Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

9
ATUR PAMBUKA Puji syukur kita unjukaken dumatheng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring tresna lan kasihipun satemah kita saged mungkasi laporan “Sinau Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” yaiku salah sawijining syarat damel njangkepi tugas Basa Jawa SMA Negeri 1 Kebumen. Mboten kesupen maturnuwun dumatheng: 1. Bapak Nurul Anwari minangka Guru Basa Jawa 2. Bapak Dirjo ingkang sampun kersa dados narasumber 3. Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi 4. Sedaya pihak liya ingkang sampun biyantu Kita nuwun pangapunten anggene damel laporan punika kurang sempurna lan taksih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi. Mugi sedaya kesaean ingkang sampun maringi dhateng kita angsal balesan saking Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Harapan kita mugi-mugi laporan punika wonten paedahe kagem sedaya ingkang maca. Kebumen, Februari 2014 Panyerat,

Transcript of Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

Page 1: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita unjukaken dumatheng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung

ingkang sampun paring tresna lan kasihipun satemah kita saged mungkasi laporan “Sinau

Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi” yaiku salah sawijining syarat damel njangkepi tugas

Basa Jawa SMA Negeri 1 Kebumen. Mboten kesupen maturnuwun dumatheng:

1. Bapak Nurul Anwari minangka Guru Basa Jawa

2. Bapak Dirjo ingkang sampun kersa dados narasumber

3. Rencang-rencang ingkang sampun berpartisipasi

4. Sedaya pihak liya ingkang sampun biyantu

Kita nuwun pangapunten anggene damel laporan punika kurang sempurna lan taksih

kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi.

Mugi sedaya kesaean ingkang sampun maringi dhateng kita angsal balesan saking

Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Harapan kita mugi-mugi laporan punika wonten paedahe

kagem sedaya ingkang maca.

Kebumen, Februari 2014

Panyerat,

Page 2: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

BAB I

PAMBUKA

A. ALESAN PANALITEN

Indonesia iku salah sawijining nagari kang nduweni akeh suku budaya. Suku-

suku kasebut nduweni kabudayan unik lan beda-beda. Salah sawijining suku ing

Indonesia yaiku Suku Jawa. Wong Jawa kondhang karo tindhak-tandhuke kang alus

lan nduweni akeh kesenian. Kesenian kasebut kaperang dadi maneka warna, kayata

kuda lumping, wayang, tari gambyong, lan kethoprak.

Kabupaten Kebumen minangka salah sawijining kabupaten saka 35 kabupaten

kang ana ing provinsi Jawa Tengah, uga nduweni kesenian jawa kang taksih

ngrembaka. Akeh seniman-seniman saka Kebumen kang wis kondhang ing provinsi

Jawa Tengah. Seniman-seniman kasebut biasane ngadegake paguyuban kang nduweni

tujuan ngleluri kabudayan Jawa.

Salah sawijining paguyuban seni ing Kebumen yaiku Paguyuban Seni

Kethoprak. Paguyuban seni iki biasane mapan ana ing kecamatan tartamtu. Kanggo

mangerteni kesenian kethoprak ing Kebumen, panulis nganakake salah sawijining

panaliten mawa cara wawanrembug ing Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya

Laras.

B. ANCAS PANALITEN

Ancas panaliten iki yaiku nggoleki maneka warna informasi babagan kesenian

kethoprak kang ngrembaka ing Kabupaten Kebumen supaya mudha-mudhi bisa

ngleluri satemah ora ilang kapangan jaman. Sakliyane iku, panaliten uga nduweni

pangarep-arep supaya mudha-mudhi bisa luwih ngurmati sejarah leluhur kang wis

nggawe urip jaman saiki luwih kepenak.

Page 3: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

BAB II

ISI

A. TOPIK WAWANREMBUG

Topik wawanrembug yaiku “Sinau Kethoprak, Nguri-uri Kabudayan Jawi”

B. TUJUWAN WAWANREMBUG

Tujuwane wawanrembug iki yaiku:

1. Mangerteni salah sawijining Paguyuban Seni Kethoprak ing Kebumen

2. Mangerteni sejarah Kethoprak

3. Mangerteni ubarampe kanggo pagelaran Kethoprak

4. Mangerteni ritual sadurunge pagelaran Kethoprak

C. NARASUMBER

Narasumber ing wawanrembug yaiku:

nami : Bapak Dirjo,

alamat : Desa Patukrejo RT03/02, Krajan I, Bonorowo, Kebumen,

papan lair : Kebumen,

tanggal lair : 25 Agustus 1957,

pakaryan : Pengarep Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras, pamong desa,

pedagang.

D. WEKTU WAWANREMBUG

Wawanrembug kaliyan Bapak Dirja dipunlaksanake:

dinten : Minggu,

tanggal : 19 Januari 2014,

wektu : 16.00-17.30 WIB.

E. PAPAN WAWANREMBUG

Wawanrembug dilaksanake ana ing daleme Bapak Dirjo, Desa Patukrejo RT 03/02,

Bonorowo, Kebumen.

F. PEWAWANREMBUG

1. Evarizki Maurien

2. Eka Kusuma A.

3. Handy Razie D.

4. Miftakhul Munir

5. NuruliaNovita Sari

6. Reza Pradipta

Page 4: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

G. HASIL WAWANREMBUG

1. Paguyuban Seni Kethoprak

Salah sawijining paguyuban seni kethoprak ing Kebumen yaiku

Paguyuban Seni Kethoprak Langen Madya Laras. Paguyuban iki mapan ing

Desa Patukrejo, Bonorowo. Pendirine yaiku Bapak Dirjo lan kanca-kancane.

Langen Madya Laras kabentuk tanggal 30 Desember 2010 lan

diresmikake dening Dinas Pariwisata dan Kebudayaan tanggal 14 Mei 2011.

Anggota tetep paguyuban kasebut ana 33 wong kang umahe cedak saka daleme

Bapak Dirjo. Mula, Bapak Dirjo njadwalake latian gendhingan saben malem

Minggu. Bapak Dirjo ora nduwe kriteria khusus kanggo wong kang kepengin

dadi anggota, namung didhasari pepenginan utawa sukarela.

Awale, ing desa kana wis tau ana paguyuban kethoprak sakdurunge

Langen Madya Laras malah Bapak Dirjo melu dadi anggotane, nanging

paguyuban kasebut bubar ing tengah dalan. Amarga rasa cintane marang

kabudayan jawa, Bapak Dirjo nduwe inisiatif karo ngajak kanca-kancane

supaya ngedegake maning paguyuban anyar. Bapak Dirjo dipercaya kanca-

kancane supaya dadi pangarep utawa ketua paguyuban.

Lajeng, paguyuban kasebut dijenengi Langen Madya Laras kang

nduweni arti Langen tegese kesenian, Madya yaiku tengah, lan Laras tegese

apik utawa bener. Tujuan Pak Dirjo ngedegake Paguyuban Kethoprak Langen

Madya Laras yaiku kanggo nguri-uri kabudayan Jawa.

Pagelaran kethoprak tampil ana ing adicara hajatan mantenan, sunatan,

slametan utawa tasyakuran, Agustusan, taun baruan, Sura, lan adicara liyane.

Biasana wektu paling rame yaiku nalika panen. Crita kang dipentasake

dijumbuhake karo adicarane utawa bisa direquest.

Paguyuban Langen Madya Laras nduweni pangarep-arep supaya

kethoprak bisa tetep disenengi lan ora kailangan peminat. Sakliyane iku, Bapak

Dirjo uga nduweni pangarep-arep supaya paguyubane bisa luwih kompak lan

mudha-mudhi bisa melu ngleluri kesenian kethoprak.

2. Sejarah Kethoprak

Biyen, kesenian kethoprak ora sak jangkep kaya saiki. Awale, kesenian

iki namung digunakake kanggo hiburan rakyat kanthi peran raja, pangeran,

prajurit, lan sapanunggale. Mula, piranti musik kang digunakake taksih prasaja

yaiku lesung, rebana, suling, lan kendhang. Lesung kasebut ngasilake suara

prak, prak, prak kang dipercaya asal saka tembung kethoprak.

Sumber liyane nerangake nalika kethoprak asale saka gamelan kang

diciptakake dening Sunan Kalijaga. Awale, gamelan kasebut digunakake

kanggo narik kawigaten. Sansaya suwe, akeh warga kang tresna marang

gamelan kasebut. Sawise iku, Sunan Kalijaga nduweni siasat nyisipake syariat

Page 5: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

Islam kanthi lakon-lakon becik supaya warga bisa mlebu agama Islam kanthi

ikhlas.

3. Kethoprak ing Jaman Modern

Mlakuning jaman, kethoprak sansaya ngrembaka wiwit saka lakon,

paraga, busana, lan musik pengiringe. Biyen lakon kethoprak namung

nyritakake lakon-lakon Islam, ananging saiki laok-lakon kasebut ngrembaka

luwih narik kawigatenan amarga diseseli dening gojegan-gojegan lan sindiran-

sindiran kanggo pamrentah. Saliyane iku, lakon-lakon jaman saiki uga asring

nampilake crita-crita sejarah lan dongeng kang kondhang kang kebak ing

pitutur-pitutur becik, kayata Rangga Lawe Gugur, Prahara Majapahit, Raden

Said Tundung, Malin Kundang, lsp.

Paraga-paraga kethoprak jaman biyen namung warga biasa(dudu

pejabat kraton), ananging saiki sapa wae kang pengin, bisa dadi paraga

kethoprak tanpa mbedakake status sosial. Kaya ing Paguyuban Langen Madya

Laras, anggotane ora namung wong-wong cilik ananging uga ana pamong

desane.

Busana kethoprak jaman biyen uga taksih prasaja yaiku busana kang

dianggo saben dina, kethoprak saiki nganggo busana kang maneka warna

kayata busana adat Jawa. Saliyane busana kang maneka warna, paraga

kethoprak saiki uga didukung dening make-up supaya luwih jumbuh karo

lakon sing digawakake.

Musik pengiringe uga saiki luwih ngrembaka, awit kang sadurunge

namung lesung, suling, rebana, lan kendhang, saiki kethoprak wis diiringi

dening gamelan, sindhen, lan piranti-piranti modern. Paguyuban Langen

Madya Laras salah sawijine contone. Menawa wong kang duwe hajat

ngersakake ana piranti-piranti modern kayata gitar, drum, keyboard, Bapak

Dirjo uga bisa nyaguhi.

4. Ubarampe kanggo kethoprak

Nalika sadurunge nampilake pagelaran kethoprak, ana ubarampe-

ubarampe kang kudu disiapake yaiku panggung, surat ijin pentas saka

kepolisian, lan sajen.

Panggung kethoprak digunakake kanggo pentas lan papan gamelan lan

biasan uga kanggo papan sajen. Paguyuban kang arep pentas njaluk surat ijin

ana ing Dinas Pariwisata dan Kebudayaan. Saminggu sadurunge pentas, surat

ijin mau diedarake kanggo kecamatan-kecamatan kang duweni hajat, koramil,

kepolisian, kepala desa, lan wong kang duwe hajat.

Kanggo ngurmati para leluhur kang wis seda ing desa kang duwe hajat,

paguyuban kang arep nampilake pentas biasane nganakake sajen. Sajen iku

Page 6: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

asale saka tembung “saji” tegese nyuguhake barang/panganan kanggo ngajeni

para leluhur kang wis seda.

Sajen kang biasa disuguhake nalika arep pentas yaiku :

Dupa lan kembang menyan

Degan krambil ijo

Endog pitik mentah

Beras

Duwik crik

Udud mbako menyan papir

Kembang telon

Gedhang ambon

Gedhang mas

Gedhang raja

Lengo wangi

Panggangan ayam

Bilih ana ing sega tumpeng/rasul yaiku :

Wedang kopi legi

Wedang kopi pait

Wedang teh legi

Wedang teh pait

Wedang cembawuk

Jenang abang

Jenang putih

Jenang ireng

Jenang ijo

Jenang baro-baro

Menawi tegese yaiku :

1. Kembang Menyan

Dupa lan kembang menyan mralambangake kaaruman

lan katentreman uga sembah sujud lan kanggo lumantaran

donga marang Gusti Allah sarta nuduhake angin kang

obah/mlaku.

2. Degan krambil Ijo

Degan krambil ijo gunane kanggo nangkal penyakit

lan mralambangake kaleksane pepenginan lan

mralambangake menawa urip kudu migunani marang

sapadha-padha.

3. Endog pitik mentah

Endog pitik mralambangake panguripan (Tritunggal)

yaiku Allah, Rasul, lan Umat utawa mula bukane panguripan.

Page 7: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

4. Beras

Gabah, beras, sega tumpeng mralambangake katuntasan lan kasampurnan. Sega tumpeng

(tumungkala sing mempeng) artine manawa pengin slamet kudu rajin ngibadah. Dene bentuke

pasung/kerucut mralambangake supados tambah dina tambah eling marang Gusti Allah lan

tumpeng uga lambang saka kahanane donya. Sega mujudake gunung kang sak kiwa tengene ana

kasil saka alam lan kewan kang urip ing lemah.

5. Dhuwik Crik

Dhuwik crik utawa dhuwik receh mralambangake uripe manungsa kang kudu loma marang

sapadha-padha.

6. Udud mbako menyan papir

Udud mbako menyan papir yaiku artine “teges” utawa “maneges” kang duwe teges hikmat

lan khusuk ing jerone donga marang Gusti Allah.

7. Kembang telon

Kembang telon tegese yaiku kembang kang wernane ana telu yaiku kembang mawar abang

lan putih, kembang kanthil, lan kembang kenanga.

Kembang mawar abang lan putih mralambangake werna-wernine urip, abang

mralambangake winih saka Ibu, menawa putih saka Bapak.

Kembang kanthil mralambangake wanita lan tembung kanthil duweni teges yaiku”pirsa”

maksude supaya kita kudu ngerti kanthi maksud lan tujuan kang apik.

Kembang kenanga mralambangake 6 perkara kang menehi kita urip : Gusti Kang Maha

Esa, Bapak, Ibu, maratua, guru, lan pamarentah.

8. Gedhang ambon

Gedhang ambon mralambangake supaya manungsa anggone urip kudu duwe keterampilan

ambon kang tajem lan ora mungkur babagan duniawi.

9. Gedhang mas

Gedhang mas mralambangake supaya manungsa iku duwe pribaden kang manis lan sumeh

marang wong liya.

10. Gedhang raja

Gedhang raja duweni teges supaya manungsa gadhahi iman lan kapercayan kang kandel

kanggo nahan rintangan lan godhaan kanggo golet ilmu.

11. Lengo wangi

Lengo wangi mralambangake kaaruman anggone urip lan anggone nyembah Gusti Kang

Maha Kuwaos.

Page 8: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

12. Panggangan ayam

Panggangan ayam mralambangake pangorbanan selawase urip, tresno lan asih marang

sapada, lan uga nuduhake kasil saka alam.

13. Wedang

Wedang mralambangake banyu lan kerukukunan sarta kakaluwargan.

14. Jenang panca warna

Jenang panca warna mralambangake bagian saka alam donya, yaiku lemah, banyu, angin,

geni, lan langit.

15. Wedang kopi

Wedang kopi mralambangake manis lan paite urip ing donya iki.

Page 9: Laporan Wawanrembug Budaya Jawa

BAB III

PANUTUP

1. Dudutan

Saking wawanrembug kasebut, bisa dijupuk dudutan yaiku kethoprak minangka

salah sawijine kabudhayan Jawi menehi kathah piwulang kang adi luhur.

Sesaji utawa sesajen ing kethoprak dudu kanggo nyembah lelembut. Ananging

kanggo wujud pakurmatan kanggo leluhur ing sampun seda lan kanggo ngunjukake rasa

syukur dumatheng Gusti Ingkang Maha Agung.

Kethoprak ing mangsa samana kudu tetep dilestariake. Jalaran kethoprak salah

sawijine kabudhayan Jawi lan kudu dijaga supaya tetep lestari.