Download - Camp Ur Sari

Transcript
Page 1: Camp Ur Sari

KANGEN

Pitung sasi lawase nggonku ngenteni

Mung sliramu wong bagus kang dadi ati

Rino wengi mung tansah tak impi-impi

Jroning ati kangenku setengah mati

Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali

Ngelingono rikolo jaman semono

Sliramu janji aku setio ngenteni

Lahir batin tersnaku terusing ati

Kangen!… wong kangen ngene ngene rasane

Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu

Kangen!… wong kangen opo opo tambane

Rindu-rindu tambane kudu ketemu

Klopo mudo enake kanggo rujakan

Leganono aku kang nandang kasmaran

Mbalung janur wong bagus tak anti-anti

Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi