Kumpulan Geguritan

13
TANPA MRIPAT tansaya akeh manungsa ajak-ajak dalan bener tansaya luwih akeh manungsa ngaurip kelangan angger-angger donya wis kebak manungsa keblinger amarga lali marang dalan swarga amarga weruh rajabrana angiler nganti lali numpuk bandha tan kira-kira apa donya wis nyedhaki kiyamat apa aku lan kowe tanpa mripat? Jetis Kulon, 1995 aming aminoedhin LAYANGAN kayadene layangan ana ing tawang awakku kagoyang-goyang sing ditali benang nanging ati kebimbang layangan iku pedhot tiba ngleyang embuh nyang endi parane aku ora ngerti atiku kaya pepes susahe kayadene layangan kang pedhot atiku sumedhot, ninggali benange kang ruwet diudhari angel lan njlimet ati lan pikirku ruwet Ngawi, 1996

description

geguritan

Transcript of Kumpulan Geguritan

TANPA MRIPAT

tansaya akeh manungsaajak-ajak dalan benertansaya luwih akeh manungsangaurip kelangan angger-angger

donya wis kebak manungsa keblingeramarga lali marang dalan swargaamarga weruh rajabrana angilernganti lali numpuk bandha tan kira-kira

apa donya wis nyedhaki kiyamatapa aku lan kowe tanpa mripat?

Jetis Kulon, 1995

aming aminoedhinLAYANGAN

kayadene layangan ana ing tawangawakku kagoyang-goyangsing ditali benang nanging ati kebimbang

layangan iku pedhottiba ngleyang embuh nyang endi paraneaku ora ngerti atiku kaya pepes susahe

kayadene layangan kang pedhotatiku sumedhot, ninggali benange kang ruwetdiudhari angel lan njlimetati lan pikirku ruwet

Ngawi, 1996

aming aminoedhinWULAN PASA

ing wulan pasa, wong-wong padhasregep menyang mesjid tarawehsabanjure akeh uga wong-wong kang wewehkandhane wulan pasa iki wulan apikgaweya laku sing becik

ing wulan pasa mono panggonane palaganpalaganing hawa nepsune dhewe-dhewewani perang ing palagan, artinekudu wani mbuwang laku gorohlaku mbotoh

ing wulan pasaaku lan kowe kudu cedhakmarang Gusti, lan tumindakapik, kayata ngaji lan salat wengi

1996

aming aminoedhinRIYAYA LEBARAN WIS TEKA

sawise pasa sesasi muputriyaya lebaran tumeka, aku lan kowe padhaaweh apura-apuranta samubarang laku kang luput

manungsa pancen kebak lalikowe kabeh kudu percayamula aja lali njaluka ngapuramarang tangga-teparomu kuwimumpung dinane dina sucigampang lumebering atimesthi diyakini

kowe kabeh aja padha takonapa panjalukmu iku bakal dingapurapercayaa marang Gustidene Gusti Allah wae paring ngapuramosok manungsa ora gelem ngapura

Mojokerto, 1996

aming aminoedhinANGIN SUMILIR

angin sumilir ing kampungkuana antarane godhong-godhong tebugemrisik adhuh isise, adhuh segeredene srengenge abang mbranangsaka kulon katon nyenengake

angin sumilir ing kampungku sore ikinggawa layangan mumbul dhuwurkayadene nggawa angen-angenkumelu mumbul ing tawangnggayuh lintang-lintang

angin sumilir ing kampungku sore ikingajak bocah-bocah ngundha layangandhuwure ngluwihi angen-angenengluwihi impene ing wengisabanjure

Canggu, 1997

aming aminoedhinLAYANG SAKA IBU

kutha surabaya ndadekake kowe lalimarang kuthamu dhewe ngawising saben malem setu leginanggap wayang ana pendhapa bupati

kowe mono bocah sing senengpenekan ana wit-witan wetan omahngundhuh dhondhong utawa pelemkaro nembang gajah-gajah

kadhangkala mbokya mulihacerita babagan rejeki sing tumpah-ruahkanggo budhal menyang Mekkah

kutha surabaya ndadekake kowe lalikayadene laline wong kang nepisabanjure, dina kuwi uga aku mulihmenyang kutha ngawi, mumpungisih ana wektu. mumpung isih bisa mlayu

ibu aku mulih, mesthi ora gawa impenmu

Surabaya, 1999

aming aminoedhinKELANGAN TEMBANG KASMARAN

angin segara tansah nyuwarakayadene tembang asmaradanaswarane endah ana talingankukeprungu

nanging ana apa tembang kang endahswarane kuwi sirna. ilang kaya dipanganbethara kala

ana prau-prau nelayanisih tetep setya tuhu nunggu wengingenteni angine kang arepnglakokake praune ana tengah segaragolek iwak, ngupaya upasadina-dinane

angin segara kaya tumeka manehtembang asmaradanane keprungu nylenehapa aku wis kelangan tembang kasmaranmerga sliramu ilang ana sisihan

Surabaya, 2000

aming aminoedhinMANUK BELUK

manuk beluk sing nyuwara wengi ikuswarane medeni bocah kang lagiarep budhal turumbulan ana ing tawang kayadene melususah krungu swara ikulintang-lintang ora metuamarga swara beluk swara manuk

apa bener, swarga manuk beluk ikundadekake atiku uga melu kisruh?

wengi wis sepi nyenyetati lan pikirku mampet

Canggu, 2000

aming aminoedhinPUNGKASANE TAUN IKI

swara-swara trompetkang cemrowet ing malem taun barukayadene swara jerit, ndadekakekupingku pengin dakjahitamarga swarane kaya setanmbrebegi talingan

pungkasane taunapa ndadekake wong-wong terus lalimarang dina kang wis wengi

ana pungkasane taun ikiapa ora luwih becikana omah wae utawa ana mesjidmemuji marang Gustindonga kanggo dina mburi

Canggu, 1995/2000

aming aminoedhinKUTHA SURABAYA

ana ing mangsa ketigaapa sing daktulis babagan kutha surabayamung ana panas lan sumuk ing swasanasadina-dina

dina-dina liwaturip mung anane grusa-grususarwa kesusu. panggonane uripkayadene sempit. yen ora olehkasebut kajepit

wayah awan panase panas tenanana kene. ewadene wayah wengiora kalong panase. sumukakeh nyamuke

surabaya ing mangsa ketigaapa sing dakimpekakeora ana tumuse

bbs, 2001

aming aminoedhinSRENGENGE ESUK IKU

sumunare srengenge esuk ikukayadene sumunare dina-dina liyanekaton abang mbranang ana wetannanging kok rasane rada sejeabange nengsemakeendah wernane

sumunare srengenge esuk ikunggawa senenge atikuamarga ibu ngasta rotikanggo ulang taunku

ana latar njaba, kembang mlathilan anggrek, padha ndherekgumuyu

Mojokerto, 2003

aming aminoedhinMBULAN NDADARI

langit wengi iki sumilakmbulan ndadari katon asrilintang-lintang katon abyorora kepetung driji

mbulan ndadari katon asrimlaku saka wetan nuju ngulonmadhangi jagad kang wis sepilumakune alon-alon

sapa sing nglakokake mbulan iku?mbokmenawa mung GustiKang Murbeng Dumadi, singkuwasa paring lakunebulan ndadari

Canggu, 2003

aming aminoedhinKEMBANG MLATHI

tronthong-tronthong bang-bang wetanwis katon. wayah subuh wis tumekaana embun gumantung godhong. putih beninghawane esuk isih atis. adhem tentrem

ing latar omah kembang mlathi mekarambu wangine sumebar. werna putihekaton endah ana mataku

dakjupuk kembang mlathidakronce dawa dadi kalungkanggo kalung ulang taune Ibukuing dina iki. aku percaya Ibu mesthikaton ayune edi peni. aku percayaIbu mesthi bakal gumuyu

Canggu, 2003

aming aminoedhinGURUKU

saben dina maringi piwulang marang akunerangake matematika, sejarah, basa jawalan basa indonesia. uga piwulang ilmuliya-liyane

guruku uga maringi piwulang budi pekertinanging nyang apa akeh bocah sing percayamarang televisi

samubarang sing ditirokakekoyok solahbawane robot-robotsing marakake bocah goblok

dene sing diwulangake gurubocah-bocah wis padha lali. apa malahorang gelem nggugu

Canggu, 2003

aming aminoedhinWANCI DALU

wengi wis sepi nglangutana swara manuk beluknambah mamringe wanci daluswara kenthong titire rondha keprungusaka kadohan katon ngaluk-aluk

wanci dalu mbulan ndadarikaton asri nengsemake atikaya ayune kenya ana televisising dadi penyanyi dekwingi

kanyata omahe kenya ikumung tanggaku, prenahe ana mburiomahku

Mojokerto, 2003

aming aminoedhinNELAYAN

prau kang diombang-ambingake ombak segarapraune nelayan golek iwak, ngupaya upanglabuhi urip ing donya

lakune prau wis ora jejeg maneh, ombake banterpraune oling nanging ora nggoling

nelayan kuwi ora wediamarga angin lan ombak segara kuwiwis dadi kancane saben dinane

uripe wis disumendhekake ana segaraurip lan pati ngono wis pinesthimarang Gusti, kandhanenelayan kuwi

Sidoarjo, 2003

aming aminoedhinPADHANG MBULAN

ana desaku canggu wengi ikupadhang mbulan madhangi pelataranbocah-bocah padha dolanan ana latarjamuran, dhelikan, lan gobaksodoran

bocah-bocah iku wis lali marang sinaunelali marang film kartun ing televisising saben dinane didelok karo ibuneuga nganti lali mangan lan ngombe

padhang mbulan ana desakukaton endah lan asri, krana ana lintang-lintanggumebyar abyor madhangi bocahdolanan gobaksodor nganti wengi

Canggu, 2003

aming aminoedhinUDAN RIWIS-RIWIS

udan riwis-riwis esuk ikikayadene ngunci sikilku arep lumakulumaku njangkah ana pagaweyan lumrah

nanging nyang apa atiku bubrahdene suku ora gelem lumakupagaweyan kantor ngambra-ambrawis nunggu ora kuwawa

udan riwis-riwis kaya sarujukkaro atiku. males mlakuswarane udan riwis-riwis malahkaya kandha manthuk-manthuktandha setuju

Mojokerto, 2003

aming aminoedhinNDHUK ANAKKU WADON* mira aulia alamanda

ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewedadi wong wadon iku kudusuci uni, suci rupi, lan suci ati

amarga donya wis menehi tandhaakeh wong wadon lambene bengak-bengokakeh wong wadon matane plerak-plerokakeh wong wadon aten-atene bosoklungguh methothok mlaku ora ndedelokkabeh iku aja mbok tiru, anakku

ndhuk, anakku wadon, delengen ing tawang ikambulan ora werna abang mbrananglintang-lintang ora gelem gumebyarlan srengenge kaya ngece-ece

mula iku omonga sing apikdandana sing resikmlakuwa sing beciking ngalam donyandhuk, anakku wadon sing ayu dhewegoleka dalan swarga liwat tetep madheplan manteb terus dhedhepe marang Gusti