09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

13
NALIKA TÈKNOLOGI DADOS “BENDARA” TUMRAP MANUNGSA PASAMUWAN MAKEMPAL Loncèng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncèng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin lan maosaken underaning Warta Gréja. Prdt : Dinten gumantos dinten, wekdal silih- gumantos ngrenggani gesangipun manungsa. Lampah sujarahing gesang mbekta kita lumebet ing kamajenganing jaman, déné manungsa sangsara dipun gangsaraken gesangipun kanthi manéka warni sarana gesang ingkang sarwa ngéramaken. Nanging, dhasaring samukawis, Gusti Allah ingkang Murba Dumadi, ingkang ngrimati gesangipun LPP Sinode Wulan Brayat 2014 83 WULAN BRAYAT Minggu II, 12 Oktober 2014 Katrangan: Prdt : Pradata Pmp : Pemimpin Psw : Pasamuwan Lkt : Lèktor PNJ : Pemandu Nyanyian Jemaat

Transcript of 09. Liturgi Minggu 12 Oktober 2014-1

NALIKA TKNOLOGI DADOS BENDARA TUMRAP MANUNGSAWULAN BRAYATMinggu II, 12 Oktober 2014 Katrangan:Prdt:PradataPmp:PemimpinPsw:PasamuwanLkt:LktorPNJ:Pemandu Nyanyian Jemaat

PASAMUWAN MAKEMPAL

Loncng kaungelaken kaping 1, donga konsistorium. Loncng kaungelaken kaping 3, Pradata nyumet lilin lan maosaken underaning Warta Grja.

Prdt : Dinten gumantos dinten, wekdal silih-gumantos ngrenggani gesangipun manungsa. Lampah sujarahing gesang mbekta kita lumebet ing kamajenganing jaman, dn manungsa sangsara dipun gangsaraken gesangipun kanthi manka warni sarana gesang ingkang sarwa ngramaken. Nanging, dhasaring samukawis, Gusti Allah ingkang Murba Dumadi, ingkang ngrimati gesangipun manungsa wiwit rumiyin, samangk dumugi salaminipun. Sumangga kita sujud jngkng ing ngarsanipun rinengga pakurmatan saha kamulyan konjuk Panjenenganipun.

Kidung Pambuka [pasamuwan jumeneng]KPK 16:1,2 PUJI MRING ALLAH KANG MAHA WISSASesarengan:Puji mring Allah Pangran kang Maha Wissa, muji ramya binarung lan sawernining gangsa, pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah.-interlude-PNJ:Puji mring Allah kang sstu adil pangrhira, Psw wanita:ngreksa lan ngrimati srana lubring berkahnya, Psw priya:nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, Sesarengan:tinebus temah waluya.

Votum lan SalamPmp:Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaning-Sun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! (Ysaya 55:3a)Psw:Kawula marek ing ngarsa Paduka dhuh Gusti / mbekta gesang kawula sawetahipun.Pmp:Pitulungan kita punika, wonten ing asmanipun Sang Yhuwah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.Psw:(aklamasi) Amin, Amin, Amin!Pmp:Gusti nunggil panjenengan (kita) sadaya.Psw:Nunggila ing panjenengan ugi.

Bebuka [pasamuwan lenggah]Pmp: Brayat dados ener nalika manungsa wangsul saking sadhngah tugas kuwajiban punapa dn panyambut damel. Punika ateges bilih brayat kedahipun dados papan ingkang njalari tuwuh tentrem-rahayu temah saged kangg papan mratlakaken kanyatan ingkang dipun temahi. manipun, kawontenan ingkang makaten punika asring boten kebabar wonten ing brayat. Satunggal lan satunggalipun sami nggatosaken saha ngutamkaken dhirinipun piyambak. Tanpa prastawa*), kamajenganing tknologi ingkang kedahipun dados mitra gesangipun manungsa sampun santun-rupi dados bendara ingkang nguwaosi. Punapa raketing kekadangan wonten ing brayat sampun samesthinipun ginantosan kawigatosan linangkung dhateng jagading tknologi? Sumangga kita ngraos-raosaken malih lampahing gesang bebrayatan kita temah kawontenanipun saged kapulihaken dados raket gulet kados ancas sakawit. Satunggaling cara anggn kita nggayuh gegadhangan makaten punika inggih ndadosaken Gusti Ysus ingkang linangkung wigatos wonten ing sauruting gesang kita.

*) Prastawa: waspada, waskitha

Pujn Kabingahan

KPK 305:1,2 BRAYAT KANG RAHARJAPmp:Kadya Adam lan Kawa kang dedunung nng Pirdus,PNJ:ajrih asih mring Allah ngabekti kanthi tulus,Psw priya:tresnanya murni Psw wanita:gesangnya suci,Sesarengan:rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama Psw wanita:tresnanya murni, Psw priya:gesangnya suci,Sesarengan:rukun setya wah raharja tansah tinunggil Rama -interlude-Psw wanita:Tiyang kang sesomahan kang dadya putrng Allah,Psw priya:ngudi ing kamursidan asih mring sagung titah,PNJ:jujur ing lampah Pmp:wah lembah manah,Sesarengan:arum jroning pirembagan kekah dnya bebrayan.Psw priya:jujur ing lampah Psw wanita:wah lembah manah,Sesarengan:arum jroning pirembagan kekah dnya bebrayan.

Timbalan MratobatPrdt: Sabdanipun Gusti wonten ing 1 Yokanan 2:7-10 mratlakaken makaten: H para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kow wiwit wiwitan mula Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu. wasamono, pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kow iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengan lan ana ing kow, amarga pepeteng iku nedheng sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar. Sing sapa duw ujar yn dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulur, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprn. Sing sapa tresna marang sadulur iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.

Wekdal ening sawatawis

Prdt:Nresnani punika pepaknipun Gusti tumrap gesang kita. Kita sinebat gesang ing pepadhang, nalika tresna kababara-ken wonten ing brayat kita. Punapa kita sampun nresnani gegelitaning brayat kanthi gumolonging manah?

Psw priya:Gusti mugi ngapunteni kawula / awit kawula asring nyupkaken dhawuh Paduka. / Kawula boten nresnani smah / punapa dn anak-anak kawula kanthi gumolonging manah. / Kawula asring kalindhih ing padamelan lan karemenan dhiri pribadi. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.[kalajengaken ngrepkaken kidung 52 prangan Refrain]

KPK 52 NYUWUN SUCIPsw priya:nyuwun suci Adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

Psw wanita:Paduka mugi ngapunteni kawula, / dn kawula asring kirang nresnani brayat, / smah lan anak-anak / kanthi gumolonging manah. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.[kalajengaken ngrepkaken kidung 52 prangan Refrain]

KPK 52 NYUWUN SUCIPsw wanita:nyuwun suci adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci

Lar-lar: Gusti, / jejering anak, / kawula asring nengenaken karemenan kawula piyambak. / Kawuli kirang preduli dhateng tiyang sepuh kawula. / Wonten ing sih Paduka, / kawula nalangsani dosa kalepatan kawula.[kalajengaken ngrepkaken kidung 52 prangan Refrain]

KPK 52 NYUWUN SUCILar-lar:nyuwun suci adhuh Gusti, nyuwun suci, nyuwun suci.

Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]Pmp: Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: Dakngakoni panerakku ana ing ngarsan Sang Yhuwah. Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Jabur Masmur 32:5). Makaten sih-rahmatipun Gusti.Psw:Puji sokur konjuk Gusti.Pmp:Baga kita ingkang sampun ngakeni dosa kalepatan kita awit Panjenenganipun karsa ngapunteni. Sumangga kita mratlakaken sokur kanthi mbag tentrem-rahayuning Sang Kristus dhateng para sadhrk kita.

(Pasamuwan tangkep asta/ salaman.)Kidung Tanggapan

KPK 174:1,2 NULADA SANG PAMARTASesarengan:Dipadha sarujuk tunggal tresna tunggal budi lan tunggal sedya,wah samya andhap asoring lampah nulada mring Sang Kristus tansah, Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri, wah dadya abdi sinalib sda yku babaring tresna sanyata.-interlude-Psw wanita:Ram ing gaw ing pamrih sepi tan mung mikir badan pribadi Psw priya:nging migatosna ing liyan ugi nulada mring Sang Kristus Gusti Sesarengan:Kristus Gusti Allah yekti nging manjalma ngesoraken dhiri, wah dadya abdi sinalib sda yku babaring tresna sanyata.

PALADOSAN PANGANDIKA

Donga piklse [pasamuwan lenggah]Kapimpin dning Pemimpin.

Pamaosing Kitab SuciWaosan I Lkt :Waosan kapisan kapethik saking kitab Pangentasan 32:1-14 (sasampunipun maos) Makaten pangandikanipun Gusti.Psw:Puji sokur konjuk Gusti.

Masmur TanggapanLkt :Masmur tanggapan kapethik saking Jabur Masmur 106:1-6, 19-23 ingkang makaten pratlanipun... [pasamuwan nyimak utawi saged ugi dipun waos sesautan utawi dipun daras/ dipun repkaken]

Waosan II Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun Rasul Paulus tumrap pasamuwan Filipi bab 4 ayat 1-9 [Filipi 4:1-9]. (sasampunipun maos) Makaten pangandikanipun Gusti.Psw:Puji sokur konjuk Gusti.

Waosan InjilPmp:Samangk nampnana Injiling Ysus Kristus manut paseksining Matus 22-1-14 (sasampunipun maos) Makaten Injiling Ysus Kristus. Ingkang rahayu inggih punika ingkang sami mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Halluya!Psw:(aklamasi) Halluya, Halluya, Halluya, Amin. KotbahWekdal Ening

Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]Prdt:Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing bumi, ing sadhngah papan saha wekdal, kita pratlaken Sahadat kita manut Pangaken Pitados Rasuli: Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama...

Donga Syafaat [pasamuwan lenggah]Donga kapimpin dning Pemimpin.

PISUNGSUNG

PangatagPrdt: Sumangga kita mratlakaken pangucap sokur kanthi ngaturaken pisungsung konjuk Gusti awit Panjenenganipun sampun ngrimati gesang kita lan nglubri brayat kita kanthi sih-rahmatipun. Nas pisungsung kapethik saking 2 Korinta 9:7-8, Saben wong pawwh dikaya kang dadi rilaning atin, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah ngasihi wong kang pawwh kanthi suka-rila. Lan Gusti kuwaos nglubrak sawernaning sih-rahmat marang kow kabh, supaya kow padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwiha anggonmu nglakoni sarupaning panggaw becik.

Kidung Pisungsung

KPK 183:1,2 PISUNGSUNG MRING KANG MALUHURSesarengan: Gusti Kang Maluhur kula saos sokur,sung pisungsung klayan bingah wit lubring berkah,mugi dados marginira asma Paduka pinuja,karsanta binabar nyata kraton swarga rawuhaAmin, Amin, Amin-interlude-Sesarengan:Gusti Kang Maagung kula sung pisungsung, dados srananira grja leladi makarya, mbabarken tresnaning Allah sumrambah mring tiyang kathah,temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi, Amin, Amin, Amin

Donga PisungsungKapimpin dning Pradata

PANGUTUSAN

Kidung PangutusanKPK 299:1,2 KABEGJANING BRAYATSesarengan:Gusti Allah ingkang Maasih wit saking sih-rahmatipun, sampun nimbali tyang kekalih gesang tansah atut rukun,tan prayoga lamun ngantos pisah wit saking wangkoting manahnging kekalihnya tunggal ati lung tinulung gesang suci,brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci.-interlude-Sesarengan:Gusti wus nitahken manungsa nulad citra pasemonnya,jalu wanita kekalihnya sesami rowang sembada,kinn tansah sami memitran mrih mekar jatining gesang,tansah dados margining berkah mring brayat wah mring tyang kathah, brayat begja wit tinunggil Allah Sang Rama, Sang Putra wah Sang Roh Suci.

BerkahPmp:Pangran Yhuwah mberkahi panjenengan (kita) lan ngayomi panjengan (kita). Pangran Yhuwah nyunaraken cahyaning wadananipun dhateng panjenengan (kita) lan maringi sih-rahmat. Pangran Yhuwah nungkulaken wedananipun dhateng panjenengan (kita) lan maringi tentrem-rahayu. Amin.Psw: (aklamasi) Halluya [5X], Amin [3x]

[ATS] KasanLPP Sinode Wulan Brayat 201487