Post on 07-Feb-2016
BRAYAT: GRÉJA
INGKANG ALIT WUJUDIPUN
SAHA
NDHATENGAKEN PANGAJENG-AJENG TUMRAP JAGAD
PASAMUWAN MAKEMPAL
Wekdal ening Pamaosing Warta Gréja Timbalan Ngibadah [pasamuwan jumeneng]Prdt : Kawula ngunggung Paduka, dhuh Allah.Psw : sadangunipun napasing gesang/ taksih ngisèni
wadag kawula, / kawula badhé tansah memuji Paduka.
Prdt : Paduka titahaken jagad saisinipun saha
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
104
WULAN BRAYAT
Minggu IV, 26 Oktober 2014
Katrangan:Prdt : PradataPmp : PemimpinPsw : PasamuwanLtgs : LiturgosLkt : Lèktor
Pangibadah punika mbetahaken kertas kosonglan bolpèn, angkahipun kanggé nyerat tékadipun brayat
samukawis sadaya.Psw : Paduka kuwaos mulihaken tatu kawula / saha
mulihaken rengkaning jagad / ingkang sarwa campur bawur.
Prdt : Paduka ingkang ngrubuhaken baluwartining gumunggung saha sikep boten preduli.
Psw : Paduka nangsuli kawula kanthi raketing patunggilan minangka brayat.
Prdt : Pambudi Paduka wiyaripun nglangkungi wiyaring samudra.
Psw : Pinujia Paduka, / langgeng ing salaminipun.
Kidung Pambuka
KPK 31:1,2 “PINUJIA ALLAH”Sesarengan : Pinujia tansah Allah Mamirah
kang gung tresnanira mring salir titah, tyang dosa duraka sinung apura tinebus sing pati temah basuki, luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta luhurna, mulyakna Pangruwating dosa,pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja.
-interlude-Psw priya : Pinuji slaminya Allah Matresna,
kang ngegungken sabar mring tyang kang mblasar,
Psw wanita : nuntun mring pitobat srana sih-rahmat, mrih tyang mursid yekti sinung Roh Suci,
Psw priya : luhurna mulyakna Psw wanita : Gusti Sang Pamarta
luhurna mulyakna Psw priya : Pangruwating dosa,Sesarengan : pasrah maring Allah srana pracaya
margining waluya tentrem raharja.
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
105
Votum lan Salam Pmp : Pangibadah punika katindakaken wonten ing
asmanipun Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci!
Psw : (aklamasi) Amin, Amin, Amin! Pmp : Tentrem-rahayunipun Gusti Yésus Kristus
nunggila ing para sadhèrèk (kita) sadaya!Psw : Samangké dumugi salaminipun.
Pambuka [pasamuwan lenggah]Ltgs : Winengku ing kathah padamelan pakaryan, punika
titikanipun tiyang gesang jaman samangké. Sadaya tiyang sami mburu wekdal, kedah cepet. Sadaya prakawis karaos wigati sanget lan kedah nyata. Punika sababipun samangké kita dipun gangsaraken kaliyan piranti-piranti ingkang sarwa anyar lan ngéramaken. Sadaya prakawis kasebat ndhatengaken pangaribawa gegelitaning brayat jalaran kamajenganing jaman. Kawitanipun sadaya karaos gangsar, damel remen. Nanging asring boten dipun nglengganani sadaya piranti kasebat njalari péranganing brayat nggatosaken karemenanipun piyambak. Samidéné nyupèkaken bilih brayat punika patunggilan ingkang kedahipun rinengga ing raketing kekadangan utawi saged sinebat wujuding Gréja ingkang alit.
Asring kalampahan kawontenan brayat ingkang makaten punika karaos kothong utawi garing. Gesanging brayat boten wonten gregetipun malih kadya manggèn ing pasamunan. Asring kalampahan kawontenaning brayat kadosdéné baita ingkang katempuh ing prahara, kepara badhé kèrem. Sumangga kita sami wangsul
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
106
nunggil kaliyan Gusti. Panjenenganipun karsa rawuh lan nyidhem praharaning gesang ingkang nempuh brayat. Sami wangsula dhateng Gusti, ingkang dados underaning gesang kita. Pangandikanipun Gusti mratélakaken: “Ananging Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé” (Matéus 6:33).
Kidung Pamuji
KPK 9:1,2 “PAMUJI KONJUK ALLAH MAAGUNG”Sesarengan : Puji sokur lan panggunggung
konjuk mring Hyang Maagung,kang nitahken jagad raya wah langgeng kasetyannya,makluk wrata rinimatan krana sihing Pangéran, jagad tentrem lan raharja lamun manut pangrèhnya
-interlude-PNJ : Surya, candra lan pra lintang
samya nyunarken padhang, Psw wanita : peksi ngocèh mawurahan Psw priya : wah sato kéwan girang, Pmp : tetuwuhan ngumbar sekar PNJ : sarta asung woh-wohan, Sesarengan : sadaya sami memuja mring Allah Kang
Makwasa.
Pangaken Dosa[Bapak, Ibu, Anak tunggil brayat ingkang ngrawuhi pangibadah samidéné ngakeni kalepatanipun saha samidéné ndongakaken. Nalika sami ndedonga, organis ngungelaken kekidungan lirih. Menawi sampun kawawas
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
107
cekap, Pemimpin nutup reroncèning donga pangaken kasebat.]
Kidung Pangakening Dosa
KPK 50:1-4 “KULA KEDUWUNG”Sesarengan : Saèstu keduwung kula déné kirang setya,
dhinawuhan kinèn tresna dhateng Allah wah sami, nging tan ana bukti adhuh Gusti nyuwun suci.
-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Psw wanita : Saèstu keduwung kula dé gesang mung
nglaha,kèlu pangwasaning dosa mung nguja sengseming driya,lampah tan prayogi, adhuh Gusti nyuwun suci.
-interlude-Psw priya : Saèstu keduwung kula dé ndlarung ing
dosa,nadyan rinoban sih-rahmat nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati, adhuh Gusti nyuwun suci.
-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Sesarengan : Saèstu keduwung kula nglirwakken
kwajiban,mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi, adhuh Gusti nyuwun suci.
Pawartos Sih-rahmat [pasamuwan jumeneng]Pmp : “Ayo, kita padha prakaran! - mangkono
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
108
pangandikané Sang Yéhuwah - Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupané abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembèl” (Yésaya 1:18). Makaten sih-rahmatipun Gusti.
Psw : Puji sokur konjuk Allah.
(Pasamuwan sami tangkep astakinanthènan ngrepèkaken “Tentrem Rahayu”.)
KPK 345 “TENTREM RAHARJA”Sesarengan : Tentrem raharja sing Gusti kita,
tumrah mring kitatentrem raharja sing Gusti kita, tumrah mring kita.
Kidung Tanggapan
KPK 306:1,2 “NENINGKAHAN KANG BINERKAHAN GUSTI”
Sesarengan : Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan déning Gusti,dados brayat kang sinengker ing patunggilanipun Hyang Maha suci,
Psw priya : sembada ing prang rohani, Psw wanita : nglawan iblis julig yekti
tumemen ing pandonga, Psw priya : wah nggegilut sabdanya, Sesarengan : nggunggung sih-rahmaté Rama, Psw wanita : mersudi ing kamursidan Psw priya : miwah gesang masamuwan,Psw wanita : tan lali dados seksi Psw priya : wah lelados sesami, Sesarengan : mbabar sih-tresnaning Gusti.
-interlude-
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
109
Psw wanita : Neningkahan kang kinekahken lan binerkahan déning Gusti,
Psw priya : brayatira sami sinengker wit prasetyan tinandhan baptis suci,
Psw wanita : kanthi temen dènnya merdi Psw priya : srana nuntun nuladhani, Psw wanita : dimèn sregep ngabekti, Psw priya : ndedonga lan memuji, Sesarengan : tansah setya dugèng janji,Psw priya : kanthi tegen nggulawenthah Psw wanita : dimèn dadya putrèng Allah,
kinasihan ing Rama Psw priya : tinresnan ing sesama, Sesarengan : watek pradhah lembah manah.
PALADOSAN PANGANDIKA
Donga Èpiklèse [pasamuwan lenggah] Kapimpin déning Pemimpin.
Pamaosing Kitab SuciWaosan I
Lkt : Waosan kapisan kapethik saking Pangandharing Torèt 34:1-12 (sasampunipun maos) “Makaten pangandikani-pun Gusti.”
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.
Masmur TanggapanLkt : Sumangga kita nanggapi waosan kapisan
kanthi sesarengan maos Jabur Masmur 90:1-6, 13-17 sesautan (saged ugi dipun daras/ dipun repèkaken).
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
110
Waosan II Lkt : Waosan kalih kapethik saking seratipun
Rasul Paulus ingkang kapisan dhateng pasamuwan Tésalonika, bab 2 ayat 1-8 [1 Tesalonika 2:1-8]. (sasampunipun maos) “Makaten pangandikanipun Gusti.”
Psw : Puji sokur konjuk Gusti.
Waosan Injil Pmp: Waosan Injil kapethik saking Injiling Yésus
Kristus manut paseksining Matéus 22:34-46 (sasampunipun maos) “Makaten Injiling Yésus Kristus, ingkang rahayu inggih punika ingkang sami mirengaken pangandikanipun Gusti lan dipun gatosaken. Haléluya!”
Psw : (aklamasi) Haléluya, Haléluya, Haléluya!
Kotbah
Wekdal Ening
Pangaken Pitados [pasamuwan jumeneng]Prdt : Sesarengan pasamuwanipun Gusti ing salumahing
bumi, ing sadhéngah papan saha wekdal, kita pratélaken Sahadat kita kanthi ngidung sesarengan.
KAWULA PITADOS[Cakepan déning Uri Christian Sakti Labèti
manut Pangaken Pitados Rasuli,Notasi saking KPK-BMGJ 143]
Sesarengan : Mung pitados dhateng Allah ingkang Maha kawasa, kang nitahken langit bumi
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
111
wah langgeng kasetyanya,nggih pitados Yésus Kristus Putra Allah Sang Rama,kang wit rèhing Sang Roh Suci dadya tuhu Pamarta.
-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Sesarengan : Nggènnya karsa nandhang sisah
sangsara myang Golgota,tedhak maring palimengan mrih jalma samya rarja,séda wit jemala laknat*) pinenthang lir durjana,nging énggal wungunya mulya unggul sing pati baka.
-tanpa interlude/ karepèkaken pada salajengipun-Sesarengan : Pangéran ngratoni swarga
ing dhamparing Sang Rama,mengku pangwasa slaminya wit rèh Rohing Pamarta,samya nunggil pasamuwan nggih pra suci umatnya,sihnya sung apunten dosa mrih langgeng gesangira.
*) Jemala: gitik, gebug.
Donga Syafaat [pasamuwan lenggah]Kapimpin déning Pemimpin.
PISUNGSUNG
Pangatag PisungsungPrdt : ”Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang
tinemu, awit iku kang dikarsakaké déning Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yésus tumrap kowé” (II
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
112
Tésalonika 5:18).
KPK 183:1- PISUNGSUNG MRING KANG MALUHUR”Sesarengan : Gusti Kang Maluhur kula saos sokur,
sung pisungsung klayan bingah wit lubèring berkah,mugi dados marginira asma Paduka pinuja,karsanta binabar nyata kraton swarga rawuha,Amin, Amin, Amin.
-interlude-Sesarengan : Gusti Kang Maagung kula sung
pisungsung dados srananira gréja leladi makarya, mbabarken tresnaning Allah sumrambah mring tiyang kathah,temahan Gusti pinuji ing jagad lir ing swargi, Amin, Amin, Amin.
Donga Pisungsung [pasamuwan jumeneng]Kapimpin déning Pradata.
PANGUTUSANPratélan PangutusanPmp : Boten wonten prakawis ingkang mokal tumraping
Allah. Awit saking punika, sami sowana dhateng Gusti, nyuwun kasagedan saking Panjenenganipun.
Psw : Gusti mugi mitulungi kawula!Pmp : Para Sadhèrèk kula aturi sami gandhèngan
kaliyan garwanipun piyambak-piyambak. Dinten punika, mangga panjenengan pratélakaken tékad
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
113
panjenengan dhateng sisihan panjenengan.
Kaaturan wekdal sami mratélakaken tékadipun dhateng sisihanipun piyambak-piyambak. Pasamuwan ingkang rawuh piyambak utawi sampun boten tinengganan sisihan, saged mratélakaken tékadipun piyambak-piyambak.
Pmp : Boten wonten brayat ingkang boten nemahi prakawis pergumulan. Awit saking punika, minangka péranganing brayat, panjenengan kula aturi tetep gandhèngan. Dinten punika, samia mratélakna tékad panjenengan murih lestantun saha wetahing katresnan tumrap brayat panjenengan piyambak-piyambak.
Saben brayat mratélakaken tékad lajeng nyerat ing
kertas ingkang sampun kacawisaken. Kertas kasebat dipun simpen ing Kitab Suci kanggé matesi pamaosing Kitab Suci.
Kidung Pangutusan
KPK 300:1,2 “KARAHAYONING TYANG GEGRIYA”Sesarengan : Arahayu sagunging tyang gegriya
ingkang tansah rumaket mring Gusti,Psw wanita : mung Gusti dadya tuking basukinya
klayan bingah préntahnya pinundhi,Psw priya : séka kapti anilingken sabdanya,
angabekti Allah klayan éklas,Sesarengan : rinten ndalu angluhurken asmanya
myang sumuyud kalayan trusing tyas.-interlude-
Psw wanita : Arahayu sagunging tyang sémahan, Psw priya : ingkang nunggil tresnanya mring Gusti,
runtang runtung dènira sih-sinihan,
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
114
Psw wanita : klayan, saéka-praya lan budi, Psw priya : tansah migatosken sabdaning Allah, Psw wanita : sarta memuji ngluhurken Gusti, Sesarengan : mantep ing pitados kang trusing manah,
saha setya dumugi ing janji.
BerkahPmp : Sami mengkera saking papan pangibadah punika
kanthi manah ingkang kebak pangucap sokur. Tansah nyuwuna kakiyatan saking Gusti kanggé nyantosakaken brayat murih bagya-raharja. Sami déné mbagé daya gesang lan raketing pasedhèrèkan ing brayat panjenengan piyambak-piyambak makaten ugi ing bebrayan agung; awit saking punika nampènana berkahipun Gusti:“Mugi pangrimat ingkang pinangkanipun saking Gusti, tansah karaosaken déning brayat panjenengan (kita) sadaya. Mugi pitembungan ingkang ngener dhateng kasaénan tansah kawedal saking lésan panjenengan (kita) sadaya. Mugi bludaging raos sokur kababar ing pratingkah gesang padintenan panjenengan (kita) sadaya. Lan mugi mangsa ngajeng panjenengan (kita) sadaya prayogi linangkung awit sawab berkahing Gusti temahan tansah kaantu-antu kababar wonten ing brayat panjenengan (kita) sadaya. Amin!”
Psw : (aklamasi) Haléluya [5x] Amin [3x]!
[ASP]Kasan
LPP Sinode Wulan Brayat 2014
115