Drama Cerkak Bjawa

2
Balapan Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD. Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe. Fatih : “Ji, Aji…Aji….” (bengak-bengok ing ngarep omahe Aji) Aji : “ Woi…..dilit” (saka njero ngomah) Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih . Fatih : “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” (Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih) Aji : “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!” Fatih : “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !” Aji : “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” Fatih : “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?” (karo cengar-cengir) Aji : “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.” Fatih : “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.” Aji : “Apa hubungane ro ciduk???” Fatih : “Ha…ha..ha… dingo adus.” (karo nguyu cekikikan) Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Aji : “Siap rung Tih?” (siap arep balapan) Fatih : “Siap ndan.” Aji : “Siji…loro…telu…” Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko

Transcript of Drama Cerkak Bjawa

Page 1: Drama Cerkak Bjawa

Balapan

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur sewelas tahun utawa kelas lima SD.

Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.

Fatih : “Ji, Aji…Aji….” (bengak-bengok ing ngarep omahe Aji)

Aji : “ Woi…..dilit” (saka njero ngomah)

Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .

Fatih : “Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?”

(Aji kang lagi wae mlayu marani Fatih)

Aji : “He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”

Fatih : “Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”

Aji : “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?”

Fatih : “Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?” (karo cengar-cengir)

Aji : “Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”

Fatih : “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”

Aji : “Apa hubungane ro ciduk???”

Fatih : “Ha…ha..ha… dingo adus.” (karo nguyu cekikikan)

Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore.

Aji : “Siap rung Tih?” (siap arep balapan)

Fatih : “Siap ndan.”

Aji : “Siji…loro…telu…”

Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup.

Aji : “Lik….lik….lik…awas”

Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.

Page 2: Drama Cerkak Bjawa

Bakul some : “kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”

Aji : “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” (kang kaweden)

Bakul some : “Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”

Aji : “Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”

Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

Faiq Iftirul M

IX-4 / 10