doa bahasa jawa

download doa bahasa jawa

If you can't read please download the document

Transcript of doa bahasa jawa

Ya mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo, mugi njembaraken panjenengan wonten ing griyo kulo, lan mugi paring berkah panjenengan dateng rizki kulo. Ya mugi paring karidhoan dateng kulo kanti putusan panjenengan, lan mugi paring berkah panjenengan dateng kulo, tumprap barang kang sampun kapesti, ngantos kulo boten pengin ngacoaken barang kang sampun panjenengan unduraken, & mboten ngunduraken barang kang sampun panjenengan laksanaaken. Ya kulo nyuwun pangreksa saking prihatin lan susah, kulo nyuwun pangerksa saking apes lan kesed, & kulo nyuwun pangreksa saking sifat jireh lan medit, & kulo nyuwun pangreksa saking kathahipun utang-piutang saha saking pamaksanipun para kaum dholim. Ya kulo nyuwun slametipun agami, nyuwun kuwasanipun jazat, tambahipun pangertos, berkahipun rizki, kulo kapok sakderenge pejah, nyuwun rahmat wekdal pejah lan nyuwun pangapunten sasampunipun pejah. Duh pangeran kulo. Mugi empun mlengpengaken manah kulo sasampunipun pinaringan pituduh lan mugi paring rohmat dateng kulo, sajektosipun panjenegan punika zat ingkang agung peparingipun Ya mugi ngapunten panjengan ing sedoyo kalepatan kulo, lan kabodoan kulo, leluwihanipun sedaya perkawis kula, lan mugi ngapunten dateng sedaya perkawis ingkang panjenengan langkung pirsa katimbang kulo, mugi ngapunten dateng sedaya perkawis kulo ingkang kulo senaja. Sedaya punika wonten kulo. Ya mugi dadosaken panjenengan ing nur wonten ing manah kulo, nur wonten ing kubur kulo, nur wonten ing pamireng kulo, nur wonten ing paningal kulo, nur wonten ing rambut kulo, nur wonten ing kulit kulo, nur wonten ing daging kulo, nur wonten ing ngajeng kulo, nur wonten ing wingking kulo, nur wonten ing tengen kulo, nur wonten ing kiwo kulo, nur wonten ing nginggil kulo, nur wonten ing ngandap kulo, kanthi rahmat panjenengan , duh zat ingkang maha welas Ya mugi ngreksa panjenengan dateng kulo saking susah, pejah, cilaka lan saking awone pesten, ugi saking geguyune para mungsuh. Duh pangeran kulo, mugi panjenengan njembaraken dada kulo lan mugi gampilaken panjenengan ing perkawis kulo lan mugi ngudari bundele lisan kulo supados sedaya ingkang mireng sami mangertos dateng pangucap kulo Ya mugi maringaken ing sedayane kesaenan ingkang sampun dumawah lan dereng, sami ugi ingkang kula sumerep tuwin ingkang kulo mboten sumerep, lan kulo nyuwun pangreksa saking keawonan ingkang sampun dumawah lan ingkang dereng, sami ugi kula sumerep utawi kula mboten sumerep. Ya saestunipun kulo punika apes mugi paring kiat panjenengan dateng kulo, lan saestuneipun kula punika ina mugi paring kamulyan panjenengan dateng kulo, saha kulo punika miskin mugiparing cukup panjenengan dateng kulo. Duh dzat ingkang maha welas asih Ya sayektosipun panjenengan punika pirsa dateng punapa ingkang kulo umpetaken lan ingkang kulo lahiraken, mugi nampi panjenengan ing pesaben kulo lan panjenengan punika pirsa dateng hajad kulo, mugi maringi panjenengan ing panyuwun kulo, lan malih panjenengan pirso dateng punapa ingkang wonten ing manah kulo, mugi ngapunten panjenengan ing dosa kulo. Ya sampun dadosaken bingahing mungsuh kulo kranten kesusahan kulo, sampun damel awonipin sanak konco kulo dateng kulo, sampun nyampur ngantos kepentingan donya panjenengan dadosaken pokok kaprihatosan kulo, lan sampun nguwasaaken tiyang mboten gadah kawelasan nguwasani dateng kulo, duh dzat ingkang gesang tur jumeneng wonten ing dzatipun piyambak. Gusti ingkang nyukupi marang agamaku, gusti ingkang nyukupi donyaku , gusti ingkang nyukupi marang barang kang di prihatinaken aku, gusti ingkang nyukupi ngatasi marang wong wong kang pada pada nganiaya marang aku, ,gusti ingkang nyukupi brantas wong wong kang pada gawe ala marang aku, ugo ora ana reka daya lan kekuatan kang maedahi kejaba mung saking pitulungane gusti

Ya saestu masrahaken kulo ing hajat kulo dateng panjenengan senadyan akal kulo apes, sekedik rekadaya kulo, sekedik amal kulo, ugi saget ngajeng ngajeng kulo dateng rahmat panjenengan, pramilo mekaten kulo inggih nyuwun dhateng panjenengan duh dzat igkang nyekapi sedaya perkawis

Ya mugi dadosaken panjenengan ing kulo dados golonganipun tiyang tiyang kang ahli paring pitedah tur ahli nampi pitedah, sanes golonganipun tiyang tiyang kang sami kesasar tur tukang nyasaraken, lan mugi dados tiyang kang sami merangi satru panjenengan lang mungsuhi tiyang tiyang kang sami nyatru dhateng makhluk panjenengan. ya doa punika panjenengan ingkang saget nyembadani lan susah payah punika panjenengan ingkang kapasrahaken, saestune kulo punika saking kagungan ,lan saestu kulo mesti wangsul dateng ngarsane ,boten wonten reka daya lan kekiyatan namung pitulunganipun ingkang maha luhur & maha agung. Ya kulo nyuwun pangreksa saking awonipun laku lampah kulo, lan saking awonipun sedaya ingkang awon, boten wonten reka daya lan kekiyatan kejawi pitulunganipun gusti Ya mugi nedahaken panjenengan ing kulo dateng saenipun budi pekerti kranten boten wonten ingkang saget nedahaken dateng budi pekerti ingkang langkung sae kejawi panjenengan, lan mugi nyingkiraken awonipun budi pekerti saking kulo, kranten boten wonten ingkang saget nyingkiraken kejawi panjenengan Ya mugi maringaken rizki kang halal dateng kulo, tur boten nyiksa dateng kulo, lan mugi maringi nrima dateng kulo, saking soal rizki ingkang sampun panjenengan paringaken dateng kulo, lan mugi nglampahaken panjenengan dateng kulo ing amal kesaenan ingkang panjenengan kersa nampi amal kulo sebab rizki ingkang halal Ya duh dzat ingkang mboten saget mlarat sebab pinten-pinten dosane makluk lan boten saget kekirangan sebab paring pangapunten, mugi maringaken dateng kulo ing barang kang mboten mlarati lan ngirangi panjenengan. Ya sayektos kulo nyuwun pangreksa saking gadahing ilmu ingkang boten manfaat lan manah ingkang mboten khusuk saha doa ingkan boten di tampi, ugi nyuwun pangreksa saking hawa nefsu ingkang gadahi bosen. Ya sayektos kulo nyuwun pangreksa saking wakotipun manah lan lali, lan katahipun tanggungan lan nyuwun pangrekso saking asor lan kemlaratan Ya sayektos kulo nyuwun pangreksa panjenengan saking icalipun nikmat peparing panjenengan lan pindahipun keslametan ingkang panjenengan paringaken lan saking ngagetaken siksa panjenengan, lan saking sedaya bendu panjenengan