Diktat EKSPRESI LISAN I

78
1 Diktat EKSPRESI LISAN I DR. PURWADI, M.HUM PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA Telp: 0274-550843-12; Email: [email protected] November 2011

Transcript of Diktat EKSPRESI LISAN I

1

Diktat

EKSPRESI LISAN I

DR. PURWADI, M.HUM

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Telp: 0274-550843-12; Email: [email protected]

November 2011

2

PURWAKA

Diktat punika karumpaka kangge pasinaon Mata Kulian Ekspresi Lisan I

ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas

Negeri Yogyakarta.

Wondene ingkang dados garapan ing salebeting seratan punika kadosta

gladhen pranata adicara, tata sasana, tata wicara, tata busana, tata sastra, lan tata

swara. Kajengaken sanguning para juru pamedhar sabda, wedharing seserepan

dalah pamarsudining basa kangge ngungak mekaring jagad enggal. Kanthi

mekaten titi laksana adicara saged lumampah kanthi gancar.

Wedaling diktat punika kaangkaha saged nglancaraken kridhanipun para

kadang mahasiswa ingkang nembe ngangsu kawruh. Wusana mugi rahayu

ingkang sami pinanggih. Matur nuwun.

Yogyakarta, 10 November 2011

Dr. Purwadi, M.Hum

3

ISINIPUN BUKU

PURWAKA ................................................................................................... ii ISINIPUN BUKU .......................................................................................... iii BAB I GLADHEN PRANATA ADICARA .............................................................. 1

A. Mandhegani Acara .......................................................................... 1 B. Sangunipun Pranata Adicara ............................................................ 2 C. Maneka Warna Upacara .................................................................. 4 D. Ngesti Mekaring Kabudayan ........................................................... 5

BAB II KALENGGAHANIPUN JURU PAMEDHAR SABDA ................................ 10

A. Katrangan Pamedhar Sabda ............................................................ 10 B. Ngudi Sumbering Pangawikan ........................................................ 11 C. Syarat Sarananipun Pamedhar Sabda .............................................. 14 D. Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi .................................................. 16

BAB III JEJERING SESORAH ING BEBRAYAN JAWI ........................................... 20

A. Wedharing Seserepan ..................................................................... 20 B. Pamarsudining Basa Sastra ............................................................. 22 C. Kagunan Adi Luhung ..................................................................... 24 D. Mekaring Jagad Anyar ................................................................... 25 E. Tuntunan Pustaka Sesorah .............................................................. 27

BAB IV ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN .................................................. 29

A. Nindaaken Syariat Agami ............................................................... 29 B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim ............................................ 30 C. Piranti Kangge Tetakan .................................................................. 33 D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan .................................................. 35

BAB V GITA WICARA ING SARASEHAN TUMANGKARING AGAMI ISLAM . 38

A. Tumangkaring Agami Islam ........................................................... 38 B. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro ............................................. 40 C. Lelandhesan Daya Kawicaksanan ................................................... 45 D. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten ................................................ 48 E. Sumebaring Kalimat Sahadat .......................................................... 54 F. Wejangan Wirid Hidayat Jati .......................................................... 57

KAPUSTAKAN ............................................................................................ 68 LAMPIRAN 1. SILABUS ............................................................................. 69 LAMPIRAN 2. RPP ....................................................................................... 72 PANGRIPTA ................................................................................................. 75

4

BAB I

GLADHEN PRANATA ADICARA

A. Mandhegani Acara

Lampahing acara ingkang karancang kanthi premati. Badhe kacepeng

jumbuh kaliyan tujuanipun, sauger ingkang mranata punika mumpuni. Pranata

adicara ingkang trampil, rikat, trengginas mesthi ngentheng-ngenthengi ingkang

kagungan karsa. Punapa malih pahargyan katindakaken mawi ragat tikel-matikel,

jejering pranata adicara kedah sembada. Wedaling mragat sampun muspra,

supados mboten damel kuciwa. Pramila tandangipun pranata adicara kasuwun

ingkang temen-tumemen.

Langkung prayogi menawi pranata adicara saderengipun makarya ndherek

ngiguhaken rancangan. Amargi rata-rata ingkang kagungan kersa dereng

pengalaman nindakaken pawiwahan. Pratelan saking pamedhar sabda dalah juru

pranata adicara cetha damel ayemipun ingkang kagungan dalem. Manah gupuh,

kisruh lan ewuh pakewuh adhakanipun nyalirani sinten kemawon ingkang

kagungan hajad.

Mandhegani acara pahargyan pancen perlu kawruh mirunggan. Seserepan

miwah pengalaman kinarya piranti murih ramungin pakaryan. Sambung, srawung,

tulung-tinulung ing madyaning bebrayan agung saestu nggancaraken sedaya

pakaryan menapa kemawon. Ulah raos kridhaning batos, sinartan jangka jangkah

ingkang atos-atos, mimbuhi pribadi ingkang bontos. Mendah remening penggalih

5

para kadang ingkang kagungan kersa, menawi pahargyan ingkang katindakaken

nuwuhaken arum kuncaraning kulawarga.

Sepinten bombonging penggalih, jalaran pawiwahan saha pahargyan

punika wonten gandheng cenengipun kaliyan harkat, martabat saha derajat.

Bebrayan Jawi asring nyebat njaga praja. Ingkang mengku suraos ngreksa

yuwananing asma. Kangge nyembadani kuncaraning brayat ageng, ingkang

kagungan kersa sampun ndhadhani kehing prabeya ingkang tanpa wilangan.

Minangka jejering pangarsa pawiwahan, pranata adicara jamak limrah menawi

mrantasi pakaryan lan sesanggeman.

B. Sangunipun Pranata Adicara

1. Tata Sasana

Sasana tegesipun papan saderengipun nindakaken jejibahan. Pranata

adicara prayogi nyumerepi papan pahargyan. Kanthi mekaten rerakitaning acara

saged kajumbuhaken kaliyan kawontenan. Kados pundi bebrayan ing kanan

keringipun papan ingkang kangge acara. Ugi pakaryan dalah kalenggahanipun

ingkang sami ngestreni pawiwahan. Andhap inggiling pangkat drajat saestu

mahanani ulat patrap lan pangucap.

2. Tata Wicara

Wedaling wicara kedah empan papan. Sampun ngantos minggeti

penggalihipun tiyang sanes. Wicara ingkang mentes, luwes lan pantes tartamtu

damel mareming manah. Tumraping priyayi sepuh prayogi mawi unggah-ungguh.

6

Menggahing priyagung luhur sampun tilar wosing pitutur. Ing madyaning para

winasis wedaling wicara langkung sae menawi patitis. Ing madyaning kawula

dasih saestu cocok kaliyan raos kaswasih.

3. Tata Busana

Ajine dhiri saka lathi, ajine raga saka busana. Wulangan warisan leluhur

punika lumampah ngantos ing jaman samangke. Raga ingkang karengga mawi

busana edi peni mahanani pakurmatan saking asanes. Busana edi peni boten

kedah mubyar lan awis reginipun. Ingkang wigatos jumbuh kaliyan kawontenan.

Pahargyan penganten magepokan kaliyan busana ingkang ngemu suraos suka

parisuka. Wondene tiyang ingkang ndherek upacara resmi pemerintahan, ugi mligi

busananipun.c ak-cakanipun busana pancen benten-benten keperluanipun. Tiyang

sripah mesthi ngagem busana ingkang katingal swasana duhkita.

4. Tata Sastra

Endahing basa amargi pinaes mawi tetembungan ingkang jangkep, ukara

ingkang genep. Juru pranata adicara, juru sesorah langkung prayogi nyinau

seserepaning basa. Supados saged miyosaken pangandikan ingkang miraos. Sinten

ingkang mirengaken lajeng kepranan ing galih. Kejawi punika ugi badhe katitik

andhap asoring kawruh. Sasngsaya jembar kawruhipun, tambah ageng

pangajinipun. Jembaring seserepan saged katempuh mawi maos maneka warna

pustaka lan bawa rasa kaliyan para pinunjul.

7

5. Tata Swara

Swara ingkang gandem marem racak-racakipun gampil nuwuhaken raos

kesengsem. Nut jaman kelakone, swara ngumandhang ing pawiwahan amargi

kabantu piranti mirunggan. Teknologi lan kemajuan jaman ingkang wonten

gegayutanipun kaliyan tata swara, saged dipun pirsani ing sadhengah papan.

Sanadyan mekaten tetp mboten pareng gumantung kaliyan teknologi. Sinau ugi

pangusi tetap kedah peng-pengan. Boten kepareng kendho. Mekaring teknologi

mlampah sareng kaliyan pambudi.

C. Maneka Warna Upacara

Menggahing bebrayan Jawi, upacara adat sampun katindakaken kawit

kuna-makuna. Kanthi pangajab murih karaharjan, ngendhani coba lan bilahi. Mila

saweneh gadhah pemanggih kedah nindakaken, umumipun ingkang nyengkuyung

upacara adat para sesepuh ingkang taksih pana dhumateng tata cara Jawi.

Ngugemi upacara adat ateges ngleluri budaya adiluhung.

Kasebat upacara adat Jawi ingkang taksih lumampah kadosta mantenan,

supitan, mitoni. Saben daerah gadhah cak-cakan upacara piyambak-piyambak.

Atur uninga bilih upacara adat punika mboten pareng jor-joran. Amargi saged

nyebabaken cecongkrahan antawisipun para kadang, katindakaken kanthi prasaja

kemawon. Menawi tujuan sampun kacepeng, menika winastan sae sanget.

Pustaka ingkang mbeber titi laksana upacara adat kathah sanget

warnanipun. Umpaminipun buku yasanipun Raksa Panuntun (1991),

mratelakaken maneka warni tuladha tanggap wacana basa Jawi. Urut-urutanipun

8

pahargyan penganten kadamel genah lan genep. Para juru pamedhar sabda,

pranata adicara lan juru sesorah manteb sanget sampun nyinau buku menika

supados langkung jembar wawasanipun.

Perlu kawuningan malih kagem sedherek pranata cara ingkang wonten

gandheng cenengipun kaliyan upacara sripah. Kedah atos-atos lan momong raos.

Mliginipun tumrap para kadang mitra ingkang kecalan warga. Trap-trapanipun

atur sageda mimbuhi kapitayan. Syukur bage ngentheng-ngenthengi ingkang

nembe nawung dhuhkita. Dipun wanti-wanti uculing wicara mboten pareng

ngebot-boti. Menapa malih nambah ngrepoti. Pramila sinau tata basa ingkang nuju

prana dadosa kawigatosan.

Panindaking upacara ingkang magepokan kaliyan pengetan langkung

gampil. Kadosta pengetan dinten kamardikan, tanggap warsa, paguyuban, rembag

dhusun lan sapinunggalanipun waton dipun jumbuhaken kaliyan wosing gati,

menika saged kawastanan sae. Angger kulina kemawon sadhengah tiyang

tartamtu saged anglampahi sampun tidha-tidha ing galih supados gancar lancar

cak-cakanipun minangka dados pangarsaning adicara.

D. Ngesti Mekaring Kabudayan

Salajengipun mekaring kabudayan Jawi kapratelakaken dening Empu Jawi

Kina, Raden Ngabehi Poerbatjaraka kados mekaten. Bangsa Indhu ingkang

dhateng wonten ing tanah Jawi, punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami

Siwah. Ceplosipun bangsa ingkang nganggep Tri Murti minangka Gusti

Allahipun; inggih punika ingkang dipun anggep dados tunggal, sang hyang Siwah,

9

ingkang sapunikanipun dipun wastani Bathara Guru. Bangsa Indhu ingkang

dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana.

Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet

pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun,

sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau

kinten-kinten mawi basa Sansekerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah,

inggih wonten ingkang nyinau basa Sansekerta. Sareng tiyang ingkang sampun

saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi sedya mulang Sansekerta,

inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kelajeng kecampuran tembung-

tembung Sansekerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang

ingkang dereng wonten jawinipun. Saya malih sarehne kala jaman semanten

punika sajakipun, sinten-sinten ingkang sumedya dados guru, utawi kepengin

dipun-wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sansekerta, dados lebetipun

tembung-tembung Sansekerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget.

Ewa semanten sarehne dhapukanipun basa Jawi punika beda sanget

kaliyan basa Sansekerta, dados sanadyan pari-basanipun kegrujug tembung-

tembung Sansekerta, basa Jawi boten ewah jumengengipun taksih lestantun

kegolong basa Indonesia. Dene basa Sansekerta punika dhapukanipun, yenbasa

Eropa ing jaman samangke, ingkang memper basa Jerman, sarta pancen nunggil

golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo

Jerman (Poerbatjaraka, 1964). Serat-serat ingkang dipun bekta dening tiyang

Indhu agami Budha tamtunipun inggih ingkang babagan kabuddhan; kados ta

serat ingkang dipun wujudaken gambar lalajuran ing candhi Borobudur. Nanging

10

serat-serat punika, kajawi satunggal kalih ingkang badhe kapratelakaken ing

ngandhap, prasasat boten wonten kakantunanipun. Serat-serat bektanipun tiyang

Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.

Kadosta serat Mahabarata, Ramaya, lan sanes-sanesipun malih.

Serat Mahabarata ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi Wyasa,

jawinipun Abiyasa, punika wosipun nyariyosaken lalampahanipun para Pandhawa

saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan

wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun (Poerbatjaraka,

1964). Serat Ramayana punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki;

menggah ing panangguh, sepuh serat Ramayana katimbang serat Mahabarata.

Nanging serat Ramayana punika wonten ing tanah Indhu kagolong kitabipun

bangsa ingkang agami Wisnu. Benjangipun serat menika dipun jarwa kanthi nami

Serat Rama (Yasadipura I, 1912).

Yen Mahabarata kagolong kitabipun tiyang agami Siwah. Mangsuli bab

basa Jawi. Ingkang kita aturaken basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala

jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para

geleerden bangsa Walandi anggenipun mastani basa Jawi Kina. Nalika basa Jawi

kina wiwit kaserat sapisan, punika sampun kecampuran tembung-tembung

Sansekerta sawatawis kathah. Seratan sela ingkang pinanggih sepuh piyambak

ngangge basa Jawi kecampuran tembung Sansekerta, punika mawi angka taun 731

Saka 809 taun Masehi; pinanggihipun wonten ing Dhiyeng; wiwit titimasa punika

salajengipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani terus

lajeng dipun serat mawi aksara Indhu.

11

Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen

ngantos dumungi wangun ingkang kangge ing jaman samangke, dene ewahipun

wau namung saking sakedik sanget. Papan ingkang tulen saking jaman kina,

ingkang pinanggih wonten seratanipun Jawi, punika wujud tugu sela utawi

balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan mas utawi salaka.

Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah

ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun,

kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie,

kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari; wenang mendhet pajeg

dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha neda beya

dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet

wedaling dadagangan.

Bokmanawi dhusun ingkang makaten punika ing jaman samangke kenging

dipun wastani dhusun Mardikan. Anggenipun dhusun dipun paringi wewenang

kados makaten punika ingkang kathah awit dhusun wau dipun paringi kewajiban

ngreksa saha ngopeni candhi pupundhenipun sang ratu, ngiras ngawontenaken

pamulangan agami. Yen boten makaten inggih awit dhusun wau ageng sanget

yasanipun dhateng sang prabu. Kados ta : sanalika sang prabu perang, tiyang ing

dhusun punika anggenipun ambantu saged anjalari menang. Dados autonomie

ingkang kaparingaken wau nama mlingi ganjaran. Wonten malih seratan sela

utawi tembagi ingkang ngewrat karampunganing sambut apisambut utawi sade

tinumbas siti, sasaminipun.

12

Hambok bilih prayogi menawi para juru pangudi basa nyinau buku

bausastra (Poerwadarminta, 1939).Dene ingkang balebekan mas, utawi salaka,

punika isinipun ingkang kathah pupujian utawi rajah-rajah, ingkang kerep,

pinanggihipun wonten salebeting cupu sela, wadhah awu-mayitipun para luhur.

Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wonten sangandhaping candhi. Dados

gathukipun kaliyan ingkang kasebut nginggil, dhusun ingkang kaparingana

autonomie wau kawajiban ngreksa candhi, tegesipun ngreksa pasareyan

luluhuripun sang prabu (Poerbatjaraka, 1964). Cara ingkang kados kasebut ing

nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman semanten namung lugu tiru-tiru

caranipun tiyang Indhu. Awit campuring darah, rumasuking raos-rumaos sarta

agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun

wastani sampun keket. Amila bangsa Jawi kala jaman semanten ing samangke

dipun wastani bangsa Jawi Indhu. Pratelan ing serat Kapustakan Jawi kala wau

piguna sanget tumraping juru Pamedhar Sabda supados gamblang anggenipun

mbabar ngelmu ingkang wonten gandhengipun kaliyan kabudayan Jawi.

13

BAB II

KALENGGAHANIPUN

JURU PAMEDHAR SABDA

F. Katrangan Pamedhar Sabda

Langkung rumiyin ing kalodhangan punika badhe kapratelakaken bab

kawruh Pamedhar Sabda. Nami jamak limrah bilih Pamedhar Sabda punika dados

sesuluhing bebrayan. Amargi ing sadhengah papan, priyagung ingkang kapatah

dados Pamedhar Sabda tansah mbabar maneka warni kawruh. Sedaya sesulang

ingkang kawedhar lajeng tumanem ing telenging sanubari para pamirsa lan

pamiyarsa. Jejeripun juru Pamedhar Sabda saged winastan guru, ingkang pantes

dipun gugu lan dipun tiru.

Pramila juru Pamedhar Sabda ugi katelah sesepuh miwah pinisepuh.

Amargi menggahing tiyang kathah, Pamedhar Sabda punika sayektos tikel matikel

sangunipun. Kawruh agaminipun mitayani, tata basanipun genep, tata sastranipun

jangkep. Ulah kridhaning seni budaya sarwi mumpuni. Tata susilanipun damel

nuju prana. Boten mokal menawi pasrawunganipun jembar. Ing pundi kemawon

panggenanipun kuwawi nuwuhaken pribadi ingkang kawentar.

Ewa semanten para mitra Pamedhar Sabda prayogi engengeti dhateng

owah gingsiring jaman. Rehning jaman punika sangsaya dangu sangsaya maju,

mila sarjana winasis ugi sumebar kanthi warata. Gapuraning ilmu kabikak wiyar,

amargi pustaka-pustaka Jawi pating trucuk kados tuwuhipun jamur barat. Supados

14

boten ketinggalan kaliyan ombaking seserepan, langkung utami menawi kersa

asring maos lan bawa raos.

Ibarat juru masak, tambah pepak bumbunipun, tartamtu mimbuhi

sedhepipun dhedhaharan. Sedaya gegayuhan luhur kala wau badhe kasembadan,

sauger mempeng reka dayanipun, gembleng tekadipun. Kalampahan sang juru

Pamedhar Sabda kaparingan jejuluk oboring jagad raya, ingkang tansah ngesti

kawruh rahayu.

G. Ngudi Sumbering Pangawikan

Estunipun kawruh ngengingi Pamedhar Sabda saget ugi sinawung ing

salebeting seni pedhalangan. Kados pangandikanipun ingkang minulya Ki

Siswoharsoyo mekaten. Sareng kagunan ringgit lan gendhing sampun nama

sampurna, gregetipun para ningali ringgit purwa dhateng adining kagunan saha

miraosing wirama gendhing, lajeng dhawah angka kalih. Samangke punika,

ingkang taksih tetep dados kawigatosanipun para ningali ringgit purwa, lajeng

dumunung ing kagunan dhalang. Pinanggihipun ing tetingalan ringgit purwa ing

jaman sapunika, sanajan ringgitipun kirang adi, wiyaganipun kirang wasis,

ugeripun ki dhalang pancen lebda panindaking damel, para ningali meksa tetep

migatosaken. Menggahing nalar, gregetipun para ningali lajeng salin salaga

makaten wau, semunipun pancen inggih maton. Awit, manawi ki dhalang pancen

mumpuni sayektos dhateng kridhaning ngelmu pedhalangan, ing pakeliran ngriku,

para mirsani sepuh-anem, jaler-estri, kuli priyayi, sugih tuwin miskin, tamtu sami

rumaos marem sabab pikantuk piwulang tepa palupi ingkang sarwa cocok kalayan

15

betahipun. Ewa dene, ambak-ambak namung prakawis panindak, kathah-

kathahipun meksa kawengku ing wasesaning kodrat. Adhakanipun, uger

dhalangipun sae, ringgit-ipun inggih bregas, wiyaganipun inggih wasis-wasis.

Manawi ngengeti pengetan ing ngajeng, ing kinanipun, ingkang nyarirani

andhalang punika sang Prabu Suryamisesa piyambak. Makaten punika, sanajan

kala semanten umbarampening pedhalangan tamtu dereng sarwa sampurna kados

ing jaman sapunika, nanging ing atasipun jaman semanten, pandhalangipun sang

Prabu, tamtu sampun boten kirang mumpuni. Malah saking daya prabawanipun

sang Prabu, tumanemipun tetingalan ringgit purwa dhateng para ningali, lajeng

dados pembanguning batos ingkang gandheng kalayan agami.

Tumrapipun dhalang sapunika, menggah ing wawasan, lepasing pangudi

dhateng kridhanipun andhalang, limrahipun namung dumugi matenging kagunan

ingkang saget nuwuhaken woh tumraping kalahiran. Makaten punika, bakuning

ngelmunipun ingkang dados sanguning panindak, sampun kapathok dados kalih

bab. Inggih punika: wadhah lan isi. Wadhah mengkoni gangsal prakawis, inggih

punika: Janturan, pikajengipun: cariyos candraning nagari sarta ringgit. Gendhing,

pikajengipun: lebda dhateng gendhing, sulukan, pathetan sapanunggilanipun.

Banyol, pikajengipun: saget damel sanggitan lelucon. Antawacana, pikajengipun:

saget milah-milahaken solah, ginem tata trapsila satunggal-tunggaling ringgit,

ngetrepi kalayan wanda semunipun piyambak-piyambak. Sabetan, pikajengipun:

trampil nyolahaken ringgit manut wanda semunipun piyambak-piyambak.

Isi mengkoni nem prakawis. Inggih punika: Renggep, pikajengipun:

yenyem ing manah boten kemba caking pangringgit. Greget, pikajengipun: saget

16

damel getaping ringgit ing kalanipun nawung gita. Nges, pikajengipun: saget

damel raos trenyuh ing kalanipun ringgit kataman sungkawa. Sem, pikajengipun:

saget damel raos prenes. Udanagari, pikajengipun: saget ngetrapaken empaning

tanduk tumrap unggah-ungguhing ringgit dhateng satunggal lan sanesipun. Tutuk,

pikajengipun: jangkep sarta wijang caking pandhalang ing dalem sadalu.

Bakuning ngelmu pedhalangan kalih bab ingkang mengku sawelas

prakawis wau, sanajan bab janturan punika jembaripun sampun momot bab

palupining ulah kaprajan dalah pambeganipun satunggal-tunggaling ringgit

ingkang ugi dados palupining lelabetan, puna dene saperang-peranganing ngelmu

wau inggih saget kajembaraken manut kalebdan saha kawicaksananipun ki

dhalang. Nanging ngengeti purwanipun wonten tetingalan ringgit besutan ing

jaman Demak, langkung utami malih manawi wadhahing ngelmu wau, dipun

wewahi satunggal prakawis malih. Inggih punika bab: agami (Bratadiningrat,

1990). Yen makaten, wadhah lan isi lajeng timbang sami mengku nem (6)

prakawis. Malah bab agami ingkang ing ngriku dhapur wewahan punika, sageda

kabelet bab ingkang baku. Wondene pandhapukipun makaten:

Bakuning ngelmu pedhalangan kaperang dados kalih bab, inggih punika:

wadhah lan isi. Wadhah mengkoni nem prakawis, inggih punika: Agami,

pikajengipun: kedah lebda dhateng kawruh agami, janturan, gendhing, banyol,

sabetan, antawacana. Isi kaperang dados nem, (kados kasebut ngajeng). Manawi

kaleksanan makaten, gesangipun kagunan dhalang ingkang tetela tansah dipun

gatosaken sadhengah golongan punika lajeng tetep dados sumbering pangawikan

lahir lan batos.

17

H. Syarat Sarananipun Pamedhar Sabda

Raden Ngabehi Ronggowarsito paring wejangan babagan tata gati ingkang

wonten gandhengipun kaliyan pawiyatan. Wondene syarat sarananipun guru utawi

Pamedhar Sabda kados ing ngandhap punika.

1. Paramasastra

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring sastra.

2. Paramakawi

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring basa Kawi.

Katetangi tangisira,

sira sang paramengkawi,

kawilet ing tyas duhkita,

kataman ing reh wirangi,

dening upaya sandi,

sumaruna anerawung mangimur manuhara,

met pamrih melik pakolih,

temah suka ing karsa tanpa wiweka.

3. Mardibasa

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring tata basa ingkang indah.

Ing antara sapangu,

Pangungaking kahanan wis mirud,

Morat-marit penguripane sesami,

Sirna katentremanipun,

Wong udrasa sak nggan-enggon

18

4. Mardawalagu

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring lagu utawi gegendhingan.

5. Awicara

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring tata wicara.

6. Mandraguna

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring kesenian lan kagunan.

Hawya pegat ngudiya ronging budyayu,

margane suka basuki,

dimen luwar kang kinayun,

kalis ing panggawe sisip,

ingkang taberi prihatos.

7. Nawungkridha

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring kawruh lungit.

Neng jroning madya akhir.

Wiku sapta ngethi ratu (1877)

Adil parimarmeng dasih,

Ing kono karsaning Manon.

8. Sambegana

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring kawasisan.

19

I. Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi

Ing ngandhap punika badhe kababar ombakipun kapustakan Jawi, kados

ingkang sampun dipun pratelakaken dening Swargi Poerbatjaraka.

Panjenenganipun sarjana martapi ingkang kasusra ing jagad raya. Malah pikantuk

gelar Empu Jawi Kina. Pratelanipun kados mekaten.

Ingkang dipun-wastani kapustakan Jawi, punika sadaya serat-serat carita,

dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi. Wondene basa Jawi punika

kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining

bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetaning jagad

Asia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar

bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika kidul iring ingkang kilen.

Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng, ing ngriki kula-

santuni nama Indonesia (Poerbatjaraka, 1964). Nalika taun 1884 Dr. Brandes

saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman

kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landesan

panandinging basa-basa wau. Nalika tahun 1889 Dr. H. Kern ngudi malih ing bab

tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau,

kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing

samangke kalebet tanah Indo Cina. Malah saking pangudinipun P.W. Schmidt

kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala

kinanipun sanget, saking Asia tengah.

Ingkang sampun kenging dipun anggep, inggih punika bangsa Indonesia

punika kala rumiyin nate kempal dados satanah, inggih ing tanah Cempa wau.

20

Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon;

pangudinipun Dr. Van Stein Callenvels, Dr. Van der Hoop lan sanes-sanesipun

ing bab dadamel sela; pethel sela, bedhor sela sapanunggilanipun, inggih ugi

nedahaken, bilih pokok tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa,

malah radi ngaler ngilen sakedik, dados ing tanah Cina iring kidul. Ing

satunggaling wekdal, kinten-kinten kala tahun 1500 saderengipun taun Masehi,

bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padunungipun dhateng pulo-pulo

punika.

Ingkang temtu inggih kedhesek dening sanes bangsa saking ler utawi

saking kilen. Sesampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong

wonten ing pulo ingkang dipun dunungi enggal. Awit saking pisah panggenan,

danguning dangu sagolong-golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng

basanipun golongan sanes; sabab pepecahaning basa wau lajeng tuwuh piyambak-

piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina,

ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sunda lan Madura, makaten

salajengipun. Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedhatengan

tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala

jaman semanten dereng gadhah aksara. Wondene aksara Jawi ingkang dumugi

sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa

Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala

wiwitanipun taun Masehi.

Aksara Indhu wonten ing tanah Jawi punika ing sakawit, namung perlu

kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-seratan bab

21

dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang

dipun angge punika basa Sansekerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten

terang; ewasemanten wonten ancer-anceripun sakedik, inggih punika seratan ing

tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa

Sansekerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang

Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih

basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-

lare Jawi deles. Danguning dangu, sareng bangsa Indhu paranakan ing tanah Jawi

sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa

Jawi, nanging kecampuran tembung Sansekerta saking bapak-bapakipun.

Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon bilih ing

sasaged-saged sami dipun ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun

piyambak-piyambak; sareng sampung kathah pranakan ingkang saged maos saha

nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben,

seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi.

Panyobi punika sajakipun saged tuminak kalayan boten patos angel.

Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang

sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, lajeng sinau, ing sakawit

namung kangge kabetahanipun tiyang satungal kalih tumraping dadagangan. Saya

malih sareng bangsa Indhu, kabekta saking langkung pinteripun katimbang tiyang

Jawi, saged nglebetaken kawruhipun dhateng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajeng

rumaos betah, dados sumedya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika

kala jaman semanten ingkang temtu agagandhengan kaliyan bab agami. Inggih

22

awit saking makaten punika, milanipun tiyang Jawi lajeng kathah ingkang mlebet

agami Indhu. Sapisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun

pranakan Hindu, saking saya lami saya meh boten wonten bedanipun kaliyan

tiyang Jawi tulen (Poerbatjaraka, 1964). Langkung prayogi menawi tiyang Jawi

purun maos seratan kina, kadosta serat Pustaka Raja (Ranggawarsita, 1993).

Kados mekaten kalawau menggah tuk sumberipun kapustaka Jawi ingkang

tumangkar ngantos dinten sakmangkin.

23

BAB III

JEJERING SESORAH

ING BEBRAYAN JAWI

J. Wedharing Seserepan

Tembung sesorah punika mengku suraos wejangan, wedharan, wulangan,

pitutur, pituduh, ular-ular, seserepan, kawruh, kawignyan saha kawasisan ingkang

wonten gandheng cenengipun kaliyan olah kridhaning mbabar ngelmu. Estunipun

babagan sesorah saged dipun pratelaaken kanthi jembar, amargi garapanipun ugi

wiyar. Panlesihipun prayogi sanget menawi kawiwitan saking sejarah budaya,

laksitaning basa sastra, tumangkaring kagunan seni, kalajengaken owahing

swasana kawontenan ingkang nembe lumampah.

Sejarah budaya Jawi sampun maewu-ewu tahun umuripun. Wangsa Ratu

Sanjaya saking Mataram Hindhu sayektos nuwuhaken budaya adi luhung ingkang

kawentar ing saindhenging jagad raya. Tata praja katindakaken kanthi titi premati

dalasan kawarisaken dhumateng putra wayahipun. Trah tumerahipun para kusuma

ing Kraton Mataram Hindhu, tilaranipun ngantos dinten sakmangke gampil

tiningalan (Padmawarsita, 1953). Upaminipun candhi Borobudhur, candhi

Mendut, candhi Pawon, candhi Prambanan, candhi Baka lan candhi Kalasan.

Sedaya dados cihna bilih para leluhur minulya kagungan gelar karya cipta ingkang

angedab-ngedabi. Bangsa manca nagari ndalidir sami ngrawuhi saperlu mirsani

yasan edi peni kala wau. Sedaya sami gumun ngungun sarta suka pengalembana.

24

Saking tlatah Jawa Tengah, budaya Jawi lajeng ngener ing tlatah Jawi

Wetan. Kebudayaan Jawi ugi sangsaya ngrembaka. Kathah pustaka-pustaka agung

anggitanipun para pujangga. Kasebat Empu Kanwa ingkang ngripta Serat Arjuna

Wiwaha rikala jamanipun Raja Airlangga. Malah Sinuwun Prabu Darmawangsa

Teguh mandhegani sumebaring kitab-kitab parwa ingkang mendhet saking

Layang Mahabarata. Ugi Empu Sedah lan Empu Panuluh misuwur nyipta Serat

Baratayuda. Empu Darmaja damel Serat Gathutkacasraya. Dene Empu Prapanca

yasa Serat Negarakertagama. Empu Tantular nganggit Serat Sutasoma. Para

pujangga punika kawentar dados cundhakaning sarjana winasis, ingkang ugi

kasusra minangka saka guruning Kraton Medhang, Kahuripan, Kedhiri lan

Majapahit.

Duk nalikaning Kraton Demak Bintara dados punjering papan

tumangkaring Agami Islam ing Tanah Jawi, budaya kina ingkang sampun wonten

lajeng kasalarasaken kaliyan nuting jaman kelakone. Para wali ugi damel reriptan

ingkang kajumbuhaken kaliyan budaya Jawi kanthi bumbon ingkang boten

nrajang wewalering agami (Jayasubrata, 1917). Ringgit wacucal dados srana

piwucaling Agama Islam. Gamelan lan karawitan keseselan gendhing-gendhing

dalah lelagon ingkang ngemu suraos keislaman. Kanjeng Sunan Kalijaga,

minangka tetungguling wali sanga marisaken lelagon Ilir-ilir, ingkang kondhang

kaonang-onang ngantos ari kalenggahan punika.

Kraton-kraton Islam salajengipun ugi sengkut gumregut ing babagan tata

kridhaning budaya. Para nata ing Kraton Pajang, Mataram, Surakarta, Yogyakarta,

Mangkunegaran lan Pakualaman samya gumreget, grumegut lan gumregah

25

anggenipun nguri-uri kabudayan Jawi (Bratakesawa, 1952). Sedaya para narendra

gung binathara nglegaaken urun udhu bahu suku saha panemu. Keplalah kathah

sang Katong ugi adhapuk pujangga. Reriptanipun dados tuk sumbering piwulang

luhur menggahing kawula dasih warata sanagari.

K. Pamarsudining Basa Sastra

Para sarjana winasis jalma martapi ingkang ngrumpaka endahing basa

sastra mawi pustaka maneka warni. Tiyang Jawi ingkang wiwit kina makina

bangkit ulah gelaring tata haksara, pramila ugi prigel nyerat kangge ngedhari

miwah ngudhari wohing angen-angen. Lumantar serat-serat Jawi punika cipta

grahitaning manah tumuli kawedharaken. Owah gingsiring jaman tansah

dipuncathet, murih boten ngantos kalepyan. Ngungak jaman kawuri kaleksanan

kanthi terang trewaca. Mapag mekaring jagad anyar ugi boten kacipuhan. Sedaya

kalawau dados gampil, amargi tiyang jawi gadhah simpenan ingkang awujud

seseratan. Kitab-kitab kina ingkang kaserat mawi aksara Jawi saged kapriksan ing

Musium Sana Budaya, Radya Pustaka, Reksa Pustaka lan Widya Pustaka.

Perlu kawuningan menggah para pamarsudi basa sastra ingkang peng-

pengan. Contonipun Ki Padmasusastra ingkang nate meguru langsung dhumateng

pujangga Ranggawarsita. Pinten-pinten pustaka ingkang sampun karipta. Carios

kanthi irah-irahan Rangsang Tuban karumpaka mawi basa ingkang nuju prana

(Padmasusastra, 1982). Pepak sastranipun, bobot wosipun. Cocok kangge sinau

lan patuladhan. Buku sanesipun inggih menika tata sastra. Isinipun ngrembag

paramasastra, pitedah, ugi kawruh basa. Cocok sanget kangge bahan pamulangan.

26

Ing sadhengah papan pawiyatan, buku tata sastra punika dados cepenganipun para

guru ingkang nggulawenthah putra siswanipun.

Sarjana basa sastra Jawi sanesipun inggih punika ingkang minulya Ki

Padmosoekotjo. Labuh labet ingkang kaparengaken dhumateng sagunging

bebrayan Jawi satuhu pantes sinudarsana. Buku-buku kawruh basa Jawi sampun

rinipta. Ing babagan kawruh paramasastra, Ki Padmosoekotjo mempeng sanget.

Cengkok, lagak, lagu, lageyaning tetembungan dipun pratelaaken kanthi titis

patitis. Ing babagan sastra pedhalangan sampun kababar pitung jilid buku mawi

irah-irahan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita (Padmosoekotjo, 1960).

Sumbangan ingkang wigati tumraping jagad pakeliran.

Mliginipun seni pakeliran, hambok bilih Ki Siswoharsoyo dados panyerat

pakem pedhalangan ingkang pilih tandhing (Siswoharsoyo, 1953). Para penyerat

pakem salajengipun meh ngemperi gagrak Siswoharsayan. Saget kawastanan

pakem jangkep. Amargi tuntunan, sulukan, janturan, dhodhogan, kepyakan,

sabetan, jejeran lan sanes-sanesipun ingkang magepokan kaliyan seni pewayangan

dipun jlentrehaken kanthi gamblang. Tuladha pakem anggitanipun inggih menika

tuntunan pedhalangan lampahan Wahyu Purba Sejati. Wondene Serat Bimapaksa

karipta dening Ki Siswoharsoyo mawi sekar macapat.

Sumebaring kapustakaan Jawi gagrak Surakarta boten saged dipun

pisahaken kaliyan labuh labetipun Suwargi Karkono Partokusumo ingkang asring

mawi nami sesinglon Kamajaya. Serat Centhini ingkang cacahipun kirang

langkung 12 jilid dipun garap kanthi paripurna (Kamajaya, 1992). Saking aksara

Jawi kasalin dados aksara latin tartamtu mbetahaken dana lan daya ingkang tikel

27

matikel. Serat Pustaka Raja Purwa ingkang gunggungipun kirang langkung 9 jilid

ugi sampun karampungaken. Kitab-kitab Mangkunegaran lan Ranggawarsitan

malah dipun garap mawi pratelan ingkang langkung genep lan jangkep. Tiyang

Jawi jamak limrah menawi atur panuwun.

L. Kagunan Adi Luhung

Pang-panging budaya Jawi sangsaya dangu sangsaya ngrembuyung ing

madyaning pasrawungan agung. Wohing budaya Jawi kalawau mbabar kagunan

adi luhung. Menggah kagunan adi luhung inggih punika wedharing raos ingkang

mbabar kaendahan. Endah menggahing panca ndriya, endah menggahing rasa

jiwa. Sauger mahanani gesang langkung eca, sakeca lan pana, ateges kagunan kala

wau saestu inggil bobotipun. Amargi ugi kathah seni entheng-enthengan ingkang

tundhonipun ngajak kesasar. Ing salebeting bebrayan kathah pagelaran seni

ingkang malah damel swasana dados ribet, nyebabaken tukar padu lan pasulayan.

Punika genah seni ingkang kosong bobotipun. Pagelaran seni kados punika

prayogi dipun gantos mawi seni adi luhung kemawon.

Seni pedhalangan hambok bilih saged sinebat minangka wakil seni adi

luhung. Ing ngriku sampun kamot seni tari, joget lan kridhanipun ringgit ngangge

etangan baku. Amila ketingal sae tur ngresepaken. Seni swara katitik saking

gendhing gegendhingan miwah sindhen sesendhonan ingkang ngiringi caking

pakeliran. Seni sastra manggen wonten pilihaning basa kawi (Kamajaya, 1980).

Janturan lan crita mesthi ngangge basa mligi ingkang awis-awis kangge ing

srawung saben dinan. Tata kerawitan kadamel jumbuh kaliyan adegan, jejer, dalah

28

watak wantu wandaning wayang. Iringan kerawitan punika mimbuhi gagah,

mewah lan megahing pakeliran sedalu natas.

Sanadyan sampun dangu lan kapetang lawas, seni pedhalangan tetep

lestari ngantos ari kalenggahan punika. Ing gunung agunung, dhusun ngadhusun,

kitha ngakitha, gampang sanget pinanggihan kaliyan pagelaran wayang purwa.

Kawula alit lan priyagung luhur ingkang ngembat kendhalining praja guyub rukun

sesarengan mirsani caking pakeliran. Ngantos enjang gagat rahina, ketingal

menawi para pamirsa dangan ing panggalih, manah suka parisuka.

Wulangan, wejangan, wedharan saking seni pedhalangan sayektos damel

pasugataning batos. Raos miraos ingkang kasarira lan kajiwa ing salebeting

pagelaran ringgit wacucal estu nambahi mentesing piwucal. Paripurna anggenipun

mirsani caking pakeliran ngantos wanci enjang malah mimbuhi jangka jangkah.

Langkah langkung madhep, mantep lan menep. Bebrayan agung wusana sangsaya

padhang jenggilang kados pinapak obor sewu.

M. Mekaring Jagad Anyar

Saben dinten seserepan saged dipun dhudhuk saking sadhengah papan lan

panggenan. Kalawarti ingkang arupi koran, majalah, tabloid sumebar

saindhenging nuswantara. Layar kaca, radio, internet asung pawarta ingkang tanpa

kendhat. Seminar, lokakarya, konggres, simposium lan sarasehan dipun gelar

makaping-kaping. Temu alumni, temu ilmiah, temu pakar dipun kantheni gagasan

mirunggan. Sedaya kala wau dados srana tuk sumbering kawruh ingkang ngiringi

mekaring jagad enggal. Para sedherek ingkang asring kadhapuk pranata adicara,

29

pamedhar sabda tuwin juru sesorah prayogi menawi tansah nggembleng dhiri

kanthi pinten-pinten seserepan.

Tumangkaring kabudayan, ngrembakaning kagunan miwah ngesing

kaendahan saestu langkung wigatos menawi sinartan landhep tanceping seserepan

dalah pengalaman. Undhaking ilmu, tikeling laku sarta keplasing panemu badhe

sumebar warata kanthi mitayani, waton linambaran olah nalar saha panaliten

ilmiah. Srawung ing tingkat internasional ingkang wiyar tebanipun perlu juru

wicara utawi diplomat ingkang mumpuni. Sarana gladhen lan panaliten tartamtu

nuwuhaken raos pitados tumraping bangsa asanes. Kejawi daya ketrampilan

ingkang ngegungaken kridhaning olah panca ndriya, bab oleh nalar punika ugi

nami wigatos. Perlu dipun ambali malih, bilih nyugata kabudayan lan kagunan

prayogi kasalarasaken gladhen tuwin panaliten.

Wawasan ingkang cekap menggahing budayawan, seniman lan sastrawan

badhe nggancaraken pasrawungan. Gesang punika dumados saking maneka warni

golongan bebrayan. Drajat lan pangkat tartamtu kemawon mbenten-mbentenaken

tata srawung. Among tani, among dagang, among layar gadhah budaya ingkang

boten sami. Saben golongan sinartan budaya lan adatipun. Mila perlu patrap

momong, momor lan momot. Tetiganipun minangka sangu srawung sambang

sambung ingkang mbabar bebrayan guyub rukun, manunggal lan mong-

ingemong.

Sesanti wigati warisanipun ingkang minulya Empu Tantular kedah dipun

cepeng. Bhinneka Tunggal Ika, satuhu trep kangge dhasar trap-trapan

pasrawungan ing pundi kemawon. Tata praja, tata paprentahan, tata pasrawungan

30

ing alaming bumi nuswantara ingkang nyepeng sesanti kala wau kathah

wilujengipun. Samad-sinamadan antawisipun budaya satunggal lan satunggalipun

nambahi kukuh bakuhing negeri Indonesia. Ingkang sampun limrah, sesanti

tilaranipun Empu Tantular katampi kanthi tinarbuka, lega legawaning manah

dening sangyaning para titah.

Juru sesorah saged migunaaken sesanti menika ing salebeting ngayahi

jejibahan. Raos kebangsaan ugi dados kewajibanipun para juru sesorah murih

jayaning bangsa lan luhuring negara. Kanthi mekaten juru sesorah badhe pikantuk

jeneng jenang, kuluk puluk, wong wang. Ateges kalenggahanipun juru sesorah

pancen wigatos, kangge urun kasantosaning lahir lan batos.

N. Tuntunan Pustaka Sesorah

Saestunipun buku ingkang nembe kawaos punika karacik kados andharan

ing nginggil. Kapurwan saking tumapaking sejarah budaya Jawi. Undha usuking

basa sastra ugi kapratelakaken. Kagunan adi luhung sawetawis kapacak kanthi

katrangan ringkes, nanging mentes. Katrangan mekaring jagad anyar jumbuh

kaliyan nut jaman kelakone.

Racikaning buku punika saperangan kadamel kados bawa raos salebeting

pasinaon basa Jawi. Guru murid ing pawiyatan nembe rerembegan bab

paramasastra lan kasusastran. Gladhen basa ingkang kapacak kanthi pangajab

supados wulangan basa Jawi boten njuwarehi. Kanthi pasugatan radi enggal, para

siswa tartamtu langkung remen sinau. Sinten kemawon ingkang sinau tlaten

mesthi bakal panen.

31

Ukara-ukara ingkang karumpaka saperangan kapendhet saking

tetembungan ngoko, madya lan krama. Estunipun punika naming tuladha. Cak-

cakanipun saged kadamel luwes murih sekecanipun pawiyatan. Malah saperangan

bab kadamel kados tiyang ingkang nembe nindakaken sarasehan. Tundhonipun

supados langkung ketingal edi peni. Conto-contonipun saged kawastanan pepak.

Upacara adat, pahargyan temanten, temu trah dipun kantheni papan, sejarah lan

silsilahipun.

Persajan kemawon bilih sawetawis perangan wujud gancaran lan

tetembangan. Cuplikan-cuplikan saking kitab babad lan serat-serat sastra

piwulang kanthi pengajab supados isinipun buku punika langkung jangkep, trep

lan mantep. Sawanci-wanci menawi dipun kersakaken sampun sumadya. Para

sedherek ingkang kadhapuk pranata adicara, pamedhar sabda lan juru sesorah

tartamtu langkung gampil anggenipun amarsudi.

32

BAB IV

ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN

E. Nindaaken Syariat Agami

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri

ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur

wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi

tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw.

Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten

gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika

tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen.

Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang

tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang

Islam sadonya pisan.

Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun

namung katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami

kabelek kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing

salebetipun lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa

lare wau dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged

gampil sarta boten sakit.

Panindak makaten punika, tumrap ing Nuswantara ngriki lajeng awujud

tata cara tuwin kalimrahan ingkang prasasat wajib kedah dipun lampahi. Malah

tempuking damel sunatan punika, tumrap ingkang kasembadan lajeng kadamel

33

rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih.

Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten

sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan

saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun

bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun

ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh

saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken

tetiyang kathah.

Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang

kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi

sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

F. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim

Assalamu’alaikum wr. wb.

Kawula nuwun.

Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat

kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang

ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as.

Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna

Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun

wastani: tetakan utawi supitan (tetak supit). Malah ugi wonten ingkang mastani :

Islam. Nanging tembung tetiga wau, saestunipun inggih sami dene kelanturipun

ingkang jalaran namung mirid saking patraping panindak. Dene patraping

34

panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus

sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih.

Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas (kakethok)

peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab:

pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit.

Winastan Islam (dipun Islami), sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika

mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat (rukuning agami Islam). Saking

katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking

tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika:

kitan.

Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan

saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa

punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun diwasa

manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten gampil dipun

susuhi wiji sesakit.

Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung

agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah (sanes wajib).

Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan,

inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi,

menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula

wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman.

Miturut kadis, Nabi Ibrahim ngalaihis salam, andhawuhaken; lare jaler

ingkang ikutipun sampun cendhak boten ambungkus sirahing pastapurusa,

35

kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun

cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge

anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun

tata cara wau.

Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami

Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib,

prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben,

inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki.

Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged

wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng

lestantun moncer.

Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah

partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel

netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi.

Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah

sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang

kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten.

Tumrap tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong limrah,

sanadyan wontenipun tata-cara punika sampun atusan taun, ewa dene asring

kemawon kita mrangguli tetakan ingkang dereng cocog kalayan perlu-perlu wau.

Kadosta: Saking kirang panjang anggenipun magas ikut, sasampunipun tetak, pun

ikut taksih lestantun ambungkus sirahing pastapurusa. Saking tuni dungkaping

pamagas, tur kadhang ngengingi pipa margi rah ingkang radi ageng anjalari

36

kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang

ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados

mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula

cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken

kawuningan. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

G. Piranti Kangge Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Nuwun sagunging para rawuh ingkang ndherek sarasehan ing dinten

punika. Kawula badhe matur kanthi irah-irahan Piranti Kangge Tetakan. Supados

tetakan saget gancar lan lancar mila ugi perlu sangat mawi piranti ingkan premati.

Limrahipun, tetakan ingkang katindakaken para sadherek Bong ingkang

kathah-kathah punika, ikut kasogok lajeng kajapit nunten kapagas: gres, tatunipun

lajeng dipun leleti pethakaning tigan ayam: sampun rampung. Bab tatu enggal

lajeng dipun leleti tigan ayam punika manawi tatu punika pancen sampun resik,

inggih wonten saenipun. Awit, garinging pethakan tigan ing ngriku lajeng prasasat

dados lim tatuning pagasan wau. Nanging, sarehning nalika ikut badhe kapagas

boten mawi dipun resiki rumiyin, mila tatu wau asring sanget lajeng dados

ngoreng. Amargi : jalaran boten dipun resiki langkung rumiyin wau, adhakanipun

sampun ngandhung bibit sesakit ingkang lembat-lembat sanget. Kaping kalihipun,

jalaran boten kablebed, inggih lajeng gampil kataman bibit sesakit saking ing

Jawi. Kaping tiganipun, sanadyan sepena sambekala pisan, ing atasipun badan

37

waras-wiris lajeng kapagas wantahan punika, sanadyan lare ing ngriku sampun

pawitan tekad. ing raos meksa memelas. Jer nyatanipun tamtu karaos sakit.

Awit saking punika, mila kita lajeng tuwuh gagasan ngarang seratan

punika, ing pangangkah sageda dados ancer-ancering panindak ingkang radi

patitis. Dene wawatonipun kajawi sampun kapratelakaken ing ngajeng, ugi mirid

saking; andharaning serat titiasri ingkang dapur ngonceki suraosipun babad

Demak. Bab gandhengipun kalayan kasaran, ugi saking, pangawikan warni-warni

praktik ingkang sampun kula tindakaken piyambak. Nanging, tuladha-tuladha ing

ngriki namung nuladhani murih gampilipun katindakaken ing padhusunan tuwin

pakampungan kemawon. Inggih punika, Bong kedah gadhah: a. Peso alit, gunting,

japit sekedhikipun kalih, sogok (sande). b. Chloroethyle, spiritus fortijor,

boorwater, boorzalf, dermatol, kapuk, verband, sadayanipun kedah resik (steril).

Sadaya prabot punika saged tumbas dhateng toko jampi (Apotheek),

ugeripun nerangaken kanggenipun, tamtu pikantuk. Yen badhe nindakaken netaki,

langkung rumiyin Bong kedah nyawisaken pirantos-pirantos wau. Boorzalf

ingkang sampun kaledre ing gaasverband kaangkaha cekap kangge nutupi

(ambuntel) tatuning pastapurusa ingkang badhe kapagas. Tanganing Bong saha

pastapurusa ingkang badhe kapagas sanadyan ketingalipun tamtu sampun resik,

naging kedah kagosok ing spiritus fortijor sarana kapuk sekedhik. Perlunipun, yen

ing ngriku wonten bacterien (bibit penyakit ingkang alus sanget, sageda pejah

dening dayaning spiritus.

Sasampunipun makaten lajeng nuntuni kalimah sahadat lare ingkang tetak

supados nirokokaken. Dene lafalipun : Ashadu Allah illaha illolah, wa ashadu

38

anna Muhamadur Rasullolah. Sasampunipun makaten lajeng matrapna sogok.

Prenahipun ing salebeting ikut sajawining sirah pastapurusa ing prenah nginggil.

Pucuking sogok kaangkaha papak lan cibiring pastapurusa. Sasampunipun

makaten lajeng matrapaken japit sajawining ikut sawingkingipun sogok. Tangan

kiwa (Bong) nyepengi sogok lan japit, tangan tengen ngeceri Chloroethyle ing

pastapurusa ingkang badhe kapagas, ngantos kuliting ikut punika ketingal pethak,

perlunipun kangge ngicali raos sakit. Sasampunipun makaten lajeng kapagas.

Pamagasipun ing antawising sogok lan japit. Sasampunipun kapagas, ikut

ingkang tatu pagasan, kacalikna mundur ing guluning pastapurusa, lajeng dipun

wur-wuri dermatol kapara radi kandel nunten dipun tutup ing boorzalf ingkang

sampun kaledre ing gaas kala wau terus dipun blebed : rampung.

Pratelan ing nginggil punika kapendhet saking katranganipun Swargi Ki

Siswoharsoyo, ingkang satuhu lebda ing babagan kasusastran Jawi. Panutuping

atur, mugi-mugi pratelan sapala punika wonten ginanipun. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng para lenggah ingkang nembe mangayu bagya sarasehan

ing dinten punika. Wondene pratelan ingkang badhe dipun rembag kanthi irah-

irahan Ngreksa Kayuwananipun Tetakan.

Kangge anjagi supados boten gendhelen, sanadyan sampun kablebed,

pastapurusa prayogi lajeng kadhengakna terusan sarana kawet (T) verband.

39

Godhonging T kasabukaken ing bangkekan, sukuning T kangge ngaweti

pastapurusa lajeng kasuwelaken ing gathukan godhong T wau. Punapa malih,

sasampunipun kablebed wau, lare punika prayogi lajeng tileman kemawon.

Paedahipun dermatol ing ngriku, kajawi mepeti wedaling rah, ugi ngenggalaken

garinging tatu. Dados inggih ngenggalaken saras. Dene boorzalf ing ngriku,

paedahipun: samangsa blebed kabikak, supados boten kelet kalayan tatunipun.

Kajawi dermatol, jampining tatu enggal punika, ngangge Perubalsem

inggih sae. Nanging, Perubalsem punika, nalika katamakaken, mahanani raos

perih sekedhik. Ing pangalaman kita piyambak, kajawi dermatol lan Perubalsem,

tatu dipun jampeni mawi bubukan Zulfatiasol punika, kenging kita wastani setijap

banget. Mila yen saged pikantuk (tumbas) tatuning kethokan wau, inggih prayogi

yen dipun jampeni bubukan Zulfatiasol kemawon. Nitik andharan punika,

sajakipun kados rebyeg sanget. Nanging sajatosipun boten makaten. Ugeripun

sampun sarwa cumawis, wiwit mulang kalimah sahadat ngantos masang T

verband wau, salebetipun tigang menit kemawon tamtu rampung. Pirantos-

pirantos, tanganing Bong lan pastapurusa kedah resik. Mejang kalimah sahadat.

Masang sogok lan japit. Namakaken Chloroethyle. Magas ikut Tatu kacalikaken

mundur, dipun jampeni lajeng kaverband.

Let sadalu, varband kabikak, tatu dipun resiki mawi boorwater sarana

kapuk utawi toya jarang ingkang sampun manget-manget. Sasampunipun resik,

prayogi kapepe (dhedhe) ing bentering surya sakedhap lajeng dipun jampeni lan

kablebed kados ingkang sampun. Saben-saben makaten, antawis sapeken

kemawon, tatu punika tamtu sampun saras. Bab anjanpeni saben dinten wau,

40

manawi Bong piyambak boten saged nandangi sabab tebih dumuginipun, cekap

nilari jampinipun kemawon kalayan weling (nuturi) dhateng larenipun, lare tamtu

saged nindakaken.

Kala-kala sok mranggguli lare ingkang ikutipun nglebet kraket kalayan

sirahing pastapurusa. Yen wonten lare ingkang makaten punika, ngengeti

perluning tetak kasebut ngajeng, supados pastapurusa saged kaleksanan moncek,

pamagasing ikut, kapeksa kedah neset ingkang kraket wau. Nanging manawi

panesetipun punika boten sarana prabot ingkang nyocogi (trep) sarta jampi

ingkang ngicalaken raos sakit, inggih mesakaken larenipun ingkang nglampahi.

Mila manawi Bong mrangguli kawontenan ingkang makaten, prayoginipun lajeng

ngrembagana kemawon dhateng lare saha tiyang sepuhipun. supados lare punika

dipun suwunaken pitulungan tetak dhateng dokter. Para dokter tamtu boten badhe

kewran anggenipun nindakaken sarana pirantos jampi-jampi ingkang ngetrepi.

Ki Siswoharsoyo paring pratelan kanthi wijang sarta gamblang ing

pustakanipun serat Guna Cara Agama. Pustaka kalawau sampun misuwur sanget.

Ing pungkasaning atur, mugi sami raharja sedayanipun. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

41

BAB V

GITA WICARA ING SARASEHAN

TUMANGKARING AGAMI ISLAM

G. Tumangkaring Agami Islam

Assalamu’alaikum wr. wb.

Kawula nuwun, keparenga matur dhumateng ngarsanipun para sepuh lan

pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan. Tuwin para pangembating praja ingkang

dahat sinuba kastawa. Sugeng pepanggihan wonten ing titi laksana hadicara

sarasehan ingkang hangrembag Wejanganipun Para Wali Ing Tanah Jawi.

Para ahli sejarah amratelakaken bilih kitha Bagdad kabedhah dening

wadya bala saking negari Tiongkok dumados tahun 1258. Nalika semanten tlatah

Bagdad kawentar kasebut minangka punjering kawruh saka kabudayan Islam.

Wiwit tahun 1258 punika, sasampunipun angrasuk jaman kencana rukari ingkang

laminipun 7 abad, danguning dangu pusat kabudayan Islam lajeng surut, larut,

kerut, tilem, ngglenggem lan surem.

Peradaban Islam ngener dhateng Tanah Gujarat dalah sakiwa tengenipun,

ngantos ngrembaka dumugi ing saindhenging Nuswantara. Kaplalah, ngancik ing

ari kalenggahan punika, agamai Islam winastaran ageng, agung, tur

angrembuyung wonten kawasan Asia Tenggara. Pakartinipun para winasis ulama

ingkang satuhu lebda ing widyatama, gegadheng renteng-renteng reruntungan

kaliyan para saudagar ingkang berbandha berbandhu, sami-sami golong giligipun

dhumateng tangkar tumangkaripun agami Islam ing bumi Nuswantara,

utaminipun dhateng Tanah Jawi.

42

Golongan kekalih, saudagar miwah sarjana ulama punika nyengkuyung

jumenengipun keprabon Trah Majapahit, Raden Patah, anglenggahi dhampar

kencana ing Kasultanan Demak Bintara. Handhangkandhungipun jalma sulaksana

ingkang kasuwur katelah Wali Sanga ugi gumreget, gumregut lan gumregah pacak

baris magepokan kaliyan trah-tumerahipun agami Islam.

Kathah sanget reriptan ingkang kawarisan dening pra sarjana sujana ing

budi ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat, anyunari ing alam kelanggengan.

Warni-warni karyanipun, rupi-rupi pamanggihipun. “Qur’an Suci Jarwa Jarwi

dalah Tafsiripun ingkang Kajarwakaken” dening R.Ng. H. Minhadjurrahman

Djajasugita sarta M. Mufti Sharif, punika nama jamak limrah menawi kauningan

dening bebrayan Jawi, langkung-langkung para putra wayah.

Wiyosipun “Qur’an Suci Jarwa Jarwi dalah Tafsiripun” punika saged

dipunibarataken margi gelap pinapak obor sewu. Nuswa Jawi nami begja

kemayangan lir pendah kejugrugan gunung sari, kebanjiran segara madu. “Qur’an

Suci Jarwa Jawi” ingkang karembag punika kenging kalenggahaken jejering

pusaka minulya ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Kados pundi keunggulan lan kaluhuranipun garapan pustaka punika,

hambak bilih saged kapratelaken mawi perangan. Unggah-ungguhing basa.

Katilik saking lagak lagu lageyaning basa, prangripta sayekti priyantun ingkang

mumpuni ing bab ulah gelaring kayunan basa kasusastran. Tata basanipun gancar

lancar, bobot kasusastranipun ganep jangkep, amila andadosaken rakitan ingkang

edi peni.

Menawi kagagas salebeting tyas, hambok menawi sampun boten

ngagetaken malih kaliyan kawaskithanipun pangripta. Katlusur saking asal-usul,

43

pangripta punika taksih dharahing ngaluhur, trahing kusuma, rembesing madu,

wijining atapa, tedhaking andana warih, inggih punika warga kraton Surakarta

Hadiningrat (Paku Buwana IV, 1925). Perlu kawuningan, saderengipun revolusi

kamardikan ’45, kraton Surakarta punika mempeng sanget anggilut mekaring

kabudayan, kayunan, lan kasusastran. Saget karebat para pujangga linangkung

ingkang mijil saking dhatulaya Surakarta: Kyai Yasadipura, R. Ng.

Ranggawarsita, KRT Kusumadilaga, Sinuwun Paku Buwana IV lan Ki Padma

Susastra. Ing kiwa tengenipun awal abad 20, tlatah Surakarta ugi dados kiblatipun

pergerakan nasional. Kuncara sinebat Syarikat Dagang Islam (SDI) ingkang

dipunpandhegani dening Kyai Haji Samanhudi.

Cekap semanten atur pambuka kawula. Mugi-mugi sarasehan ingkang

badhe ngrembag Wejangan Para Wali ingkang binabar ing pustaka Guna Cara

Agama yasanipun Bapak Ki Siswoharsoyo sageda lumampah kanthi gancar lan

lancar. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro

Assalamu’alaikum wr. wb.

Para lenggah ingkang minulya. Ing ari kalenggahan punika badhe

ngrembag sejarahipun para Wali Sanga ingkang nyengkuyung Kraton Demak

Bintoro. Wejangan kalimah sahadat punika, tumrap tata cara sunatan tetakan ing

nuswa Jawi lajeng dados perlu ingkang baku.

Terangipun bab punika kedah angingeti purwanipun ing nuswa Jawi

madeg kraton Islam. Inggih punika adegipun nagari Bintara utawi Demak.

44

Menggah gancaripun reringkesan makaten: Samukswanipun Prabu Brawijaya

Nata binathara ing Majapait ingkang wekasan, paprentahan ing nuswa Jawi kang

dhedhasar agami Buda sampun cunthel. Dene ingkang jumeneng Nata masesani

paprentahan ing nuswa Jawi sajajahanipun, ajejuluk: Sultan Syah Ngalam Akbar,

timuripun kekasih Raden Patah, angadhaton ing Demak utawi Bintara. Raden

Patah punika ugi Putranipun sang Prabu Brawijaya ing Majapait. Nanging

miyosipun wonten ing Palembang tanah Sumatra. Mila makaten, jalaran nalika

sang prameswari dewi Dwarawati (ibunipun Raden Patah) saweg ambobot, saking

kaparengipun Prabu Brawijaya, sang putri punika lajeng katrimahaken dhateng

sang Adipati ing Palembang : Arya Damar.

Sabab makaten wau, wiwit timur, Raden Patah sampun boten sumandhing

ing rama Nata Prabu Brawijaya ingkang agami Buda. Kosok wangsulipun, inggih

wiwit timur wau, Raden Patah anggung tampi wulangan agami Islam remen

puruhita dhateng para Wali. Malah puruhitanipun Raden Patah dhateng para Wali

punika lajeng dados sarana ageng tumrap tumangkaripun agami Islam ing nuswa

Jawi.

Diwasanipun Raden Patah, sareng wiwit sengsem dhateng babagan

pangulah praja, kanthi ingkang rayi tunggil ibu ingkang kekasih Raden Timbul

(Putra Raden Damar Adipati ing Palembang), Raden Patah lajeng bidhal ngajawi

badhe suwita Prabu Brawijaya dhanteng Majapait. Boten kacarios roncening

margi, sareng lampahipun dumugi Cirebon, saking rembagipun Sunan

Gunungjati, Raden Patah boten saestu nglajengaken suwita dhateng Majapait,

nanging nedya nglajengaken sinau agami Islam dhateng pasantren Ampel

45

Surabaya. Dene ingkang rayi (Raden Timbul) kapurih lajeng suwita dhateng

Majapait. Dados sadherek kalih punika, kala samanten lajeng pepisahan,

Gancaring cariyos, Raden Timbul ingkang suwita dhateng Majapait, dangu-dangu

saged katarimah lajeng kawisudha dados Adipati ing Terung anama Adipati

Pecatandha. Dene Raden Patah sinau nglajengaken nyantri dhateng Ampel,

puruhita dhateng Sunan Giri. Ing alami-lami, sareng panggilutipun agami Islam

sampun rinaos cekap, saking pitedahipun Sunan Ampel, Raden Patah lajeng

bebadra babad wana ingkang winastan: Glagahwangi bawah kabupaten Jepara.

Boten antawis lami, wana Glagahwangi, lajeng reja, boten namung dados

padhusunan kemawon, nanging sampun prasasat kitha kabupaten. Tetiyang

ingkang tumut bebadra ing ngriku sami sayuk sumungkem nglampahi sarak

rukuning agami Islam.

Kacariyos, rejanipun wana Glagahwangi dados dhusun Bintara utawi

Demak, indhaking pawartos dumugi Majapait, kasuwuraken ing Bintara wonten

kraman ingkang dipun pandhegani para panuntun Islam. Kejoting panggalih Prabu

Brawijaya dhateng pawartos wau lajeng utusan Adipati Pecatanda ngirid wadya

nglurugi kraman. Boten kacariyos roncening lampah, sareng Adipati Pecatanda

dumugi purug, boten pangling bilih ingkang kawartos ngraman punika jebul

ingkang raka piyambak Raden Patah. Adipati Pecatanda inggih Raden Timbul,

wurung anggenipun nempuh perang, sasampunipun sami angacaraken lelapahan

sadangunipun pisah. Raden Patah lajeng kadherekaken sowan dhateng Majapahit.

Sadumugi ngarsa Prabu bab kawontenipun ingkang kawartos ngraman, saking

purwa madya wasana, sampun katur sadaya. Ing ngriku, Raden Patah malah

46

lajeng kaaken putra sang Prabu, jer sang Prabu lajeng enget dhateng garwanipun

ingkang katrimakaken dhateng sang Adipati Palembang saweg pinuju anggarbini.

Salajengipun, Raden Patah malah kawisudha dados Adipati ing Bintara saha

pinaringan asma Adipati Natabrata, kawenangaken mangangengi tetiyang ingkang

sampun ngrasuk agami Islam.

Kacariyos, ing alami-lami sang Adipati Natabrata sang saya ageng

prabawanipun. Tetiyang ing laladan Bintara ingkang ngrasuk agami Islam sami

rapet sumungkem sabaya pati dhateng Sang Adipati. Saking pambombongipun

para wali, sang Adipati lajeng jumeneng Sultan, ajejuluk Syah Ngalam Akbar

angadhaton ing Bintara (Demak).

Kocap kacariyos, sang Nindyamantri ing Majapahit rekyana patih

Gajahpremada. Sareng mireng bilih sang Adipati ing Bintara jumeneng Sultan

kanthi pambiyantunipun para wali, sang rekyana patih lajeng beboleh dhateng

Sang Prabu (Prabu Brawijaya) badhe nyepeng Raden Patah ingkang sampun tetela

nedya ngendhih nagari Majapahit. Prabu Brawijaya marengaken aturing patih.

Gancanging cariyos, patih Gajahpremada lajeng ngirid wadya sikep dedameling

ngayuda, nglurug dhateng Bintara. Sri Sultan ing Bintara ugi ngajangi dhateng ing

mengsah. Ramening perang, patih Gajahpremada kasambuting pupuh lena ing

palagan. Sasirnanging patih Gajahpremada, para wadya Buda saking Majapahit

sisanipun ingkang pejah lajeng teluk dhateng Bintara.

Kacariyos malih Prabu Brawijaya. Sasirnanging patih Gajahpremada, sang

Prabu rumaos kekes panggalihipun, lumuh perang kalayan putra, pilalu lolos

saking kadhaton namung kadherekaken wulu cumbu kyai Nayagenggong.

47

Tindakipun sang Prabu numpal keli mangetan, sareng dumugi tanah Banyuwangi

lajeng pisah kalayan Nayagenggong, jalaran : sang Prabu lajeng kersa kawejang

tarekating agami Islam.

Dumugi samanten wekasanipun karaton ing Majapait utawi wekasanipun

paprentahan ing nuswa Jawi ingkang adhedhasar agami Buda. Sasirnaning kraton

Majapait, sampun madeg kraton Demak adhedhasar Islam. Mila adegipun kraton

Islam ing Demak kala samanten, nama dumunung ing alam pepucuk ingkang

wonten telenging laladan kabudan. Sanadyan kala samanten ugi sampun kathah

para kawula ing pasisiran ingkang ngrasuk agami Islam, nanging para kawula

ingkang golongan ageng, meksa taksih puguh ngrungkepi agami Buda. Mila

jejibahan pangreh praja kala samanten, gawat sanget. Jer para kawula dereng

saged sayuk tunggil piyandel tunggil agami.

Lampahing kapradatan saha pancasaning kukum adil, taksih karoban

pamisesa, dereng saged netepi para marta, Amargi : runtuting pagadilan

kateranganing saksi dakwa tuwin pradata, dereng jumbuh nunggil agami.

Awit saking punika, rembag ing parepatanipun para Wali ingkang

pinanggih ing karampungan, sarana ingkang wigatos amrih tata raharjaning

nagari, namung kedah ngislamaken para kawula sadayanipun. Cekap semanten

atur kawula. Hambok bilih wonten kirang langkungipun, keparenga paring

pangaksami. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

48

I. Lelandhesan Daya Kawicaksanan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Para rawuh ingkang dahat sinuba kastawa. Ing ari kalenggahan punika

kawula kapatah mratelakaken sejarahipun para Wali ingkang tansah alelandhesan

daya kawicaksanan. Kala samanten, Kangjeng Sunan Kalijaga ingkang lebda

dhateng geliting golongan kekalih (kabudan tuwin kaislaman) usul rembag ing

madyaning parepatanipun para Wali. Suraosing usul wau, kirang langkung

makaten :

Pangudi ingkang saged ngungkih puguhing manahipun para kawula

ingkang taksih kandel piyandelipun dhateng agami Buda, murih puruna pitados

lajeng ngrasuk agami Islam, kedah sinangkan saking gelar utami ingkang saged

nuju prana. Gelar utami ingkang saged nuju prana punika, kedah mirip tata -

caranipun tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun

lami. Tuntunan Islam ingkang katandukaken dhateng tetiyang kathah, kedah

sinangkan saking sekedhik, ngantos tetiyang kathah rumaos gampil tuwin entheng

pangrasukipun agami Islam.

Kawajiban anglampahi rukuning Islam gangsal prakawis (sahadat, salat,

zakat, puasa, kaji,) punika, sanadyan saweg nama sarengat rukuning Islam,

nanging tumrap tiyang ingkang katemben mireng, sampun rinaos awrat. Yen

kapredi kedah netepi makaten, malah adamel wegahipun tetiyang kathah ingkang

badhe; ngrasuk agami Islam. Mila prayogi sinangkan saking bakunipun sahadat

kemawon rumiyin, ugeripun sampun purun ngucapaken kalimah sahadat kanthi

49

eklasing manah, inggih sampun tetep manjing hukum Islam, pitados dhateng

Kalifahipun, mituhu dhateng paprentahan ingkang anjalari tata raharjaning nagari.

Sanadyan purnanipun ngrasuk agami Islam punika kedah binudi sarana

sarengat, tarekat, hakekat ngantos makrifat, punika rembag ing wingking. Boten

sisah kapardi dening panuntuning agami, yen para umat sampun sengsem

sayektos dhateng hakekating agami, tamtu sami ngudi piyambak dhateng mukmin

ingkang pinareng dados panutan. Wondene tata cara ingkang dados

kapitadosanipun tetiyang Buda punika, inggih punika : 1. bab sesaji, 2. kekutug

dupa ratus, 3. bab karameyan ngemba karameyanipun para dewa sasembahanipun.

Bab sesaji minangka puja ngeningaken cipta nika mengku karsa ngupados

wewengan pikantuka bab ingkang sampun saha badhe linampahan. Punika

kabudiya saking sakedhik ngantos dados tumindaking sholat wajib.

Bab sesaji tuwin kekutug, punika mengku karsa asok bebana dhateng para

lelembat jim peri prayangan sami biyantu dhateng sedyanipun, punapa dene

sampun ngantos damel gora-godha dhateng kukubanipun. Punika saking sekehik

kedah binudi sagedipun malih dhados tatacara sidkah (sedekah) dhateng fakir

miskin. Tetiyang agami Buda, yen kaleres mangun suka minangka dhauping

penganten, ingkang kasembadan sami remen ropyan-ropyan karameyan ngemba

pasamuan para dewa panutanipun, kadosta : Upacara tetuwuhan punapa dene

kembar mayang rinakit ing pakajangan. Punika ingkang kaemba pasren awit klepu

dewadaru. Suwaraning pradangga ingkang tinabuh para wiyaga punika ngemba

ungeling gangsa lokananta. Wanita sinumbaga mataya kalayan sesindhenan anut

wiramaning gendhing punika, ingkang kaemba : pangigeling waranggana ingkang

50

ngleledhek rawuhipun para dewa ingkang katarimah lelabetanipun. Priya ambeksa

nampeni pangledeking waranggana, linariyan para santana warga ingkang

winastan tayuban, punika ingkang kaemba lenggotbawanipun para dewa ingkang

winiwaha.

Tatacara makaten punika, tumrap agami Islam, tetela dhawah kukum musrik

sarta karam. Mila saking sekedhik kedah binudi icalipun. Nanging caranipun

pangudi sagedipun kedah damel, kedah kanthi kawicaksanan ingkang saged

mranani manahipun tetiyang kathah. Tatacara ingkang gandheng kalayan

piyandelipun tetiyang agami Buda tigang prakawis wau (samadi, sesaji,

karameyan) manawi kapirid kangge gelaring lampah kawicaksanan, tamtu badhe

ageng manfaatipun. Amargi, pambudi punika nama sinangkan saking idheping

piyandel. Nanging, pamiridipun ing ngriku kedah kasirik ingkang dhawah karam.

Sarehning wigatos ingkang kedah tumunten kasembadan punika prakawis

para kawula enggala sayuk mituhu dhateng paprentahan praja, gelaring lampah,

pamiluta badhe ngislamaken para kawula wau, inggih kedah katindakaken sarana

upacaraning praja. Kados mekaten kala wau pratelan sapala kawula. Mugi

ndadosaken kawuningan. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

J. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten

Assalamu’alaikum wr. wb.

Ing sarasehan punika kawula kadhapuk supados mratelakaken sejarahipun

gubeg sekaten. Mugi-mugi para rawuh sedaya kepranan ing galih. Nlesih

51

sejarahipun grebeg Sekaten menika saged kalacak wiwit saking adegipun Kraton

Demak Bintoro.

Nagari Demak, ingkang Kolifah dalah kanayakanipun sami tetiyang Islam

punika, inggih wajib sami ngluhuraken dinten ageng Islam. Gelaring pamiluta

wau, mapan sanget lamun katangguhna wanci mulyakaken dinten ageng Islam.

Dede dinten ageng Islam ingkang wajib kamulyakaken, inggih punika: dinten

ageng Idzulfitri (tanggal l wulan Syawal), dinten ageng Idzul adha (tanggal 10

wulan Besar) lan dinten ageng maulid Nabi (tanggal l2 wulan Rabiulawal =

Mulud).

Gelaring lampah ingkang katangguhaken kaliyan mulyakaken dinten

ageng wau, katindakaken kaping tiga ing dalem setaun, sampun nama nyekapi.

Dene ingkang kadamel ageng-agengan, katangguhna ing dinten maulid Nabi. Jer

punika nama pengetan ngluhuraken miyosipun = (maulid) Kangjeng Nabi

Muhammad s.a.w. panutaning agami.

Tumindaking pasamuwan mulyakaken dinten ageng wau larasipun kalayan

tata praja, antawis pitung dinten saderengipun tempuking damel, para abdidalem

Bupati pasisiran sanjawining nagari, sami katimbalan mara seba kanthi upacara

ngiras pantes ngaturaken bulu bekti wulu wedaling bumi wawengkonipun,

minangka sumungkemipun dhateng Ratu Kolifahipun. Salebetipun ngleremaken

sarira dumugi tempuking damel, para Bupati pasisiran saandhahanipun, sami

katata makayangan ing pasebanipun piyambak-piyambak satepining alun-alun.

Makaten punika ugi mengku wigatos agunging prabawa lan kawiryaning nagari.

52

Para abdidalem Pangulu saandhabanipun, sami kadhawuhan caos dzikiran

ing masjid ageng kaliyan suka sesuluh bab agami dhateng tetiyang kathah.

Sanginggiling wiwara masjid, sineratan lafal-lafal daliling kitab suci al- Quran.

Panindak punika, mengku kajeng, bilih tetiyang ingkang mlebet medal ing

wiwara, sampun sami kaprabawan (kungkulan) kumaraning agami Islam. Ing

plataraning masjid, cinawisan sidkah (sedhekah) ambengan sekul ulam

pepanganan tuwin arta ingkang winangun sesajinipun tetiyang agami Buda sami

sesaji dhateng para panutanipun. Nunggil wanci kaliyan pasebanipun para

abdidalem pasisiran wau. sinarengan ungeling gangsa ageng ingkang tinabuh ing

bangsal Sripenganti. Ing wanci bakda Isya, gangsa ageng kalih rancak, kausung

dhateng masjid ageng nglangkungi alun-alun, samargi-margi tansah tinabuh.

Wonten ing plataran masjid ageng, gangsa ageng kalih rancak wau, kaprenahaken

ing bangsal kiwa tengening wiwara, salajengipun tansah katabuh gegiliran siang

dalu. Yensiang wiwit enjing dumugi wanci sholat luhur, yen dalu wiwit bakda

ngisa' dumugi bedbug dalu.

Saking suwaraning gangsa wau, tetiyang kathah ageng alit jaler estri

ingkang sami mireng, tamtu rebut dhucung sami andhatengi. Amargi kajawi

pancen remen dhateng laras wiramaning gangsa, ugi sami nginten: bilih punika

karameyan kangge ngluhuraken para dewa panutanipun. Sasampunipun

nyumerapi wujuding ambengan sedhekah ingkang kawangun sesaji wau, tetiyang

kathah tamtu sangsaya ageng kapitadosanipun. Ing ngriku lajeng dipun sulang-

sulangaken sarona sesorah bab sahadat barkah manfaatipun ngalindhung dhateng

agami Islam. Sabakdanipun dipun sesorahi, tetiyang kathah sami dipun dumi

53

sedhekah ingkang sampun dipun cawisaken. Nanging, saderengipun sedhekah

dipun bae waradin, ambengan kedah dipun dongani sarana donga Arab, tetiyang

kathah kapurih sami ngamini. Ingkang sami ngamini punika, suraosipun: sampun

sami ngakeni dhateng Allahu Ta’ala, para Malaekat, para Nabi tuwin para rasul.

Dene tetiyang tuwin lare-lare ingkang sampun kapilut manahipun dhateng

wewarahipun agami Islam, ing ngriku lajeng kapurih nglampahi sunat rukuning

agami saking ingkang gampil-gampil sah bakunipun kemawon rumiyin. Inggih

punika sarana ngucapaken kalimah syahadat tuwin kapagas ikutipun ingkang

damel mambeging sesuker toya sene.

Tetiyang ingkang sampun ngakeni: boten wonten Pangeran ingkang wajib

sinembah kalayan sejatining panembah (panembah ingkang kandhas ing batos)

saha ngakeni: bilih Kangjeng Nabi Muhammad s.a.w. punika rasulolah (utusaning

Allah) sarana ngucapaken kalimah syahadat = syahadataini = kalimah kalih

punika, menggahing kukumipun, inggih sampun tetep tiyang Islam). Makaten ing

salajengipun, saben dinten tansah dipun wonteni sedhekah tuwin sesorah. Dumugi

tempuking dinten ageng, sadaya para abdi dalem prajurit nyutra tamtama sarageni

sapanunggilanipun, sami kadhawuhan baris ing alun-alun sikep kapraboning

aprang minangka upacara. Ing alun-alun jinajaran bandera lelayu payung agung

sinelingan rontek umbul-umbul minangka pratondha sapangkonpangkoning

prajurit dalah manggalanipun.

Wiwit enjing, Sri Sultan Syah Ngalam Akbar ingkang minangka

Kolipahipun para ummat Islam, miyos tinangkil ing pasewakan mangagem

kaprabon Narendra, kaayab para biyada cethi, manggung ketanggung, jaka palara-

54

lara sami ngampil upacara kapraboning Nata sewaka. Minangka ajat dalem

Narendra ing dinten maulid Nabi, saking kadhaton dipun wonteni sedhekah

awujud tumpeng ageng-ageng ingkang karembat tetiyang kathah kabekta dhateng

masjid ageng. Agenging tumpeng sedhekah wau, sageda ngantos ketingal saking

katebiban.

Ngajengaken wanci sholat luhur, Sri Sultan tedhak dbateng masjid miyos

ing alun-alun, ginarebeg para biyada ingkang sami ngampil upacara. Dumugi

masjid ageng, Sri Sultan angimami sholat 1uhur, para abdidalem methakan sami

makmum. Sabakdaning sholat lubur, ajat dalem lajeng kinepang para kawula,

ingkang andongani abdi dalem Pengulu ageng. Wekasaning pasamuwan dinten

ageng maulid Nabi, dipun kurmati sarana ungeling kalantaka mawantu, binarung

tetabuhan slompret tambur gong beri tuwin ungeling gangsa ingkang barung lan

dreling sanjatanipun para prajurit sarageni. Sapurnanging drel kalantaka,

karameyan bibaran, para mara seba kalilan wangsul sowang-sowang. Karameyan

hariyadi ingkang katindakaken dados upacaraning praja makaten wau, tumrap

nagari Bintara ingkang dados pepucukipun kerajaan Islam dumunung ing

telunging tanah kabudan, badhe mengku prabawa pinten-pinten ingkang ageng

sanget manfaatipun.

Kadosta: Ingkang baku, perlu kangge milut manahipun para kawula

supados ngrasuk agami Islam. Makaten punika tamtu anjalari setya-

sumungkemipun dhateng Ratu Kolifahipun, salajengipun ugi anjalari tata

raharjaning praja. Saking sakedhik saged ambrastha kamosrikanipun tetiyang

kathah. Tindak makaten punika, nama wajid ing atasipun tetiyang Islam (Amar

55

ma'ruf, nahi mungkar = Ajak-ajak ing kabecikan, nyegah panggawe luput).

Nyupeketaken para abdidalem Bupati pasisiran saandbabanipun. Anggegala para

prajurit supados tansah sayaga ing damel prayitna ing kewuh. Wajib ing atasipun

praja Islam, kedah suka sedhekah dhateng para kawulanipun. Wajib ing atasipun

nagari Islam kedhah mulyakaken dinten ageng agaminipun. Sadaya wau tamtu

badhe mahanani kuncaraning praja anggenipun ngayomi para nara praja

sakawulanipun.

Wondene sesuluh ingkang katandukaken dhateng para ummat ingkang

sampun ngambah tarekating agami, lajenging panggayuh dhateng hakekat ngantos

makrifat, panetahipun amung cekap sarana pralambang tuwin pralampita

kemawon. Jer prakawis hakekat makrifating agami, pancen boten saged

tinedahaken kanthi makna ing sesami. Dumuginipun ngambah hakekat tuwin

makrifat, namung kedah saking pambudinipun piyambak sarana pitedah ngambah

margi ingkang leres (tarek = tarekat). Para Rusul (utusan) wenangipun namung

nedahaken margining pangudi ingkang leres (tarek) saba ngamping-ampingi

lampah.

Kasebuting serat Titiasri sekar macapat karanganipun R.P. Jajengwirata

cithakan taun 1925, sareng tetiyang kathah sami mireng suwaraning gangsa

ngrangin ngumandhang, sepuh-anem jaler-estri ageng alit lajeng sami byuk-

byukan murugi prenahing karameyan. Ing ngriku lajeng dipun sesorahi bab agami

Islam. Sakendeling sesorah, para mukmin lajeng andongani ambengan sedhekah

ingkang sampun kacawisaken. Tetiyang kathah kapurih ngamini. Sarampunging

56

donga, ambengan tetedhah lajeng kaedum ing akathah. Satirahing katedha ing

ngriku, sedhekahan wau sami kabekta mantuk kangge angsal-angsal brayatipun.

Tirahan tetedhan ingkang sami kabekta mantuk punika, saking

wewarahipun para mukmin, sami kaanggepa: barkahipun para Nabi Wali,

Nanging kelanturing tembung lajeng dados: brekat. Tetiyang kathah ingkang

sampun tumelung manahipun dhateng wewarah Islam lajeng sami dipun tuntuni

ngucapaken kalimat syahadat = Syahadataini. Inggih makaten punika

bebukanipun wonten karameyan syahadataini. Pikajengipun: karameyan ingkang

kangge nyahadataken tetiyang kathah. Kalanturipun lajeng dados karameyan

sekaten.

Kacariyos, saking dayaning gelar utami ingkang kawiyos saking

kawicaksananipun Kangjeng Sunan Kalijaga wau, kala samanten ugi lajeng

wonten pinten-pinten tetiyang jaler estri sepuh anem sami ngrasuk agami Islam,

sinangkan saking tuntunan ingkang gampil-gampil. Lare-lare jaler ugi boten

sekedhik ingkang purun nglampahi khitan. Makaten ugi lare-lare estri ugi kathah

ingkang sami purun nglampahi sunat. Kosok wangsulipun, para kawula ingkang

taksih puguh manahipun ngandhemi agami Siwah utawa Buda, inggih boten

kirang-kirang anggenipun nandukaken panjamah dhateng iguh gelaring nagari

ingkang makaten wau. Ing salajengipun, karameyan syahadataini ingkang

bebukanipun kados kasebut nginggil, lestantun katindakaken ngantos sapriki. Para

Panjenengan Nata Jawi ingkang minangka Kolifahipun para ummat Islam,

ngantos turun-tumurun saha pindhah-pindhah kadhatonipun, ugi tansah

nalurekaken. Makaten punika, lajeng kenging kagerba, bilih adeging paprentahan

ing Nuswa Jawi pancen adhadhasar agami Islam, Mila jejulukipun para Nata Jawi

57

ugi sinebut: Ngabdur Rachman Sayidin Panatagama, amargi: kajawi jumeneng

Nata masesani pusaraning nagari ugi jumeneng Kolifah. Awit saking punika,

sanadyan ing Nuswa Jawi samangke ugi sampun kathah kitha-kitha ingkang

ageng lan rame, punapa dene dumadosipun karameyan syahadatain sapriki

sampun mahatus-atus taun, ewa dene, ingkang wonten karameyan syahadatain

punika, meksa namung tetep ing telenging kerajaan Jawi (Surakarta lan

Ngayogyakarta). Amargi, kitha utawi nagari ingkang kayumenengan Kolifah, ugi

namung ing Surakarta lan Ngayogyakarta.

Hambok bilih menawi dipun andharaken, taksih kathah sanget ingkang

perlu dipun uningani. Pramila cekap semanten rumiyin. Sanes wekdal saged

kasambet malih. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

K. Sumebaring Kalimat Sahadat

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng sagunging para sarjana winasis ingkang sampun pana

ing piwulanging agami. Ing kalodhangan punika kawula badhe matur bab

sumebaring kalimat syahadat ing tanah Jawi.

Sumebaring kalimat sahadat dados pralambang ing salebeting upacara

sekatenan. Wontenipun karameyan syahadatain punika, sapriki sampun kawan

atusan taun. Sakawit, bakunipun ingkang wigatos, amung tetep gelar utawi

kangge margi ngislamaken, tetiyang kathbah, katangguhaken dinten ageng maulid

Nabi panutan. Ewa dene dumugi sapriki, kajawi dados karameyaning praja,

gandhengipun kalayan perlu-perluning agami wau, inggih meksa taksih tetep

58

awujud gelar utami kemawon. Malah saben-saben meksa taksih katingal tabet-

tabetipun nalika gelar ingkang wiwitan. Kadosta: Saben karameyan syahadatain

meksa taksih wonten tetiyang ingkang merlokaken kekutug tuwin sesaji sekar ing

sacelaking gangsa ageng ingkang kangge ngramekaken syahadatain kados

sacaranipun tetiyang agami Dewa utawi Buda. Malah ugi boten kirang-kirang

ingkang sami mastani, bilih ingkang nama sekaten punika inggih gangsa ageng

laras pelog paraboting karameyan wau. Perlu-perlu ingkang baku wau, saya dangu

malah saya kesilep dening gelar. Sagolonganing ummat Islam ingkang mulat ing

gati, tur kadhang lajeng sami nindakaken sesorah wewarahing agami, nanging

katingalipun malah boten gandheng babar pisan kalayan jejering karameyan praja

wau. Kamajenganing kathah dhateng karameyan wau, ingkang dhawah madya

lajeng mujudaken pekening padagangan saha kebaring kagunan lan kabudayan

warni-warni. Nanging ingkang akathah-kathah malah lajeng wujud tetingalan

ingkang cengkah kalayan saraking agami. Kadosta: lotren, ngabotohan, sulapan.

Bab zakat saha sedhekah, tumularipun dhateng akathah ugi saya mleset

saking sedya sakawit. Zakat sedhekah ingkang bakunipun dipun tandukaken

dhateng para fakir miskin nama wajib ing atasipun tiyang Islam, nanging

kalanturipun ingkang sami nulad lampah, malah lajeng kangge nadaran utawi

kaulan ingkang taksih gandheng kalayan tatacara kabudan. Tumrap ing

pakampungan saha padhusunan, sedhekahan punika ugi winastan: wilujengan

ingkang ujubipun tumuju dhateng dhanyang prayangan ingkang rumeksa lemah

sangar kayu aeng, ngepleki kados satataning tetiyang agami Dewa utawi Buda.

Ingkang tetep kados gelar sekawit, namung wekasaning ujub utawi kepyakan

59

ingkang lajeng dipun dongani cara Arab. Tembung wajib ingkang pikajengipun:

kedah dipun lampahi sarana sedhekah lan zakat wau, kalanturing panulad, wajib

dipun wujudi arta kangge ngepahi kaum ingkang andongani.

Pakurmatan ungeling bedhil abebrondongan barung lan ungeling gangsa

saha slompret tambur gong beri ingkang bebukanipun kangge ngurmati dinten

ageng maulid Nabi nyarengi ngislamaken tetiyang kathah, salajengipun tinulad

para kawula dumugi sapriki ugi taksih tumindak. Ing pakampungan tuwin

padhusunan, saben wonten tiyang gadhah damel nyupitaken anakipun, ingkang

sami kasembadan, adhakanipun ugi mawi karameyan sarana ungeling gangsa saba

ambrondong mrecon. Tular-tumularing panulad wau malah lajeng dados tatacara.

Perlu-perlu ingkang baku kados isining usulipun Kangjeng Sunan Kalijaga

kasebut ngajeng, malah sampun kesilep babar pisan.

Dene ingkang kathah-kathah, pasamuwan wau ugi dipun ramekaken

sarana tetingalan wayang purwa. Mekaten kala wau babaran bab sumebaring

kalimat syahadat ing salebeting upacara sekatenan. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

L. Wejangan Wirid Hidayat Jati

Assalamu’alaikum wr. wb.

Keparenga kawula matur ing ngarsanipun para lenggah ingkang satuhu

luhur ing budi. Andharan ing kalodhangan punika badhe ngrembak wejangan

Wirid Hidayat Jati. Serat Wirid Hidayat Jati ingkang kaserat ing ngandhap punika

ugi yasanipun pujangga Ronggowarsito. Miturut pratelanipun Sang Pujangga,

60

Serat menika warisanipun para Wali ing Tanah Jawi. Pramila cocok sanget

kangge waosan luhur. Ing pangajap sageda mangertosi babagan ngelmu

kasampurnan lan sangkan paraning dumadi.

Punika warahing Hidayah Jati, ingkang nedahaken dunungipun

pangkating ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradat, wewejanganipun

para wali ing Tanah Jawa. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta,

sami karsa ambuka wewiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing

ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak.

Wiyosipun inggih igu asal saking dalil, kadis, ijmak tuwin kiyas kados

ingkang sampun kasebut wonten salebeting wiradat. Jangkeping ing murad

maksuding wirid sadaya. Menggah papangkatanipun satunggal-tunggal

kapratelakaken ing ngandhap punika. Ingkang rumiyin : saangkatan kala jaman

awalipun nagari ing Demak, para wali ingkang karsa amejang namung wewolu:

Kanjeng Susuhunan ing Giri Kedhaton: wewejanganipun wisikan ananging Dat.

Kanjeng Susuhunan ing Tandhes: wewejanganipun wedharan wahananging Dat.

Kanjeng Susuhunan ing Majagung: wewejanganipun gelaran kahaning Dat.

Kanjeng Susuhunan ing Benang: wewejanganipun pembukaning tata malige ing

dalem Betalmakmur. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada: wewejanganipun

pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram. Kanjeng Susuhunan ing

Kalinyamat; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.

Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati: wewejanganipun panetep santosoning iman.

Kanjeng Susuhunan ing Kajenar: wewejanganipun sasahidan.

61

Ingkang kaping kalih : Ing saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari

ing Demak dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih namung

wolu : Kanjeng Susuhunan ing Giri Prapen: wewejanganipun wisikan ananging

Dat. Kanjeng Susuhunan ing Darajat: wewejanganipun wedharan wahananging

Dat. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin: wewejanganipun gelar kahananging Dat.

Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga: wewejanganipun pambukaning tata malige ing

dalem Betalmakmur. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat: kalilan dening Kanjeng

Susuhunan ing Kalijaga amiridaken wewejanganipun pambukaning tata malige

ing Betalmakmur. Kanjeng Susuhunan ing Padusan: wewejanganipun

pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas. Kanjeng Susuhunan ing

Kudus: wewejanganipun panetep santosaning iman. Kanjeng Susuhunan ing

Geseng: wewejanganipun sasahidan.

Dene wewejangan ingkang sampun kasebat ing ingnggil punika

suraosipun inggih nunggil kamawon, amargi sami wewiridan saking

pamejangipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta, sadaya. Sareng dumugining

jaman nagari ing Matawis, panjenenganipun Nata Ingkang Kanjeng Sultan Agung

Prabu Anyakrakusuma, wewejanganipun wolung pangkat wau karsa kaimpun

dalan saprabotipun pisan supados mutamdha ing suraosipun sadaya. Punika lajeng

kababaraken dados wewejangan satunggal kemawon, sasampunipun mupakat

kalihan kawruhing para ahli ngelmi, karsa dalem matah ingkang kalilan

amridaken wewejangan makaten wau ing ngandhap punika : Panembahan

Purubaya, Panembahan Juminah, Panembahan Ratu Pekik, Panembahan

Jurukiting, Pangeran ing Kadilangu, Pangeran Kudus, Pangeran Kajoran,

Pangeran Tembayat lan Pangeran Wonggo.

62

Menggah wewejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau

wiyosing sami, asal saking nenukilan bangsaning kitab tasawup sadaya. Urutipun

satunggal-satunggal asasandhan daliling ngelmi minangka pitedahan anggenipun

mratelakaken pangandikaning Pangeran Kang Mahasuci dhateng Kanjeng Nabi

Musa kalamullah, manawi manungsa punika minangka kanyataning Dat Kang

sifat Esa. Makaten wau ingkang kawedharaken dados witing ngelmi makripat,

dados wewiridaning para Nata, para wali kala ing kina, lajeng dipun kiyas dhateng

para pandhita dados bebukaning wewejanganipun piyambak-piyambak.

Sareng kaimpun dados satunggal saking karsa dalem ingkang Kanjeng

Sultan Agung ing Matawis punika mupakatipun suraosing ngelmi makripat

ingkang kawejangaken sadaya. Wekasanipun ing ngalami-lami wewejangan wau

punika wijang malih kados sanes-sanes suraosing pangawikan, margi saking

kathahipun para wicaksana ingkang dados guru sami ambabaraken wewiridanipun

piyambak-piyambak. Wonten ingkang miridaken praboting ngelmi makripat

kamawon, malah terkadang wonten ingkang amedharaken patrapipun ngelmi telek

kaliyan ngelmi patah sapanunggilipun ingkang bangsa ngelmi sesorongan sadaya.

Mila samangke dipunparsudi dhateng Kyageng Muhammad Sirullah ing

Kedhungkol, inggih punika sakiduling Kedungpanganten, mawi ketengeran ing

taun punika : Rongsogoto Wargo Sinuta, salebeting Alip, 1779 kadhawahan ilham

linilan dening Pangeran Kang Maha Suci anata urut-urutaning ngelmi makripat,

serat andunungaken ing murad maksudipun pisan anurut wewejangan wolung

pangkat kakumpulaken dados satunggal, kados ing ngandhap punika.

Wisikan Ananging Dat. Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananging Dat, awit dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut

63

ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing Kitab Hidayat Haqaiq, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun : Sejatine ora ana apa-apa: awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji: kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun: sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun.

Wedharan Wahananging Dat. Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananging Dat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing Kitab Daqaiqul Haq. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun : Sajatine ingsung Dat kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodrat-ingsun. Ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal-Ingsun kang minangka bebukaning Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahaken hayyu aran Sajaratul yakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatul Haya’i. Nuli nyawa aran roh Ilapi, nuli damar aran Kandhil. Nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab, iku kang minangka warananging Kalarat-Ingsun.

Gelaran Kahaning Dat. Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring dat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab Bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alif, Kitab Madinil Asror, Kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawuf sadaya.

Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng

Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makaten

jarwanipun: Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning

manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2.

Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono

ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5.

Budi – iya iku minangka warananging wajahingsun Kang Maha Suci.

Wejangan punika dipun wastani: kayektening kahanan Kang Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anyenengaken maligening dat minangka Betullah wonthen ing sarahipun

64

manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektining kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun:

Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah

enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning

sirahiku dimak, yaiku utek: kang ana antraning utek iku manik: sajroning manik

iku budi: sajroning budi iku napsu: sajroning napsu iku suksma: sajroning suksma

iku rahsa: sajroning rahsa iku Ingsun: ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang

nglimputi ing kahanan jati. Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan

Kang Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem

Betalmukaram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iradating Pangeran

kang Maha suci, enggenipun karsa anyenengaken maligening Dat, minangka

Baitullah wonten ing dhadhaning manungsa.

Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan

satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating dat kang Maha Mulya lenggah boten

kenging ewah ginsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngemi

ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan

Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng

Nabi Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa

makaten jarwanipun :

Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmukaram, iku omah

enggoning Lalaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam. Kang ana ing

65

sajroning dhadha iuk ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning

jantung iku budi, sajroning budi iku jimen, yaiku angen-angen, sajroning angen-

angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora

ana Pangeran, anging Ingsun Dat kang anglimputi ing kahanan jati.

Wejangan punika dipun wastani: kayektening kahanan Kang Maha Suci,

inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas, awit dening

pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha Suci anngenipun

karsa anyenengaken maligening Dat, minangka Betulah katata wonten ing

kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening

kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya,

lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem

daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing

Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci

dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem

rahsa makaten jarwanipun :

Sajatine Ingsun nata malige sajroning Betulmukadas, iku omah enggoning

Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana sajroning konthol

iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutpah, yaiku mani sajroning

mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning

manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun

Dat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun

dadi johar awal, ing kono wahananging alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam

arwah, alam misal, alam ajesam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna

yaiku sajatining sipat Ingsun.

66

Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka

sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing

pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi,

manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati.

Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis

makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken

kakekating tokid. Ingkang terus dhateng iktikad, pepiridan saking cipto

sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken

dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :

Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.

Menggah dunungipun makaten : Ingkang dipun wastani Pangeran meniko

dating gesang kita pribadi. Sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi

sadaya. Tegesipun asya: sawiji-wiji, tegesipun napi: boten wonten. Mila kasebut

boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung dating gesang kita pribadi.

Tegesing isbat : tetep. Dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut

Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpawewangenan

amung kaot lair batin kemawon. Ingkang dipun wastani Muhammad punika

sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran

rahsaning dat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing

dalil salebeting Kur’an makaten jarwanipun : sayekti temen-temen teka ing sira

kabeh, utusaning Dat metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing

utusan iku anembadani barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih

pangapuraning Pangeran.

67

Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang

Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi

wahananging nugraha, kahananging kanugrahan. Nugraha punika dating Gustio,

kanugrhan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenan dumunung wonten

ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab

Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning

Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah minangka

warangka, Muhammad minangka sabet : ing tembe wewangsulan. Wisiyating

guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kaprayogekaken

sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing

dados puytra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang dados

saesthining galihipun.

Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep

santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan

makaten jarwanipun. Ingsun anekseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun,

lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat

Ingsun.

Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun

kinen asahida dhateng wahananging sanak kita. Inggih punika ananging dumadi

ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta : bumi, langit, wulan, lintang,

latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita

mangkesampun purun angakeni Jumeneng Dating Gusti Kang Maha Suci, dados

sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita,

68

anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab

Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados

panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking

cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken

dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun :

Ingsun anekseni ing Dat Ingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran, anging

Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun, iya sajatine

kang aran Allah iku badan Ingsun Rasul iku rahsaningsun, Muhammad iku

rahsaningsun, iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan

kena ing lali. Iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji, iya

Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana, ora kekurangan ing

pangerti, byar sampurna padang tarawangan, ora krasa apa-apa, ora ana katon

apa-apa, amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodrat ingsun.

Menggah dunungipun makaten : Ingkang dipun wastani Pangeran punika

Dating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating

cahya kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “La illaha ilalah,

Muhammadar Rasulullah“ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi

Muhammad punika utusaning Allah punika apngaling Rasul, dumunung ing badan

kita. Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad

tuwin sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika,

Dating Pangeran Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al

Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang

saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika.

Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipunbasakaken:

69

kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten alam ing sahir

kita gesang, wonten ing alam kabir inggih gesang.

Serta boten kasupen ing Dat kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat

kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita kang wisesa, boten krkirangan ing

apngal kita kang sampurna, dados pepuntoning tokid ingkang ambontos dhateng

iktikad. Sampurnanging gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa

katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam

sadaya: sampun uwas sumelang.

Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken

sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran,

kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning

Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampun kalampahan asring kadhawahan

ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananging wasiyating guru ingkang

sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados punapa, sebab

sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung

napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking adat kadunungan manah awas

tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan

paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing

ngandhap punika : Taberi suci temen: mangka pambirating durgandana ing tembe,

tegesipun: ganda awon. Angengirangi dhahar nginum, mangka paluluhaning raga

ing tembe. Angawisi sare shawat, mangka pangluyutaning jiwa ing tembe.

Anyenyuda napsu wuwus, mangka panglenyepaning rahsa ing tembe.

70

Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe

lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang

sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung

anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan

makaten inggih wallahu alam katarimahipun.

Cuplikan Serat Wirid Hidayat Jati ing nginggil punika dados

gegebenganipun para ahli kebatinan ing tanah Jawi. Pramila prayogi sanget

menawi dipun agem bawa raos. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

71

KAPUSTAKAN Bratadiningrat, 1990, Asalsilah Warni-Warni, Surakarta.

Bratakesawa, 1952. Katrangan Candra Sangkala. Jakarta: Balai Pustaka.

Jayasubrata, 1917. Babad Tanah Jawi. Semarang: Van Dorp & Co.

Kamajaya, 1980. Pujangga Ranggawarsita. Yogya: Departemen Pendidikan dan

Kebudayaan.

________, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini

________, 1992. Karangan Pilihan KGPAA. Mangkunegara IV. Yogyakarta:

Yayasan Centhini.

Padmosoekotjo, 1960. Memetri Basa Jawa. Surabaya: Jayabaya.

____________, 1995. Silsilah Wayang Purwa mawa Carita. Surabaya: Citra Jaya

Murti.

Padmawarsita, 1953. Silsilah Kraton Surakarta. Semarang: Pelajar.

Paku Buwana IV, 1925. Serat Wulangreh. Kediri: Tresna.

Poerbatjaraka, 1964. Kapustakan Jawi, Jakarta : Djambatan.

Poerwadarminta, 1939. Bausastra Jawa, Groningen, Batavia: JB Wolter’s

Uitgevers’ Maatschappij NV.

Ranggawarsita, 1993. Serat Pustakaraja Purwa. Yogyakarta: Yayasan Centhini.

Siswoharsoyo. 1952. Serat Dewaruci. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

___________. 1953. Serat Bimapaksa. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

___________. 1957. Serat Guna Cara Agama. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

Yasadipura I, 1912. Serat Rama. Jakarta: Balai Pustaka.

72

LAMPIRAN 1

SILABUS

SILABUS

MATA KULIAH : EKSPRESI LISAN I SIL/FBS-PBD/234 Revisi : 00 10 November 2011 Hal

1. Fakultas / Program Studi : FBS / Pendidikan Bahasa Jawa 2. Mata Kuliah & Kode : Kode : PBD 234 3. Jumlah SKS : Teori : - SKS Praktik : 2 SKS

: Sem : Ganjil (l) Waktu : 16 pertemuan 4. Mata kuliah Prasyarat & Kode : ....................................... 5. Dosen : Dr. Purwadi I. DESKRIPSI MATA KULIAH

Mahasiswa memiliki pengetahuan dan ketrampilan tentang teknik-teknik berpidato, membuat naskah pidato, dan berpidato dalam berbagai keperluan. Materi meliputi: Pranatacara (pembawa acara) dan pamedharsabda (orator) dalam berbagai keperluan. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, presentasi, dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, presentasi dan tes akhir semester.

II. STANDARISASI KOMPETENSI MATA KULIAH

Mahasiswa diharapkan memiliki pengetahuan dan ketrampilan secara memadai tentang teknik-teknik berpidato, membuat naskah pidato, dan berpidato dalam berbagai keperluan. Materi yang diajarkan meliputi: Pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai keperluan. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, presentasi, dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, presentasi dan tes akhir semester. Dengan demikian proses belajar mengajar ini memberi bekal teoritis dan praktis kepada mahasiswa.

III. POKOK BAHASAN DAN RINCIAN POKOK BAHASAN

Minggu ke Pokok Bahasan Rincian Pokok Bahasan Waktu I Pengetahuan

tentang pranatacara atau pembawa acara

Mengetahui dan memahami seluk beluk pranatacara atau pembawa acara

100’

II Latihan menulis naskah pranatacara

Praktek menulis naskah pranatacara 200’

73

III Latihan menjadi pranatacara

Praktek menjadi pranatacara 200’

IV Latihan menulis naskah pamedharsabda

Praktek menulis naskah pamedharsabda

200’

V Latihan menjadi pamedharsabda

Praktek Praktek menjadi pamedharsabda.

200’

VI Latihan menulis naskah pidato bahasa Jawa

Praktek menulis naskah pidato bahasa Jawa.

300’

VII Latihan pidato Bahasa Jawa

Praktek pidato Bahasa Jawa. 300’

VIII Ujian akhir 100’

IV. REFERENSI/ SUMBER BAHAN A. Wajib: Bratadiningrat, 1990, Asalsilah Warni-Warni, Surakarta. Bratakesawa, 1952. Katrangan Candra Sangkala. Jakarta: Balai Pustaka.

Jayasubrata, 1917. Babad Tanah Jawi. Semarang: Van Dorp & Co. Kamajaya, 1980. Pujangga Ranggawarsita. Yogya: Departemen Pendidikan dan

Kebudayaan. ________, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini

________, 1992. Karangan Pilihan KGPAA. Mangkunegara IV. Yogyakarta: Yayasan Centhini.

B. Anjuran : Padmosoekotjo, 1960. Memetri Basa Jawa. Surabaya: Jayabaya.

____________, 1995. Silsilah Wayang Purwa mawa Carita. Surabaya: Citra Jaya Murti.

Padmawarsita, 1953. Silsilah Kraton Surakarta. Semarang: Pelajar. Paku Buwana IV, 1925. Serat Wulangreh. Kediri: Tresna.

Poerbatjaraka, 1964. Kapustakan Jawi, Jakarta : Djambatan. Poerwadarminta, 1939. Bausastra Jawa, Groningen, Batavia : JB Wolter’s

Uitgevers’ Maatschappij NV. Ranggawarsita, 1993. Serat Pustakaraja Purwa. Yogyakarta: Yayasan Centhini.

Siswoharsoyo. 1952. Serat Dewaruci. Yogyakarta: Percetakan Persatuan. ___________. 1953. Serat Bimapaksa. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

74

___________. 1957. Serat Guna Cara Agama. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

Yasadipura I, 1912. Serat Rama. Jakarta: Balai Pustaka.

V. EVALUASI

No Komponen Evaluasi Bobot (%) - Teknik yang dipakai dalam evaluasi berupa ujian

tulis. Nilai akhir diperoleh dari perhitungan

sebagai berikut.

NA = T + S + 2A 4

100 %

Jumlah 100%

Yogyakarta, 10 November 2011

Dosen

Dr. Purwadi

75

LAMPIRAN 2.

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

MATA KULIAH : EKSPRESI LISAN I

RPP/FBS-PBD/234 Revisi : 00 10 November 2011 Hal. 1. Fakultas / Program Studi : FBS / Pendidikan Bahasa Jawa 2. Mata Kuliah & Kode : Ekspresi lisan I Kode : PBD 249 3. Jumlah SKS : Teori : - SKS Praktik : 2 SKS : Sem : Gasal ( ) Waktu : 16 pertemuan 4. Standar Kompetensi : Mahasiswa diharapkan memiliki pengetahuan

dan ketrampilan tentang teknik-teknik berpidato, membuat naskah pidato, dan berpidato dalam berbagai keperluan. Materi meliputi: Pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai keperluan. Kegiatan perkuliahan: tatap muka, praktik, presentasi, dan tugas. Evaluasi: tes tengah semester, tugas dan praktik, presentasi dan ujian.

5. Kompetensi Dasar : Mahasiswa memiliki pengetahuan dan

ketrampilan secara memadai tentang teknik-teknik berpidato, membuat naskah pidato, dan berpidato dalam berbagai keperluan. Materi yang diajarkan meliputi: Pranatacara dan pamedharsabda dalam berbagai keperluan.

6. Indikator Ketercapaian : Setelah mengikuti program perkuliahan ini

mahasiswa mampu berpidato bahasa Jawa, membuat naskah pidato, dan berpidato dalam berbagai keperluan.

7. Materi Pokok/Penggalan Materi : buku tulis dan alat peraga 8. Kegiatan Perkuliahan :

Tatap Muka Komponen Langkah

Uraian Kegiatan Estimasi Waktu

Metode Media Sumber Bahan/

Referensi PENDAHULUAN Memberi deskripsi tentang

naskah pranatacara, pamedhar sabda dan pidato bahasa Jawa

1 x tatap muka atau 100 menit

Ceramah, demonstrasi

Proyektor

A dan B

76

LATIHAN MEMBUAT KONSEP PRANATACARA

Praktek menulis naskah pranatacara

4 pertemuan x 100 menit

Teori dan praktek menulis naskah

Proyektor

A dan B

LATIHAN MENJADI PRANATACARA

Praktek menjadi pranatacara 4 pertemuan x 100 menit

Teori dan praktek pranatacara

Proyektor

A dan B

MEMBUAT KONSEP & LATIHAN PAMEDHAR SABDA & PIDATO BAHASA JAWA

Menulis naskah & praktek menjadi pamedhar sabda & pidato bahasa Jawa

4 pertemuan x 100 menit

Teori dan praktek pamedhar sabda & pidato bahasa Jawa

Proyektor

A dan B

PEMANTAPAN LATIHAN

Memberi pemantapan dengan cara latihan di depan kelas

1 x tatap muka atau 100 menit

Demonstrasi di depan kelas

Proyektor

A dan B

TANYA JAWAB AKHIR PERKULIAHAN

Memberi kesempatan kepada peserta kuliah untuk menanyakan seluk-beluk bahan perkuliahan ekspresi lisan

1 x tatap muka atau 100 menit

Ceramah, demonstrasi dan diskusi

Proyektor

A dan B

DAFTAR PUSTAKA Bratadiningrat, 1990, Asalsilah Warni-Warni, Surakarta.

Bratakesawa, 1952. Katrangan Candra Sangkala. Jakarta: Balai Pustaka. Jayasubrata, 1917. Babad Tanah Jawi. Semarang: Van Dorp & Co.

Kamajaya, 1980. Pujangga Ranggawarsita. Yogya: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

________, 1992. Serat Centini Latin. Yogyakarta: Yayasan Centini ________, 1992. Karangan Pilihan KGPAA. Mangkunegara IV. Yogyakarta:

Yayasan Centhini. Padmosoekotjo, 1960. Memetri Basa Jawa. Surabaya: Jayabaya.

____________, 1995. Silsilah Wayang Purwa mawa Carita. Surabaya: Citra Jaya Murti.

Padmawarsita, 1953. Silsilah Kraton Surakarta. Semarang: Pelajar.

Paku Buwana IV, 1925. Serat Wulangreh. Kediri: Tresna. Poerbatjaraka, 1964. Kapustakan Jawi, Jakarta : Djambatan.

Poerwadarminta, 1939. Bausastra Jawa, Groningen, Batavia : JB Wolter’s Uitgevers’ Maatschappij NV.

77

Ranggawarsita, 1993. Serat Pustakaraja Purwa. Yogyakarta: Yayasan Centhini.

Siswoharsoyo. 1952. Serat Dewaruci. Yogyakarta: Percetakan Persatuan. ___________. 1953. Serat Bimapaksa. Yogyakarta: Percetakan Persatuan.

___________. 1957. Serat Guna Cara Agama. Yogyakarta: Percetakan Persatuan. Yasadipura I, 1912. Serat Rama. Jakarta: Balai Pustaka.

Yogyakarta, 10 November 2011

Dosen

Dr. Purwadi

78

PANGRIPTA

DR. PURWADI, M.HUM miyos ing tlatah Grogol, Mojorembun,

Rejoso, Nganjuk, Jawa Timur rikala tanggal 16 September 1971. Paripurna saking

Sekolah Dasar ngantos dumugi SMA ing Nganjuk, tumuli nglajengaken kuliah

ing Fakultas Sastra UGM (1990-1995), Program Pasca Sarjana UGM (1996-

1998), Program Doktor UGM (1999-2001).

Ing sakmangke kajibah makarya minangka Dosen Jurusan Pendidikan

Bahasa Jawa Fakultas Bahasa lan Seni Universitas Negeri Yogyakarta. Gegriya

ing Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta, Telp 0274-881020 HP 0815 788

65170. Email: [email protected].