b Jawa Lengkap

8
Assalamu’alaikum Wr.Wb  Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan. Saderengipun keparenga kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun ngejejer ngadeg wonten ing pangarsanipun panjenengan sedaya. humateng panjenenganipun bapa !ono kaliyan Ibu "umi, kula minangka s ilih saliranipun bapa !umidal ngaturaken nyuwun gunging pangapun ten amargi ing wekdal punika mboten kuwawi matur. Awit s aking bombongin penggalih suka  pari suka pikantuk sung-sung talinin g katresnan ingkang tanpa pepindhan. Sepisan, panjenenganipun bapa !umidal sekaliyan ibu ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsaning #usti Allah SW" ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan ingkang tanpa pepindhan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak ! umidal sekaliyan ngaturaken  pambagya harja rahayu wilujeng awit karawuh panjeneng an sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki nglarapaken sarat sarana pasrahan temanten saking dalem dumugining wisma mriki. $aping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak !umidal sekaliyan, ingkang lumantar Bapak Surono kala wau. Semanten ugi Bapak !umidal Sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu !ono. $anthi pepuji mugi-mugi tansaha  pinaringan sih kanugrahaning %angeran, &in elakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha ren&ana. $aping sekawan, Bapak !umidal sekaliyan neda narima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepidhan, dene Bapa !ono sekali yan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak !umidal %amila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning penggalih. 'enawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri  pengantin kekalih badhe kadhaup aken. 'awantu-wantu panyuwunipun Bapak !umidal sarimbit mugi panjenengan dalah  para pangaraking panganten sedaya kasuwun k anthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika. 'inangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi  punika taksih kathah &i&ir &ewet ku&iwaning atur, saha kirang mranani penggalih , kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama.  Nuwun( Akhirulkalam, bilahit tau)ik wah hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb

description

sambutan

Transcript of b Jawa Lengkap

Assalamualaikum Wr.Wb

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan.Saderengipun keparenga kula nyuwun agunging samudra pangaksami awit kawula kumawantun ngejejer ngadeg wonten ing pangarsanipun panjenengan sedaya.

Dhumateng panjenenganipun bapa Jono kaliyan Ibu Tumi, kula minangka silih saliranipun bapa Jumidal ngaturaken nyuwun gunging pangapunten amargi ing wekdal punika mboten kuwawi matur. Awit saking bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.Sepisan, panjenenganipun bapa Jumidal sekaliyan ibu ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan ingkang tanpa pepindhan.Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak Jumidal sekaliyan ngaturaken pambagya harja rahayu wilujeng awit karawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki nglarapaken sarat sarana pasrahan temanten saking dalem dumugining wisma mriki.Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak Jumidal sekaliyan, ingkang lumantar Bapak Surono kala wau.

Semanten ugi Bapak Jumidal Sekaliyan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu Jono. Kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana.

Kaping sekawan, Bapak Jumidal sekaliyan neda narima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepidhan, dene Bapa Jono sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak JumidalPamila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning penggalih. Menawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri pengantin kekalih badhe kadhaupaken.Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak Jumidal sarimbit mugi panjenengan dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama.Nuwun!

Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah.Wassalamualaikum Wr. Wb

Nur Afifah ( XII MM1/23 )

Assalamu'alaikum wr.wb. "Bapak2, Ibu2 soho para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.Dumateng panjenenganipun Ibu Retno Widaningrum minangka tiang sepuhi pun mas Wawan, kulo minangka wakilipun Bp Sudaryanto sekalian ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi nembe ngraosaken bombonging penggalih, pikantuk sungsung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.

Langkung rumiyin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dateng Gusti Allah ta'ala ingkang sampun ndawahaken kanugrahan dateng kita sedaya dene hajatipun Ibu Retno anggenipun ngadahi kerso saged kobul. Sepindah silaturahmi, kaping kalih taaruf, kaping tiganipun lamaran dan ngrembak rencana ndaupaken keng putri ingkang peparap Mas Wawan pikantuk Rr Arifah Sindika putri.

Ingkang sepindah, kulo pribadi tuwin Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken pambagyo rahayu wilujeng waruh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanti sugeng basuki tindak saking dalem ing Ngayojokarto dumugining dalemipun Bp Sudaryanto.

Kaping kalih, sampun dipun tampi atur salam taklimipun Ibu Retno, semanten ugi Bp Sudaryanto sekalian ngaturaken salam taklim mugi katur ngarsanipun Ibu Retno, kanti pepuji mugi2 tansah pinaringan sih kanugrahan Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, cinelakno ing suko rahayu, tinebehno ing godha rencana.

Kaping tiganipun, Bp Sudaryanto reno nrimo ngaturaken nuwun ingkang kathah dene Ibu Retno sampun kerso rawuh ing mriki saperlu taaruf dan lamaranipun kita tampi kanti suko renaning manah. Mbok bilih sadayanipun mangke sampun samekto ing damel, keng putra nakmas Wawan kaliyan Arifah kekalih badhe kadhaupaken.

Mawantu-wantu panjenenganipun Bp Sudaryanto sekalian mugi panjenengan dalam para pangombyong, kasuwun kanti sanget keparengo anglajengaken suko pari suko anggenipun lelenggahan kanti mirunggan.

Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kulo ngaturaken atur panampi puniko wau kirang mranani ing penggalih, awit cupeting nalar kidhunging pemanggih, kulo tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.Wassalamu alaikum Wr. Wb.......Assalamualaikum wr.wb. dst. amma ba'du.

Nuwun, kulanuwun. Dhumateng panjenenganipun Bapa Ahmad ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Doni sekalihan ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit saking mradapa keparengipun Bapa Yono sekalihan garwa, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa Doni sekalihan lumantar panjenenganipun Bapa Ahmad.

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah. Ing salajengipun, mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa Yono sekalihan garwa. Mboten kekilapan panjenenganipun Bapa Yono sekalihan garwa namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa Doni sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Namung semanten panampi saking Bapa Yono sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa Doni sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen Bapa Yono sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama. Nuwun.Wassalamualaikum Wr. Wb

Assalamualaikum Wr.Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki..

Mradapa keparengipun Bp. sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.

Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.

Nun inggih :

Tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun paniji.

Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ingkang mengku gati. Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten).

Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.

Mekaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.

Nuwun, nwun, matur nuwun.

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki. Mradapa keparengipun Bp. ___________ sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran kinaryajejangkeping tata cara salaki rabi. Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adicara pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala. Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panatacara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawangsa.

Tinarbuka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji. Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih salira saking badhe/calon kadang besan. Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ___________ ingkang mengku gati. Kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacana sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten). Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran para.

Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati. Nuwun, nuwun maturnuwun.Assalamualaikum Wr. Wb

Kawula nuwun

Sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kula bekteni, para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan, ingkang kula kurmati, langkung-langkung Bp. PURWOTO minangka sulih sarira Bp. BARTOLOMEUS MARSIDI ingkang kula bekteni ugi kula kurmati.

Kaparenga kula matur, sumulih sarira Bp. WARIGIT KH, SE nampi menapa ingkang dados dawuh panjenengan, minangka utusanipun Bp. BARTOLOMEUS MARSIDI sarimbit.

Bp. PURWOTO sedaya dhawuh sarta pasrah panjenengan kula tampi kanthi renaning manah, kinanthenan atur panuwun ingkang mawantu-wantu.

Menggah adhi kula temanten kekalih inggih pun Bg. ANTONIUS WIWIT MARISTA, S.Psi miwah Rr. RATNA KUSMARTINI, S.Psi. kula suwun, awit badhe kula tindakaken rantaman salajengipun.

Sak sampunipun cekap panampi kula, panjenengan miwah para keluwarga ingkang nderekaken kula suwun lenggah mirunggan sinambi hangestreni pawiwahan prasaja ingkang dipun ayahi Bp. WARIGIT KH, SE sekaliyan.

Ing wasana mbok bilih wonten kirang lan lepating atur panampi kula, kula nyuwun agunging pangaksama. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Assallamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

Assalatu wasallamu ngala asrofil ambiyai wamursalim wangala alihi wasabihi ajmain ama badu.

KAPURWAKAN KANTI KULA DHEREKAKEN MANEKUNG MANENGKU PUJA BRATA LEBETING WARANA SAHANDAP PEPADHANGING HYANG SUKMA KAWEKAS INGGIH GUSTI INGKANG WELAS MIWAH MAHA ASIH, AWIT SAKING RUMENTAHING SIH WILASA MIWAH NUGRAHA INGKANG SAMPUN TUMANDUK ING JIWANGGA KITA WARADIN SAGUNG DUMADI RAHARJA MINULYA.

Kula nuwunKangmas / Adhimas / Bapak : Kula asma : . kapiji kapitaya hanyepuhi pangaraking badhe Pengantin kakung, kepareng hanyanti astuti kawilujenganipun kulawarga ing mriki.Ing salajengipun kula kepareng anglarapaken badhe Pengantin kakung inggih angger : . putranipun Kakangmas / Adhimas / Bapak : . ingkang badhe hangemong Nimas : .. putra putrinipun Kakangmas / Adhimas / Bapak : ..Hanjawi saking punika, salugu hanetepi tata cara caraning adat bebesanan, kula ngaturaken PANINGSET tumprap ingkang badhe nambut silaning akrami, jangkep ABON-ABON tuwin rinangken PANGIRING sawetawis. Ing pangajab mugi murakabi kangge paseksen antebing sedayanipun para besan, saha andadosaken sarana ingkang handayani, panyuwun dhumateng Pangeran ingkang Maha Agung manunggalipun Dimas : kaliyan Nimas : .. lestari widodo nir ing sambikala jodo ing salami-lami.Ing wasana sadaya tuna dungkaping atur, kirang wijang-wijiling ukara, minggahing kirang subasita miwah larasing tata krami, kula nyuwun agunging samodra pangaksami

Nuwun

Wabilaihi taufik wal hidayah wassalamualaikum warohmatullohi wabarohkatuh.