Ki Hajar Dewantara

1
Arya Baskara Anugrah Ramadan 7A / 07 Ki Hajar Dewantara Ki Hajar Dewantara mios ing Ngayogjakarta tanggal 2 Mei 1889 saka kulawarga Soeryaningrat. Nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Soeryaningrat. Sakwise tamat saka sekolah dasar, Ki Hajar Dewantara banjur nerusake sekolahe menyang STOVIA sing ana ing Jakarta. Tanggal 25 Desember 1992, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan Dhokter Cipto Mangunkusuma ngedegake Indische Partij, yaiku salah sijine pakumpulan sing duwe cita- cita amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah. Taun 1913 Ki Hajar Dewantara lan sakancane dicekel lan dibuwang menyang Negara Walanda. Tanggal 2 Juli 1992 piyambake banjure ngedegake Sekolah Taman Siswa sing dipusatake ana kutha Ngayogjakarta kanthi sesanti: Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangunkarsa, Tut wuri handayani. Saka gedhene labuh labete, mula sakwise Indonesia mardhika,Ki Hajar Dewantara diparingi kalungguhan minangka Menteri Pendidikan sing sepisan. Pamarintah uga paring kanugrahan pikurmatan yaiku Pahlawan Kemerdekaan Nasional, Bapak Pendidikan Nasional, lan netepake dina wiose tanggal 2 Mei minangka Hari Pendidikan Nasional. Ki Hajar Dewantara seda tanggal 26 April 1959 lan disareaken ana ing Taman Wijaya Brata Ngayogjakarta. Kula remen kaliyan Ki Hajar Dewantara amerga watak lan labuh labete Ki Hajar Dewantara ageng sanget tumrapipun bangsa Indonesia. Ki Hajar Dewantara kagungan gegayuhan kepingin bangsa Indonesia uwal saka penjajah, rakyate bisa urip makmur lan ayem tentrem. Ki Hajar Dewantara nduweni tekad seng gedhe ing babagan pendidikan, kepingin minterake bangsa Indonesia supaya ora gampang diakali bangsa penjajah.

Transcript of Ki Hajar Dewantara

Page 1: Ki Hajar Dewantara

Arya Baskara Anugrah Ramadan

7A / 07

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara mios ing Ngayogjakarta tanggal 2 Mei 1889 saka kulawarga Soeryaningrat. Nalika isih timur asmane Raden Mas Suwardi Soeryaningrat. Sakwise tamat saka sekolah dasar, Ki Hajar Dewantara banjur nerusake sekolahe menyang STOVIA sing ana ing Jakarta. Tanggal 25 Desember 1992, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan Dhokter Cipto Mangunkusuma ngedegake Indische Partij, yaiku salah sijine pakumpulan sing duwe cita-cita amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah. Taun 1913 Ki Hajar Dewantara lan sakancane dicekel lan dibuwang menyang Negara Walanda. Tanggal 2 Juli 1992 piyambake banjure ngedegake Sekolah Taman Siswa sing dipusatake ana kutha Ngayogjakarta kanthi sesanti: Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangunkarsa, Tut wuri handayani. Saka gedhene labuh labete, mula sakwise Indonesia mardhika,Ki Hajar Dewantara diparingi kalungguhan minangka Menteri Pendidikan sing sepisan. Pamarintah uga paring kanugrahan pikurmatan yaiku Pahlawan Kemerdekaan Nasional, Bapak Pendidikan Nasional, lan netepake dina wiose tanggal 2 Mei minangka Hari Pendidikan Nasional. Ki Hajar Dewantara seda tanggal 26 April 1959 lan disareaken ana ing Taman Wijaya Brata Ngayogjakarta.

Kula remen kaliyan Ki Hajar Dewantara amerga watak lan labuh labete Ki Hajar Dewantara ageng sanget tumrapipun bangsa Indonesia. Ki Hajar Dewantara kagungan gegayuhan kepingin bangsa Indonesia uwal saka penjajah, rakyate bisa urip makmur lan ayem tentrem. Ki Hajar Dewantara nduweni tekad seng gedhe ing babagan pendidikan, kepingin minterake bangsa Indonesia supaya ora gampang diakali bangsa penjajah.