etika

download etika

of 2

Transcript of etika

Uce , Asri , Dio lan Vega uwis suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing, kabeh dadi maleh pas bapake Dio bangkrut.Neng ruwang kelas pas lagek piket.Dio : Ce, aku entuk njaluk tulung gak?Uce : (etok-etok ora krungu)Dio : Heh!! Ce! Njaluk tulung entuk gak?! Tulung balekno sapu iki pisan , awakmu yo wis rampung nyapune to!Uce : Opo?! Mbalekne? Ora sudi!Dio : asem ik, awakmu i bar mangan opo to Ce? Kok ndengaren Jutek men karo aku.Uce : arep nyapo? Mangan opo yo uduk urusanmu! Wis minggiro kono!Asri : wes-wes, awakmu i podo nyapo to? Kok tukaran ae. Nek enek masalah yo mbok diomongne apik-apik.Vega : Iyo. Lha nyapo to Ce , kok awakmu koyo nesu karo Dio ngono.Dio : (nyelehke sapune) ora! sopo seng kondo? Awake dewe apik-apik ae to Ce?Uce : Ora! Aku saiki ora seneng karo awakmu, awakmu saiki mlarat, wis podo minggir kabeh! (Lungo neng mburi karo nggowo sapu)Asri : Sek yo. Tak marani Uce disik ( Lungo)Vega : (gedeg-gedeg) Yo wiis. Santai ae. Pancen Uce kui wonge ngono. Ora usah mbok pikir.Dio : Laiyo to Veg. Aku yo ora ngiro Uce koyok ngono. Tibake wonge sombong banget.Vega : ssst ojo banter-banter wonge ngko krungu. (krungu swara bel) Ho! wes bel. Ndang balekno sek sapune.Wis pirang-pirang ndino Dio karo Uce ora dolan bareng. Uce milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok.Asri : Ce, awakmu ngerti gak?Uce : Opo?Asri : Aku nduwe Hp anyar . Iki lo iso dipencet pencet layare, awakmu ora nduwe to?Uce : Eh. Iyo apike, opo merk e? Regane piro?Asri : Iki Hp Syamsyung Regane murahh. Mung Rp. 6.789.500,-. Smart phone lo iki.Uce : Halah. Mung semono to regane . Kecil no. Bapakku kan bos.Asri : (Kaget) Peyeh!Elok tenan . Yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apik soko iki.Uce : (mbek Pdne Uce ngomong) Iyo. Gampang . Iso diatur.Asri : halah!Wektu muleh sekolah. Uce wis tekan ngomah. Terus langsung . . . .Uce : Pak, pak e tukokno Hp! !Bpke : heh! Opo?! Nyedako rene!Uce : pak. Anu . .tukokno Hp Pak.Bpke : opo?! Tuku Hp?! Meneh?! La Hpmu seng kuwi arep kok nggo opo?Uce : iki kurang apik, usume saiki Hp seng iso dipijet layare.Bpke : (jane arep ngandani, neng ora kuwat, dadi bpke nyeluk ibuke) Buk! Buke!Mboke : Nggeh pak, sekedap maleh. Wonten nopo pak?Bpk : (ngei isyarat) kandanono anakmu kono!Mboke : Nduk, ngene lo tak kandani yo. Neng ojo kaget!Uce : wonten nopo to buk?Mboke : piye yo? (ambegan dowo) Bapakmu iki lagek eneng masalah nek kantore, enek klienne bapakmu seng wis marai rugi perusahaan.Uce : maksude?Mbkke : yo awakmu ora iso tuku Hp. Bapakmu kapusan, mulo awake dewe kudu hemat , ra sah tuku seng ra penting. Omah iki sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek omah seng luwih sederhana . Terus omah iki di dol.Uce : Opo?! Maksude bangkrut? Ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!Bpke : ( Brakkkk) Heh!!,o ra sah ngeyel, mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lo!Uce : neng aku. .Bpke : ra enek neng-neng an, pokoke awakmu kudu hemat!Uce : Peh!(lungo neng kamare)Bpk : Heh, ngomong opo awakmu! (lingguh). Kurang ajar banget cah kuwi! Salahe sopo seng manjakne banget?Bpke lan Mboke: (ambegan dowo)Bpke : mboke, piye nek saiki ngejak Uce neng ngendi ngono?Mboke : Lha neng ngendi?Bpke : wis kuwi rahasia. Pokoke celuken Uce, nek ora gelem kondo o arep di tukokne Hp.Mboke : Nggeh pak..Mboke : Uce, rene osek nduk. Arep di jak bapakmuUce : Nggeh. ( moro) badhe ditumbasne HP to buk?Mboke : yo embuh, pokoke melu o bapakmu sek.. . . . . . .Uce karo Bapake numpak mobil neng ngendi ngono. Terus , Uce mikir. Koyok e ngapusi iki.Uce : (muduk soko mobil), lo kok teng mriki? Badhe nopo pak?Mboten sios tumbas HP?Bpke : cobo deloken uwong-uwong kuwi. Saben dino kerjo gor di nggo madang, awake dewe kudune bersukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong uwong iki ora saben dino iso mangan, sok-sok mangan mung nganggo sego aking. Tak kandani yo nduk. Urip iki ora mesti neng nduwur terus utowo neng ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti?Uce : Ngertos pak.Bpke : ngerti tenan ra? Dadi sido tuku Hp ra?Uce : Mboten mawon pak. Pak kulo nyuwun ngapunten nggeh pak. Kulo pun sadar.Bpk : la ngono lo, yo tak ngapuro, ora po po.Uce mikir nek sesok arep njaluk ngapuro karo Dio lan dadi koncone meneh.Esok wis teko, pas arepe bel mlebu.Uce : Dio!Dio : nyapo Ce? Jarene ra pengen kenal meneh karo aku.Uce : So sopo seng kondo?Dio : yo wis arep ngomong opo?Uce : ngene, a aku njaluk ngapuro yo (karo ngejak salaman)Dio : Ora! Ra nduwe ngapuro!Uce : Ha!Dio : Ora-ora, mung guyon. Yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)Vega : La mbok ngono. Mung konco kat mbiyen kok arep musuhan. Iyo ora Sri?Asri : Iyo! Terus awakmu sido tuku Hp gak?Uce : Ogak Sri. Eeem, Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis.Asri : OowwwwDio : Iyo to Ce? Yo wis ora popo. Santai ae. Mesti enek jalan keluare pokoke gawe penak ae.Uce : Bener omonganmu Yo.Teett. . .Teett. . bel mlebu

SEKIAN. MATURNUWUN.