pachelaton, mbuh bener mbuh salah

2
PACELATHON Anak : “Assalamualaikum.” Bapak : “Waalaikumsalam, sinten nggih?” Anak : “Kula Pak, Edi, putranipun bapak ingkang bagus piyambak.” Bapak : “Ooo kowe to Le jebulna, seka ngendi kok gek wae mulih?” Anak : “Inggih saking sekolah to Pak.” Bapak : “Lha ana kegiatan apa to olehmu mulih kok nganti sore ngene?” Anak : “Wonten kegiatan CFM pak.” Bapak : “CFM kuwi panganan apa Le?” Anak : “CFM punika singkatan saking Citta Fresh Music” Bapak : “Lha kok apik temen kuwi jeneng kegiatane, sapa sing nganakake?” Anak : “Lha jelas pak, sing nganakake mawon OSIS Citta Cundara Karya ingkang sae sanget. Hhehe…” Bapak : “Njug apa wae acara.ne?” Anak : “Acaranipun namung lomba band, ananging rame sanget Pak” Bapak : “ Kowe melu acara kui pora Le?” Anak : “ Inggih jelas Pak “ Bapak : “Jelas melu?” Anak : “Jelas mboten tumut. Hhehe” Bapak : “Oooo…kowe ngono ngertine tok rebutan bal wae kok, kamangka kui wae ora becus, thok melu- melu kancane.” Anak : “Kersane kok,” Bapak : “Wah, bapak ra mudeng yen ngono kuwi, mbiyen nalika bapak sekolah durung ana kegiyatan ngono kuwi kok.” Anak : “Hhehehe, wontenipun punapa Pak rumiyin?” Bapak : “Mbiyen ngono anane yo mung balapan mlayu kuwi.” Anak : “Hha…jadul kok nggih Pak.” Bapak : “Eeehh, ojo ngece kowe Le, sembrana…yen ra ana mbiyen, yo ra ana saiki”

description

hanya untuk mengisi waktu luang

Transcript of pachelaton, mbuh bener mbuh salah

Page 1: pachelaton, mbuh bener mbuh salah

PACELATHON

Anak : “Assalamualaikum.”

Bapak : “Waalaikumsalam, sinten nggih?”

Anak : “Kula Pak, Edi, putranipun bapak ingkang bagus piyambak.”

Bapak : “Ooo kowe to Le jebulna, seka ngendi kok gek wae mulih?”

Anak : “Inggih saking sekolah to Pak.”

Bapak : “Lha ana kegiatan apa to olehmu mulih kok nganti sore ngene?”

Anak : “Wonten kegiatan CFM pak.”

Bapak : “CFM kuwi panganan apa Le?”

Anak : “CFM punika singkatan saking Citta Fresh Music”

Bapak : “Lha kok apik temen kuwi jeneng kegiatane, sapa sing nganakake?”

Anak : “Lha jelas pak, sing nganakake mawon OSIS Citta Cundara Karya ingkang sae sanget. Hhehe…”

Bapak : “Njug apa wae acara.ne?”

Anak : “Acaranipun namung lomba band, ananging rame sanget Pak”

Bapak : “ Kowe melu acara kui pora Le?”

Anak : “ Inggih jelas Pak “

Bapak : “Jelas melu?”

Anak : “Jelas mboten tumut. Hhehe”

Bapak : “Oooo…kowe ngono ngertine tok rebutan bal wae kok, kamangka kui wae ora becus, thok melu- melu kancane.”

Anak : “Kersane kok,”

Bapak : “Wah, bapak ra mudeng yen ngono kuwi, mbiyen nalika bapak sekolah durung ana kegiyatan ngono kuwi kok.”

Anak : “Hhehehe, wontenipun punapa Pak rumiyin?”

Bapak : “Mbiyen ngono anane yo mung balapan mlayu kuwi.”

Anak : “Hha…jadul kok nggih Pak.”

Bapak : “Eeehh, ojo ngece kowe Le, sembrana…yen ra ana mbiyen, yo ra ana saiki”

Anak : “Nggih, nyuwun ngapunten Pak.”

Bapak : “ yowis, kono ndang adus, Bapak tak dhahar dhisik, sayah omong-omongan karo kowe.”

Anak : “ Nggih.”