Sesorah Bahasa Jawa

Post on 31-Jul-2015

715 views 19 download

Transcript of Sesorah Bahasa Jawa

Sesorah Bahasa Jawa tentang hari pendidikanAssalamualaikum Wr WbNuwun !Dumatheng panjenenganipun Bapa Kepala Dinas Pendodikan Pemudha dan Olahraga kabupaten Kebumeningkang pantes sinudarsonoDumatheng Pangemban pangembating praja satriyaning negari ingkang tansah kulo bekteniDumatheng panjenenganipun Bapa/Ibu juru pambiji Sesorah ingkang tansah kulo hormatiDumatheng Bapa/Ibu Dwija Basa Jawi Pandamping panyarta Adu wasis sesorah ingkang kulo hormatiSoho, dumatheng para panyarta adu wasis sesorah ingkang kulo tresnaniSaderengipun kulo nyuwun agunging pangapunten amargi kumowantun cumantaka matur ngadeg wonten ngarso panjenengan sedoyoSaperlu ngaturaken sesorah ingkang hanggadahi Irah-irahan ‘GUMREGAH NGGAYUH KUNCARANING BANGSA’Slajengipun sumangga kulo aturi sesrengan ngunjuaken raos puji syukur dumatheng ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan, sahenggo wonten enjang meniko kita taksih saged kempal manunggal hangrawuhi adicara asu wasis sesorah basa JawiSholawat soho salam mugi tansah katetepaken Allah SWT dumatheng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun benjang wonten yaumul qiyamah allohuma amin!