Download - Jujur lan temen agawe mulya

Transcript
Page 1: Jujur lan temen agawe mulya

Jujur lan Temen agawe Mulya

Srengenge durung katon madhangi swasana esuk kuwi. Esuk durung kenasoroting srengenge. Ing kaanan kang kaya mangkono mau bocah lanang tukang koransing jenenge Galih ngonthel sepedane.

Saben tabuh lima esuk, dheweke wis tekan agen koran. “Jupuk pira Galih?”Pitakonane Kang Kirun. “Biyasanipun kemawon Kang”, wangsulane Galih. Kang Kirunbanjur njupuk koran lan majalah sing wis dipontha-ponta banjur ditampakke Galihkanggo langganane. “Iki Galih, coba bagiyanmu iki dietung maneh yen manawa salahanggonku ngetung”, tembunge Kang Kirun karo nampakke gendhelan koran mringGalih. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.

Dheweke ngeterake koran ing omahe pelanggan-pelanggane. Mangkonopagawean Galih saben dinane, ngeterake koran marang para pelanggane. Kabeh kuwidilakoni kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab. Nalika Galih lagi ngonthelsepedane, dumadakan dheweke weruh bungkusan tas kresek ireng. Galih ndredhekbanjur mandheg, nyekel barang mau. Barang apa kuwi? Dheweke kuweden amargakelingan kabar neng tv lan koran akhir-akhir iki kerep kadadean teror bom neng endi-endi. Galih was-was lan kuwatir, aja-aja barang kuwi bungkusan bom.

Sanadyan was-was, dheweke mbukak bungkusan kuwi. Katon neng jerobungkusan kuwi ana kardus isi barang. Kerdus diocak-ocak, “Wah, apa isine ya?’’pitakone neng njero ati. Galih cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagetedheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?”Pitakone njero ati. “iki duweke sapa, ya?” Galih molak-malik ali-ali lan kalung sing ananeng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga neng njero tas ireng kuwi anakertu kredite. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Mesakake banget pak Alif, ketoke pak Alif lagibae kemalingan”, batine Galih sajroning ati.

Galih gage-gage ngonthel sepedhane tumuju daleme pak Alif. Dhewekenyritakake apa sing kadadean lan sing ditemokake wektu ider koran. Pak Alif senengbanget amarga panganggone bojone wis bali. Dheweke rumangsa syukur banget,panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur. Pirsa sipate Galih kang jujur,pak Alif banjur kelingan piwulangan nalika isih sekolah. Indonesia bakal maju manawapemudha-pemudha duweni sifat jujur, semangat, ulet, lan pantang menyerah, kayasing ditindakake pemudha-pemudha kang ngikrarake sumpah pemuda, kayata Moh.Yamin, Sugondo Joyopuspita, lan liya-liyane

Minangka tandha matur nuwun, pak Alif maringi modhal marang Galih kanggombukak kios neng omahe. Saiki Galih ora kudu ngonthel sepedane maneh kanggobebakulan koran.

Mangkene crita patuladhan Jujur lan Temen Agawe Mulya.