yaiku pamilihane tembung lan lelewane basa nanging uga ngandharake bab sastra

Saka andharan ing ndhuwur banjur dipilih judhul panliten iki yaiku ‘Pamilihane Tembung lan Lelewane Basa sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita Tintingan Stilistika’.

Adhedhasar lelandhesan panliten mau, bisa ditulis underan panliten kang wigati, yaiku ngenani titikan (kekhasan) guritan-guritan anggitane Suci Hadi Suwita sajroning Antologi geguritan BTG. Lelandhesaning tintingan stilistika yaiku wujud ekspresi (Aminuddin, 1995;97). Saka andharan iku ana saperangan masalah kang kudu dionceki kanggo mangerteni ekspresi kang diemban dening karya (guritan-guritan anggitane Suci Hadi Suwita) kanthi kaya mangkene.(1) Kepriye wujud pamilihane tembung sajrone

antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita?

(2) Kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita?

(3) Kepriye makna kang kinandhut sajrone antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita?

Ancase Panliten

Adhedhasar underaning panliten mau, kanthi umum panliten iki nduweni ancas kanggo ndhudhuk lan ndhudhah titikan (kekhasan) gaya pangripta Suci Hadi Suwita, lan sacara mirunggan nduweni ancas kaya mangkene.(1) Ngandharake wujud pamilihane tembung sajrone

antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita(2) Ngandharake lelewane basa sajrone antologi

geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita(3) Ngandharake makna kang kinandhut sajrone sajrone

antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita

Paedahe Panliten (1) Tumrap ilmu stilistika

Panliten iki menehi sumbang sih kanggo ngrembakakake panliten sastra kanthi nggunakake tintingan Stilistika, yaiku arupa panliten babagan pamilihane tembung lan lelewane basa.

(2) Tumrap PanlitiPanliten iki bisa nambahi kawruhe panliti babagan isi, pamilihane tembung lan lelewane basa kang kinandhut sajrone BTG.

(3) Tumrap pamaosPanliten iki diajab bisa aweh kawruhe marang pamaos babagan ilmu stilistika, mligine tintingan stilistika sajrone BTG. Kejaba iku saka panliten iki uga ngenalake BTG marang bebrayan Jawa mligine wanita Jawa mujudake karya sastra Jawa kang kudu dirembakake.

Wewatesane Tetembungan(1) Lelewaning Basa

Lelewaning basa mujudake sawijining piranti kanggo nggambarake, negesake inspirasi utawa panemu ing wujud basa kanthi gaya kang bisa narik kawigaten ( Jalil, 1990:31).

(2) Pamilihane tembung (diksi)Tembung-tembung sing dipilih lan disusun saengga tegese bisa nuwuhake imajinasi estetik (Barfield sajrone Pradopo, 2005:54).

(3) StilistikaStilistika yaiku ilmu kang nintingi kepriye cara kang digunakake sawijining panulis utawa pangripta anggone ngripta karya sastra kanggo medharake maksud kanthi nggunakake basa mujudake sarana utawa piranti basa (Nurgiyantoro, 2005:279)

2

Page 3: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

Panliten Kang SaemperPanliten sadurunge kang saemper dianggep bisa

menehi pamawas lan bisa nyengkuyung panliten iki. Panliten - panliten saemper kang nggunakake tintingan stilistika kanggo mbedah karya sastra, ing antarane yaiku:(1) Sriwahyuni (1998) panliten kanthi irah-irahan

“Syair Langgam Jawa Modern Waljinah Kajian Struktur dan Stilistika”. Ing panliten iki ngandharake sastra sajroning syair lagu, nglebokake lagu kanthi wujud kreasi pangripta kang nduweni tema, alur, latar lan wektu kanggo nemtokake asil saka karya seni. Ing panliten iki uga mbahas ngenani unsur intrinsik lan ekstrinsik, uga lelewaning basa sajroning syir langgam Jawa modern Waljinah.

(2) Diana Yusuf (2004), panliten kanthi irah-irahan “Diksi dan Gaya Bahasa dalam Antologi Medhitasi Alang-Alang karya Widodo Basuki”. Ing sajrone skripsi iki diandharake panliten ngenani panganggone diksi kang digunakake ing ragam basa, jinis makna, relasi makna, lan lelewaning basa kang diperang dadi loro yaiku repetisi lan retoris.

(3) Wahyu Widi Wibowo (2004) panliten kanthi panliten asesirah, “Diksi dan Gaya Bahasa pada Geguritan karya I Kunpriyatno dalam Majalah Jayabaya Tahun 2006”. Ing panliten iku mau dijlentrehake yen pamilihan tembung kapilah-pilah saka ujaran, jinising teges, lan citraan. Saliyane iku, uga dirembug ngenani lelewaning basa retorik lan kiasan.

(4) Yahya Fachruddin (2010) panliten kanthi irah-irahan “Pamilihing Tembung lan Lelewaning Basa ing Antologi Guru Panuwuning Urip Anggitane Davit Haryono”. Ing sajrone skripsi iki diandharake analisis ngenani pamilihing tembung kang diperang dadi lima yaiku: pepindhan, bebasan, tembung, entar, makna tembung, lan citraan.

(5) Wisnu Wardana (2012) panliten kanthi irah-irahan “Diksi lan Gaya Bahasa Sajrone Syair lagu Campursari karya Dhalang Poer”. Asil panlitene yaiku pamilihe tembung kang onjo sajrone panliten iki awujud pepindhan, tembung entar, tembung camboran, tembung rangkep, relasi makna makna denotatif lan konotatif lan citraan. Dene lelewane basa kang onjo awujud asonansi, aliterasi, lan rima pungkasan..

Saka sakabehe panliten iku mau kena didudut yen akeh-akeh panliten ngenani pamilihing tembung lan lelewaning basa mau, katiti saka kukuban basa (perspektif linguistik). Panliten iki ngandharake bab

pamilihing tembung lan lelewaning basa, sajrone geguritan Suci Hadi Suwita, kang kapacak ing Antologi Geguritan BTG. Bedane panliten iki lan panliten-panliten sing wis ana sadurunge, yaiku kapisan, panliten iki nduweni objek kang durung nate ditliti yaiku geguritane Suci Hadi Suwita kang kapacak ana ing Antologi Geguritan BTG. Kapindho, panliten iki ngandharake kepriye wujud pamilihing tembung lan wujud lelewaning basa kang digunakake dening panggurit Suci Hadi Suwita anggone ngripta geguritan, katelu yaiku pangarang antologi geguritan BTG iki yaiku wong wadon, saengga nduweni cara pamikiran kang beda dibandhingake kasusastran kang diripta dening sastrawan lanang.Karya Sastra

Nurgiyantoro, (2007:37) ngandharake yen analisis struktural karya sastra kang ana sajrone karya fiksi bisa ditindakake kanthi identifikasi, nintingi, lan njlentrehake guna gegayutan antarane unsur intrinsik fiksi kang dirembug. Wiwitane diidentifikasi, ditintingi banjur lagi dijlentrehake kepriye kahanan prastawa-prastawane, alur, paraga lan pamaragan, latar, lsp. Sawise iku, lagi diandharake kepriye gunane saben-saben unsur kasebut supaya ndadekake makna sekabehane kang wutuh.Struktur puisi

Karya sastra mujudake sawijine struktur. Struktur ing kene tegese karya sastra mujudake susunan unsur-unsur kang nduweni sistem, ing ngendi sakabehe unsur-unsur kasebut nduweni sesambungan (Pradopo, 118:2005). Puisi mujudake struktur kang kasusun saka unsur pambangun. Unsur-unsur kasebut nduweni sipat kang padu, kang ora bisa dipisahake tanpa ngaitake unsur liyane.(1) Struktur Batin

Struktur batin puisi umume sinebut kanthi struktur abstrak. Struktur batin ora bisa disawang kanthi langsung utawa visual. Sajrone struktur batin puisi kadhapuk kadhapuk ing antarane : rasa, nada, tema lan amanat. Tema mujudake dhasar crita, gagasan dhasar umum saka karya sastra. Dhasare crita mujudake bab kang dadi tujuwane pangripta ngandharake kadadeyan-kadadeyan kang ana sajrone karya sastra. Baba kasebut jumbuh klawan panemune Waluyo, (2005:40) tema mujudake gagasan pokok kang diandarake dening panganggit lumantar temane.(2) Struktur Fisik

Struktur fisik uga sinebut bangun struktur puisi, yaiku unsur pembentukan puisi sing bisa dideleng kanthi visual, kaya swara, tembung, gatra, pada lan tipografi (Aminuddin, 2011:136). Struktur fisik mujudake unsur pambangun puisi kang asipat fisik utawa bisa dideleng sajrone wujud reroncene tembung, struktur fisik bisa sinebut unsur kabasan. Bab kasebut jumbuh klawan

3

Page 4: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

panemune Waluyo. Miturut Waluyo (2005: 2-13) yen dijlentrehake kanthi rinci,ciri-ciri puisi yen dideleng saka perangan kabasan utawa bentuk yaiku arupa pemadatan basa lan pamilihane tembung kang kahas. Pamilihane tembung kang khas kasebut awujud makna kias, pralambang, rima, tembung konkret, pengimajian, irama, lan tata rupa.

GeguritanGeguritan mujudake salah sawijining reriptan

sastra kang kalebu kasusastran Jawa Gagrag Anyar. Rerakitane tetembungan sajroning geguritan dironce supaya nuwuhake surasa endah, lumrahe bisa nduweni teges loro utawa luwih. Satemene pangaribawane geguritan nduweni tujuan kanggo menehi weruh marang wong liya babagan pesen kang kinandhut ing rerakitaning tetembungan kang digunakake. Senajan wong siji lan liyane bisa aweh teges utawa pamikir beda-beda tumrap geguritan kang diwaca.

Geguritan kuwi mujudake sawijining reriptan sastra kang cacahe gatra ora ajeg, sing diandharake Hutomo (1975:24). Geguritan ing kene satemene mujudake sesebutan kang digunakake kanggo salah sawijining puisi Jawa Tradisional. Ing jaman saiki, sesebutan mau digunakake dening kasusastran Jawa modern kanthi teges anyar. Sesambungan karo andharan bab geguritan utawa puisi mau, Pradopo (1997:7) ngandharake yen geguritan utawa puisi mujudake ekspresi pamikir kang bisa nuwuhake rasa pangrasa lan gegambaran pancadriya ing sawijining rerakitaning basa kang tumata lan nduweni wirama.

Jinising GuritanSajroning guritan, nduweni karakter lan jinis

dhewe– dhewe. Ing kene bakal karowakake saperangan jinising guritan adhedhasar tata carane panggurit anggone medharake gagasane utawa wose. Jinising guritan ing kene kanthi nuhoni pamrayogane Waluyo (1995: 136-142), kang merang-merang jinise guritan dadi sangang perangan. Perangan iku mau ing antarane, yaiku (1) guritan naratif, lirik, lan deskritif (2) guritan kamar, auditorium (3) guritan fisikal, platonik, metafisikal (4) guritan subjektif, objektif (5) guritan konkrit (6) guritan diafan, gelap, prismatis (7) guritan parnasian, inspiratif (8) guritan stansa, sarta (9) guritan demonstran lan pamflet. Jinis-jinising guritan iku mau, ora bakal karowakake kabeh, ing kene bakal karowakake saperangan bae kang dianggep cocog lan salaras tumrap data kang ana.

Geguritan kang Ditliti

Geguritan kang ditliti utawa sumber dhata panliten iki yaiku geguritan kang ana ing Antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita. Antologi iki kandele 148 kaca kang diterbitkake dening Elmatera publishing taun 2010. Antologi kasebut isine kaperang dadi 11 bab, saben bab nduweni cacah geguritan kang beda-beda. Cacah geguritan kabeh ana 143, sajrone antologi guritan Bakal Terus Gumebyar (sebanjure BTG). Perangan bab sepisan kurmat kang isine ana telu guritan, bab kapindho budaya ana nembelas guritan, bab katelu ana astabrata ana wolung guritan, bab kaping papat manca negara ana rong guritan, bab kalima wewarah ana nem guritan, bab kaenem pribadhi ana pitung guritan. Bab kapitu politik ana wolung guritan. Bab kawolu alam ana papat guritan, bab kaping sanga politik ana wolulas guritan, bab kaping sepuluh sosial ana wolulikur geguritan, bab sewelas olah-olah ana limang guritan. Senajan ana pirang-pirang perangan bab nanging tetep manunggal. Sajrone panliten iki mung bakal ngonceki bae antologi geguritan BTG bab budaya, wewarah, sosial lan olah-olah. Jalaran bab-bab kasebut narik kawigaten panliten amarga tema prakara sosial religi lan tradisi sarta ajaran moral gegayutan karo pangupajiwa. Ing tema sosial yaiku Pengkuh, Mahasiswaku, Sabar narima, lan kejepit. Ing tema Religi yaiku Tetenger lan Omah. Ing tema Tradisi yaiku Tradisi, bakal terus gumebyar. Pungkasane tema Pangukajiwa yaiku Cukup, Gunakna kalodangan, Kepencut, Setel kendo.

StilistikaKBBI (1998:859) ngandharake stilistika yaiku

ilmu ngenani panganggone basa lan lelewaning basa sajroning karya sastra. Ana maneh Sudjiman (1993:3) ngandharake Stilistika nliti ciri khas panganggone basa sajroning karya sastra kanggo mbedakake karo karya non sastra. stilistika yaiku salah sawijining ilmu kanggo nintingi karya sastra. Banjur Satoto (1986:55) ngandharake menawa lelewaning basa iku salah sawijining ciri khas lan kaunikan karya sastra kang diripta. Saben pangripta nduweni ciri khas dewe-dewe anggone ngripta karya sastra. Saliyane KBBI, Sudjiman lan Satoto uga ana Ratna (2009:3) ngandharake stilistika yaiku ilmu ngenani lelewaning basa, menawa stil (style) ngandharake ngenani cara-cara kang khas kepriye ngungkapake samubarang kanthi cara tartamtu supaya tujuwan sing dikarepake bisa maksimal

CitraanCitraan yaiku gambarake samubarang kang

digayutan karo pancadriya. Citraan digunakake karo pangripta kanthi tujuwan supaya asil reriptane bisa

4

Page 5: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

nuwuhake kaendahan lan nduweni kakuwatan kan apik. Saka tujuwan iku pangripta nduweni kekarepan supaya pamaos bisa seneng seneng lan nduweni imajinasi karo asil reriptane pangripta. Pradopo (2005:81) ngandharake manawa citraan iku kaperang dadi lima yaiku citraan pendulu kang nggambarake samubarang sing digayutake karo solahe mripat, citraan pangrungon yaiku gambarake samubarang kang digayutake karo solah kuping, citraan panggrayang yaiku gambarake samubarang kang digayutake karo salahe kulit, citraan pangecap yaiku gambarake samubarang kang digayutake karo solahe ilat, citraan solah bawa lan citraan pangambu yaiku citraan kang digayutake karo solahe irung.

Lelewane Basa (Gaya Bahasa)Lelewaning basa uga bisa diarani style kang bisa

ditegesi mingka daya lan keprigelane pangripta, kanggo nulis utawa nggunakake tetembungan kanthi endah (Keraf, 2009:112). Uga ana Sudjiman (1993:16) ngandharake menawa lelewaning basa mujudake unsur basa kang ekspresif lan emotif, kang ditambang ing babagan kang netral.

Lelewane basa yaiku panganggone kasakayane basa dening sawijine pawongan sajrone micara utawa nulis, mligine panganggone ragam basa tartamtu supaya nuwuhake efek-efek tartamtu. Lan kanthi rowa lelewane basa mujudake sakabehe titikan basa klompok pangripta sastra. Lelewane basa uga bisa ditegesi mujudake ekspresi kabasan sajrone prosa (gancaran) lan puisi (guritan) (Harimurti sajrone Pradopo,2007:264).

Lelandhesane TeoriIng sawijining panliten iki lelandhesane teori kudu

digunakake kanggo nggayutake analisis data lan undheraning panliten. Saka andharan para ahli ana sing dipilih panliti kanggo landhesan anggone nganalisis perkara kang pokok ing panliten.

Anggone nganalisis prespektif linguistik utawa linguistik umum ing antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita panliten nggunakake panemune Verhaar. Verhaar (2009) ngandharake linguistik umum mbahas ngenani fonologi, morfologi, sintaksis lan semantik.Ing babagan pamilihane tembung ing antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita panliten nggunakake panemune Keraf. Keraf (2009:87) ngandharake menawa bab kang kang perlu dititeni sajroning pamihing tembung yaiku panganggone tembung sing dipilih lan kasalarasan pamilihing tembung. Lan kanggo ngandharake lelewaning basa utawa gaya bahasa ing antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita panliten nggunakake panemune (Aminuddin,2000:72), sajroning

karya sastra, istilah gaya utawa style ngandhut teges cara sawijining pangripta utawa pamicara mujudake gagasane, kanthi nggunakake media basa kang endah lan nduweni makna kahanan kang bisa nggawa pangaribasa pamikire, rasa, lan nepsune (emosi) pamaos utawa pamidhanget

Rancangan PanlitenSesambungan karo ancas panliten yaiku

nganalisis pamilihane tembung lan lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita, saengga tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku Stilistika. Panliten iki kang dianalisis yaiku tandha-tandha stilistika kang awujud pamilihane tembung lan lelewane basa.

Metode panliten sastra mujudake cara sistematik kang dipilih kanggo panliten kanthi cara nimbang-nimbang wujud, isi, lan sipate sastra, mujudake objek kang ditintingi. Anggone milih sawijine metode iku kudu nyelarasake karo bab sing bakal diteliti. Panliten iki bakal nggunakake metode deskritif kualitatif, Miturut Meleong (2006:4) panliten kang nggunakake metode kualitatif yaiku panliten sing ngunakake prosedur tartamtu kanggo ngasilake data deskriptif sing wujude tembung-tembung kang katulis utawa lisan saka manungsa lan solah bawane sing bisa diamati jinise panliten kang ora bisa dilakoni kanthi nggunakake ilmu statsrik. Saka panliten kasebut data arupa tulisan utawa pocapan lan ngandharake objek panliten. Kanthi nggunakake metode deskriptif, panliti sastra diajab bisa ndhudhah fakta-fakta kang ana utawa data kanthi cara weneh deskripsi (Siswantoro, 2010:57).

Kanthi ancangan deskriptif kualitatif iki diajab bisa ngolehake gegambaran kang cetha lan objektif ngenani pamilihane tembung lan lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG.

Dhata lan Sumber DhataSumber dhata kang digunakake ing panliten iki

yaiku awujud teks antologi geguritan BTG. Teks antologi geguritan BTG awujud guritan kang ana kandele 143 kaca kang diterbitkake dening elmatera publishing taun 2010. Antologi kasebut isine kaperang dadi 11 bab, saben bab isine beda-beda cacahe geguritan. Cacah geguritan kabeh ana143 sajrone antologi guritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita.

Dhata kang digunakake panliten yaiku data arupa tembung, frasa lan ukara sajrone teks antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita kang ngandhut pamilihane tembung lan lelewane basa. Geguritan kang mujudake dhata panliten iki bakal diandharake ing tabel ngisor iki:.

Tabel Bagan

5

Page 6: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

No Judhul Geguritan Cekakan1 Mahasiswa M2 Tradhisi T3 Tetenger TGR4 Bakal Terus Gumebyar BTG5 Omah O6 Cukup C7 Gunakna Kalodhangan

IkiGKI

8 Setel Kendho SK9 Sabar Narima SN10 Pengkuh P11 Kejepit K12 Sinau S13 Gumrehah G14 Ngenteni N15 Mertamu M

Instrumen PanlitenInstrumen panliten mujudake piranti kang

digunakake kanggo ngumpulake dhata utawa informasi kang bakal ditliti. Sajrone panliten kualitatif, kang dadi instrumen utawa piranti panliten yaiku panliti iku dhewe (Sugiyono, 2013:59). Panliti mujudake instrumen utama sajrone panliten kualitatif. Instrumen utama ora bisa lumaku kanthi lancar tanpa disengkuyung dening instrumen panyengkuyung liyane kayadene potelot, pulpen, garisan,lsp.

.Tata Cara Ngumpulake Dhata

Tata cara pengumpulane dhata yaiku proses kanggo ngumpulake dhata kang diperlokake lan menehi gegambaran saka aspek kang bakal ditliti. Sumber dhata kang utama sajrone panliten kualitatif yaiku ujaran lan tumindak, dene dhata tinulis, poto lan statistik yaiku tambahan (Moleong, 2007:157) Ngumpulake dhata ing panliten iki nggunakake teknik waca, cathet lan kapustakan. Tata cara ngumpulake dhata ing panliten iki, yaiku nggunakake teknik cathet. Teknik cathet yaiku teknik golek dhata kanthi cara nyathet sakabehane dhata kang dibutuhake ing kartu dhata (Mahsun, 2005:131). (1) Maca teks antologi geguritan BTG anggitane Suci

Hadi Suwita kang mujudake objek panliten. Sabanjure, dipilih tembung, frasa lan ukara kang kalebu ing analisis pamilihane tembung lan lelewane basa.

(2) Banjur klasifikasi data. Klasifikasi data yaiku milah-milah data sing dirasa trep karo underan panliten yaiku ngenani pamilihane tembung lan lelewane basa. Klasifikasi data katindakake kanthi cara nyathtet data kang trep klawan underane panliten.

(3) Kodifikasi data ditrapake marang data kang wis dipilih. Pengkodean saka seleksi data iki arupa data seleksi ora ditulis kabeh, nanging mung dijupuk larik kang ana sesambungane karo underane panliten.

Tata Cara Njlentrehake Dhata

Tata cara njletrehake dhata sajrone panliten iki nggunakake metode deskriptif analisis. Miturut Ratna (2001:53) metode deskriptif analisis ditindakake kanthi cara njlentrehake fakta-fakta kang sabanjure kasusul kanthi menehi analisis. Tegese, bab sing tinemu sajrone objek panliten dijlentrehake nggunakake tetembungan kanthi lelandhesan pendekatan stilistika. Trap-trapan sajrone nganalisis dhata yaiku: (1) Njlentrehake isi sajrone antologi geguritan BTG

anggitane Suci Hadi Suwita kang awujud piwulang.(2) Njlentrehake pamilihane tembung kang ana sajrone

antologi geguritan BTG, yaiku purwakanthi, tembung camboran lan teges entar.

(3) Njlentrehake lelewane basa kang ana sajrone antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita yaiku personifikasi, lan citraan.

(4) Menehi dudutan mujudake asil analisis. Dudutan isine makili sakabehe bab saka panliten lan jawaban klawan sakabehane pitakon sing ana sajrone panliten.

Tata Cara Penyajian Asil Jlentrehan Dhata

Penyajian asil jlentrehan dhata mujudake tahap kang pungkasan sajrone panliten. Anggone nyuguhake dhata asil analisis iku ana loro. Sepisan, kanthi analisis formal lan kapindho, kanthi analisis informal (Sudaryanto, 1993:144-145). Penyajian dhata sajrone panliten iki nggunakake analisis informal, yaiku dhata kang disajekakae ngunakake tembung-tembung kang umum.

ANDHARAN ASIL PANLITENPamilihe Tembung Sajrone Antologi Geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita

Pamilihane tembung digunakake dening pangripta kanthi tujuwan apa sing dikarepake bisa ditrima karo pamaos. Pamilihane tembung sajrone geguritan kasebut diajab nuwuhake imajinasine pamaos nalika maca antologi geguritan BTG.

Titi Swara (Fonologi)Titi swara (fonologi) yaiku ilmu kang mbahas

ngenani swara-swara basa. Data sajrone antologi

6

Page 7: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

geguritan BTG ditemokake anane purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa utawa lumaksita. Penganggone titi swara bisa kedadeyan kanthi ora sengaja utawa pancen disengaja dening pangripta supaya geguritan kasebut nduweni unsure estetis.Purwakanthi Guru Swara (Asonansi)

Purwakanthi guru swara yaiku pangulangane swara vokal, kang lelandhesan swara utawa vokal sing ana ing perangane gatra ngarep banjur diurutake maneh ing mburine. Ing ngisor iki asile panliten babagan purwakanthi guru swara ing antologi geguritan BTG.Purwakanthi Guru Swara (Asonansi) /a/

(1). kang ditinggalake kanggo bangsaO, bisoa tetep manjila, kuncara (M. Kc 21. Pd 2. Gt 3-4‘Yang ditinggalkan buat bangsa’‘o, bisa tetap maju, terlihat mulya’

Pethikan (1) geguritan kanthi irah-irahan ‘Mahasiswaku’ kalebu purwakanthi guru swara /a/ kang bisa didheleng Pethikanukara O, bisoa tetep manjila, kuncara. Saka maksud Pethikan geguritan kasebut panggurit nduweni pangajab marang generasi nom supaya bisa dadi penerus bangsa, wani ngadhepi cita-cita. Generasi nom bisa dadi pahlawan bangsa. Senajan kaya mangkono generasi nom kudu tetep prasaja lan mangerteni unggah ungguh ing budaya Jawa. Penganggone tembung manjila lan kuncara nduweni fungsi supaya nuwuhake kaendahan pangocapanPurwakanthi Guru Sastra (Aliterasi)

Purwakanthi guru sastra minangka pangulange konsonan sing padha sajrone ukara. Konsonan kang wis kasebut ana ing perangane ukara kang ngarep utawa kang wiwitan, dikanthi, digandeng, disebutake maneh dening perangane ukara kang pungkasan. Sajrone antologi geguritan BTGuga ana purwakanthi guru sastra, Pethikane kaya ing ngisor iki. Purwakanthi Guru Sastra (Aliterasi) /s/sinau, sinau, lan sinau (GKI. Kc 51. Pd 5. Gt 2)Belajar, belajar, dan belajar (GKI. Kc 51. Pd 5. Gt 2)

Pethikan(GKI. Kc 51. Pd 5. Gt 2) nggunakake perwakanthi guru sastra kang mujudake konsonan [s]. Iki bisa dibuktekake ana ing Pethikan (GKI. Kc 51. Pd 5. Gt 2) tembung ‘sinau’,’ sinau’,’ sinau’. Pangripta nggunakake sastra [s] sajroning reriptane nduweni tujuwan kanggo nggambarake samubarang. Kaya dene ing Pethikan (GKI. Kc 51. Pd 5. Gt 2) nggambarake kahanane manungsaKonsonansi

Konsonansi mujudake swara sigeg ing pungkasane tembung kang dadi pungkasane sawijine gatra. Bebarengan wanda kang nggunakake aksara swara

sing padha utawa sing beda. Sajrone rerangken swara, sing perlu digatekake yaiku mung anane konsonan sing padha kanthi gatra kang urut. Contone konsonansi sajrone antologi geguritan BTG ana sajrone andharan ing ngisor iki.Konsonan /r/Dak coba ngrakit gurit anyarKanthi niat kang maca bisa binger (T. Kc 25. Pd 1. Gt 1)Kucoba membuat puisi baruDengan niat yang membaca bisa memahami

Pethikan (T. Kc 25. Pd 1. Gt 1) kelebu ukara kang nggunakake konsonan [r]. bisa dideleng saka ukara ing ndhuwur, ing saben pungkasanane gatra nggunakake [r], tujuwan saka pangripta yaiku supaya nerangake swasana pambukane pitutur kang arep diudharake pangripta. Maksud saka pethikan kasebut yaiku pangripta medharake tujuwan panulisan geguritan yaiku kepingin menehi pitutur marang pamaca lumantar karya sastra geguritan.Titi Tembung (Morfologi)

Morfologi ngrembug wujud tembung utawa titi tembung. Sajrone panliten iki titi tembung kang dirembug arupa wujude afiks (prefiks, sufiks, infiks, lan konfiks). Panganggone afiks bisa dideleng kaya Pethikan ing ngisor iki.Ater-ater (Prefiks)Digarap bebarengan, dirahapi bebarengan (T, Kc 23. Pd4. Gt 4)Dikerjakan bersama, dihadapi bersama

Pethikan (T, Kc 23. Pd 4. Gt 4) ing ndhuwur nduweni tembung kang nggunakake ater-ater. Tembung kasebut yaiku ‘digarap’, tembung digarap asale saka tembung lingga garap sing tegese ngayahi sawijine jejibahan, diwenehi ater-ater di- saengga tegese dadi nindakake pakaryan kasebut. Maksud saka pethikan ing ndhuwur yaiku ngandharake rasa tulung-tinulung sajrone bebrayan ing jaman semana, jaman para masyarakat isih bisa nyawiji senajan nduweni pakrayan dhewe-dhewe, nanging nalika ana adicara tradhisi kabeh bisa kumpul lan gegojegan bareng.Seselan (Infiks)Jumedhule Sang Pradonggopati (T. Kc 25. Pd 2, Gt 1)Datangnya Sang Pradonggopati

Pethikan geguritan (T. Kc 25. Pd 2, Gt 1) nduweni tembung kang nggunakake seselan, tembunge yaiku jumedhule. Tembung jumedhule kedadeyan saka tembung lingga jedhul kang oleh seselan –um-. Jedhul nduweni teges katon mata, pikantuk seselan –um- saengga nduweni teges tansaya katone pawongan sing dimaksud. Pethikan kasebut nduweni maksud yaiku anane pawongan sing sinebut Sang Pradongopati. Sang

7

Page 8: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

Pradonggopati disebutake yaiku utusan saka Gusti Pangeran kang menehi cahya marang para manungsaTembung Rangkep

Tembung rangkep yaiku tembung kang diwaca utawa ditulis kaping pindho. Tembung rangkep iki jinise ana telu yaiku tembung dwilingga, tembung dwipurwa lan tembung dwiwasana. Ing andharan bab tembung rangkep sajrone antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar iki ditemokake wujud panulisan tembung rangkep dwilingga lan dwiwasana, kaya ing ngisor iki.Dwilingga

Tembung dwilingga kang bisa ditemokake sajrone antologi geguritan BTG ana loro yaiku dwilingga padha swara, dwilingga salin swara. Dwilingga padha swara yaiku tembung lingga sing dibaleni lan nduweni pangocapan kang padha. Tembung dwilingga salin swara yaiku tembung lingga sing dibaleni nanging nduweni pangocapan kang beda. Andharan jangkep ana ing ngisor iki.Dwilingga Padha SwaraDisangoni ilmu guru-guru tumanja (M. kc 21. Pd 1. Gt 5)Dibekali ilmu guru-guru sampai mengerti

Pethikan (M. kc 21. Pd 1. Gt 5) nduweni tembung kang mujudake dwilingga yaiku guru-guru. Tembung guru-guru nduweni teges yaiku maneka jinis guru utawa guru kang akeh cacahe. Teges saka pethikan geguritan kasebut yaiku nuduhake gegambaran lakune manungsa anggone ngangsuh kawruh. Manungsa nggayuh ilmu wajibe nduweni guru kanggo nuntun supaya bisa mbedakake endi sing bener lan salah, sasuwene ngangsuh kawruh manungsa nduweni maneka macem guru. Wiwit bayi yaiku nduweni guru sing ora liya ibu, banjur ing lembaga pendhidhikan, wiwit taman anak-anak nganti pawiyatan luhur.Dwilingga Salin SwaraKlambi gantung kepuh rowak-rowek (SN. Kc 106. Pd 2. Gt 3)Baju gantung lama sobek-sobek

Pethikan geguritan (SN. Kc 106. Pd 2. Gt 3) nduweni tembung kang mujudake dwilingga salin swara yaiku rowak-rowek. Rowak-rowek kelebu dwilingga salin swara amerga tembung kelorone nduweni guru swara kang beda karo sijine. Tembung kasebut nuduhake kahanan kain klambi sing wis rusak lan kebak bolongan. Maksud pangripta ing pethikan kasebut yaiku nggambarake sandhangan wong cilik sing ora bisa nduweni ganti, saengga klambi sing ana digawe nganti rowak-rowek.Tembung Camboran

Tembung camboran yaiku tembung kang kedadeyan saka rong tembung lingga kang digandheng

dadi siji kanthi tujuwane yaiku nggawe teges anyar. Tembung camboran wutuh lan tembung camboran wudhar. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake tembung cambora wutuh kang bisa ditemokake sajrone antologi geguritan BTG.Tembung Camboran WutuhDiragadi wong tuwa meres tenaga (M. Kc 21. Pd 1. Gt 4)Dibiayai orangtua memeras tenaga

Sajrone pethikan geguritan (M. Kc 21. Pd 1. Gt 4) ana tembung sing mujudake tembung camboran wutuh, tembung camboran wutuh kasebut yaiku wong tuwa. Tembung wong tuwa iku kedadeyan saka rong tembung lingga kang nduweni teges dhewe-dhewe banjur didadekake siji saengga nduweni teges anyar. Tembung wong tegese yaiku manungsa, tembung tuwa tegese yaiku manungsa sing nduweni umur sakndhuwure 50 taun. Ing pethikan kasebut kekarone tembung mau nduweni teges anyar amerga didadekake siji, tegese yaiku manungsa kang minangka nglairake kita, sing ngramut kita lan perangan saka kulawarga.Titi Ukara (Sintaksis)

Sintaksis mujudake ilmu linguistik sing njlentrehake tembung-tembung lan frasa ing basa kang digunakake ing bebrayan kanthi paugeran. Titi ukara nduweni maneka bab kang bisa ditliti sajrone gejala basa. Ing ngisor iki bakal diandharake unsure titi ukara kang bisa ditemokake sajrone antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita. Pemendekan

Pemendekan ukara utawa tembung yaiku ngurangi kanthi sengaja wanda tembung kang digunakake panggurit kanthi tujuwan njangkepi cacahe wanda sajrone ukara. Tujuwane yaiku nambahi unsur estetika sajrone reriptan sastra anggitane pangripta. Contone kaya ing ngisor iki.semana mangan bubur jagung jangan kates wis cukup (C. Kc 48. Pd 3. Gt 1)dulu makan bubur jagung, sayur papaya sudah cukup

Pethikan ing nduwur ana tembung kang mujudake asil saka pemendekan. Tembung kasebut yaiku wis kanga sale saka tembung uwis. Tembung wis biyasane digunakake sapa wae kanthi sadar lan ditulis sengaja. Tembung wis dipgunakake amerga kebutuwan njangkepi cacahe wanda lan nuduhake surasa cukup. Maksud saka pethikan kasebut yaiku nritakake kahanan jaman semana kang uripe saben manungsa dilakoni kanthi prasaja, kuwi kabeh digambarake ana panganan sing dipangan kang kelebu panganan umume wong jaman semana.Inversi

Inversi yaiku titi ukara kang diwolak-walik saka bakune ukara. Bakune ukara kedadeyan saka jejer,

8

Page 9: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

wasesa lan lesan kanthi urut, nanging inversi ora nggunakake paugeran baku kang kaya mangkono. Jejer lan wasesane tembung sing kelebu inverse bisa ora urut. Ing ngisor iki bakal diandharake dhata kang kelebu inverse. Diragadi wongtuwa meres tenaga (M. Kc 21. Pd 1. Gt 4)Dibiayai orangtua memeras tenaga

belanana wongtuwa kang ringkih iki (M. Kc 22. Pd 6. Gt9)belalah orangtua yang renta ini

Pethikan (M. Kc 21. Pd 1. Gt 4) lan (M. Kc 22. Pd 6. Gt 9) padha-padha kelebu ukara kang mujudake inversi. Bisa dimangerteni saka titi ukara pethikan kasebut, ing pethikan (M. Kc 21. Pd 1. Gt 4) kalungguhane jejer ing ukara kasebut yaiku wongtuwa yaiku sawise wasesane, mula pethikan kasebut ngalami Inversi. Teges saka pethikan kasebut yaiku nuduhake perjuwangan para wongtuwa anggone ngragadi anake supaya gedhe lan bisa sukses kanthi makarya tumemen kaya meres kringet. Ing pethikan (M. Kc 22. Pd 6. Gt 9), jejer saka ukara kasebut yaiku wongtuwa nanging kalungguhane ora ana ing ngarep. Jejer saka ukara kasebut ana ing sawise wasesane yaiku tembung belanana. Teges saka pethikan geguritan kasebut yaiku nerangake panjalukan wong tuwa marang wong nom supaya bisa nuntun para wong tuwa sing dianggep wis ora bisa nindakake sekabehe pakaryan.Citraan

Pangripta sajrone nalika ngripta sawijine karya sastra nggunakake tembung-tembung kang nuwuhake pangrasa saka pancadriya pamaos. Tujuwane supaya tuwuh gegambaran beda tinimbang mung diwaca wae, saengga bisa nuwuhake pangrasa kang wigati. Citraan kang bakal dirembug ing bab iki yaiku citraan kang ana ing tataran linguistik, lan kang ora ana sesambungane karo teges simbol. Sajrone antologi geguritan BTG bakal ngrembug citraan pandulu, citraan pangrungu, citraan pangecap lan citraan pangambu.Citraan Pandulu

Citraan pandulu yaiku gegambaran kang dituwuhake saka panca driya pandulu. Panganggone citraan pandulu aweh rangsangan marang pancadriya pandulu, saengga bab-bab sing ora kena dideleng kaya-kaya bisa dideleng supaya pamaca bisa mangerteni kaya apa kang diserat dening panggurit. Citraan pandulu sajrone antologi geguritan BTG bakal dijlentrehake ing ngisor iki.O, bisoa tetep manjila, kuncara (M. kc 21. Pd 2. Gt 4)O, sangguplah tetap berdiri berani

Pethikan geguritan (M. kc 21. Pd 2. Gt 4) ing ndhuwur kelebu ukara kang nggunakake citraan pandulu. Bisa dimangerteni saka penganggone tembung kuncara kang biyasane digunakake kanggo nggmabarake kahanan sing padhang utawa marang geni. Saengga gagambaran kahanan kaya mangkono mung bisa dirasakake kanthi nggunakake pancadriya pandulu. Maksud saka pethikan geguritan kasebut yaiku, pangripta minangka pawongan saka generasi tuwa kepingin generasi nom supaya nduweni semangat kaya dene geni kang bisa menehi pepadhang marang Negara. Citraan Pangecap

Citraan pangecap mujudake rangsangan saka njaba banjur nggunakake pancadriya pangecap, saengga bisa aweh gegambaran lan nerangake maksud marang pamaca ngenani bab kang diandharne dening panganggit kang sesambungan lan bisa dirasakake kanthi pangecap. Citraan pangecap sajrone antologi geguritan BTG bakal dijlentrehake ing ngisor iki.Mangan sega iwak sedina ping pitu (SN. Kc 106. Pd 3. Gt 5)Makan nasi ikan sehari tujuh kali

Pethikan geguritan (SN. Kc 106. Pd 3. Gt 5) ing ndhuwur kelebu ukara kang nggunakake pancadriya pangecap kanggo nafsirake maksude. Saka tembung mangan ing ndhuwur wis nuduhake yen iku mujudake tumindak sing nggunakake cangkem, saeengga nggunakake pancadriya pangecap. Maksud saka pethikan kasebut yaiku, panggurit kepingin nuduhake gegambarane manungsa sing uripe kepenak kanthi sandhang lan papan, saengga bisa mangan sega iwak nganti kaping pitu. Citraan Pangambu

Citraan pangambu mujudake gegambaran ngenani sawijine bab kanthi nggunakake pancadriya pangambu. Citraan pangambu sajrone antologi geguritan BTG bakal dijlentrehake ing ngisor iki.sapunen sesuker kang amis banger (T. kc 25. Pd 2. Gt. 2)sapulah kotoran yang amis sekali

Saka pethikan (T. kc 25. Pd 2. Gt. 2) kasebut, bisa dimangerteni yen pangripta nuduhake citraan pangambu. Citraan pangambu bisa dirasakake ana ing frasa amis banger. Amis lan banger mujudake aran saka ganda sing ora enak, biyasane gandane iwak lan banyu sing ora resik. Bab kasebut mung bisa dirasakake kanthi nggunakake pancadriya pangambu. Maksud saka panggurit kasebut kanggo nambahi surasa sesuker kang dialami, saengga ndadekake kahanan sing luwih ora enak dirasakake.Wujude Majas Perbandingan Sajrone BTG

Majas perbandingan tujuwan mbandhingake samubarang klawan samubarang liyane, kang dianggep

9

Page 10: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

saemper utawa nduweni pepadhan sipat. Jinis majas perbandingan kang ana sajrone antologi geguritan BTG bakal dijlentrehake ing ngisor iki. saben majas perbandhingan nduweni pambeda yaiku saka perbandhingan sing dianakake ing ukara kasebut.Personifikasi

Majas personifikasi yaiku majas kang nggambarake barang-barang kang mati utawa ora nduweni nyawa dipindhakake kaya dene manungsa sing bisa obah utawa uga suwalike. Ing ngisor iki asiling panliten Pethikan antologi geguritan BTG kang nduweni penganggone majas personifikasi.

O,angin sumiut gawe segerSapunen sesuker kang amis bangerDahana, obongen memala ati keblingerBumi, pendhemen tumindak jemberDhimen sumringah cahyane wulan bunder (T. kc 25. Pd 2. Gt. 1-5)

O, angin melambai membuat sejukSapulah kotoran yang sangat amisApi, bakarlah bencana hati terlenaBumi, kuburlah kelakuan menjengkelkanLampu senyuman cahaya bulan purnama

Saka pethikan kasebut bisa dimangerteni yen (T. Pd 2. Gt. 1-5) kalebu majas personifikasi. Iki bisa dibuktekake ana ing Pethikan (T. Pd 2. Gt. 1-5) ukara ‘O,angin sumiut gawe seger. Sapunen sesuker kang amis banger.’ Ing ukara iki pangripta ngumpamakae tekane angin bisa agawe awak seger lan swasana tentrem. Kajaba iku ing Pethikan kasebut uga nduweni maksud, yen tekane angin diumpakake bisa ngresiki rereged-rereged kang ana ing jiwa lan ragane manungsa saengga bisa resik kanthi lair uga bathin, kamangka sing biyasane nyapu kuwi manungsa kang nggunakake piranti, dene angin kasebut kuwi mung owah pepindhan tanpa bisa dijarag apa maneh nyapu apa sing dikarepake manungsaWujude Majas Penegasan

Majas penegasan yaiku mujudake salah sawijine lelewane basa kang nggunakake tembung-tembung kias utawa bandhingan kanggo ningkatake pangrasa lan pangaruh marang pamireng utawa pamaca. Majas penegasan kang bisa ditemokake ana sajrone antologi geguritan BTG iki yaiku anafora, jangkepe bakal dijlentrehake ing ngisor iki.Anafora

Anafora mujudake pangulange tembung ing kawiwitan ukara sajrone gatra kang sabanjure dibaline maneh ana ing gatra sawise. Anafora sajrone antologi geguritan BTG, bakal dijlentrehake ing ngisor iki.

Cukup baut marani wong nrima

Cukup ngoncati wong ngongsa-ongsaCukup iku sawang sinawang Cukup andhong ana ati (C. kc . pd 2. Gt 1-4)

Cukup menghindari orang bekerja kerasCukup saling memandangCukup ada dihati

Pethikan geguritan ing ndhuwur kanthi irah-irahan ‘Cukup’ mujudake penganggone anafora. Bisa dimangerteni yen sajrone pethikan kasebut, saebn gatra nggunakake tembung cukup. Maksud saka tembung cukup kang digunakake bola-bali saben gatra kuwi mujudake panegesan saka kekarepan saka maksu sajrone tembung cukup kasebut. Hiperbola

Ukara hiperbola yaiku ukara kang negesi makna sabenere, kanthi mbangetake maksud sawijine tembung kanthi nggunakake teges tembung liyane. Ing panliten iki bisa ditemokake ana ing Pethikan antologi geguritan BTG anggitane Suci Hadi Suwita kanthi irah-irahan ‘Mahasiswaku ‘Tetenger’ lan ‘Bakal Terus Gumebyar’, saka irahan-irahan kasebut Pethikan kaya dene ing ngisor iki:

Tumindakmu kanggo mbela wong cilikBecikNanging aja ngganggu sasamaNgobong ban iku genah ora prayogaNambahi panas donya (M. Pd 4. Gt 1-4)

Tindakanmu membela orang kecilBaikTapi jangan menganggu sesameMembakar ban tentu tidaklah baikMenambah panasnya dunia

Saka pethikan kasebut bisa dimangerteni yen (M. Pd 4. Gt 1-4) kalebu ukara kang nggunakake majas hiperbola. Iki bisa dibuktekake ing Pethikan ‘Nambahi panas donya.’ Ukara kasebut kalebu ukara hiperbola amarga mbangetake suarasa kahanane mahasiswa kang lagi demo mbela rakyat banjur carane demo kanthi ngebong ban, kang mujudake tumindak ala. Anane kedadeyan ngobong ban kang ora becik iku nuwuhake dredah lan gegeran antar sesama manungsa yaiku rakyat lan pemimpin tansaya nemen ruwete. Ora malah bubar prakarane nanging tansaya ruwet lan ndadi.Dhiskusi Asil Panliten

Isi saka wacanan geguritan bisa dadi sarana kanggo nggolek inspirasi marang saperangan wong. Karya sastra inspiratif nduweni unsur kaendahan lan estetika kang apik. Geguritan yaiku wujud sastra tulis kang nduweni unsur fiksi lan nggunakake rekadaya lan

10

Page 11: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

lelewane basa ing reriptane. Wawasan saka pengripta geguritan bisa dimagerteni saka isi geguritane. Kaya antologi geguritan ‘Ngeluk Duwung Nggelung Gunung’ anggitane Suci Hadi Suwita. Nduweni isi kang maneka werna saengga cocog banget bisa nggambarake kahanan ing jaman semana kanthi basa kang endah.

Tembung lan lelewane basa kang digunakake ditrepake marang wong ing jaman saiki kang ora mbutuhake basa kang wigati nanging isi kang apik sing bisa dimangerteni saben wong, tuwa lan nom, lanang lan wadon. Gegambaran jaman saiki sing diusung dadi tema bisa dadi kaca benggal tumrap para pamaca. Gagasan kang diandharake diringkes kanthi nyelarasake pamikiran pamaca. Lelewane basa uga digunakake kanggo nyengkuyung kaendahan supaya bisa narik kawigatene masyarakat lan menehi tetenger utawa kekhasan kasusastran tertamtu.

Panliten iki nggunakake antologi geguritan BTG amerga (1) geguritan iki ngemu basa kang endah nanging gampang banget dimangerteni pamaca (2) geguritan iki ngemu tema kang umum kedadeyan ing jaman saiki, saeenga bisa banget didadekake kaa benggala tumrap para pamaos (3) antologi geguritan iki diripta dening sastrawan wadon, saengga kita bisa mangerteni pamawas kedadeyan prekara sosial saka sudut pandang wong wadon, lan kepriye panemune wong wadon marang kahanan jaman saiki.

Panganggone pamilihe tembung lan lelewane basa sajrone reriptan sastra bisa ditliti nganggo tintingan stilistika. Stilistika mujudake ilmu kang nyinaoni cara nggunakake basa sajrone panulisan kasusastran. Mula ing panliten iki bakal dimangerteni apa wae lelewane basa kang digunakake dening pangripta.

Pamilihe tembung sajrone BTG diperang dadi lima subbab. Kapisan yaiku titi swara. Titi swara sajrone panliten iki ana telu, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan konsonansi. Saka anane purwakanthi guru swara lan guru sastra sajrone geguritan kang kapilih dadi dhata panliten iki, bisa didudut yen fungsi saka purwakanthi guru swara, sastra lan konsonani kasebut nduweni tujuwan negesake maksud saka tembung kang kena purwakanthi kasebut. Sabanjure sing Kapindho, ngandharake titi tembung utawa morfologi. Titi tembung sing digunakake sajrone panliten iki yaiku ngenani afiks kang kaperang dadi papat yaiku prefiks, sufiks, infiks, lan konfiks. Banjur ana tembung rangkep, sajrone tembung rangkep diperang dadi loro yaiku dwilingga lan dwilingga salin swara, uga dwiwasana. Dijlentrehake uga tembung camboran kang ana sajrone dhata. Tembong camboran sajrone antologi geguritan BTG sing bisa ditemokake yaiku tembung camboran wutuh. Sing kaping telu ngandharake ngenani titi ukara,

sajrone sub bab titi ukara ana pemendekan lan Inversi. Sing kaping papat medharake titi maknane, antarane yaiku sinonim, antonim, hiponim lan teges entar. Pungkasan ngandharake bab citraan, sing diperang dadi papat antarane yaiku citraan pandulu, citraan pangrungu, citraan pangecap lan citraan pangambu.

Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen sastrawan wadon kaya Suci Hadi Suwita sejatine ora kalah tinimbang sastrawan lanang ing jagade kasusastran Jawa. senajan pangripta seneng ngasorake awake dhewe marang sastrawan-sastrawan sing luwih moncer. Pangripta ngaku yen dheweke ora nate sinau babagan kasusastran ing sekolah formal, nanging kabeh kuwi disinaoni kanthi otodidak lan tansah nulis. Bab iki uga sing bisa narik kawigaten marang panliti lan pamaos kanggo bisa sinau, amerga kabeh kuwi bisa digayuh yen manungsa gelem padha sinau, kaya isi geguritan kanthi irah-irahan Sinau ing ndhuwur.

PANUTUPSajroning bab panutupi ki, bakal diandharake

ngenani babagan sing wigati, yaiku ngenani dudutan lan pramayogi. Babagan kaya mangkono bakal diandharake ing ngisor iki:5.1 Dudutan

Adhedhasar analisis kang wis ditindakake tumrap sewelas geguritan saka antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar asil panliten nuduhake anane pamilihe tembung lan lelewane basa. Pamilihe tembung sajrone panliten iki diperang dadi lima subbab. Kapisan yaiku titiswara.Titi swara sajrone panliten iki ana loro, yaiku purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru sastra. Kapindho,njlentrehake ngenani titi ukara yaiku pemendekan, konfiks, infiks, prefik lan panambang. Katelu medharake titi maknane ing antarane yaiku sinonim, antonim, hiponim lan teges entar, banjur ngandharake bab citraan, sing diperang dadi papat antarane yaiku citraan pandulu, lan citraan pangrungu. Pungkasan yaiku ngandharake makna isi geguritan kang mujudake dhata panliten iki

Pangripta sajrone ngronce tetembunga nnggunakake maneka werna majas minangka panyengkuyunge lelewane basa.Majas-majas kasebut yaiku kalebu majas perbandingan lan majas penegasan. Majas perbandingan kang paling onjo sajrone antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar yaiku personifikasi, metafora, ironi. Majas perbandingan mujudake sawijine lelewanebasa kangn duwe maksud mbandhingake samubarang klawan samubarang liyane.kang dianggeps aemper utawa nduweni pepadhan sipat. Majas penegasan yaiku sawijine lelewane basa kang nggunakake tembung-tembug sarana dibolan-baleni sajrone ukara. Majas

11

Page 12: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

penegasan kang paling onjo sajrone antologi geguritan Bakal Terus Gumebyar yaiku majas repetisi.Pamrayoga

Pamrayoga kang bisa diwenehake yaiku marang pamaos lan panliti ing sabanjure. Marang pamaos becike bisa mawas kanthi temen saengga bisa nuwuhake pamawas kangs elaras karo tujuwane pangripta anggone medharake gagasan lumantar reriptan sastrane. Dene tumrape panliti sabanjure yaiku bisaa nliti kanthi wicaksana lan tliti sajrone rerembugane saengga bisa nuwuhake asil panliten kang becik lan bisa dadi panliten kang relevan tumrap pasinaonan stilistika. Uga isi kang dimaksud dening pangripta bisa dadi ide lan inspirasi marang pamaca saeenga selaras kaya tujuwan saka pangripta geguritan kasebut.

.

KAPUSTAKAN

Aminuddin. 2011. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru Algesindo.

-------------- 2010 Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar Baru

-------------- 2000 Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung : PT. Sinar Baru. Algesindo

Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa. 2001. Kamus Pepak Bahasa Jawa

Chaer, Abdul. 2003. Linguistik Umum. Jakarta : PT RINEKA CIPTA

Djajasudarma, Fatimah. 1999. Semantik 2: Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Refika Aditama

Endraswara, S. 2006. Metode, Teori, Teknik, Penelitian Kebudayaan: Ideologi,. Epistemologi dan Aplikasi. Yogyakarta. Pustaka Widyatama.

Fachrudin, Yahya. 2010. Pamilihing Tembung lan Lelewaning Basa ing Antologi Guru Panuwuning Urip Anggitane Davit Haryono (Tidak Diterbitkan)

Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kesusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Bahasa

Kamus Besar Bahasa Indonesia 1998 Jakarta: Balai Pustaka

Keraf, Gorys. 2005. Diksi dan Gaya Bahasa. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama.

----------------. 2009 Diksi dan Gaya Bahasa. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama

Leech, Geoffrey. 2003. Semantik. Yogyakarta. Pustaka Pelajar

Nurgiyantoro, Burhan. 1998. Teori Pengkajian Sastra. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press

-----------------------------. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada University Press.

Padmoesoekotjo. 1953. Ngrengrengan kasusastran Djawa. Surakarta: Panitya Bahasa Djawa

Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta : Rineka Cipta

Poedjosoedarmo 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan

Pradopo, Rachmat Djoko. 1984 Pengkajian Puisi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

----------------------------------. 2005. Teori Sastra, Metode Kritik dan Penerapannya. Yogyakarta, Pustaka Pelajar

----------------------------------. 1997. Prinsip-prinsip Kritik Sastra. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press

Purwadi. 2005. Tata Bahasa Jawa Penerbit Media Abadi. Yogyakarta,

Ratna, Nyoman Kutha. 2011. Teori, Metode, dan Teknik Peneitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

-----------------------------. 2013. Stilistika, Kajian Puitika Bahasa, dan Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Sasangka, Sry satriya Tjatur Wisnu. 1989. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar. Surabaya: PT Citra Jaya Murti

---------------------------------------------. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramaliguna.

Satoto, Soedira. 1986. Metode Penelitian Sastra. Surakarta: UNS Press

Siswantoro. 2010. Metode Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Sriwahyuni. 1998. Syair Langgam Jawa Modern Waljinah Lajian Struktur dan Stilistika. (Tidak Diterbikan)

Suwita. Suci Hadi. 2010. Bakal Terus Gumebyar. Yogyakarta. Elmatera Publishing.

Sudjiman, Panuti. 1993. Bunga Rampai Stilistika. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.

Teeuw, A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya

Verhaar, J.W.M. 2004. Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

-----------. 2010. Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

Waluyo, Herman J. 1995. Teori dan Apresiasi Puisi. Jakarta. Erlangga

Wardana, Wisnu. 2012. Diksi lan Gaya Bahasa Sajrone Syair lagu Campursari karya Dhalang Poer (Tidak Diterbitkan)

-----------. 2005. Apresiasi Puisi. Jakarta: PT. Gramedia Pustaka Utama.

12

Page 13: Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)

Pamilihing Tembung lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar Anggitane Suci Hadi Suwita

Wedhawati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Penerbit Kanisius.

Widi, Wibowo Wahyu. 2004. Diksi dan Gaya Bahasa pada Geguritan Karya I Kunpriyanto dalam Majalah Jayabaya Tahun 2006. (Tidak Diterbitkan)

Yusuf, Diana. 2004. Diksi dan Gaya Bahasa dalam Antologi Medhitasi Alang-Alang Karya Widodo Basuki. (Tidak Diterbitkan)

Yuwana, dkk. 2000. Pendekatan Stilistika Dalam Puisi Jawa Modern Dialek Using. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Bahasa Departemen Pendidikan Nasional.

https://id.wikipedia.org/wiki/Stilistika diakses tanggal 12 Agustus 2015

13