Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki...
Transcript of Bebuka Daftar Isi - nyeratjawi.files.wordpress.com · Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki...
Bebuka
Assalamualakum wr wb
Sedaya puji kula aturaken dumateng gusti ingkang murbeng
dumadi, ingkang maringi kesarasan dumateng kula sahingga
saget ngrampungaken buku menika, mboten kesupan kula
aturakan selawat serta salam ingkang kunjuk dumaten junjungan
rosulullah SAW ingkang kita tengga syafaatipun ing yaumil
kiyamah.
Buku “Namung Mata kang Wicara”menika kempalan geguritan
ingkang wosipun dipunpendet saking paweruhi panyerat .
Saking terbitipun buku menika kula nyuwun atur panuwun
dumateng :
1. Allah SWT
2. Bapak lan ibu
3. Ibu Prembayun inggih menika Dosen pengampu
4. Kanca-kancaku kang aweh semangat
Buku menika uga saget dipun sebat uneg-unegku ingkang kula
sontakken wonten geguritan
Wassalamualaikum wr wb
Semarang, 27Juni 2012
Usman Hanafi
Daftar Isi
1. Bebuka i
2. daftar isi ii
3. Pahlawan Saiki 1
4. Iki dudu kaca benggala 2
5. Rasa 3
6. Nduwenane Bocah Lanang 4
7. Nata Ati 5
8. Ora bisa di waca 6
9. Dudu Ajaran 7
10. Pajek 8
11. Ati-ati 9
12. Demokrasi 10
13. Kudhung 11
14. Antri Lucu 13
15. Cidra 14
16. Kesengsem 16
17. Metamorposis Rembug 17
18. Bener lan Salah 18
19. Korupsi 19
20. Biografi 21
i ii
Pahlawan Saiki
Luh, kringet padha netesi, kesele awak sing lagi gebuki
Semangat, mung bisa angalahi
Jiwa patriotisme kang lagi di uji
Tetep, madhep njaga konsentrasi, para atlet,kang lagi mbelani
Mibere gendera nagara kang kita tresnani
Yen wis umur naging ora diajeni
Apa meneh disumbang , sing genah waeora diwangsuli
Iki mung awujud dihormati
Iki dudu godhong jati, dudu kemangi mung godhong mahoni
kang ora bisa diduwiti, anangiing kanggoku mung butuh diijoli
Iki dudu kaca benggala
Bening ora banyu
Atos ora watu
Kotak alus dudu kayu
Malah dadeake geguyu
Iki apa....
Jare biyungku.... kaca
Ing jaman saiki, negara wis meh pecah
Aku mung jaluk kaliyan pamerintah
Sifat kaca bisa dadi petuah
Bisa kanggo ngilo, trasparan uga indah
Negara sing dak senengi ora bubrah
Iki dudu kaca benggala, kang duwe kasekten
Mung iki kudu diwiwiti
Awet saiki
1 2
Rasa
Banyu netes ngenani ati sing lagi mbesengut
Temetes mili ana ing plataran lambe sing lagi mencep
Bledek gumlegar ngenani pangrungu
Pangrungu kang madep marang ati kang pada metutut
Tak pancal pedalku iki , ben ra okeh banyu sing pingin demek
awakku
Tekan pangiyup kang tansah nerima
Pegele badan amarga polah ing gawe
Lan katon tangan kang awe-awe
Kaya gegodongan kang keterak bayu
Kang biyasa dak undang “Ibu”
Atis, anyep, adem pada leren ana ing badan
Karepe wedi karo udan
Tak arep-arep ... aku mlebu ing angeting raga....
Ing panggonan kang gawe ayemme rasa
Nduwenane Bocah Lanang
Iki barang apa
Barang cilik ndadekke perkara
Marai metu eleke ukara
Wes cetha katulis marai lelara
Lha kok malah pada mara
Nginiki sing goblok sapa
Jarene nek ora dilakoni ndadeke sepa
Lha apa ora mikir, sing nang andengmu beka
Dadi wong kuwi ya sing peka
Woooo dasar rokok
Ndadiake wong podo pekok
Marai wong bengak-bengok
Sing nang cedak kupinge kopok
Doookkk... kodoookkkk
3 4
Nata Ati
Mlaku ing dalan kang saya ngadoh
Ngoyak barang kang ra weruh
Keterak angin kan pada playon
Di antem lirikane srengenge
Kukuhing ati mantep ing dalane
Sang saya suwe indahe sang saya katon
Raketing ing memitran
Netepake suku mandeg ing pepanggihan
Ing panggonan kang asri
Ngudi ilmu, kanggo sangu ing tuwan
Ing pucuking kota semarang
Ing kampusku, kampus konservasi
Ora bisa di waca
Suara kang ngaung
gugah ati kang lagi mendung
sumpek, judeg pikiran mubeng
suara mau ngrasa ngundang
gawa ati ing plataran kang padhang
ing sisih kiwa , setan gawa plang
kang unine
“ thenguk-thenguk, anteng, lan meneng”
Adzan mbengok, ngakon mara pasujudan
Tentrem adem ayem
Ing kana pancen gawe ati tentrem
Jubul aku suwe wis ora bener
5 6
Dudu Ajaran
Saiki jaman edan
Yan ra edan ora keduman
Une-unen kuwi guyonan apa tenanan
Sing mesthi ora iklan
Urip kuwi kudu cekatan, ana ing gawean
Iki dudu dolanan
Manungsa aja mung ngetokke kaapikan
Sing ala di umpetke , wedi yen konangan
Sandang, pangan uga papan aja dadi kautaman
Sing, katon mung kerakusan
Sing jane di utamakke kuwi akure tetanggan
Iki dudu wejangan
Lan dudu pengarepan apa meneh ajaran
Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan
Tapi nduweni rasa kang diwujudake gremengan
Pajek
Tahun mbentahun Kabeh pada ngetoake
Duwit sitik kanggo ngijoli
Lemah, motor, mobil kang arupa upeti
Pancen , duwit samono ora sepira
Kanggone wong kang kuwasa, lha kanggone wong kang rekasa
Mara rene mara rana
Utang rene utang rana
Iku mung kanggo mbayari
Yen wis tekan nduwr kok padha dikorupsi
Aduh... apa ngene iki kelakuane negara iki
Apa-apa mbalik ana ing korupsi
7 8
Ati-ati
Barangku-barangmu
Duwekmu-duwekku, saiki jamanmu
Kabeh kuwi pancen panduwenmu
Ananging apa yakin nak kuwi mung panduwenmu
Barang iki tipis tapi medeni
Lenture ngyakini
Iki dudu mbedeki, apa maneh ngapusi
Lha kok pada wedi
Lambe kuwipancen duwekmu
Kuwi uga bisa dadi bencanamu
Kari pintere kowe milih dalanmu
Akeh pada rusak saka iku
Gawe kahanan kang orsa akur
Kaya anak panah ing busur
Kang waspada nembak manuk kang mabur
Demokrasi
Demokrasi, demokrasi ohhhh demokrasi
Saiki kuwe ana ing ngendi
Demokrasi kang sejati
Dudu demokrasi kang ngobral janji
Semana, kue di gemborake
Lan ngalahake cara monarki
Saiki seng katon mung jenenge
iki carane sapa..
cara sing gawe bingunge negara
insyiyur, presiden wis lali iku apa, apa meneh mahasiswa
pancen, lambe kuwi panggonan sing kerep ngapusi
beda karo kang ana ing jero ati
apa pancen wis padha ora duwe ati
demokrasi- demokrasi gawe ruwete negara iki
9 10
00
0
Kudung
Kemlebat bandamu,nutupi sutraning alam
Putih resik panutup ira
Bening, genahke mata kang lagi mandang
Ana kembang kang mekar ing dhuwurmu
Sedep, arum, gandane ngundang mahkluk kang cerewet
Iki mung awujud kudung
Kudung –kudung ... apa kanggomu
Gawe ayu?
Nutupi panas?
Apa nutupi kaalanan?
Wolak walike jaman, kudung kanggo pantesan
Jarene supaya kembar karo kancane
Aduh- aduh ana meneh ngang gone yen pas pengajian
Beda meneh yen gombale klawus, moh nganggo
Salah kaprah
Kanggone kuwi nutupi aurat
Ora mung ben nambahi ayu
Kuwi mung bonus
Astagfirullahhaladzim...
11 12
Antri Lucu
Hahaha wkwkwk
Apike negara iki
Kabeh pada antri
BBM,BLT uga LPJ
Bangga aku lahir ing negara iki
Nganti- nganti korupsi kuwi yo pada antri
Bar kasus iku, ngaleh kasus iki
Gayus, nazarudin, bar kuwi angie
Hahaha wkwkwk
Bangga meneh aku lahir ing negara iki
Rakyate pada rukun
Kabeh-kabeh bareng
Yen ora bareng ora gelem
Kaya koruptor, kena siji kancane daijaki
hihihihi
Cidra
Gluduk ana ati
Angin kang seger uga ana ing ati
Ana apa sing tak rasake saiki
Rasa seneng lan wedi, nyampur dai siji
Pingin taktokke, tapi apa sing ditokke
Indahing donya dadi siji
Kuwi ana ing awakmu
Tak waniake nulis surat
Tak tujuake marang awakmu
Tak selehake ing meja kelasmu
Tak arep-arep balesanmu ngnti ra isa turu
Awan iki aku pas-pasan
Lambemu mesem, ngiyasi rupa ayu panduwenmu
Bali sekolah aku mlayu, mara ing mejamu
Salembar kertas ana ing kana
Tak waca alon-alon
13 14
“aku pingin kuwe dadi kancaku,dudu pacarmu, senengku beda
karo awakmu”
Kesengsem
Gegodongan miber-miber ngundang
Srengenge nginceng, ana ing sawaliki mega
Kembang –kembang pada mekar
Tawon padha-nyebut-nyebut
Ratuning penggalih mudhun
Kinawal widodari, lan prajurit
Ati iki miber-miber, weruh kang kaya mangkana
Eseme pait madu, gawe bombong
Lanangan kabehpadha kesengsem
Rasa iki pengin nduweni
Nanging piye, godhong wis ana tawon
15 16
Metamorposis Rembug
Masalah, perkara kuwi bumbuning urip
Nangip urip ora kangga golek perkara
Musyawarah carane wang jawa
Kanggo ngrampungke perkara
Cara iki diadopsi ing negara
Iki beda , wis beda
Olehe nerapke ing negara
Kudune golek dalan liya, malah golek masalah liya
Seneng rembukan mung golek kesalahan liyan
Ngolah lathi, kaya kembang melati
Ngetoake rupa kaya arjuna
Jebul ati kaya buta
Bener lan Salah
Elek apik
Bener salah
Anyar amoh
Resik rusah
Kabeh kuwi ana sifate
Tapi kok di kembarke ,
Malah ana sing di wolak walik
Sing elek diapik-apike
Sing apik dielek-elekke
Bener di salahke , salah dibenerke
Wong bener di gorohake
Jaman akhir polahe lucu-lucu
Dipanggonke ora marang panggone
Pengene negara maju, sing genah wae
Negara tentrem ayem
Ngimpi wae, yen sifat ngono mau diterus-teruske
17 18
Korupsi
Jas panganggone, merek terkenal jalukane
Apik banget tumpakane, lha piye moh yen ora miliyar regane
Sebribit ambune , wangi ganda perfume
Kuwi mau saka ngendi duwite
Saiki lagi musime
Para manungsa kang ngunggulake jabatane
Sing kaentuk saka duwite
Arupa nyuap uga ditindake
kae mau ska ngendi jebule
“Wong cilek”
Sapa meneh sing sengsara
Kuwi ha’e sapa
Sing nang ngisor mung bisa nampa
Apa wae nakale sing nduwe kuwasa
Dil-adil maz adil… saiki kue nang endi
Iki ana sing wigati
Ana sing nyokoti Negara kang lagi nutupi
Nutupi apa..?
Nutupi polahe korupsi
Korupsi, korupsi
Gawe terkenale negeri iki
19 20
Biografi
USMAN HANAFI lair ing Mojokulon,
Banjarejo, Blora, 22 Agustus 1993.
Namatake SD ing SDN 1 Banjarejo, banjur
lulus saking Mts Khozinatul Ulum Blora.
SMA ditamatake ing MA Negeri Blora.
Nglanjutake sekolah ing Universitas Negeri
Semarang tekan saiki.
Awit saka SD wes kerep melu Organisasi. Ing SD yaiku Dokter
kecil, lanjeng ing SMP melu OSIS, diteruske ing SMA melu IPNU.
Ing Unnes melu Kridamadu UKM Keseniyan Jawa lan Hima
Bahasa lan Sastra Jawa Unnes.
21