Post on 21-Jan-2017
Diktat
EKSPRESI LISAN II
DR. PURWADI, M.HUM
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id
Februari 2012
2
PURWAKA
Diktat punika karumpaka kangge pasinaon Mata Kuliah Ekspresi Lisan II
ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas
Negeri Yogyakarta.
Wondene ingkang dados garapan ing salebeting seratan punika mligi
caking pahargyan pangaten Jawi. Kapurwakani saking tata cara lamaran ingkang
mratelakaken pranata adicara, pambagya raharja, pasrah panampining lamaran.
Kalajengaken pratelan babagan pasang bleketepe saha upacara midodareni. Ugi
dipun jangkepi pangageming busana penganten gagrag Ngayogjakarta saha
Surakarta.
Wedaling diktat punika kaangkaha saged nglancaraken kridhanipun para
kadang mahasiswa ingkang nembe ngangsu kawruh. Wusana mugi rahayu
ingkang sami pinanggih. Matur nuwun.
Yogyakarta, 10 Februari 2012
Dr. Purwadi, M.Hum
3
ISINIPUN BUKU
PURWAKA ................................................................................................... ii ISINIPUN BUKU .......................................................................................... iii BAB I TATA CARA LAMARAN ............................................................................. 1
A. Pranata Adicara Lamaran ............................................................... 1 B. Atur Pambagya Adicara Lamaran .................................................. 3 C. Panampinipun Lamaran ................................................................. 5 D. Tanting Penganten Putri ................................................................. 7 E. Pitutur Catur Wedha ....................................................................... 8
BAB II UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN ................................................... 10
A. Pambuka ........................................................................................ 10 B. Pambagya Raharja ......................................................................... 11 C. Kalam Ilahi .................................................................................... 12 D. Pasrah Penganten Kakung .............................................................. 13 E. Sabda Panampi ............................................................................... 14 F. Ular-ular Penganten ........................................................................ 15 G. Panutup ......................................................................................... 18
BAB III SERAT TATA CARA ................................................................................... 19
A. Pengetan Weton ............................................................................. 19 B. Tingalan Tumbuk ........................................................................... 21 C. Uba Rampe .................................................................................... 25
BAB IV WEDHARING SABDA ADITAMA ............................................................. 28
A. Tepa Palupi Panganten Putri .......................................................... 28 B. Tepa Tuladha Panganten Priya ....................................................... 31 C. Wejangan Serat Wedharaga ........................................................... 33 D. Wejangan Serat Sabdatama ............................................................ 37 E. Wejangan Kidung Rumeksa Ing Wengi .......................................... 39
BAB V TATA CARA ADAT JAWI ........................................................................... 43
A. Dhukun Methik ............................................................................. 43 B. Bayi Mudhun Lemah .................................................................... 45 C. Ruwatan Murwa Kala ................................................................... 51 D. Tingkeban ..................................................................................... 54
4
BAB VI TITI LAKSANA TETAKAN ......................................................................... 56
A. Nindhaken Syariat Agami ............................................................. 56 B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim ........................................... 57 C. Piranti Kangge Tetakan ................................................................ 60 D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan ................................................. 63
KAPUSTAKAN ............................................................................................ 65 LAMPIRAN 1. SILABUS ............................................................................. 66 LAMPIRAN 2. RPP ....................................................................................... 69 PANGRIPTA ................................................................................................. 72
5
BAB I
TATA CARA LAMARAN
A. Pranata Adicara Lamaran
Assalamu ‘alaikum wr.wb.
Kula nuwun. Dhumateng ngarsanipun para rawuh sedaya, kakung
sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan. Langkung rumiyin mangga
kula dherekaken ngaturakan puja puji pudyastuti, dhumateng ngayunan dalem
Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, karaharjan, dalah
kasantosan, saengga ing titi wekdal menika kita saged makempal lan manunggal
wonten ing dalemipun Bapa Permadi (umpaminipun) sakulawarga, ing Perum
Jatiasri, Surabaya.
Angka kalih, kula ngaturaken sugeng rawuh, dhumateng rombongan
saking kulawarga Bapa Waluyo (umpaminipun) ingkang sampun saestu rawuh
wonten ing mriki. Salajengipun, kulawarga Bapa Permadi ngaturakan gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan. Sedaya kemawon, dipunaturi satata lenggah
ingkang sakeca, sawontenipun.
Bapak ibu, saha para rawuh ingkang satuhu dahat sinudarsana.
Saderengipun adicara kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah
rantamaning adicara ingkang badhe kita tindakakan ing kalodhangan menika.
Angka sepisan, atur pangandika saking Bapa Waluyo, ingkang badhe
dipun pangarsani dening panjenenganipun Kyai Haji Ahmadi Srikaloka
(umpaminipun). Panjenenganipun Bapa Waluyo badhe ngaturaken menggah
punapa wigatosipun rawuh ing dalemipun Bapak Permadi ing wekdal menika.
6
Angka kalih, atur panjenenganipun Bapa Permadi ingkang hamengku
gati, saperlu hananggapi punapa ingkang dados atur pangandikanipun Bapa
Waluyo. Bapak Ir. Bambang Parikesit, kepareng dados sulih saliranipun Bapa
Permadi.
Dungkap adicara salejengipun, inggih menika srah-srahan, minangka
tandha talining sih katresnan, ingkang dipunasta dening keluarga Bapa Waluyo,
ingkang badhe dipunsalirani dening Ibu Magdalena Tuminem (umpaminipun),
saha badhe katampi dening keluarga Bapak Permadi, ingkang badhe
dipunsulihsalirani dening panjenenganipun Ibu Candra (umpaminipun).
Dene pitepangan antawisipun keluarga Bapak Waluyo, ugi Bapa Permadi
karacik ing adicara ingkang angka tiga. Saksampunipun para rawuh sedaya
katuran dhahar sawetawis, lan adicara menika badhe dipunpungkasi mawi adicara
pamitan saking Bapa Waluyo. Bapa Permadi kepareng badhe caos angsul-angsul,
minangka tandha tinampining tali katresnan.
Mekaten menggah rantamaning adicara ing wekdal menika. Mangga para
rawuh sedaya kula dherekaken mlebet ing adicara ingkang angka sepisan, inggih
menika atur pangandika saking Bapa Waluyo, ingkang badhe dipun salirani
dening panjenenganipun Bapa Kyai Haji Ahmadi Srikaloka. Suasana saha sasana
kula sumanggakaken.
Para sedherek ingkang kajibah mandhegani titi laksana adicara prayogi
menawi kersa maos pustaka saha reriptanipun para sarjana kados ing ngandhap
punika: Karkono Kamajaya kanthi reriptan Serat Centini Latin, Nayawirangka
kanthi reriptan Serat Tuntunan Padhalangan, Padmosukoco kanthi reriptan
7
Memetri Basa Jawa lan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita, Sayid kanthi
reriptan Bauwarna Wayang, Sri Hartati Agoes kanthi reriptan Kiat Sukses
Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta,
Sudi Yatmana kanthi reriptan Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin
Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra,
lan Suyadi Respationo kanthi reriptan Upacara Mantu Jangkep Gagrag
Surakarta.
B. Atur Pambagya Adicara Lamaran
Assalamu ‘alaikum wr.wb.
Para rawuh kakung sumawana putri, para sepuh, adisepuh miwah
pinisepuh ingkang satuhu dahat kinabekten, para pangemban pangembating praja
ingkang luhur ing budi, bapak-bapak, ibu-ibu dalasan para lenggah ingkang
winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, keparenga panjenengan paring
pangapunten dhumateng jasad kawula, awit sampun nggempil kamardikan
panjenengan sedaya.
Langkung rumiyin, mangga munjukaken puja puji pudyastuti sesarengan
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT awit saking kanugrahanipun ingkang
lumeber dhateng kula penjanengan sedaya, katitik ing wekdal menika kita saged
makempal wonten ing dalemipun ingkang minulya Bapak Permadi ing Perum
Jatiasri, ngriki. Sedaya kabagyan, karaharjan, katentreman saha kamulyan mugya
tansah kasarira panjenengan sami, utaminipun keluarga agung Bapak Permadi.
8
Minangka talang aturipun Bapak Waluyo, kula kadhawuhan ngaturaken
salam taklim Bapak Waluyo sekeluarga konjuk dhumateng Bapak Permadi
sakulawangsa.
Menggah wigatosipun sowan kula saha sedaya sadherek kula wonten
dalemipun Bapak Permadi, kula tinanggenah nakyinaken punapa panjenenganipun
Bapak Permadi, estu-estu kagungan putri ingkang asesilih Dyah Rahayu Winasis,
ingkang samenika taksih ijen saha dereng kagungan pacangan.
Mbok bilih leres, Bapak Waluyo ngersakaken ngebun-ebun enjang
anjejawah wonten, keparenga badhe kadhaupaken kaliyan putra jalunipun, anama
Wibisana Jati Pamungkas, ingkang samenika ugi ndherek sowan ngabyantara
wonten ing dalemipun Bapak Permadi ingkang luhur ing budi.
Bapak ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Wekdal menika panjenenganipun Bapak Waluyo sakulawarga ugi kepareng caos
tandha kancingan menawi panglamaripun dipun keparengaken awujud ali-ali
utawi sesupe. Bapak Waluyo ugi caos tandha tali asih, awujud dhedhaharan saha
ageman ingkang sampun sapala. Mbok menawi, caosan menika namung aji
godhong jati aking. Ananging, ing pangangkah mugi ndadosaken suka renaning
penggalih panjenengan sakulawangsa, lan saged rumaked ingkang badhe sami
kekadangan. Mugya keluarga Bapak Permadi kepareng hanampeni tandha sih
menika.
Wusana, hambok bilih wonten kuciwaning atur lan kirang suba sita, tuwin
tandang tanduk ingkang mboten nuju prana, kula sarombongan pangaraking calon
temanten, nyuwun gunging samudra pangaksami. Minangka talanging basa,
9
santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Kopat duduhe santen, wonten
lepat nyuwun pangapunten.
Matur nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.
C. Panampinipun Lamaran
Assalamu ‘alaikum wr.wb.
Panjenenganipun Bapak Kyai Haji Ahmadi Srikaloka ingkang jumeneng
silih salira panjenenganipun Bapak Waluyo sarimbit. Kula ingkang kapatah, dados
talang basanipun Bapak Permadi sakulawarga, keparenga kula memuji dhumateng
Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kula panjenengan sami tansah pinayungan
ing karahayon.
Ing ngriki kula keparenga ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun
dhumateng para sutresna sedaya. Atur salam taklim saking panjenenganipun
Bapak Waluyo sarimbit katur Bapak Permadi, sampun kula tampi kanthi
legawaning penggalih. Saha ing mangke ing wekdal ingkang prayogi badhe kula
aturaken dhumateng ngarsanipun Bapak Permadi sabrayat agung. Mawantu-wantu
salam taklim saking Bapak Permadi mugi keparenga wangsul kaaturaken
dhumateng Bapak Waluyo sakulawangsa, sakondur panjenengan dalah
rombongan ing mangke.
Pinangka purwakaning atur, menawi kula kepareng matur punapa ingkang
dados penggalihanipun Bapak Ibu Permadi, samenika kados siniram banyu
sewindu, kajugrugan gunung madu, rikala mireng karawuhan panjenengan menika
saperlu badhe ngalamar putri kula pun Gendhuk Rahayu Winasis. Inggih panci
10
leres, bilih Gendhuk Rahayu Winasis taksih lajang lan dereng kagungan
pacangan.
Kanthi sineksenan priyagung ingkang ngestreni pePanggihan ing wekdal
menika, anggen panjenengan narosaken Gendhuk Rahayu Winasis ingkang badhe
kadhaupaken kaliyan Nakmas Wibisana Jati Pamungkas, putra jalunipun Bapak
Waluyo, kula ingkang kapasrah paring wangsulan. Bapak Permadi sakulawarga
kepareng nampi saha ngeparengaken panglamar panjenengan.
Dene tandha kekancingan awujud sesupe ingkang kacaosaken dhumateng
yoga kula Gendhuk Rahayu Winasis, ugi kula tampi kanthi suka renaning manah.
Ugi peparing panjenengan ingkang arupi tandha talining katresnan, Bapak Ibu
Permadi ngaturaken gunging panuwun inkang tanpa pepindhan. Mugi-mugi Gusti
Ingkang Maha Mirah tansah pareng paring piwales ganjaran ingkang
sakelangkung kathah. Sakmangke sesupe menika kula agemaken wonten driji
manisipun Genduk Niken. Menika minangka pratandha bilih yoga kula menika
sampun kapacang dening Bagus Primus putra kakungipun Bapak Ibu Waluyo.
Bapak ibu Waluyo ingkang pinayungan ing karahayon. Mbok bilih anggen
kula matur wonten ngarsa panjenengan, saha anggen kula nampi rawuh
panjenengan sarombongan, kirang saged netepi darmaning kasusilan, saha
ndadosaken kirang renaning penggalih, mawantu-wantu Bapak Ibu Permadi
nyuwun lumebering samudra pangaksama.
Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr.wb.
11
D. Tanting Penganten Putri
Tuladha tantingan antawisipun bapa kalian penganten putri kasebut kados
ing ngandhap punika:
Bapa : Putriku…… kang kinasih. Sakdurunge sliramu bakal nambut
silaning akrama, Bapak mundut pirsa apa kowe wus sumadya lan
tresna temenan kadhaup dening putrane Bapak Ibu…… kang
sesilih Anakmas…….
Putri : Bapa saha Ibu ingkang kula bekteni. Adalem mboten suwala
dhumateng keparenganipun para pinisepuh. Adalem namung
ndherek Bapa tuwin Ibu. Adalem mboten badhe selak menawi
kadhaupaken kalian Kangmas……. Namung dalem anggadahi
panyuwunan. Mbok bilih kepareng dalem nyuwun bebana
minangka sarat sarananing palakrama. Adalem nyuwun
kapadosaken sekar Kembar Mayang sakpirantosipun.”
Bapa : Oh hiya……yen pancen mengkono kang dadi anteping atimu.
Bapak lan Ibu ya mung jumurung marang kersane Kang Murbeng
Dumadi. Insya Allah Bapak bakal ambudidaya minangkani apa
kang dadi pamothahmu mau, yaiku ngupadi anane Kembar
Mayang. Mula saka iku, ayo padha bebarengan prihatin supaya
enggal-enggal antuk gawe, kasembadan apa sing dadi
panyuwunmu.
12
E. Pitutur Catur Wedha
Putraku ngger, Bagus……. Sesuk sliramu bakal angleksanani adicara
anambut silaning akrama, anggarwa wanodya kang dadi pilihaning penggalihmu.
Mula ngger, bocah bagus……wengi iki mirenga pitutur utama kang
sinebut Catur Wedha. Catur Wedha yaiku papat piweling utama, kang turun
temurun kaparingake para leluhur.
Sepisan. Wiwit sesok sliramu wus wiwit mengku garwa, mula sliramu wus
ora ijen maneh. Sliramu lan garwamu kudu nyawiji, kaya godhong suruh lan
kurepe. Godhong suruh kuwi beda rupane antarane ngisor dhuwure. Nanging yen
ginigit padha rasane. Mula sinebut garwa, tegese sigaraning nyawa. Osiking
penggalih, obahing salira, jumangkahe suku, lan kumlawening asta, antarane
sliramu karo garwamu kudu tansah irib lan laras.
Kaping pindho. Wiwit amengku garwa sesuk, sliramu tak jaluk kudu
tansah atur sembah sungkem marang wong tuwamu dewe sarta Rama lan Ibu
mara sepuh. Margane sawise sliramu nyawiji karo garwamu, Rama lan Ibu mara
sepuh iku ateges padha karo Rama Ibumu dhewe.
Kaping telu. Sakwise sliramu nambut silaning akrama amengku garwa,
sliramu ing sateruse wus pepisahan karo Rama Ibumu. Sliramu wus kudu mandiri
ora gumantung marang sapa bae. Jejering sliramu wus dadi warga negara sarta
warganing bebrayan agung.
Wiwit wektu iki sliramu kudu bisa ambangun pawong mitra piyambak,
manjing ajur-ajer ing pasrawungan. Tegese luwes ing memitran angajab akehing
sedulur sinara wedi. Kabeh satindaking suku lan sakaceping lathi, sliramu kudu
mikul tanggung jawab marang ngersaning Gusti Allah Kang Maha Kuasa.
13
Angka papat. Ngger putraku, Bagus……. Sakwise sliramu madeg dadi
pribadi kang bakal anggulawentah, ing sakteruse sliramu kaya dene warga negara
lan warga bebrayan agung, kudu tansah taqwa marang Gusti Allah Kang Maha
Wikan, miturut sakabehing parintahing Gusti Allah. Lan sak baline kuwi sliramu
tansah kudu angedohi samubarang kang diawasi dening Gusti Kang Murbeng
Gesang.
Piwulang lan piweling kabeh kuwi rinakit supaya uripmu sakloron karo
garwamu ing tembe buri tansah jinangkung dening Gusti kang Maha Kuwasa,
tinebehna saka rubeda lan memala sarta cinaketna marang karahayan, rinubung
berkahing rejeki.
Adicara dipunlajengaken srah-srahan Kancing Gelung, inggih menika
seperangkat busana penganten kakung supados saged kaagem nalika Upacara
Panggih. Wekdal menika tiyang sepuh penganten putri ngandika dhumateng calon
mantunipun:
Anak angger……, sakdurunge anakmas dalah para pinisepuh sarta para
kadang-kadang kabeh padha kondur, mara tampanana ageman iki ingkang
kinaran Kancing Gelung, ya bakal kagem busanamu sesuk nalika
winisudha. Mara enggal tampanen anak mas.
Bapa penganten putri ngutus duta, dipunsimbolaken kanthi asma Ki
Saroyajati, kangge madosaken Kembar Mayang awit saking pamundhutipun
Calon Penganten Putri, wonten ing ngajenging gebyog.
14
BAB II
UPACARA PAHARGYAN PENGANTEN
A. Pambuka
Assalamu alaikum wr.wb.
Kawula nuwun,
Katur dhumateng ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang dahat
sinudarsana. Para nayakaning negari ingkang lebda ing kardi. Bapak-bapak Ibu-
Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya.
Langkung rumiyin panjenengan sami kawula dherekaken atur puji
pangestuti dhumateng Gusti murbeng dumadi. Awit saking kanugrahan lan
kamirahan ingkang tansah lumintu, kita saged makempal saperlu ngawontenaken
pahargyan ing kalenggahan punika.
Wondene reroncening titi laksana hadicara pahargyan ing dalemipun
Bapak Dahono Saroyo, kababar kanthi pratelan :
1. Pambuka
2. Kumandhanging Kalam Ilahi
3. Pambgya Raharja
4. Pasrah Panganten Kakung
5. Sabda Panampi
6. Sesorah Kautaman
7. Panutup
15
Dados cihna minangka pambukaning acara, kita purwakani kanthi maos
serat Al Fatihah sesarengan.
Al Fatihah.
Ngancik rancangan acara salajengipun inggih punika pambagya raharja
ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun Bapak Lurah Sukiman.
Wekdal saha papan kasumanggaaken.
B. Pambagya Raharja
Assalamu’alaikum Wr Wb
Para lenggah ingkang satuhu mahambeg utama, mliginipun rombongan
kadang besan ingkang dahat kinurmatan.
Kados ingkang kapacak ing rancanganing pawiwahan, bilih kawula
kajibah ngaturaken pambagya raharja dhumateng para tamu. Panjenenganipun
Bapak Dahono Suroyo ing wanci punika saestu karenan ing galih, suka amarwata
suta, ngantos boten kuwami medhar pangandikan. Saking panyengkuyung sarta
panyarujuking brayat ageng, lajeng kawula ingkang kapatah dados badan wakil.
Para rawuh kakung sumawana putri, dinten ingkang kebak kabagyan
punika Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ngaturaken kasugengan dhumateng
ngarsanipun rombongan kulawarga besan Madiun. Kanthi raos gembira, wiwit
wau enjang ngantu-antu, rawuhipun brayat ageng Madiun. Dupi iring-iringan
sampun manjing ing tlatah Salatiga, sedaya wargi ing ngriki sami sumunar
pasuryanipun.
16
Rehne sampun sawetawis anggenipun lelenggahan, kasuwun para tamu
kersa angrahapi pasugatan ingkang cumawis. Dhaharan lan unjukan ingkang
sampun samapta, enggala dipun incipi kanthi eca lan sekeca. Sampun ngantos
tidha-tidha ewuh pakewuh, sungkan ing galih. Dipun penggalih kemawon bilih
tlatah Salatiga sami kaliyan kawontenan ing wewengkon Madiun. Prayogi
kadamel manah mardika.
Wiwit sawulan kepengker, brayat ageng Bapak Dahono sampun siaga ing
gati, sawega ing dhiri. Ing pangajape tumapaking upacara pahargyan ing ari
kalenggahan punika lumampah kanthi gancar lancar, urut patut, luwes lan pantes.
Udhu bahu suku lan panemu rinten dalu dipun kuras ngantos telas. Parandene
kados ingkang dipun pirsani, bilih titi laksana pawiwahan kathah kirang
langkungipun. Papan saha pangantan tebih saking raos pangalembana.
Pramila saking menika, bapak lan ibu Dahono Suroyo sanget-sanget
panyuwunipun mligi kagem rombongan brayat penganten kakung dalah para
lenggah kesdu paring lubering sih samudra pangaksami. Wusana mugi sami
basuki lestari.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
C. Kalam Ilahi
Sabda pangandikanipun Kanjeng Sinuwun Paku Buwono IV ingkang
kaweca ing serat Wulangreh: Jroning Qur’an nggoning rasa jati. Jumbuh kaliyan
reroncening acara bilih ing ari kalenggahan punika badhe kababar kumandanging
Kalam Ilahi.
17
Wondene ingkang kajibah maos Kitab Suci inggih punika sedherek Taufik
Ali, sinartan sari tilawah dening sedherek Siti Aminah.
Papan lan wekdal sakrampungipun kawula aturaken. Sumangga kita
migatosaken kanthi manah sareh, murih wosing gati saged pikoleh.
D. Pasrah Penganten Kakung
Assalamu alaikum Wr. Wb.
Katur dumateng ngarsanipun Bapak lan Ibu Dahono Suroyo ingkang
satuhu luhuring budi. Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Tuwin
sanggyaning para tamu ingkang minulya.
Ngaturi kawuningan bilih kawula matur ing ngarsa panjenengan sami, awit
nuhoni dhawuhipun Bapak Kuswandi saking Madiun. Gembiraning manah lir
pendah kajugrugan wukir sari, kebanjiran samodra madu. Ngantos Bapak saha Ibu
Kuswandi mboten kuwawi ngandharaken pangandikan. Ukara lan sabda katutup
agenging kabagyan. Punika ingkang anjalari Bapak lan Ibu Kuswandi lajeng
wewakilan dhumateng kula. Cekak aos, kula kapatah dados talang atur.
Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ingkang kinurmatan, kanthi raos lahir
batos ing madyaning pawiwahan agung menika kawula pasrah Angger Sri
Sadono. Ing pangajab Bapak miwah Ibu Dahono Suroyo kesdu nampi dados
putra. Wiwit dinten punika purba wasesa sawetahipun kawula sumanggaaken.
Kula suwun Bapak Ibu Dahono Suroyo kersa momong thole Sri Sadono kados
putra piyambak.
18
Mugi ndadosaken pirsa, yoga kula Sri Sadono pancen kirang pana ing
pawiyatan. Panggulawenthah ugi dereng wetah. Pramila kasuwun brayat ageng
Bapak Dahono paring wulangan, wejangan lan wedharan. Murih gesangipun
tambah jejeg, patrapipun langkung madhep, wawasanipun sangsaya manteb.
Bapak Ibu Kuswandi kagungan penggalih, bilih thole Sri Sadono kanthi mbangun
turut dhumateng dhawuh pangandikanipun Bapak Dahono Suroyo badhe nemahi
karaharjan.
Ing pungkasan kula nyuwun pangaksami bilih rombongan saking
kulawarga Kabupaten Madiun wonten solah bawa ingkang kirang nuju prana.
Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
E. Sabda Panampi
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Konjuk ing ngarsanipun Bapak tuwin Ibu Kuswandi ingkang winantu ing
kabagyan. Ugi rombongan kulawarga saking Madiun ingkang kula hormati,
sedaya para rawuh ingkang minulya.
Kula dipun dhawuhi dening panjenenganipun Bapak lan Ibu Dahono
Suroyo saperlu ngaturaken kasugengan. Anggen panjenengan sami rawuh ing
tlatah Salatiga mugi tansah sinartan raos bagya mulya rahayu widada.
Rehning sampung terang terwaca sabda pangandika ingkang miyos saking
badan wakilipun Bapak Kuswandi, punika kulawarga Bapak Dahono Suroyo
namung saged matur sendika dhawuh. Angger Anakmas Sri Sadono katampi lega
19
legawaning penggalih. Malah nami dhapur kalerasan bilih supeketing kekadangan
tambah bakuh, raketing memitran tambah kukuh.. Menggahing pranatan ingkang
lumampah bilih kulawarga Madiun kaliyan Salatiga sampun manunggal. Ibarat
roning suruh, lumah kurep yen disawang seje rupane, yen digigit padha rasane.
Bapak lan Ibu Kuswandi ingkang dahat kinurmatan, Anakmas Sri Sadono
sampun resmi dados kanca gesangipun anak kula pun Yayuk Setiani. Miturut
angger-anggering negari piwulanging agami kalih-kalihipun sampun nunggal
cipta rasa karsa. Minangka jejering tiyang sepuh kulawarga Bapak Kuswandi lan
Kulawarga Bapak Dahono Suroyo kantun paring puji pangastuti. Mugi dadosa
salaki rabi ingkang guyub rukun pindha mimi lan mintuna.
Prasajan kemawon ing dinten punika sedaya ingkang rawuh tartamtu
ndherek mangayu bagya. Kanthi raos suka sukur, kita sami ndedonga dhumateng
ngarsanipun Gusti Allah Swt. Hidayah lan taufik mugi-mugi tansah kaparingan
dhumateng kita sedaya. Amin.
Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
F. Ular-ular Penganten
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahir robbil alamin, Wassholatu wasalamu ashrofil mursalin
waalaihi waaskhabihi aj main, ashaduala ilahailallah, waashaduanna
muhammadan rosulullah, Amma Ba’du.
Langkung rumiyin mangga kita sami ngaturaken puji syukur ing Ngarsa
Dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan, kesehatan, kekiyatan lan
20
keslametan dumateng kita sedaya. Kados dhawuhipun Allah SWT ingkang
kaweca ing kitab suci Al-Quran lain sakartum laazi danarkum wa lain kafartum.
Inna adzabi lazadid. Artosipun sing sapa wonge tansah syukur marang ingsun,
mula ingsun bakal nambah kanikmatan. Nanging sing sapa wonge kafur marang
nikmat ingsun, sayekti azab lan siksaku banget larane. Kanthi ngunjukaken raos
syukur punika mugi-mugi Allah SWT tansah paring pinten-pinten kanugrahan.
Allahuma Amin.
Salajengipun salam lan rahmat mugi-mugi tansah konjuk dhumateng
ngarsanipun panutan agung Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring
wejangan arupi ajaran Islam. Panjenenganipun kanjeng Nabi punika ingkang
ngentasaken umat manungsa saking jaman jahiliyah tumuju jaman islamiyah.
Jaman ingkang peteng dhedhet dados jaman ingkang terang terwaca. Kanthi atur
salam dhumateng kanjeng Nabi, mbenjang ing dinten kiamat kita mugi-mugi
pikantuk syafaat.
Hadirin wal hadirat, khususipun sang penganten ingkang minulya, inggih
punika Mas Sri Sadono lan Mbak Yayuk Setiyani.
Mangun bale wisma punika saestunipun ndherek sunahipun Rasulullah
SAW, trep kaliyan wulangan ingkang kaserat ing kitab Suci Al-Quran lan hadist
Nabi. Tujuanipun supados dados pasangan ingkang sakinah mawaddah
warrahmah. Satunggaling bebrayan ingkang kebak ing raos katentreman,
kebagyan, kamulyan, kawidadan lan karaharjan.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawula hormati.
21
Menawi dipun gandhengaken kaliyan angger-anggering nagari,
saestunipun mangun bale wisma punika saged nambahi kukuh bakuhing bangsa,
sauger katindakaken miturut piwucal ingkang leres. Kaluwarga-kaluwarga
ingkang jejeg, ugi mahanani jejeging negeri. Amargi keluwarga punika
peranganipun negari ingkang alit piyambak.
Madhep mantep, kukuh bakuh lan adeg jejeging wewangunan kulawarga
hambok bilih saged sinengkuyung mawi gegebangan ing andhap punika.
Tamba ati iku lima ing warnane
1. Maca Quran angen-angen sakmaknane
2. Kaping pindho sholat wengi lakonana
3. Kaping telu wong kang sholeh kumpulana
4. Kaping papat dzikir wengi ingkang suwe
5. Kaping lima kudu luwe ing wetenge.
Salah sawijining sapa bisa anglakoni, insya Allah ta’ala bakal ingajabahi.
Gansal ajaran kala wau menawi dipun amalaken ing gesang, tartamtu
kathah untungipun. Bebrayan ingkang kita bangun lajeng tuwuh katentreman lahir
batos. Sauger gesang tansah gegondhelan kaliyan piwucal agami, saestu badhe
pikantuk barokah, rohmah lan hidayah. Wusananing atur ihdinas syirathal
mustaqim, wa bitaufik wal hidayah.
Wassalamu alaikum wr wb.
22
G. Panutup
Purwa madya wasana lampahing pahargayan sampun katindakaken kanthi
gancar lancar, paripurna nir sambikala.
Kula jejering pranata adicara ingkang kapatah ngesuhi pawiwahan,
hambok menawi wonten solah bawa, muna muni sarta tindak tanduk ingkang
kirang prayogi, kula nyuwun lubering sih samudra pangaksami.
Pungkasaning acara, kita tutup sesarengan kanthi waosan hamdallah.
Alhamdulilllahir rabbil ‘alamin.
Wassalamu alaikum wr wb.
23
BAB III
SERAT TATA CARA
Ing ngandhap menika badhe kapethikaken upacara adat ingkang dipun
racik ing pustaka Serat Tata Cara yasan Ki Padmasusastra.
A. Pengetan Weton
Kacariyos Raden Nganten Tangkilan, sareng anakipun Raden Bagus
Suwarna sampun dipun sapih, lajeng wawrat. Dumugi ing mangsa gadhah lare
medal estri, dipun sukani nama dhateng embahipun Mas Ngabehi Bendung,
Raden Lara Suwarni. Lampah-lampahipun boten kacariyosaken amargi namung
wor misah, prasasat boten wonten sanesipun. Sapunika ingkang kacariyosaken are
jaler estri kakang adhi, dumalundhung boten wonten sangsayanipun, kalis ing
sakit enggal ageng kados ingedusan toya gege. Ingkang jaler ngumur 12 taun,
ingkang estri ngumur 10 taun.
Tangkilan (T) : Ibune.
Raden Nganten
(RN) : Kula.
T : Wetonku tumbuk ngumur 33 taun, slametane apa wis ko pikir?
RN : Rak siyos benjing tanggal ping 7 wulan Rabingulakir ngajeng
niki ta?
T : Iya.
RN : Saniki tanggal ping 27 tesih kirang 10 dalu.
24
T : Rakya wis cedhak.
RN : Mawi napa ta, rak enggih ming wilujengan sekul janganan
mawon pinten dangune.
T : Karepku arek dak gedhe nganggo ngatur-aturi kanca, nanging
sisan wragade anakmu si ndhuk arep dak sunatake pisan, awit
wis sedhenge ngumur 10 taun. Besuk tetake anakmu si Thole iya
bakal dak bareng karo tumbukmu elingku umurmu kacek telung
taun engkas dadi ngumur 15 taun, iku sedhengan wayahe bocah
tetak.
RN : E, kejawi ra, yen santun salaga kula tata kriyin, uwos-uwos
enggih kedah kandel.
T : Mangsa bodhoa pamikirmu buri, aku ngarep, yen ana
kekuranganmu bae tutura.
RN : Enggih, nanging saniki kula sampeyan paringi yatra.
T : Pira?
RN : Satus rupiyah mawon kriyin.
T : Iya ta, mengko tak jupukake sadhela. Enya gilo limang kampil
dhuwit pecah, sakampile isi rong puluh rupiyah, ping lima dadi
satus rupiyah.
RN : Mbok Karyaboga!
25
B. Tingalan Tumbuk
Mbok Karyaboga
(Kb) : Kula.
RN : Berasmu kari pirang dhacin?
Kb : Uwos saking Jethis dereng kula ewah-ewah Ndara, taksih 10
dhacin, para 7, dhadharipun 3, punika sanesipun uwos lami,
ingkang kangge cekapan wonten ing dobong boten kula petang.
RN : Isih kandel ane, ora susah kongkonan njaluk beras menyang
desa.
Kb : Kagem menapa ta, Ndara?
RN : Kersane bapakne Den Bagus, besuk emben tingalan tumbuk iku
digedhe, ngiras nyunatake putumu Den Lara.
Kb : Bilih kagungan damel tetesan kemawon, uwos semanten kados
sampun cekap.
RN : Sokur, yen karanganmu wis cukup, aku ngandel marang kowe.
Besuk tingalan iku kwoe gawea tumpeng 33, sing gedhe loro
(sakemkbaran, lanang wadon), sing cilik 31, lan gawea sriyatan,
apa maneh tukua tuyah ginawe sedhekah panulak pangapesaning
wuku, awit wukune bapakne Den Bagus, Kuruwelet.
Kb : Mendha tuyah punika ingkang kados punapa, kula dereng
sumerep.
RN : Wedhus tuyah mono kang sikile ngarep karo pisan pancal putih.
26
Kb : Inggih, namung reginipun kula kirang terang, awit kula dereng
nate tumbas.
RN : Takon-takona rak iya ana sing wis tau weruh, mangsa adoha
rega karo tengah mangisor, ora, terkadhang nembelas wang bae
oleh. Lan kowe blanjaa pisan, tukua bumbu-bumbu sing kandel.
Sajrone ewuh-ewuh aja kongsi kekurangan, mengko mloya-
mlayu tuku bumbu menyang warung iku saru.
Kb : Kadhawahaken kemawon ndara, ingkang badhe kula tumbas.
RN : Iya brambang bawang, uyah, trasi, tumbar jinten, salam laos,
krecek balur, sapanunggalane. Lan sayuran kanggo ing meja,
kobis buncis, sledri kapri sapanunggalane, tuwin janganan
kanggo tingalan, thokolan, kangkung lembayung
sapanunggalane, dalah sambelane pisan. Endhog wayar tukua
200 bae, yen ana kurange gampang.
Kb : Tigan kamal, utawi pindhang punapa boten tumbas?
RN : Aja tuju endhog pindhang, tukua kamale bae ko, 50, sudhiyan
pangan niyaga. Tumuli tukua panganan woh-wohan kang apik-
apik, aja wedi ing larang, kanggo suguh pista ing dalem lan ing
pandhapa, kayata jeruk keprok, jeruk pacitan.
Kb : Jeram pacitan punapa boten angel pandhaharipun?
RN : Nek kowe iya angel, wong ko onceki kulite. Kuwi ora
mengkono, pandhahare disigar-sigar ing lading banjur diseset
kulite gampang bae, mung disesep dikepahi ana ing ambeng.
27
Kb : Dados ingkang kalap namung duduhipun kemawon?
RN : Dhasar iya mengkono. Lan tukua jambu, dhuku, manggis, salak
lan gedhang emas.
Kb : Pelem punapa boten tumbas?
RN : Pelem iku sanadyan enak, nanging susah olehe dhahar nggupaki
asta, dadi ora klebu ing meja, tukua sing pancen didhahar bae.
Kb : Panganan para kangge cadhangan niyaga punapa boten tumbas
pisan?
RN : Iya tukua salak geyol, semak, mundhu, utawa kleca, tuwin
besusu, kuwih-kuwihe kupingan, kembang jambu, kembang
duren, kelak-keling, widaran, ondhe-ondhe iya saprayogane, ora
susah becik sak uga katon rema utawa pepak.
Kb : Inggih.
RN : Bebek utawa pitik, kowe rak wis ora tuku.
Kb : Boten ndara, sampun cekap ladosan saking dhusun.
RN : Iwake kebo kowe tuku menyang ngendi?
Kb : Punapa mboten mragad ndara?
RN : Ora.
Kb : Midhe dhateng peken Ageng kemawon, tinimbang dhateng ing
Jagalan awit reginipun prasasat sami. Ing peken ageng wonten
awisipun sawatawis, celak pambektanipun, epahan berah mirah.
Ing Jagalan wonten mirahipun sawatawis, epahan berah awis.
RN : Kiramu kowe arep nganggo iwak kebo bobot pirang atus?
28
Kb : Mendhet wawrat gangsal atus (25 kati) kemawon rumiyin,
kejawi jerowan utawi utak.
RN : Bot satus (100 = 5 kati) rega pira?
Kb : Awis-awisipun sekatos regi satunggal, kaping 5 dados 15 wang
(1 kati: 20 reyal x 5 = 100, 25 x 5c = f 1.25 x 5 = f 6.25)
RN : Iya mbok, sedhengan njupuk bobot limang atus bae dhisik, yen
ana kurange gampang. Iku daginge kang empuk gawenen
dhendheng age lan diempal, koyorane gawenen iwak duduh,
utawa terik tuwih dhendheng ragi. Utake sambelen goreng, ati
lan isone gawenen sajenan, kopyokan ing santen kanil. Kobis
buncise gawenen semur santen, utawa semur kecap, thokolane
turahe kang ginawe janganan, gawenen tumis.
Kb : Ulamipun kambangan tuwon ayam kaolah punapa?
RN : Bebek pitike aja ko pecah, gawenen iwak gedhe bae, dadi
semuwa tinonton, bebeke oporen bae, opore panggang loro, opor
godhog loro. Pitike miliha babon sing madhep, semuren bae,
semur santen loro, semur kecpa loro. Karo maneh gawea
panggang jago kang lagi lumancar papat, arehana santen kanil,
iku kabeh laden rong prangkat. Dhahar dalem karoa dhahar
pendhapa, paronen byak bae, besuk kang separo tampakna
marang si Jaya, nimpuna separo ladekna marang dalem. Iku yen
koestokake kabeh wis ora kurang samawa, mulane aku tutur
akeh-akeh, awit yen wis akeh dhayoh, aku wis ora bisa caturan
29
karo kowe bab pisuguh. Saru yen aku isih mikir marang
kebutuhaning pawon, mulane kowe di bisa. Kowe dak gawani
dhuwit 50 rupiyah, bubar gawe bae etung-etungan pira enteke.
Kb : Inggih sendika.
RN : Wis ta mangkata, mbok Jagakarsa undangen mrene.
Kb : Inggih.
RN : Mbok Jagakarsa.
C. Uba Rampe
Jagakarsa (Jk) : Kula.
RN : Kowe tak kongkon menyanga kuwadeyan, tukua plemek.
Jk : Kagem punapa ndara?
RN : Putumu Den Lara arep disunatake karo bapakne Den Bagus,
dibareng tingalan tumbuk besuk emben.
Jk : E, sokur, ta ndara, tumunten dipun tetesaken, ingkang putra
sampun katingal therok-therok, menawi kasep saru tingalipun.
RN : Mangsa, bocah durung ganep ngumur 10 taun bae kasep.
Jk : Kala putu kula pun Caplis rumiyin ngumur 8 taun sampun kula
sunataken, anakipun tangga kula mbok Warujene, inggih saweg
ngumur 8 taun dipun sunataken.
RN : Geseh kowe kuwi, anake wong kampung ko padhakake karo
anakku utawa putraning priyayi.
Jk : E, dados benten Ndara?
30
RN : Beda-bedaa, yen isih keciliken iku kejaba durung mangsane
deloke saru.
Jk : Dados kosok wangsul kaliyan cipta kula.
RN : Iya.
Jk : Anggen kula tumbas lemek pinten Ndara?
RN : Aja akeh aja sethithik, jupuken bae, yen ora sungsun pitu, iya
sanga.
Jk : Kapetang kemawon ndara, kadosta: letrek 1, sindur 1, bangun
tulak 1, mayang mekar 1, liwatn 1, yuyu sakandhang 1, sinjang
bathik lurik 2, sembagi warni kalih nigang kacu 2, punika
sampun warni 9.
RN : Iya semono bae wis cukup. Lan tukua jarik cap-capan sekodhi
(20 iji) lan sembagi saemblog (30 kacu) kanggo paringan. Gilo
dakgawani dhuwit 50 rupiyah, besuk bubar gawe bae etung-
etungan pira enteke.
Jk : Inggih sendika.
RN : Karo dene maneh sisan gawemu banjur golek kluwih, godhong
apa-apa, godhong koro dhadhap serep lan alang-alang.
Jk : Inggih sendika, ngajengaken kangge ing damel kemawon kula
mendhet sakedhap.
RN : Sakarepmu sak wise aku tutur. E, ora, mbok mangkata iki becik
mampira menyang omahe bong wadon mbok Wagaprana ing
kampung Resaniten. Sesuk ing dina selasa legi dak undang
31
menyang omahku, wayah jam 8 esuk wisa teka ing kene, tak kon
nyunati Den Lara.
Jk : Inggih sendika, punapa sampun boten wonten dhawah malih?
RN : Wis mbok, mangkata mumpung esuk.
Jk : Inggih.
T : Tra! (cekakan Sastra)
Sastraubaya (S): Kula.
T : Besuk tanggal ping 7, kabener wetonku tumbuk ngumur 33 taun,
aku arep nganggo ngatur-aturi kanca sawatara, ana maleme dina
selasa legi, esuke terus jagongan wadon, sunate Den Lara. Aku
gawekna ngrengrengan ulem.
S : Inggih sendika.
32
BAB IV
WEDHARING SABDA ADITAMA
A. Tepa Palupi Panganten Putri
Saderengipun winengku kakung, prayogi sanget menawi para pawestri
sinau babagan tatan bale wisma. Kados pundi bekti dhumateng tiyang sepuh,
garwa lan kadang wredha. Langkung-langkung panggulawenthahing putra.
Menika kedah angsal kawigatosan. Pratelan ing ngandhap menika saestu piguna
sanget kagem para putri ingkang badhe nambut silahing akrami. Para sedherek
ingkang kadhapuk dados Pamedhar Sabda prayogi sanget ngginakaken rerepen
sekar yasan para pujangga Jawi punika.
Kinanthi
Dhuh ger putra putraningsun, nadyan wus kanthi pinusthi, Marang Hyang
Kang Murbeng Titah, graitaning para putri, saprahastha para putra, tarantananging
pamikir.
Marma ger aywa sireku, pasang sumeh jroning ati, katitik tyas lan
sembada, marang apngaling Hyang Widdhi, kang widagda tuhu wignya,
anyolahken bawa maring.
Iya ing manungsa sagung, luwih maning dera kardi, solah bawaning
narendra, kang datan sepi pambudi, gyanya ngampil ing agama, kasuciyaning
dumadi.
Tinindakken lawan patut, pinantes-pantes tiniti, tinimbang lan isinira,
nagara Surakarta di, tan kena ge kinukuhan, angkuhing tyas anglakoni.
33
Nini putri putraningsun, marma-marma sira sami karjeting duga watara,
rasakna dipunsatiti, tata kang terang, pangroncenira pamikir.
Kekeren aywa kasusu, sukuring ati sinipi, piridanira kang kurang, mring
lelakoning dumadi, dumadine kadi sarah, anut ombaking jaladri.
Yen dinadak tanpa usul, asaling nalar linuri, nalurining kang lelakyan, yen
tinalar datan luwih, winayu purbaning suksma, suksmanen dipunkatitik.
Yen kasusu tan katemu, mung nemu tyas datan titi, tyas keker katiban tata,
tataning sang kang tumitih, e yatalah awakingwang, dadi gandrung maweh
wangsit.
Wasita mring putraningsun, gandrunga sira ningali, lelakon kang molah
saka, kaki kinira Hyang Widdhi, mugi putraning narendra, pracaya nalongseng
Widdhi.
Supaya was cipta ayu, yuwana manungku manis, ywa ngenes dulu
kahanan, lelakon dunya puniki, mung kudu sumanggeng karsa, karsa karsaning
Hyang Widdhi.
Dadi tyasireku banjur, jembar nora ngijir-ijir, jari jwa angetang etang,
mung denetung budi langes, ngipatken karseng Hyang Suksma, suksmanen ywa
age dalih.
Leladan, karsaning napsu, sungkawa kasedan swami, nora ngangge miyak
maya, maya-mayaning tyas ening, o ngger ywa mangkono sira, lelakoningsun
puniki.
34
Satuhuni sira durung, terang lir Hyang Murbeng Pasthi, marma ger putra
wanudya, samya sedyaa ing ati, tata titining cuawang, angadhang tekdiring
Widdhi.
Di-adining putri prabu, utameng tyas kang pinusthi, tegese utama sabar,
mring pancabyaning ati, tinampan sukur lan rila, legaweng tyas nrus ing budil.
Budiman pinangkul-pangkul, kasmaran kinempit-kempit, pinupu-pupu tan
pisah, sasat kadi sun mang brangti, lya marang ibunira, kang tega ninggal wak
mami.
Pirangbara putraningsun, gonira darbe sudarmi, kang lagya gandrung
asmara, pujinen bisa tumuli, ana sihing takdirolah, paring wahyu wanitaa di.
Katitisan Jiwanipun, ibunta kang uwis kalis, lilaa yen wus pranyata,
katiban wahyuning sori, sira para putraningwang, wanudya putra narpati.
Mrih pinasthia rahayu, yen rahyu sapa manggih, gumuyu denya
kasrambah, basuki sajroning puri, pura ya bisa angambar, nglimputi marang
nagari.
Gara-gara kadi tedhuh, wawiyat ima na wedi, sakabehe pandaming rat,
surem kawaranan riris, nadyan kalamun dennalar, mingseting masa sayekti.
Nging sira pra putriningsun, sumurupa, sira sami, kabeh kahananging
jagad,ing dalil kang denarani, sakathahing Asya mangka, dudu pangeranireki.
Nanging wenang iku lamun, tinampan wangsiting Widdhi, utawa dadi
cundhaka, cundhakanira Hyang Widdih, dipunawas ing sasmita, jroning jagad den
ta titik.
35
Titi pan asthaning wuruk, mring putraningsun pra putri, ri Soma tanggal
sapisan, Ruwah Be dipuntengeri, osiking rat esthi nata, nata nitik wruh utami.
B. Tepa Tuladha Panganten Priya
Priya ingkang wantun mboyong putri, mesthi kemawon dipun kantheni
jejibahan. Kuwajibanipun kakung dhateng estrinipun kedah nyandhangi,
nyandhingi, lan nyandhungi. Liripun tanggel jawab ing babagan bale wisma.
Kabetahan lahir batin dados sarana murih tentreming kulawarga. Wejangan luhur
ing ngandhap punika saged kangge kaca benggala tumraping para priya.
Dhandhanggula
Warayagnya wedharing palupi, pinandara macapat sarkara, ing nalika
panitrane, Senen ping kalihlikur, sasi Saban Dhestha Be warsi, sangkala Nyatur
Slira, Mumulang mring Sunu, nJeng Gusti Pangran Dipatya, Arya Prabu
Prangwadana kang amarni, winahya mring pra putra.
Kakung putri ing reh palakrami, sumawana kang sami jajaka, tan wun
tembe pikramane, marma tinalyeng wuwus, wasitane mengku pawestri, ywa
dumeh yen wong priya, misesa andhaku, mring darbekireng wanodya, palakrama
nalar lan kukum kang dadi, yen tinggal temah nistha.
Wuryaning reh priya kang rumiyin, lamun arsa angupaya garwa, den-
patitis pamilihe, aywa kaseseng kayun, mbokmanawa keduwung wuri, ya bener
yen wong lanang, wenang duwekipun, rabiya ping pat sadina, kena uga wuruk
karepe pribadi, nanging ta tan mangkana.
36
Dadi ora ana ala becik, ngilangaken istiyaring gesang, yen ngarah-apa
tekade, andarung kadalurung, ngelmu sarak denorak-arik, mbuwang ajining
badan, lumuh reh rahayu, tur upama kalakonna, kasangsara kaduwunge anekani,
manglah nunutuh driya.
Aja nganti mangkana ta kaki, becik apa cinacad sasama, wong gendhak
kalakuwane, sapa kang duwe sunu, wadon aweh sira rabenni, kiraku nora nana,
kejaba kebutuh, ala rinabenan Koja, becik bangsa wit tan duwe putu Encik, mung
iku ciptanira.
Kawruhana kaduwunging ati, jalaranne mung patang prakara, wong anom
dadi brangtane, dhingin myat warna ayu, kaping pindho melik wong sugih, kaping
tri kawibawan, lan kaping patipun, kena sambang sarawungan, rokok kinang
winehken lan ujar manis, rinuket mrih asmara.
Wekasane ya kena sayekti, ngadatira wong anom mangkana, keh rabi dudu
niyate, yen kena sutaningsun, arabiya jalaran becik, aja rabi pasogan, nistha yen
dinulu, angapesken yayah-rena, wruhanira manungsa neng dunya iki, yen kena
kang tinedha.
Ingkang dhingin rahayuning dhiri, kinalisna sakehing prakara, myang sak-
serik sasamane, kapindho badanipun, aja kambah barang panyakit, kaping tri aja
tansah, susah manahipun, kaping pat arsa darbeya, anak lanang kang mursid
minangka wiji, ndawakken turunnira.
Mula nora gampang wong arabi, kudu milih wanodya kang kena, ginawe
rewang uripe, sarana ngudi tuwuh, myang ngupaya kang sandhang bukti,
wiwilangane ana, catur upayeku, yogyane kawikannana, dhingin bobot pindho
bebet katri bibit, kaping pat tatariman.
37
Papat iku iya uga kanthi, dhingin warna kapindhone brana, kaping tri
kawibawane, catur pambekanipun, endi ingkang sira-senengi, aja nganti angawag,
manawa keduwung, karana milih wanodya, datan kena den-mupakatken sasami,
wuruk neng karsanira.
C. Wejangan Serat Wedharaga
Gesang ing alam donya punika boten namung ngegungaken ulah kajiwan
kemawon. Mila sang pujangga lajeng ngripta Serat Wedharaga. Saged kinarya
panggulawenthahing badan. Raga ingkang rahayu, ugi badhe nyengkuyung jiwa
ingkang santosa. Kalih-kalihipun pancen kedah dipun reksa. Jiwa raga ingkang
santosa mahanani pribadi ingkang bakuh kukuh.
Gambuh
Ki Gambuh karya pemut, limuting tyas rare kang kalimput, lacut maring
reh sumirang murang niti, tantan tuman amamatuh, temah lumaku ginuron.
Trakadhang amardhukun, dhokohan tyas asring ngumbar sanggup, iku aja
kongsi mangkono yen keni, kinira-kira kang patut, apa kalumrahaning wong.
Kang wus kaprah kalaku, inganggoa sapakolehipun, mung patrape den
sumendhe aja kibir, manawa kena sisiku, wekasan rinasan ing wong.
Nadyan dadia dhukun, lamun ana masakalanipun, pinilala dening wong
agung kang wajib, samonoa durung patut, wong anom ahlul mangkono.
Ing tembe yen wus pikun, pantes bae ulah idu wilut, bangsa bincil
ambabatang ngusadani, mbok munia theyot theblung, tan ana wong amaido.
38
Mangkene patrapipun, wiwit anom amendenga laku, ngungurangi mangan
turu sawatawis, amemekak hawa napsu, dhasarana andhap asor.
Akanthi awas emut, aja tinggal wiweka ing kalbu, mituhua wawarah kang
makolehi, den taberi anguguru, aja isin atatakon.
Wong amarsudi kawruh, titirona ing reh kang rahayu, aja kesed sungkanan
sabarang kardi, sakadare angingimpun, nimpeni kagunanging wong.
Tinimbang lan anganggur, kaya becik ipil-ipil kawruh, angger datan ewan
panasten sayekti, kawignyane wuwuh-wuwuh, wekasan kasub kinaot.
Lebih baik dari menganggur, kiranya baik mengumpulkan pengetahuan
dari sedikit, asal tidak serba tak suka pada orang lain dan tidak dengki tentulah,
kepandaiannya bertambah-tambah, akhirnya terkena unggul.
Lamun wus sarwa putus, kapinteran simpenen ing pungkur, bodhonira
katokna ing ngarsa yekti, gampang traping tindak-tanduk, amawas pambekaning
wong.
Karana ing tumuwuh, akeh lumuh katona mbalilu, marma tansah
mintonken kawruh pribadi, amrih den alema punjul, tan wruh bakal kajalomprong.
Lamun pinter satuhu, tan mangkono ing reh patrapipun, kudu nganggo
watara duga prayogi, pinter angaku balilu, dennya met kagunganing wong.
Kalau benar-benar pandai, tidak demikianlah kelakuannya, haruslah
dengan kira-kira betapa baiknya, pandai-pandailah mengaku bodoh, (agar) dapat
memanfaatkan kepandaian orang.
Angarah warah wuruk, lamun seje murad maksudipun, rasakena ing ati
dipun nastiti, aja pijer umbak umuk, mundhak kawiyak yen bodho.
39
Panengeraning wong iku, adat ana panggrayanganipun, peten saking
sambang liring nayeng wadi, yen wong ngaku sarwa putus, iku mratandhani
bodho.
Lamun wong ngaku cukup, mratandhani kukurangan iku, wong
ngungasken kakendelan tandha jirih, wong angaku kiyat pengkuh, tandha apes
amalendo.
Wong ngaurip wus tamtu, akeh padha arebut piyangkuh, lumuh lamun
kasor kaseser sathithik, nanging singa peksa unggul, ing wekasan dadi saor.
Ingkang mangkono iku, badaningong pribadi ing dangu, paksa unggul
wekasan malah katinggil, panggilesing jabung alus, winangsulan tyas kaleson.
Mangkono kang tinemu, marmane wong ngaurip punika, aja pisan paksa
ambek kumalikih, angaku sarwa linuhung, wekasan kether tan ethor.
Ana kang wus kadulu, suteng carik kadhinginan tuwuh, ngaku putus
patrape kurang patitis, manut ngelmuning guyeng dul, amangeran luncung bodhol.
Badhar tyas kabalawur, baladheraning wong ambabangus, angas ungus ing
wuwus tan anguwisi, temah kasebut wong gemblung, kinira yen lara panon.
Saengga tunggal laku, lan kang asring gumaib ing kawruh, tur tan wikan
wiwekaning reh nayadi, adreng ngumbar arubiru, amberat berawaning wong.
Saking lobaning kalbu, mung kalebu lebdeng bek kung lur kung,
kumalungkung ngaku ngungkuli sakalir, saliring utameng kawruh, pangrasane
padha kasor.
Tur maksih sasar-susur, saraseng ros tan pati tinemu, wekasane mung kudu
den alem bangkit, inganthukan bae munthuk, tandha lamun durung kamot.
40
Marma utama tuhu, yen abisa matrap unggah-unggah, tanggap ing reh
ngarah-arah ngirih-irih, satiba telebing tanduk, tumindak lawan angawon.
Sapa wruh kembang tepus, iku bisa angarah panuju, yekti datan adoh lan
badan pribadi, lamun kanthi awas emut, salamet tumekaning ndon.
Dongeng jaman karuhun, mbokmanawa pantes dadi pemut, ana janma
bagus anom sarwa wasis, nanging kuciwa kasebut, tukang sual juru waon.
Sawiji dina nuju, temu lawan wong tuwa wus pikun, mintoaken
kabangkitan lair-batin, kaki tuwa alon muwus, mengko ta wong bagus anom.
Manira takon tuhu, lagi pira umurira bagus, winangsulan uwis telung
puluh warsi, kaki tuwa mesem muwus, layak durung bisa amot.
Maksih cilik ususmu, baya lagi sadami gengipun, yen nyabrang luwih
saking seket warsi, wus gedhe dawa ususmu, barang kapinteran kamot.
Mokal lamun alimut, jroning layang Nitisastra iku, gajeg ana pralampitane
kang muni, upama jun kurang banyu, kocak-kacik kendhit ing wong.
Manawa kebak kang jun, yekti anteng den indhit ing lambung, iku bae
kena kinarya palupi, pedah apa umbak umuk, mundhak kaeseman ing wong.
Wong anom meneng ngungun, kaluhuran sabda alon mundur, ing wekasan
mari dennya mbek gumaib, mung lukita kang ginilut, empan papaning wiraos.
Malah wiwit anggayuh, tuturutan pangkataning ngelmu, kasampurnan
pamoring kawula Gusti, mahasucekken Datipun, pangrakiting reh tan keron.
Pangracutan pangukut, myang pambabarira tan keliru, panarikan patrape
tanajul tarki, ing sangkan paran sumurup, tan kalendhon nora kadho.
Lamun mangkono patut, tinirua tepaning tumuwuh, tan lyan saking
sambadheng badan pribadi, binudi sidaning sadu, aneng kene kana kanggo.
41
Ki Gambuh bisa muwus, anglakoni dhewe durung kaur, dandang sumyang
watak wantune wong langip, tan kawawa wuwur sembur, pitutur bae yen kanggo.
Amung amrih rahayu, ewadene ing babasanipun, alah kandha ana ing
tandha lan yekti, titenana ala nganggur, begja kang gelem anganggo.
Tursan rong sapteng lebu, Ki Pujangga panggupitanipun, tawi tawar ing
surasa tanpa manis, marma kongsi karya pemut, mung met marta karahayon.
D. Wejangan Serat Sabdatama
Serat Sabdatama menika ngemu suraos kautaman. Jangka jangkaning
jaman karaos mawi tetembungan batin, winaos mawi tetembungan lahir.
Tegesipun cipta, rasa, karsa lan karya sampun manunggal. Landhesanipun kawruh
budi rahayu.
Gambuh
Rasaning tyas kayungyun, angayomi lukitaning kalbu, gambir
wanakalawan enenging ati, katenta kudu pitutur, sumingkir ing reh tyas mirong.
Den samya amituhu, ing sajroning jaman kala bendu, yogya samya
nyenyuda hardaning ati, kang anuntun mring pakewuh, uwohing panggawe awon.
Ngajapa tyas rahayu, ngayomana sasameng tumuwuh, wahanane
ngendhakke angkara klindhih, ngendhangken pakarti dudu, dinulu luwar tibeng
doh.
Beda kang ngaji mumpung, nir waspada rubedane tutut, kakinthilan
manggon anggung atut wuri, tyas riwut ruwet dahuru, korup sinerung agoroh
Ilang budayanipun, tanpa bayu weyane ngalumpuk, sakciptane wardaya
ambebayani, ubayane nora payu, kari ketaman pakewoh.
42
Rong asta wus katekuk, kari ura-ura kang pakantuk, Dhandhanggula lagu
palaran sayekti, ngleluri para leluhur, abot ing sih swami karo.
Galap gangsuling tembung, ki pujangga panggupitanipun, rangu-rangu
pamanguning reh harjanti, tinanggap prana tumambuh, katenta nawung prihatos.
Wartine para jambur, pamawasing warsita datan wus, wahanane jaman owah
angowahi, yeku sansaya pakewuh, ewuh aya kang linakon.
Kalabendu, saya ndadra hardaning tyas limut, nora kena sinirep limpating
budi, lamun durung mangsanipun, malah sumuke angradon.
Tatanane tumruntun, panuntuning tyas angkara antuk, kaladesa wenganing
karsa kaeksi, limut kalimput angawut, mawut sanggyaning dumados.
Ing antara sapangu, pangungaking kahanan wus mirud, morat-marit
panguripaning sesami, sirna katentremanipun, wong udrasa sak anggon-anggon.
Kemat isarat lebur, bubar tanpa daya kabarubuh, paribasan tidhem
tandhaning dumadi, begjane ula dahulu, cangkem silite angaplok.
Ndhungkari gunung-gunung, kang geneng-geneng padha jinugrug,
parandene tan ana kang nanggulangi, wedi kalamun sinembur, upase lir wedang
umob.
Kolonganing kaluwung, prabanira kuning abang biru, sumurupa iku mung
soroting warih, wewarahe para rasul, dudu jatining hyang manon.
Supaya pada emut, amawasa benjang jroning tahun, WIndhu kuning kono
ana wewe putih, gegamane tebu wulung, arsa angrebaseng wedhon..
Rasa wus karasuk, kesuk lawan kalamangsanipun, kawisesa kawasanira
yang Widi, wahyaning wahyu tumelung, tulus tan kena tinegor.
43
Karkating tyas katuju, jibar-jibur adus banyu wayu, yuwanane turun-
temurun tan enting, liyan praja samyu sayuk, keringan saenggon-enggon.
Tatune kabeh tuntun, lelarane waluya sadarum, tyas prihatin ginantun suka
mrepeki, wong ngantuk anemu kethuk, isine dinar sabokor.
Amung padha tinumpuk, nora ana rusuh colong jupuk, raja kaya
cinancangan angeng nyawi, tan ana nganggo tinunggu, parandene tan cinolong.
Diraning durta katut, anglakoni ing panggawe runtut, tyase katrem
kayoman hayuning budi, budyarja marjayeng limut, amawas pangesthi awon.
Ninggal pakarti dudu, pradapaning parentah ginugu, mring pakaryan
saregep tetep nastiti, ngisor dhuwur tyase jumbuh, tan ana wahon winahon.
Ngratani sapraja agung, keh sarjana sujana ing kewuh, nora kewran mring
caraka agal alit, pulih duk jaman runuhun, tyase teteg teguh tanggon.
E. Wejangan Kidung Rumeksa Ing Wengi
Kanjeng Sunan Kalijaga paring wejangan luhur lumantar Kidung
Rumeksa ing Wengi. Tumraping kalangan kejawen, kidung punika wingit sanget.
Kaplalah wonten ingkang nyebat japa mantra. Sinten kemawon ingkang maos
saged mbadharaken tiyang ingkang damel piawon. Mila kidung punika ugi
kuncara sanget.
Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lelara, luputa bilahi
kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala,
gunanging wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring
mami, guna duduk pan sirna.
44
Sakabehing lara pan samnya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas
asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa
tawa, sato galak lulut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning wong
lemah miring, myang pokiponing merak.
Pagupakaning warak sakalir, nadyan arca myang segara asat, temahan
rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaikat,
sakathahing rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa.
Napasku Nabi Musa linuwih, Nabi Yakub pamyarsaningwang, Yusup ing
rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, jeng Suleman kasekten mami, Nabi
Ibrahim nyawaku, Edris ing rambutku, Bagendha Li kulitingwang, Getih daging
Abu Bakar singgih, Balung Bagenda Usman
Sungsumingsun Patimah linuwih, Siti Aminah bayuning angga, Ayub ing
ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Netraku ya
Muhammad, pamuluku rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakathahing
para nabi, dadya sarira tunggal.
Wiji sawiji mulune dadi, apan pencar saisining jagad, kasamadan dening
date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang anyimpeni, dadi ayuning
badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara gelis laki,
wong edan nuli waras.
Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabanda wong kabotan utang,
yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas macanen singgih, luwar
saking kabanda, kang kadhendha wurung, aglis nuli sinauran mring hyang,
suksma kang utang puniku singgih, kang agring nuli waras.
45
Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina, iderana galengane,
wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing
sekul, antuka tigang pulukan, musuhira rep sirep tan ana wani, rahayu ing
payudan.
Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiya lawan anawaa, patang puluh dina
wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, Insya Allah tinekan,
sakarsanireku, tumrap sanak rakyatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami,
duk aneng kalijaga.
Wondene pralambang tuwin pralampita minangka tuntunan dhateng para
ummat ingkang sampun ngambah tarekat wau, ingkang tamtu mikantuki, inggih
kedah ngangge prabot saking bab-bab ingkang dipun senengi ing akathah saha
gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun. Kasenenganing akathah ingkang
makaten wau, saged pinanggih ing tetingalan ringgit purwa. Awit saking punika,
mila tetingalan ringgit purwa ingkang sampun wonten samangke punika, inggih
kedah dipun ewahi kalarasaken kalayan kaislaman, dadosa srana panetah tumrap
ummat Islam ingkang sampun ngambah tarekat.
Mila tetingalan ringgit purwa sami dipun senengi tetiyang kathah ingkang
gandheng kalayan kapitadosaning agami, jalaran: wontenipun tetingalan punika
pancen iyasanipun para ulu-uluning agami Siwah, kangge mujudaken
piwulangipun ingkang kawrat ing serat Mahabharata. Kadosta: dumadosipun para
titah, para dewa ingkang nitahaken, jim peri prayangan, suwarga naraka,
papasthining manungsa, sadayanipun saged kamot ing gambaran ringgit purwa.
Jalaran saking wujud makaten wau, pangaji-ajinipun tetiyang kathah dhateng
46
tetingalan ringgit, prasasat boten beda kaliyan pangaji-ajinipuni dhateng para
dewa panutanipun. Saben tiyang nanggap wayang, tamtu boten tilar upacara sesaji
tuwin kekutug dupa ratus sapanunggalipun kados dene sesaji dhateng para dewa
panutanipun.
Saking agenging kapitadosan, ngantos lahiripun jabang bayi ingkang
manut kapitadosanipun agami Siwah tuwin Buda pinasthi dados mangsanipun
Bathara Kala, ugeripun sampun dipun sranani tatacara ngruwat ingkang
katindakaken sarana tetingalan ringgit (wayang) lampahan murwakala, ngantos
diwasaning bayi wau, sampun rinaos uwal saking papasthen dados mangsaning
Bathara Kala. Mila, kamosrikan ingkang ngantos samanten lebetipun punika,
saking sekedhik kedah dipun icali. Nanging caranipun ngicali, kedah tansah
kanthi kawicaksanan, sampun ngantos damel kagetipun tetiyang kathah. Kapara
malah kaangkah sagedipun nuju prana.
Makaten wigatosing usulipun Kangjeng Sunan Kalijaga ing parepatanipun
para Wali. Usul wau ugi dipun sarujuki saha ugi katindakaken. Upacara dalah
lampah-lampahipun, angepleki usul rembagipun Kangjeng Sunan Kalijaga.
47
BAB V
TATA CARA ADAT JAWI
A. Dhukun Methik
Sakwise arak-arakan tekan omah, si dhukun Methik ngucap salam.
Dhukun Methik : Kula nuwun,
Winengku Gati : Mangga, mangga, mangga.
Dm : kula sak kanca sowan mriki niki wau badhe tumut
mondhok wonten griya piniki.
Wg : Wo, mangga, mangga lajeng sinten ingkang badhe tumut
wonten griya mriki?
Dm : Mbok Sri Sadana, sawadya balanipun.
Wg : inggih kula tampi sadaya kemawon supados tumut mriki,
ingkang wuta supados dipuntuntun, ingkang lumpuh
supados dipungendhong.
Dm : menawi makaten mangga panjenengan tampi Mbok Sri
Sadana, sawadya balanipun.
Wg : pundi-pundi kula tampinipun lan badhe kula papakaken
wonten gedhong mayang arum.
48
Asmarandana
Bismillah ingsun mamiti Anyebut asma yang Sukma Kang mura ing dunnya riku Rahem asi ing akherat Kang pinuji tan pegat Kang asung nikmat mring ulan Yang sukma kang murbing jagad Sampun muji sakabihi Sigegen ganti kucapa Asali Bethara Guru Uwit saking Nabi Adam Tumurun putra nira Yang essis aranipun Yang essis kang kucapa Saturun-turuni mali Ten anama manusa Kungsi rung welas turun Sami anama Sang Yang Tan pegat salawasnya Kang mikrut gama leluhur Lan mali Betara Kala Sinom Yang guru sigra anabda Sira mundura mring kini Sira layap dihin mula Wong tan ayun kadumani Mali akur nandur pari Sira angrusak kungsi lebur Sira mundura sigra Sang kala asru anangis Nuliya matur sang kala ing rama nata Punapa pangan kawula Yang guru ngandika aris Iya anak panganira Kang ana ing marcapadi Pendhawa dadi pangani Sang kala sigra umatur
Pundi asran pendhawa Angandika nata Giri Ran pendhawa iku warna-warna.
49
B. Bayi Mudhun Lemah
Dhalang : Nuwun para priyagung ingkang minulya. Linambaran hing
drening tyas ayun gleluri budaya. Sanadyan hamung sapelik
cilik kang cinuplik. Nanging mawi wewaton kasunyatan
ingkang maksih katiti. Gelaring tatacara kang dumadi haneng
wewengkon Kota Madya Blitar. Anenggih punika-ta kang
sinebut adicara mudhun siti. Tumapake marengi mangsa kala
ponang jabang bayi ngancik yuswa pitung lapan.
= mangkana-ta kalamun ginelar hing cacrak budaya :
Wira swara : Pitung lapan ya pitung, sasi umure sang jabang bayi.
Tinengeran lan dan pengeti Adicara mudhun siti.
(Paraaga sarimbit medhal) ….instrumen sirep :
Dhalang : Lah punika ta wujutira jalma hurip bebrayan kang wis
anggadhuh putra ngancik yuswa pitung lapan….
Lanang : Dhuh bojoku kang ayu
Wadon : Apa…..kakang
Lanang : Petungku wis pitung lapan umure bayi… apa wis cemawis
ubarampe lan saranane kanggo pengetan mudhun lemah adhi?
Wadon : Iya kakang kabeh wis sumadiya
Lanang : Lha banjur sapa sing kok patah nindakake adhi?
Wadon : Ora ana liya kajaba Nyai Dhukun panutane adad kakang. Lho
lha kae Nyai Dhukun wis teka………
Instrumen minggah…….bareng wira swara
50
Wira swara : Nyai Dhukun panutanira. Pepengetan lan adi cara. Wis tumeka
lan sumadiya. Angayati wajibira…………
Instrumen sirep………..
Wadon : Mangga-mangga Nyai……punika ponang jabang bayi anak
kula kekalih. Sampun pitung lapan umuripun……… Sumangga
borong anggen ndika nyaranani. Mamrih manggiha rahayu
basuki. Uripira sa-lami-lami.
Dhukun : Iya nini lan kai……..aku sumaguh…… Among pandongamu
bae aja kisruh lan worsuh…… Dimen kabul lan kasembadan
ingkang ginayuh.
Lanang lan Wadon : Inggih Nyai kula anurung donga…Lan punika sadaya
sesaji ingkang wigati kangge sarana. Mangga andika tampi….
Dhukun : Iya nini….banget ing panarima……..harak wis jangkep ta
saranane?
Wadon : Sampun Nyai…..sadaya sampun kataliti.
Dhukun : Gendhuk…sesaji lan sarane gelis tampanana…bayine aku
ingkang angemban…gek ayo enggal dan wiwiti….
Gendhuk : Inggih Nyai sendhika….
(dhukun nampani bayi…gendhuk nampani sesaji.. terus tumuju mring ondha).
………….lanang lan wadon mlebu………
Dhalang : Sawemane sesaji pan wus tinampi……kinanten ing donga
suci..kocap….sang panutane adad…katingal marepegi sarana
kang kapisanan ingkang malela ceta…blegerira wujud
Kurungan….
51
Wira swara : Nyai Dhukun angemban bayi………Srana sesaji datan kari.
Lon alonan marepegi. Pangestine mung sawiji.
Instrumen sirep……….
Dhukun : Kene-kene gendhuk…bayi lan pitike enggal paringna aneng
jroning kurungan iki…….
Gendhuk : sendika nyai… (Bayi Lan Ayam Dikurung Dadi Siji)
Dhalang : Katingal Sang Panutane laku…..mapan mabukuh
marikelu..kacihna lamun lagya andedonga….
Dhukun : Heh sira jabang bayi……dak sesuwun mring hyang
widi…muga-muga uripira mapan bareng lan hurip-hurip aneng
kurungan kencono…….pinaringan bisa wengku
winengku…temah manggiha rahayu…..
Wira swara : Kurung kurung kurungan kencono. Raga wadhag pralambange.
Manunggale jiwa lan raga. Srana urip neng Madyapada.
Dhalang : Rampung ing gati srana kang sawiji…Gya ngancik ingkang
kadwinipun. Apa ta wuudira……..Gagah angaglah..tur
ambregagah..lah punika ta kang winastan tataran iya sinebut
ondha…..ginawe saking tebu wulung..
Dhukun : Gendhuk padha seksenana…..bayi iki menek ondha tebu
wulung..Muga Hyang Widi Angudaneni……Uripe bayi bisao
ameruhi..Adon-adon pitung prekara…kang bareng urip sedina
lan sawengine….
Gendhuk : inggih nyai kula anyekseni……
52
Dhalang : Lah..mangkana ta kang cinandra….adon-adon pitung
prekawis.. Pitu kang kapisanan , adon-adon pitung prekara aing
bleger wujud raga wadhag…pitu kang kapindho..pitung
prekara kang datan kasad mripat…bleger mawujud hurip
sajeroning raga… (Dhukun Nyedak Padusan)
Wira swara : Muga muga kinabulna…ondha pitu telu wulung ..mrasuka
marang uripe…hayu ngayun sawurine..
Dhukun : Kene gendhuk…dupa lan banyu enggal cawisna…ponang
jabang bayi bakal tak edus warih suci……
Gendhuk : inggih nyai sendhika…
Dhalang : Pan wus titi wanci….ponang jabang bayi siniraman……mawi
warih wening kang binarung sekar setaman miwah uwit
gedhang anakan..mamrih rumasuk dayane…kasembadan
kasembadan ingkang dadi sedyane nyai dhukun katingal
mabukuh angeningeke cipta…….meminta nugraha jati ponang
dupa kabesmi…..kumelun gandane arum rumasuk
durgandana……
Dhukun : Niyatku nyawuk banyu wana lan banyu wening….Sing nyiduk
suci…….sing dicidhuk banyu suci…….tumama dayane
marang jabang bayi…..dadya suci njero lan suci njabane……
(Dhukun ngalih nyedhak ageman)
53
Wira swara : Warih wenang ya warih wening…..Tumamoa dayaning
suci…..kinabulna estining ati…….Besuk gedhe luhuring
budi…..
Dhalang : Pumaning sesuci …busana cecawisan pan wus rumanti….Nyai
dhukun gya rumagang ing gati……
Dhukun : Kene-kene gendhuk pada seksenana…….aku bakal ngetrapake
busana…..
Dhalang : Jangkebing pangawikan……nyai dhukun gya arsa paring
busana marang ponang jabang bayi…..pira ta cacahing
busana….ora akeh…amuh pitung warna..mangkana gelaring
gati….
Dhukun : Iki kepriye gendhuk……pantes apa ora?
Gendhuk : Boten nyai…..boten pantes …(Padha Nganti Rambah Kaping
Nenem)
Dungkap Kaping Pitu……
Dhukun : Sing iki kepriye gendhuk?
Gendhuk : Wadhuh………lha inggih niku Nyai …….sing pantes, gandhes
tur kewes.
Dhukun : Yen Mangkono Iya Iki Busanane Bayi.
Wira swara : Jabang bayi wis manggihake….Gem ageman
busanane….Gandhes kewes ya candrane….Mawa teja
guwayane…(Dhukun ngagemake makutha janur)
54
Dhalang : dupi sampun manggih busana kang mantesi …… sakala
ponang jabang bayi …… katon gumebyar cahyane ….
mencorong tejane ……. wauta …. marengi mangsa kala ….
mareng wedharing sesaji sasra warna ….. sasra wilangan sewu
.. warna wus ngarani …. prasasat cacah sewu wujude sesaji ….
ingkang kabeh-kabeh mawa werdi dhewe-dhewe …. kalamun
ta winedhama .. sadaya mawa piwulang pituduh bab
ngelmuning urip … mamrih manggih rahayu …. rahayu hing
mangke sarta hing tembe mburine …
Dhukun : Kene-kene kaki lan nini .. iki lho anakmu wis teka …
Wira swara : Kusung-kusung amapakna .. tekane sang raa putra …
Dikekudang di gadhang-gadhang .. Dadya jalma migunani …
Lanang : Wadhuh-wadhuh mencorong mawa teja .. kok kaya anakku
sing teka ..
Dhukun : Inggih pak… kula sing teka..
Lanang : Padha slamet ta ngger?
Dhukun : Pangestune pak wilujeng …
Lanang : Saka ngendi bae anggonmu lunga le?
Dhukun : Saking beguron pak pados ngelmu….
Lanang : Ooo ngono ta … oleh-oleh mu apa le…
Dhukun : Namung daya kuwat, akas, slamet, lan walering agami pak…
Lanang : Wadhuh-wadhuh wong tuwa bungah le, mung bae bapak
kepingin njangkepi….
55
Dhukun : Punapa talsih kirang ta pak, …. Lan punapa jangkepipun?
Lanang : Iya thole … pancen isih kurang .. iki lo jangkepane … kowe
tak wenehi pusaka Ceker Ayam …mbesuk men pinter ngupa
jiwa….
C. Ruwatan Murwa Kala
Murwa kala saking tembung : purwa kaliyan Kala. Purwa tegesipun :
wiwitan. Kala tegesipun : sambe kala utawi bilahi. Dane Murwa Kala punika
tegesipun, salah satunggaling carios ing pewayangan ingkang nyariosaken mula
bukaning wontenipun sambe kala, bilahi, utaei samubarang ingkang nyilakani
dhateng gesangipun para titah ing madya pada.
Ruwatan saking tembung Ruwat ingkang artosipun ngrimat utawi njagi.
Dados ruwatan punika nggadhahi teges : salah satunggaling tumindhaipun
manungsa kanthi srana Ki Dhalang Seati kersaa sabiyantu nagi kayuwananing
gesang ing pangajab sageta kalis ing sambe kala.
Rehning acara Ruwatan punika kalebet upacara ingkang anggadhahi Nilai
Kultural, mila boten sedaya dhalang saget ngleksanaaken. Miturut kapitadosan
Jawi ingkang kuwagang ngleksanaaken Ruwatan punika namung Dhalang Sejati.
Sadaya kala wau kanthi pangajab supados saget kasembadan punapa
ingkang dipun kersaaken murih tentreming gesang, boten manggih rubeda, kalis
ing sambekala.
Acara Ruwatan utawi Murwa Kala punika kanthi nggelar carios ingn
pewayangan, dane wekdalipun saget siang, saget ugi wanci dalu, miturut dhateng
56
panyuwunipun ingkang kagungan kersa. Perlu kawuningan bilih Pagelaran Mggit
wonten acara Ruwatan punika benten sanget kaliyan pagelaran ringgit limrahipun
awis ing acara Ruwatan punika mawa Sesaji ingkang maneka wami cacahipun.
Dane paraga ingkang ngayahi ing acara Ruwata punika : Dhalang Sejati,
Keluarga ingkang dipun ruwat, Waranggana, Wiyaga ingkang minangka
pengiring ing tata pakeliran.
Gendhing Ayak kempul arang, slendro wolu. Kayon kabedhol lajeng dipun
puter laras kaliyan ungeling gendhing, lajeng kasishaken manengen. Jejer Ing
Kayangan Suralaya. Bathari Durga ya Dewi Umayi ingkang kaadhep Bethara
Kala dalah Sang Hantogo. (Kothak kadhodhog : Dhero-dhog-dhog)
Janturan :
Ya anenggih inigeg ing gelar, menika waminipun Kahyangan Suralaya. Ing
ngriku Sang Hyang Betheri Durga, ya Nini Permani Beja Bethari Uma, inggih
winastan Dewi Umayi. Panjenenganipun nampi sowaning kang putra Bathara
Kala ingkang sampun kathingal lenggah amarikelu yayah konjem ing bantala
wedanane ing ngarsaning pun ibu. Ingkang dipun rembag bab pepancening
tedhanipun Bathara Kala saking pun Rama Sang Hyang Bathara Guru ugi saking
pun ibu.
Bethari Durga : Hong wilaheng sekaring bawana, E..e..lae-lae ya Jagad ya Bathara
mangko-mangko ngger Bathara kala, kulup ala padha raharja
prapteng kina ana ngabdyantaranung pun ibu ngger?
Bethara Kala : He…he… pangestunipun kaneng ibu sowan kula pinanggih
raharja, hamung boten langkung keng putra mawantu-wantu
57
ngaturaken sembah sungkem konjok ing ngandhapin pepada
kawula nok nun.
Btri. Durga : Kaya wus ulun tampa ngger, agawe uka renaning tyas ulun, ora
liwat puja pangestuning pun ibu enggal tampanana ya kulup !
Bathara Kala : Sanget ing panampi kula. Sembah kincuping ata kali hanampi
pangestawanipun kanjeng ibu, mugya andadosaken jimat paripih.
Btri. Durga : Kejaba saka iku ya ngger, mungguh kaya apa sabanjure jeneng
kita sawise nampa pepancen pangan saka ramamu lan ibu, apa ya
wus mangerti mungguh kersaning?
Bathara Kala : He..he…Saderengipun kula sanget ngaturaken gunging panuwun,
dane punapa pun putra sampun pinaringa pepancen tedhan
ingkang kathahipun 172 wami. Ingkang kapantha dados tigang
perkawis inggih punika ,
1. Bab Kelahiran : inggih punika bilih wonten titah ingkang
lahiripun boten kaleresan. Umpaminipun lahir sareng
ungeling gamelan, ingkan gdipun wastani lahir SAMPIR, lan
sateruse.
2. Bab Sedherek : inggih punika bilih wonten sedherek winates,
kados upaminipun : lare Ontang Anting, Gendhono-
gendhini,Kembang epasang, Uger-uger lawang, Sendhang
kapit pancuran utawi pancuran kapit sendhang, Pandawa, lan
sateruse.
58
3. Bab Sembranan : inggih punika bilih wonten titah ingkang
tindhakipun sembrana ngantos damel kapitunaning sanes
upaminipun : Adang rubuh dandangipun, damel griya boten
di ampik-ampiki, damel bumbung bolong ngisor dhuwur,
nanem waluh ing ngajeng griya tanpa dianang-anjangi lan
sateruse.
Sedaya kala wau dados memangsanipun Bathara Kala kalamun
derang dipun Ruwat daning Dhalang Sejati. Mila saking punika
dhuh kanjeng ibu, rehning sampun titi wancinipun, kalilanana
putra paduka mandhap dhateng madya pada, saha pangestunipun
kanjeng ibu ingkang kula suwun.
Btri. Durga : ya..ya.. kulup enggal mudhuna mring madya pada, sing ati-ati,
pangestune kanjeng ibu kaya banyu mili, ngger.
(Mungel gangsa ayak kempul kerep : Bathara Kala kaliyan
Hantogo mandhap mring ngarcapada)
D. Tingkeban
Kendhuri tingkeban : Sega brok. Buceng cilik cacah 7 (pitu). Buceng
gede 1 (siji). Sega golong 9 (songo) atau 4 (papat). Keleman (pala kependhem).
Iwel-iwel. Jenang sengkala. Jajan pasar jangkep. Gedhang raja setangkep.
Kembang boreh, wangi lan setaman.
Sesaji : Gedhang raja setangkep. Klapa wutuh 1 (siji). Cuk bakal.
Beras. Gula abang (gula Jawa). Kinangan jangkep. Kendi cilik. Klasa cilik.
Badhek tape.
59
Srana padusan : Banyu suci. Wit gedhang (anakan). Kembang
setaman. Prapen (tempat dupa).
Uba rampe : Kurungan. Pitik urip. Andha telu (jenang 7 glindhing).
Klambi jarik pitu. Janur rinenggo (mahkota). Selendhang 1.
60
BAB VI
TITI LAKSANA TETAKAN
A. Nindaaken Syariat Agami
Assalamu’alaikum wr. wb.
Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri
ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi
tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw.
Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten
gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika
tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen.
Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang
tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang
Islam sadonya pisan.
Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun namung
katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami kabelek
kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing salebetipun
lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa lare wau
dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged gampil
sarta boten sakit.
Panindak makaten punika, tumrap ing Nuswantara ngriki lajeng awujud
tata cara tuwin kalimrahan ingkang prasasat wajib kedah dipun lampahi. Malah
tempuking damel sunatan punika, tumrap ingkang kasembadan lajeng kadamel
61
rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih.
Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten
sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan
saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun
bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun
ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh
saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken
tetiyang kathah.
Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang
kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi
sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim
Assalamu’alaikum wr. wb.
Kawula nuwun.
Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat
kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang
ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as.
Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna
Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun
wastani: tetakan utawi supitan (tetak supit). Malah ugi wonten ingkang mastani :
Islam. Nanging tembung tetiga wau, saestunipun inggih sami dene kelanturipun
62
ingkang jalaran namung mirid saking patraping panindak. Dene patraping
panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus
sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih.
Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas (kakethok)
peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab:
pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit.
Winastan Islam (dipun Islami), sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika
mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat (rukuning agami Islam). Saking
katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking
tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika:
kitan.
Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan
saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa
punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun
diwasa manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten
gampil dipun susuhi wiji sesakit.
Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung
agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah (sanes wajib).
Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan,
inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi,
menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula
wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman.
63
Miturut kadis, Nabi Ibrahim ngalaihis salam, andhawuhaken; lare jaler
ingkang ikutipun sampun cendhak boten ambungkus sirahing pastapurusa,
kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun
cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge
anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun
tata cara wau.
Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami
Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib,
prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben,
inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki.
Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged
wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng
lestantun moncer.
Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah
partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel
netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi.
Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah
sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang
kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten.
Tumrap tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong limrah,
sanadyan wontenipun tata-cara punika sampun atusan taun, ewa dene asring
kemawon kita mrangguli tetakan ingkang dereng cocog kalayan perlu-perlu wau.
Kadosta: Saking kirang panjang anggenipun magas ikut, sasampunipun tetak, pun
64
ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping
pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari
kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang
ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados
mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula
cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken
kawuningan. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
C. Piranti Kangge Tetakan
Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun sagunging para rawuh ingkang ndherek sarasehan ing dinten
punika. Kawula badhe matur kanthi irah-irahan Piranti Kangge Tetakan. Supados
tetakan saget gancar lan lancar mila ugi perlu sangat mawi piranti ingkan premati.
Limrahipun, tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong ingkang
kathah-kathah punika, ikut kasogok lajeng kajapit nunten kapagas: gres, tatunipun
lajeng dipun leleti pethakaning tigan ayam: sampun rampung. Bab tatu enggal
lajeng dipun leleti tigan ayam punika manawi tatu punika pancen sampun resik,
inggih wonten saenipun. Awit, garinging pethakan tigan ing ngriku lajeng prasasat
dados lim tatuning pagasan wau. Nanging, sarehning nalika ikut badhe kapagas
boten mawi dipun resiki rumiyin, mila tatu wau asring sanget lajeng dados
ngoreng. Amargi : jalaran boten dipun resiki langkung rumiyin wau, adhakanipun
sampun ngandhung bibit sesakit ingkang lembat-lembat sanget. Kaping kalihipun,
65
jalaran boten kablebed, inggih lajeng gampil kataman bibit sesakit saking ing
Jawi. Kaping tiganipun, sanadyan sepena sambekala pisan, ing atasipun badan
waras-wiris lajeng kapagas wantahan punika, sanadyan lare ing ngriku sampun
pawitan tekad. ing raos meksa memelas. Jer nyatanipun tamtu karaos sakit.
Awit saking punika, mila kita lajeng tuwuh gagasan ngarang seratan
punika, ing pangangkah sageda dados ancer-ancering panindak ingkang radi
patitis. Dene wawatonipun kajawi sampun kapratelakaken ing ngajeng, ugi mirid
saking; andharaning serat titiasri ingkang dapur ngonceki suraosipun babad
Demak. Bab gandhengipun kalayan kasaran, ugi saking, pangawikan warni-warni
praktik ingkang sampun kula tindakaken piyambak. Nanging, tuladha-tuladha ing
ngriki namung nuladhani murih gampilipun katindakaken ing padhusunan tuwin
pakampungan kemawon. Inggih punika, Bong kedah gadhah: a. Pesso alit,
gunting, japit sekedhikipun kalih, sogok (sande). b. Chloroethyle, spiritus fortijor,
boorwater, boorzalf, dermatol, kapuk, verband, sadayanipun kedah resik (steril).
Sadaya prabot punika saged tumbas dhateng toko jampi (Apotheek),
ugeripun nerangaken kanggenipun, tamtu pikantuk. Yen badhe nindakaken netaki,
langkung rumiyin Bong kedah nyawisaken pirantos-pirantos wau. Boorzalf
ingkang sampun kaledre ing gaasverband kaangkaha cekap kangge nutupi
(ambuntel) tatuning pastapurusa ingkang badhe kapagas. Tanganing Bong saha
pastapurusa ingkang badhe kapagas sanadyan ketingalipun tamtu sampun resik,
naging kedah kagosok ing spiritus fortijor sarana kapuk sekedhik. Perlunipun, yen
ing ngriku wonten bacterien (bibit penyakit ingkang alus sanget, sageda pejah
dening dayaning spiritus.
66
Sasampunipun makaten lajeng nuntuni kalimah sahadat lare ingkang tetak
supados nirokokaken. Dene lafalipun : Ashadu Allah illaha illolah, wa ashadu
anna Muhamadur Rasullolah. Sasampunipun makaten lajeng matrapna sogok.
Prenahipun ing salebeting ikut sajawining sirah pastapurusa ing prenah nginggil.
Pucuking sogok kaangkaha papak lan cibiring pastapurusa. Sasampunipun
makaten lajeng matrapaken japit sajawining ikut sawingkingipun sogok. Tangan
kiwa (Bong) nyepengi sogok lan japit, tangan tengen ngeceri Chloroethyle ing
pastapurusa ingkang badhe kapagas, ngantos kuliting ikut punika ketingal pethak,
perlunipun kangge ngicali raos sakit. Sasampunipun makaten lajeng kapagas.
Pamagasipun ing antawising sogok lan japit. Sasampunipun kapagas, ikut
ingkang tatu pagasan, kacalikna mundur ing guluning pastapurusa, lajeng dipun
wur-wuri dermatol kapara radi kandel nunten dipun tutup ing boorzalf ingkang
sampun kaledre ing gaas kala wau terus dipun blebed : rampung.
Pratelan ing nginggil punika kapendhet saking katranganipun Swargi Ki
Siswoharsoyo, ingkang satuhu lebda ing babagan kasusastran Jawi. Panutuping
atur, mugi-mugi pratelan sapala punika wonten ginanipun. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
67
D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan
Assalamu’alaikum wr. wb.
Katur dhumateng para lenggah ingkang nembe mangayu bagya sarasehan
ing dinten punika. Wondene pratelan ingkang badhe dipun rembag kanthi irah-
irahan Ngreksa Kayuwananipun Tetakan.
Kangge anjagi supados boten gendhelen, sanadyan sampun kablebed,
pastapurusa prayogi lajeng kadhengakna terusan sarana kawet (T) verband.
Godhonging T kasabukaken ing bangkekan, sukuning T kangge ngaweti
pastapurusa lajeng kasuwelaken ing gathukan godhong T wau. Punapa malih,
sasampunipun kablebed wau, lare punika prayogi lajeng tileman kemawon.
Paedahipun dermatol ing ngriku, kajawi mepeti wedaling rah, ugi ngenggalaken
garinging tatu. Dados inggih ngenggalaken saras. Dene boorzalf ing ngriku,
paedahipun: samangsa blebed kabikak, supados boten kelet kalayan tatunipun.
Kajawi dermatol, jampining tatu enggal punika, ngangge Perubalsem
inggih sae. Nanging, Perubalsem punika, nalika katamakaken, mahanani raos
perih sekedhik. Ing pangalaman kita piyambak, kajawi dermatol lan Perubalsem,
tatu dipun jampeni mawi bubukan Zulfatiasol punika, kenging kita wastani setijap
banget. Mila yen saged pikantuk (tumbas) tatuning kethokan wau, inggih prayogi
yen dipun jampeni bubukan Zulfatiasol kemawon. Nitik andharan punika,
sajakipun kados rebyeg sanget. Nanging sajatosipun boten makaten. Ugeripun
sampun sarwa cumawis, wiwit mulang kalimah sahadat ngantos masang T
verband wau, salebetipun tigang menit kemawon tamtu rampung. Pirantos-
pirantos, tanganing Bong lan pastapurusa kedah resik. Mejang kalimah sahadat.
68
Masang sogok lan japit. Namakaken Chloroethyle. Magas ikut Tatu kacalikaken
mundur, dipun jampeni lajeng kaverband.
Let sadalu, varband kabikak, tatu dipun resiki mawi boorwater sarana
kapuk utawi toya jarang ingkang sampun manget-manget. Sasampunipun resik,
prayogi kapepe (dhedhe) ing bentering surya sakedhap lajeng dipun jampeni lan
kablebed kados ingkang sampun. Saben-saben makaten, antawis sapeken
kemawon, tatu punika tamtu sampun saras. Bab anjanpeni saben dinten wau,
manawi Bong piyambak boten saged nandangi sabab tebih dumuginipun, cekap
nilari jampinipun kemawon kalayan weling (nuturi) dhateng larenipun, lare tamtu
saged nindakaken.
Kala-kala sok mranggguli lare ingkang ikutipun nglebet kraket kalayan
sirahing pastapurusa. Yen wonten lare ingkang makaten punika, ngengeti
perluning tetak kasebut ngajeng, supados pastapurusa saged kaleksanan moncek,
pamagasing ikut, kapeksa kedah neset ingkang kraket wau. Nanging manawi
panesetipun punika boten sarana prabot ingkang nyocogi (trep) sarta jampi
ingkang ngicalaken raos sakit, inggih mesakaken larenipun ingkang nglampahi.
Mila manawi Bong mrangguli kawontenan ingkang makaten, prayoginipun lajeng
ngrembagana kemawon dhateng lare saha tiyang sepuhipun. supados lare punika
dipun suwunaken pitulungan tetak dhateng dokter. Para dokter tamtu boten badhe
kewran anggenipun nindakaken sarana pirantos jampi-jampi ingkang ngetrepi.
Ki Siswoharsoyo paring pratelan kanthi wijang sarta gamblang ing
pustakanipun serat Guna Cara Agama. Pustaka kalawau sampun misuwur sanget.
Ing pungkasaning atur, mugi sami raharja sedayanipun. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
69
KAPUSTAKAN
Harsono Kodrat, 1982. Gending-gending Karawitan Jawa. Balai Pustaka. Jakarta.
Irwan Sudjono, 1990. Lelagon Gagrag Enggal. Cendrawasih. Surakarta. Karkono Kamajaya, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini
Ki Hajar Dewantara, 1953. Pasinaon Titi Laras Gendhing. Bharata. Jakarta. Kodiron, 1989. Marsudi Karawitan Jawi. Cendrawasih. Surakarta.
Nayawirangka, 1958. Serat Tuntunan Padhalangan. Yogyakarta: Jawatan Kebudayaan, Kementerian PP dan K.
Padmosukoco, 1982. Memetri Basa Jawa. Surabaya: Citrajaya ___________, 1985. Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita. Surabaya: Citrajaya
Padmasusastra, 1930. Serat Tata Cara. Jakarta : Bapai Pustaka Rekso Panuntun, 1991. Sekar Sumawur. Cendrawasih. Surakarta.
Sayid, 1958. Bauwarna Wayang. Yogyakarta: Percetakan Republik Indonesia. Siswoharsoyo. 1957. Serat Guna Cara Agama. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.
Sri Hartati Agoes, 2001. Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta. Jakarta : Gramedia.
Sudi Yatmana, 1988. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra. Semarang : Aneka Ilmu.
Suyadi Respationo, 1979. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Semarang: Dahara Prize
Wignya Sutarno, 1956. Kawruh Pakeliran Sedalu Natas. Sadu Budi. Solo.
70
LAMPIRAN 1.
SILABUS
SILABUS
MATA KULIAH : EKSPRESI LISAN II
SIL/FBS-PBD/235 Revisi : 00 10 Februari 2012 Hal 1. Fakultas / Program Studi : FBS / Pendidikan Bahasa Jawa 2. Mata Kuliah & Kode : Kode : PBD 235 3. Jumlah SKS : Teori : - SKS Praktik : 2 SKS
: Sem : Ganjil (l) Waktu : 16 pertemuan 4. Mata kuliah Prasyarat & Kode : ....................................... 5. Dosen : Dr. Purwadi I. DESKRIPSI MATA KULIAH Mahasiswa memiliki pengetahuan tentang tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya. Materi meliputi: lamaran, lambang kalpika (tukar cincin), awal mantu (pasang bleketepe hingga midodareni), pernikahan, pawiwahan, pahargyan, busana pengantin Jawa (gaya Jogja dan Solo), dan gendhing-gendhing iringan pengantin Jawa. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, kuliah lapangan dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, tugas lapangan dan tes akhir semester. II. STANDARISASI KOMPETENSI MATA KULIAH
Mahasiswa diharapkan memiliki pengetahuan yang memadai tentang seluk beluk tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya. Materi meliputi: lamaran, lambang kalpika (tukar cincin), awal mantu (pasang bleketepe hingga midodareni), pernikahan, pawiwahan, pahargyan, busana pengantin Jawa (gaya Jogja dan Solo), dan gendhing-gendhing iringan pengantin Jawa. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, kuliah lapangan dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, tugas lapangan dan tes akhir semester. Dengan demikian tujuan proses belajar mengajar pada mata kuliah ini akan tercapai.
71
III. POKOK BAHASAN DAN RINCIAN POKOK BAHASAN
Minggu ke Pokok Bahasan Rincian Pokok Bahasan Waktu
I Pengetahuan tentang tatacara upacara pengantin Jawa
Mengetahui dan memahami seluk beluk tatacara upacara pengantin Jawa
100’
II Mengetahui tatacara lamaran
Mengetahui dan memahami tatacara lamaran
200’
III Mengetahui seluk beluk upacara pengantin
Mengetahui dan memahami seluk beluk upacara pengantin
200’
IV Mengetahui seluk beluk pambagya-harja & pasrah pengantin
Mengetahui dan memahami seluk beluk pambagyaharja & pasrah pengantin
200’
V Mengetahui tata cara pasang ble-ketepe & perleng-kapannya
Mengetahui dan memahami tata cara pasang bleketepe & perlengkapannya
200’
VI Mengetahui seluk beluk upacara midodareni
Mengetahui dan memahami seluk beluk upacara midodareni.
300’
VII Mengetahui perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta & Surakarta
Mengetahui dan memahami perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta & Surakarta.
300’
VIII Ujian akhir 100’
IV. REFERENSI/ SUMBER BAHAN
A. Wajib: Karkono Kamajaya, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini Nayawirangka, 1958. Serat Tuntunan Padhalangan. Yogyakarta: Jawatan
Kebudayaan, Kementerian PP dan K. Padmosukoco, 1982. Memetri Basa Jawa. Surabaya: CV. Citra Jaya ___________, 1985. Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita. Surabaya: CV.
Citra Jaya B. Anjuran :
Sayid, 1958. Bauwarna Wayang. Yogyakarta: Percetakan Republik Indonesia.
72
Sri Hartati Agoes, 2001. Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan
Adat Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta. Jakarta : Gramedia. Sudi Yatmana, 1988. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar
Sabda, Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra. Semarang : Aneka Ilmu.
Suyadi Respationo, 1979. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta.
Semarang: Dahara Prize
V. EVALUASI
No Komponen Evaluasi Bobot (%)
- Teknik yang dipakai dalam evaluasi berupa ujian
tulis. Nilai akhir diperoleh dari perhitungan
sebagai berikut.
NA = T + S + 2A 4
100 %
Jumlah 100%
Yogyakarta, 10 Februari 2012
Dosen
Dr. Purwadi
73
LAMPIRAN 2.
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)
MATA KULIAH : EKSPRESI LISAN II
RPP/FBS-PBD/235 Revisi : 00 10 Februari 2012 Hal. 1. Fakultas / Program Studi : FBS / Pendidikan Bahasa Jawa 2. Mata Kuliah & Kode : Ekspresi lisan II Kode : PBD 235 3. Jumlah SKS : Teori : - SKS Praktik : 2 SKS : Sem : Gasal () Waktu : 16 pertemuan 4. Standar Kompetensi : Mahasiswa memiliki pengetahuan tentang
tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pame-dharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya. Materi meliputi: lamaran, lambang kalpika (tukar cincin), awal mantu (pasang bleketepe hingga midodareni), pernikahan, pawiwahan, pahargyan, busana pengantin Jawa (gaya Jogja dan Solo), dan gendhing-gendhing iringan pengantin Jawa. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, kuliah lapangan dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, tugas lapangan dan tes akhir semester.
5. Kompetensi Dasar : Mahasiswa diharapkan memiliki pengetahuan
yang memadai tentang seluk beluk tatacara dan tata upacara adat Jawa, busana adat Jawa, gendhing-gendhing Jawa, terampil membuat naskah pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai upacara adat Jawa dan terampil pula mempraktikkannya.
6. Indikator Ketercapaian : Setelah mengikuti program perkuliahan ini
mahasiswa mampu membuat rancangan penyelenggaraan upacara pengantin adat Jawa
7. Materi Pokok/Penggalan Materi : buku tulis dan alat peraga
74
8. Kegiatan Perkuliahan :
Tatap Muka Komponen Langkah
Uraian Kegiatan Estimasi Waktu
Metode Media Sumber Bahan/
Referensi PENDAHULUAN Memberi deskripsi
tentang upacara pengantin adat Jawa
1 x tatap muka atau 100 menit
Ceramah, demonstrasi
Proyektor
A dan B
LATIHAN MEMBUAT KONSEP UPACARA PENGANTIN JAWA
Praktek dan latihan membuat konsep upacara pengantin jawa
4 pertemuan x 100 menit
Teori dan praktek penyelenggaraan upacara pengantin Jawa
Proyektor
A dan B
LATIHAN MEMBUAT KONSEP TATACARA LAMARAN
Praktek dan latihan membuat konsep tatacara lamaran
4 pertemuan x 100 menit
Teori dan praktek penyelenggaraan tatacara lamaran
Proyektor
A dan B
MEMBUAT KONSEP & LATIHAN PASANG BLEKETEPE DAN MIDODARENI
Praktek dan latihan memasang bleketepe dan midodareni
4 pertemuan x 100 menit
Teori dan praktek memasang bleketepe dan midodareni
Proyektor
A dan B
PEMANTAPAN LATIHAN
Memberi penjelasan perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta dan Surakarta
1 x tatap muka atau 100 menit
Demonstrasi perbedaan busana pengantin gagrag Yogyakarta dan Surakarta
Proyektor
A dan B
TANYA JAWAB AKHIR PERKULIAHAN
Memberi kesempatan kepada peserta kuliah untuk menanyakan seluk-beluk bahan perkuliahan ekspresi lisan II
1 x tatap muka atau 100 menit
Ceramah, demonstrasi dan diskusi
Proyektor
A dan B
DAFTAR PUSTAKA Karkono Kamajaya, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini Nayawirangka, 1958. Serat Tuntunan Padhalangan. Yogyakarta: Jawatan
Kebudayaan, Kementerian PP dan K. Padmosukoco, 1982. Memetri Basa Jawa. Surabaya: CV. Citra Jaya
75
___________, 1985. Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita. Surabaya: CV. Citra
Jaya Sayid, 1958. Bauwarna Wayang. Yogyakarta: Percetakan Republik Indonesia. Sri Hartati Agoes, 2001. Kiat Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat
Jawa Gaya Surakarta & Yogyakarta. Jakarta : Gramedia. Sudi Yatmana, 1988. Tuntunan Kagem Para Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda,
Sinartan Tuladha-tuladha Medhar Sabda, Ulem, Panyandra. Semarang : Aneka Ilmu.
Suyadi Respationo, 1979. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Semarang:
Dahara Prize
Yogyakarta, 10 Februari 2012
Dosen
Dr. Purwadi
76
PANGRIPTA
DR. PURWADI, M.HUM miyos ing tlatah Grogol, Mojorembun,
Rejoso, Nganjuk, Jawa Timur rikala tanggal 16 September 1971. Paripurna saking
Sekolah Dasar ngantos dumugi SMA ing Nganjuk, tumuli nglajengaken kuliah
ing Fakultas Sastra UGM (1990-1995), Program Pasca Sarjana UGM (1996-
1998), Program Doktor UGM (1999-2001).
Ing sakmangke kajibah makarya minangka Dosen Jurusan Pendidikan
Bahasa Jawa Fakultas Bahasa lan Seni Universitas Negeri Yogyakarta. Gegriya
ing Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, Telp 0274-881020 HP 0815 788
65170. Email: purwadi@uny.ac.id.