B jawa

44
Mantenan Adat Jawa Faiq Permadi Z. Fani Masturina Khansa N. O. Lefi Unsiyyati Puja M. A.

Transcript of B jawa

Mantenan Adat Jawa

Faiq Permadi Z. Fani Masturina Khansa N. O.

Lefi Unsiyyati Puja M. A.

Upacara pengantenan adat jawa iku salah sijining upacara sakral adat jawa sing nduweni rangkeyan – rangkeyan upacara lan tata cara sing wes pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing khusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu

Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake neng daleme penganten putri. Tuan rumah acarane yaiku wong tua utawa keluarga penganten putri namung tetep direwangi keluarga penganten kakung.Upacara adat bab mantenan iku seje – seje miturut daerah uga diselenggarakake sesuai kemampuan ekonomi sosial keluargane.

Upacara Penganten Adat Jawa

Upacara adat jawa niku dibagi dados 5 babak. Bab ingkang kaping setunggal inggih punika Pembicaraan ingkang dilaksanakaken sebangsa keraton, tahap kaping kalih inggih punika Kesaksian, tahap kaping tiga inggih punika Siaga, tahap ingkang kaping sekawan inggih punika Rangkeyan Upacara, ingkang terakhir inggih punika tahap kaping gangsal ingkang dadosipun inti upacara manten adat Jawa.

Bab 1Pembicaraan

Tahap pembicaraan niku intinipun mencakup tahap pembicaraan ngantos proses lamaran ingkang dibagi dados :1. Congkong2. Salar3. Nontoni4. NglamarAdat Congkong, Salar, Nontoni biyasanipun mung dilaksanakake kaliyan keluarga keraton.

1. CongkongUpacara punika dilaksanakake perwakilan ingkang dipuntugasi kangge tangklet lan nggoleki informasi bab kondisi lan situasi calon besan. Tugasipun duta ingkang utami niku nangkletaken status calon mempelai putri, taksih dewekan napa sampun wonten ingkang nglamar.

2. SalarJawaban ingkang diparingaken wonten acara congkong badhe ditangkletaken malih wonten acara salar ingkang dilaksanakaken dening duta kaping setunggal napa larenipun

3. NontoniSak sampunipun diparingi lampu ijo kaliyan calon besan, calon penganten pria kaliyan tiyang sepuhipun lan keluarga besar ningali calon penganten putri ting dalemipun calon penganten putri kangge ngenali kepribadian, gerak-gerik lan liya-liyane saking calon mantu.

4. LamaranLamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing daleme tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kaluwarga lan sanak sedherek. Biasanipun, acara lamaran niku sekaliyan kalih netepaken tanggalan utawi dinten panyelenggaraan rangkeyan upacara ingkang selanjute.

Bab 2Kesaksian

Saklajengipun acara pembiacaran dening kaseksen. Acara punika kangge nunjukake kaseriusan dening calon nganten pria.Acaranipun : 1. Peningsetan2. Paseksen3. Gethok Dina

1. PeningsetanPeningsetan ngelambangake kuate ikatan pambicara kangge mujudaken 2 kesatuan ditandani kaliyan tukar cincin mempelai.

2. PaseksenPaseksen yaiku proses permohonan donga kaliyan restu ingkang disekseni tamu ingkang rawuh.

3. Gethok dinaGethok dina inggih punika acara damel netepaken tanggal lan dinten ijab kabul kaliyan resepsi. Biasanipun, penentuan tanggal disesuaike kaliyan tanggalan apik miturut jawa.

Babak 3Siaga

Tahap siaga iku digunakake kangge persiapan panitia pelaksana kegiatan wonten rangkaian acara sederengipun ngantos sarampunge akad nikah.Acarane :1. Sedhahan 2. Kumbakarnan3. Jenggolan utawi Jonggolan

1. SedhahanSedhahan iku mencakup proses wektu ndamel undangan ngantos pembagian undangan teng sedherek kaliyan rencang-rencangipun mempelai utawi tiyang ingkang dipunkersani rawuh dateng acaranipun.

2. KumbakarnanKumbakarnan inggih punika acara pertemuan kangge mbentuk panitia khajatan kaliyan pembagian tugas panitia ingkang ngundang sedherek, keluwarga, tetanggi, kaliyan rencang.

3. Jenggolan utawi JonggolanCalon penganten lapor dhateng KUA bilih piyambake badhe ngawontenaken hajat nikahan. Tradisi menika, biyasane dipun ngertosi ngginakaken asma Tandhakan utawi Tandhan.

Babak 4Rangkaian upacara

Rangkaian upacara sing dilaksanakake wektu H-1 acara ijab kabul . Biyasane, ting ndaleme calon penganten putri dipunpasang Tarub, kembar mayang, kaliyan tuwuhan.Persiapan sing biyasane dilaksanakake menjelang rangkaian upacara menika yaiku :1. Pasang tarub2. Kembar Mayang3. Buwangan4. Pasang tuwuhan

a. Pasang Tratag lan tarubTarub kerata bahasane yaiku ditata supaya katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu lumrahipun nata panggenan supaya katingal becik, dipunparingi rerenggan supaya endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning.

b. Kembar MayangSering kasebut dening sekar kalpataru dewandaru, ingkang ngelambangake kebingahan kaliyan keselamatan. Peranti iki biyasane dipungunakake kangge ngias panti/ asasana wiwara wonten acara panebusing kembar mayang kaliyan upacara panggih. Prawila acaranipun sampun rampung, kembar mayang dibuwang wonten prapatan dalan utawi segara kangge maknani bilih calon penganten mesthi eling asal muasale.

c. BuwanganIngkang dipunbuwang yaiku takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang kanggo mbuang sedayaning sukerta lan pepalang supaya pakaryan sing ditindakake mboten wonten alangan

d. Pasang TawuhanTuwuhan utawi wit ingkang ngelambangaken isi jagad raya kaliyan nduweni makna piyambak wonten budaya jawa dipasang wonten lawang mlebetipun Penganten badhe lenggah.

Rangkaian upacara sing dilaksanaake menjelang ijab kabul antarane :1. Selametan2. Siraman3. Adol dhawet 4. Midodareni5. Srah-srahan6. Nyantri

1. SelametanPenganten islam, biasane sedurunge ngelaksanakake upacara adat nymabut ijab kabul biasane nggelar selametan. Donga bebarengan mugi-mugi acara benjang inggih punika ijab kabul dipunparingi berkah keselametan.

2. SiramanAcara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan tiyang sepuh calon mantèn banjur sedhulur liyané uga kalebu pemaes.

Piranti ingkang perlu disiapake kangge siraman yaiku :- Panggonan. Siraman dilaksanakake

ana kamar mandi utawa latar omah.- Tiyang ingkang ndherek acara.

Babagan iki kudu didaftar.- Piranti sing diprelukke kayata kursi,

kembang setaman, kain, kendi, lan sapanunggalane

- Sesaji kangge siraman, biasane pithik jago sji.

Tatacara pelaksanaan siraman :1. Calon penganten mohon donga kaliyan

restu wonten tiyang sepuh.2. Lajeng lenggah wonten kursi ingkang

sampun disiapake kangge acara siraman.3. Disiram dening pinisepuh, tiyang sepuh,

kaliyan sedherek ingkang sampun didaftar, ingkang terakhir yaiku pemaes.

4. Pemaes utawi tiyang sepuh utawi pinisepuh ingkang dipunkersani, mbanting kendi kaliyan matur “wis pecah pamore” utawi “niat ing sun ora mecah kendhi nanging mecah pamore anakku wadon”.

Sakwise acara siraman diwiwiti, dilanjutake paes kanggo penganten putri. Paes yaiku ngilangke rambut alus sekitar palarapan utawi bathuk supaya pasuryane katingal resik. Paes maringi simbol pangarep-arep derajad luhur ingkang diapit lambange tiyang sepuh yaiku bapak ibu kaliyan keturunan.

3. MidodareniTembung midodaren iku asale saka basa jawa yaiku widodari utawa bidadari wonten bahasa indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kangge maringi pengestu uga kangge pralambang yen sesuk wonten acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.

• Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.

• Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

4. NyantriRombongan calon penganten pria rawuh wonten daleme calon penganten putri. Wonten acara menika, calon penganten pria nyuwun tulung diijabke mbenjang. Bilih wonten mas utawi mbak ingkang dilangkahi, acara punika nggadahi acara penting liyane yaiku maringi restu kaliyan hadiah wonten acara plangkahan

5. Srah-srahanAcara iki bareng kaliyan budaya nyantri dening calon penganten putra. Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung maringi uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, pithik, jajan pasar, lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku arta sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

Babak 5Inti Acara

Inti acara wonten budaya mantenan jawa antarane :1. Ijab kabul2. Upacara panggih3. Upacara balangan

suruh4. Upacara wiji dadi5. Pupuk6. Sinduran

7. Timbang8. Dhahar Klimah9. Mertui10. Sungkeman11. Kendurèn / resèpsi

1. Ijab KabulWonten islam, mboten enten pernikahan tanpa ijab kabul sesuai aturan ingkang dipunparingi gusti Allah. Akad nikah digunakake kangge nyempurnakake rukun pernikahan uga dokumen wonten KUA.

2. Panggih Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

3. Upacara balangan suruhUpacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

4. Upacara wiji dadiPenganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

5. PupukIbu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.

6. SinduranLumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.Sinduren saking tembung sin -isin ndur mundur ing kono anggadahi arti selendang ingkang warnanipun abit (abang)kadhapuk kalianpethak ingkang nglambangake persatuan sakinng bapak lan ibu.

7. TimbangPinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.

8. Dhahar KlimahPengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

9. MertuiWong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.

10. SungkemanPenganten sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.

11. Kendurèn / resèpsikenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku lijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan penganten nrima mangayubagya saka sedhulur, rencang, uga kabeh sing teka ing acara iki.