[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 1
1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN
STRUKTUR DRAMA
HAKIKAT DRAMA
Apa panjenengan nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis
nate krungu tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi
kelingan salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama
kuwi asring digambarake minangka pentas ana ing panggung hiburan.
Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung
sandiwara. Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung
sandi ngemu teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa
ajaran”. Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang
diajarake kanti cara sesidheman.
Ana ing padinan, awake dhewe asring weruh wujud sandiwara sing ana
ing sakupenge dhewe. Kayata sandiwara kang disiarake ana ing radio, sandiwara
ana ing TV, sandiwara kang dipentasake dening para bocah-bocah sekolah,
sandiwara ing saben pentas kanggo mengeti dina Ambal Warsane Kamardhikan
Republik Indonesia, lan liya-liyane.
Miturut Harymawan, ana ing buku Dramaturgi (1988: 1), tembung drama
asale saka basa Yunani, draomai, kang ngemu teges tumindak. Saka pengerten
kuwi Herymawan gawe pengertene tembung drama dadi telung perangan.
Kapisan, drama yaiku kualitas saka komunikasi, tumindak, lan kabeh bab kang
ana ing pagelaran lan bisa narik kawigaten, kadigdayan lan uga kuwating rasa
para pamirsa lan uga sing padha ngrungokake. Kapindho, drama yaiku urip
padinan kang digambarake mawi polah ana ing panggung. Menawa carita ing
buku awake dhewe kudu migunakake bayangan utawa fantasi, ing drama kabeh
carita digambarake mawi akting para paraga ana ing panggung, saengga awake
dhewe bisa weruh wujud caritane langsung. Katelu, drama yaiku carita kang
ngemu perkara ana ing panguripane manungsa, lan dipentasake awujud
pacelathon lan polah akting ana ing ngarepe penonton.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 2
Saliyane tembung drama, awake dhewe uga nate krungu tembung teater.
Mbok menawa kowe nate weruh pentas teater, banjur antawis drama lan teater
kuwi apa ngemu teges kang padha?
Miturut Harymawan (1988: 2), teater saka segi etimologis ngemu teges
gedhung kanggo papan pamentasan. Pengerten kang luwih amba, teater yaiku
sekabehe wujud tontonan kang digelar ana ing ngarepe wong akeh, kayata
wayang wong, kethoprak, srandul, ludruk, lan sapanunggalane. Ana ing
pangerten kang luwih ringkes, teater ngemu teges carita uripe manungsa kang
dipentasake, ditonton dening wong akeh, kanti wujud pentas mawi dialog,
obahing awak, akting, kanti utawa tanpa dekor (layar lan sapanunggalane), lan
sumber caritane linandhesan saka naskah sastra, kanti utawa tanpa swara
gendhing lan jejogedan.
Kanti lumakuning wektu, tembung drama lan teater kala-kala uga ngemu
teges kang padha. Mula awake dhewe asring nemu ukara nonton pagelaran
drama utawa nonton pagelaran teater.
STRUKUR NASKAH DRAMA
Sinau bab drama bisa ditilik saka rong aspek, yaiku aspek literer
(sastra) lan aspek teateral. Aspek literer bisa disinau linandhesan konvensi
literer, yaiku disinauni saka strukture kang arupa wosing carita, amanat, alur,
setting, konflik, lan dialog utawa pacelathon. Wondene aspek teateral utawa
teatrikal bisa disinauni linandhesan konvensi teater kang arupa naskah lakon,
produser, sutradara, paraga, kerabat panggung lan uga penonton. Umume
luwih bisa dititik minangka panandhaning lan uga teknik pagelaran. Wondene
aspek literer umume bisa ditilik saka struktur naskah lakone (Satoto, 2012).
Kajian saka aspek struktural ngemu ancas kanggo mbedhah lan
njlentrehake kanti titis rumakete kabeh unsur lan aspek sastra kang ngasilake
makna kang amba. Kajian saka analisis struktural dudu prakara babagan pira
akehe unsur kang mbangun, nanging apa kang bisa diasilake saka unsur
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 3
drama kasebut marang pemaknaan kang amba ana ing rumakete unsur kuwi
(Teeuw, 2013).
Ana ing perangan iki, bakal dijlentrehake unsur-unsur kang ana ing
drama kanti ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.
1. Plot utawa Rangka Carita / Alur.
Plot utawa rangka carita utawa alur yaiku lumakune carita ana ing
sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara
antawis rong paraga kang beda. Anane prakara kadadeyan saka anane watak
saka paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya gedhe tekan
pungkasan kang diarani titik klimaks. Bubar saka klimaks jalinan carita
umume tumuju ing wusananing carita.
Gustaf Freytag ana ing bukune Herman J. Waluyo (2002) aweh
katrangan umume jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.
a. Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para panyimak
drama ditepangake marang para paraga kang ana ing carita lan uga
kepiye watake para paraga kasebut.
b. Komplikasi utawa wiwitan jumedhule prakara.
c. Klimaks utawa puncaking prakara
d. Resolusi utawa pungkasaning prakara
e. Denoument utawa dudutaning carita
Wondene plot ana ing drama kaperang dadi telu, yaiku :
a. Sikuler, yaiku carita kang isine amung sak prakara
b. Linier, yaiku carita runtut saka A-Z
c. Episodik, yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana
ing pungkasaning carita.
Penulis nalika lagi proses gawe naskah drama, plot bisa diperang
awujud babak utawa adegan. Babak kang beda uga ngemu setting wektu lan
papan panggonan kang uga beda. Ana ing bab plot carita kudu tansah
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 4
digatekake menawa lumakune carita ora oleh kandheg ing tengah-tengah,
nanging kudu lumaku tumeka pungkasan carita. Ana ing bab iki, jalinan
carita kudu runtut wiwit awal tekan pungkasan lan uga ngemu sebab-akibat
kang cetha.
2. Paraga lan Watak
Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak.
Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana
ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur,
lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine.
Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang-pirang perangan,
kayata :
a. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.
1) Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune
carita. Umume ana siji utawa rong paraga protagonis, lan
direwangi dening paraga-paraga liya kang uga nyengkuyung
lumakune carita.
2) Paraga antagonis, yaiku paraga kang ora saiyeg marang
lumakune carita. Umume ana sak paraga lan paraga liya kang
watake lan kiprahe mbedani karo lumakune carita.
3) Paraga tritagonis, yaiku paraga kanggo aweh pitulungan
marang paraga protagonis utawa antagonis.
b. Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.
1) Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.
2) Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing
carita.
3) Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa
peran sampingan ana ing carita.
Para paraga kang dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa
digambarake ana ing telung dimensi (watak dimensional). Anggone
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 5
nuduhake watak para paraga linandhesan saka kahanan awak, batin, lan
sosial (fisiologis, psikologis, lan sosiologis).
Para paraga sing disebutake ing dhuwur kudu nduweni watak. Watak para
paraga digambarake sajrone telung dimensi (watak dimensional). Gambaran kuwi
mau lelandhesan saka kahanan fisik, psikis, lan sosial (fisiologis, psikologis, lan
sosiologis).
a. Kahanan fisik
Sing kalebu kahanan fisik paraga yaiku: umur, lanang utawa wadon,
titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku bangsa, praenan,
kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan sapanunggalane.
b. Kahanan psikis
Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas, standar
moral, temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi, kahanan
emosine, lan sapanunggalane.
c. Kahanan sosiologis
Kahanan sosiologis paraga awujud kalungguhan/jabatan, pagawean, klas
sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.
3. Dialog (Pacelathon)
Titikan mligi sawijine drama yaiku naskahe awujud pacelathon utawa dialog.
Nalika ngripta pacelathon iki, pangripta kudu nggatekake kanthi premati pacelathone
para paraga sajrone urip padinan. Pacelathon sing ditulis dening pangripta naskah
drama yaiku pacelathon sing bakale diucapake lan kudu patut diucapake ana sajrone
pentas ing ndhuwur panggung. Gambaran pentas ing ndhuwur panggung mujudake
mimetik (rerekan) saha kahanan urip padinan, mula dialog kang ditulis uga dadi kaca
benggala pacelathon ing padatan.
Ragam basa sajrone pacelathon para paraga drama mujudake basa lesan kang
komunikatif lan dudu ragam basa tulis. Bab iki kadadeyan amarga drama mujudake
potret kasunyatan. Drama yaiku kasunyatan sing dipentasake.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 6
Saliyane ing babagan ragam, diksi kudu dipilih jumbuh karo dramatic-action
saka plot kasebut. Diksi gegayutan karo irama lakon, tegese dawa-cendheke
tetembungan sajrone pacelathon merbawani marang konflik kang diemban dening
lakon.
Pacelathon uga kudu duwe sipat estetis, tegese nduwe kaendahan basa.
Kadhang kala uga diajab supaya nduweni sipat filosofis lan bisa merbawani
kaendahan.
Pacelathon uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang diemban.
Watak saka tintingan psikologis, sosiologis, uga fisiologis bisa disulihi dening
pacelathon kasebut.
4. Setting/Landhesan/Panggon Prastawa
Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita.
Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu
menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting biasane dumadi saka telung
dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu.
Setting tempat nduwe gegayutan karo panggon ing ngendi prastawa kasebut
kadadeyan. Umpamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing Surabaya lan
sapanunggalane.
Setting ruwang awujud prastawa nalika pentas kasebut dumadi. Umpamane
ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan sapanunggalane.
Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi.
Umpamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga
gegayutan karo dimensi kang luwih amba, umpamane dina, sasi, taun, lan
sapanunggalane.
5. Tema/Nada Dasar Crita
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 7
Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema nduwe
gegayutan karo premis saka drama kasebut lan nduwe gegayutan uga karo nada dasar
saka sawijine drama lan sudut pandang sing diandharake dening pangriptane.
Satoto (2012) ngandharake sarat-sarat tema sajrone drama. Ing antarane sarat-
sarat kasebut, sing kalebu sarat utama yaiku:
a. Ora congkrah karo falsafah nagara (Pancasila).
b. Ora congkrah karo UUD 1945 lan aturan-aturan kang lumaku.
c. Ora ndiskreditake utawa nyinggung salah sijine agama, aliran kapitayan,
utawa adat istiadat sing diakoni nagara, sarta norma-norma susila.
d. Njupuk prakara utawa dredah saka lingkungane dhewe.
e. Menehi panglipur lan mumpangat.
f. Prakara utawa dredah kang diangkat wigati.
g. Menehi motivasi kang positif.
h. Nduweni sipat pembaharuan.
i. Bisa digunakake kanggo sarana terapi sosial.
j. Nduweni sipat reseptif.
k. Mimbuhi daya imajinasi lan apresiasi.
l. Duwe landhesan utawa paugeran tartamtu.
m. Nduweni sipat operasional.
n. Bisa diukur utawa dibiji.
6. Amanat/Kekarepan Pengarang
Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang lumantar
naskah utawa lumantar pamentasane.
Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal diandharake diprebawani
dening maneka babagan, yaiku:
a. Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha apa amanate.
b. Sajrone pamentasan, paraga pentas bisa ngandharake amanat marang
pamirsa kanthi cetha wela-wela.
c. Pamirsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing
pamentasan kanthi becik.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 8
7. Petunjuk Teknis
Sajrone naskah drama dibutuhake uga petunjuk teknis, kang uga asring
diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani tokoh, wektu,
swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan
sapanunggalane. Teks samping iki biasane ditulis nganggo tulisan kang beda saka
dialog (umpamane kanthi aksara miring utawa aksara murda kabeh). Petunjuk teknis
sing pepak bakal nggampangake sutradara sajrone penafsiran naskah.
B. Rangkuman
1. Drama yaiku gabungan syair lan prosa sing dikarepake/kaajab bisa gambarake
bebrayan lan watak liwat tindak tanduk (peran) utawa dialog sing dipentasake.
2. Drama kasusun saka maneka warna unsur kang kasebut struktur. Sing kalebu
struktur drama antarane; plot, paraga, dialog (pacelathon), setting/landhesan,
amanat/piweling lan petunjuk teknis.
2.STRUKTUR DRAMA PANGGUNG
Kaya kang wis dijlentrehake ing dhuwur, menawa drama iku ngemu rong perkara,
yaiku naskah drama lan drama panggung (drama kang dipentaske). Ngrembug
babagan drama ora uwal saka struktur utawa unsur-unsur drama panggung (drama
pentas).
Unsur-unsur drama panggung yaiku:
1) sutradara
2) paraga
3) penata panggung
4) penata lampu
5) penata busana
6) penata rias
7) penata musik
Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani tugas lan fungsi
saka saben unsur.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 9
1) Sutradara
Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama. Minangka pemimpin
kang tanggung jawab marang suksese pamentasan drama, sutradara kudu gawe
perencanaan pamentasan lan nglakoni pamentasan kasebut.
Gambar 1. Sutradara lagi mimpin gladhen
(dokumentasi penulis)
Sutradara duwen tugas kang akeh lan duweni tanggung jawab kang abot.
Sutradara kudu bisa milih naskah, nemtokake penafsiran naskah, milih paraga,
nggladhi paraga, gotong royong karo kabeh elemen pamentasan lan bisa
ngrangkul kabeh bageyan.
Sutradara kudu bisa ngayahi kabeh kewajibane kanthi cermat, amarga
mbok menawa pamentasan bisa kaleksanan kanthi apik sutradara minangka wong
sepisan sing bakal entuk pangalembana. Dene kosok balene menawa pamentasan
ora klakon kanthi apik, sutradara uga kang dadi sasaran kuciwane pamirsa
tumprap apa kang dipentasake.
Jejibahane sutradara ing antarane, yaiku:
a) Bisa milih naskah kang apik
Jejibahan kapisan saka sutradara yaiku milih naskah kang arep dipentasake.
Kawasisan sutradara anggone milih naskah minangka kawitaning sukses ing
pamentasan drama.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 10
Ana bab-bab kang kudu digatekake sutradara nalika arep milih naskah, yaiku:
1) tema kang jumbuh karo kaperluan pamentasan,
2) konflik kang landhep, kanthi ditandai plot sing gawe kaget lan dialog kang
mantep,
3) watak paraga ngandhut cecongkrahan kang bisa gawe konflik,
4) migunakake bas akomunikatif kang gampang diresepi,
5) duwe pepesthen kanggo pamentasan,
b) Bisa mangerteni warak para paraga crita
Wasise sutradara anggone "mbedhah" sawijining naskah penting banget. Kanthi
bisa mahami karakter paraga-paraga sing ana ing naskah, sutradara bakal bisa
menehi gambaran marang paraga babagan kaya apa watak/sipat sing kudu
diduweni lan dilakokake dening saben paraga.
c) Bisa nemtokake paraga kanthi leres lan trep
Nemtokake paraga kuwi kudu ngati-ati. Sarat-sarat kang kudu diduweni paraga
yaiku postur, watak, lan piyandele bab akting.
d) Bisa nglatih para paraga
Kawasisan sutradara bab ngatih para paraga dadi bab kang wigati kanggo suksese
paraga maragakake perane, amarga, menawa nglatih paraga kuwi, sutradara kudu
bisa maringi tuladha. Mila sutradara uga bisa diarani aktor kang wegig.
e) Bisa tembayat karo kabeh panyengkuyung pamentasan
Sutradara kudu bisa tembayatan karo kabeh sing nyengkuyung ing pamentasan,
kayata pranata rias, pranata musik, pranata lampu, pranata panggung, pranata
busana lan liya-liyane. Menawa arep gawe kaputusan apa wae, sutradara kudu
mawartakaken karo panyengkuyung pamentasan.
f) Bisa makarya karo kabeh panyengkuyung pamentasan
Tugas sutradara sing pungkasan yaiku bisa ngoordinasi karo kabeh
panyengkuyung pamentasan. Senadyan ing saben bagiyan pamentasan wis ana
sing tanggung jawab, nanging sing mimpin kudu sutradara. Amarga mangkono
mau sutradara kudu bisa dadi patuladhan lan panutan kabeh panyengkuyung sing
kadhapuk ing pamentasan.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 11
2) Paraga
Aktor (paraga putra) utawa aktris (paraga putri) yaiku pawongan kang kadhapuk
dadi tokoh sing katulis sajroning naskah. Supaya bisamaragakake kanthi becik
paraga kudu dipilih kanthi pener lan trep. Paragane kuwi ora kudu bagus utawa
ayu, ananging sing wigati paraga kuwi bisa maragakake kanthi becik.
Tugase para paraga yaiku:
1) bisa mujudake konsep peran sing ditemtokake sutradara adhedhasar tafsiran
naskah.
2) bisa ngembangake tafsiran naskah kanggo diparagakake ing pamentasan.
3) bisa nyambut gawe bebarengan karo paraga liyane lan kabeh
panyengkuyung pamentasan.
3) Pranata Panggung
Panggung yaiku papan panggonan pentas utawa arena kanggo pentas drama.
Biasane panggone ing panggonan lenggahe penonton lan luwih dhuwur saka
kursi penonton. Uga ana panggonan pentas sing luwih ngisor utawa sejajar karo
penonton, ananging penggonane penonton ditata kaya mangkono saengga bisa
ningali lakone pentas kanthi apik lan ora keganggu anggone nonton.
Pakaryane wong nata panggung yaiku gawe utawa nata panggung amrih
panggung bisa nggambarake papan panggonan, wektu, saha kahanan kedadeyan
salah sawijining prastawa. Kerep dumadi owah-owahan kang dadakan ana ing
salah sawijining pentas. Mula ana ing pentas uga dituntut panggung kang beda
panggonan, wektu, lan kahanane. Tegese, kanthi kahanan kang kaya mangkono
panggung kudu diowahi kanthi cepet dening panata panggung.
Pranata panggung biasane manut karo apa sing ana ing naskah. Ananging,
senadyan manut, kanthi ide kang kreatif penata panggung dikeparengake
ngurangi, nambahi, uga ngowahi panggung. Anggone ngowahi panggung iki ya
kudu gawe luwih apik lan ora gawe pertentangan karo gambarane kang ana ing
naskah..
Tata panggung butuhake komposisi kang trep. Komposisi kang trep bisa
gawe kaendahan. Kaendahan panggung kuwi kang jumbuh karo kedadean kang
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 12
bakal bisa gawe atmosfir utawa kahanan pentas kang luar biasa. Amarga penting
banget penataan panggung kuwi, mula biasane pawongan kang dadi tukang tata
panggung duweni jiwa seni saha bisa nata komposisi kanthi prasaja.
Gambar 2. Pranata Panggung
(dokumentasi penulis)
Nalika nata panggung, tukang nata panggung kudu asring rembugan karo
para paraga. Bab kuwi duweni ancas amrih panggung kang wis ditata kaya
mangkono mau ora ngganggu obahe paraga nalika berekspresi. Pawongan kang
nata panggung uga kudu asring konsultasi karo sutradara. Arep kepriye wae
konsep kang dikarepke sutradara kudu bisa diterjemahke dening penata
panggung.
4. Pranata Lampu
Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing
dhuwur panggung. Amarga kuwi nata lampu duweni peranan penting karo tata
panggung. Tuladhane panggung kang nggambarake kahanan ing tengah alas, mila
pawongan kang nata lampu kudu bisa nata sorote lampu saengga panggung kuwi
wis kaya dadi alas tenanan.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 13
Menawa kanthi cara gawe sureme lampu utawa nata sorote lampu saka
dhuwur kaya cahyane rembulan kang nrabas. Nata cahya ana ing dhuwur
panggung pancen kudu ditrepake karo kahanane panggung kang digambarke.
Cahyane wengi mestine beda karo kedadean ing panggung nalika isuk utawa
awan.
Tatanan lampu biasane nggunakake piranti kang diarani spot light, yaiku
kaya kotak kang duweni lensa kang isine lampu atusan watt. Yen diurupake
lampune nyorot padhang banget menyang sak panggonan. Lensane bisa diatur
padhang orane jumbuh karo keperluan. Biasane wernaning lampu bakal ditrepake
karo kahanan kang dikarepake.
Kahanan iku ora dadi perkara amarga werna lampu bisa diganti-ganti.
Carane ngganti werna yaiku kanthi nutupi lensa mau nganggo kertas kaca kang
werna-werna. Tuladhane kertas kaca kang wernane abang, mengko cahyane uga
dadi werna abang lan sateruse. Ana ing ngisor iki tuladhane warnaning lampu lan
filter kang digunakake ana ing pentas.
Gambar 3. Tatananan lampu ing panggung
(dokumentasi penulis)
5. Pranata Busana
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 14
Pranata busana yaiku wong kang duwe jejibahan ngatur lan nemtokake
busana para paraga. Tata busana kudu jumbuh karo karakter paraga. Karakter lan
watak paraga bisa katon saka tata busanane. Tuladhane, salah sawijining paraga
kadhapuk minangka dhokter. Pranata busana kudu bisa gawe busana/kostum
paraga mau supaya katon minangka dadi paraga dhokter.
Kanggo nemtokake busana utawa kostum, pranata busana kudu tansah
rembugan karo sutradara. Becike pranata busana lan sutradara kudu asring
diskusi/rembugan supaya oleh gambaran busana/kostum kang trep tumrap para
paraga.
Gambar 4. Saperangan jenis kostum (ageman)
(dokumentasi penulis)
6. Pranata Rias
Pranata rias utawa perias duwe jejibahan ngrias utawa maesi paraga
supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diperanake. Apa sebabe paraga
kudu dirias? Paraga kudu dirias supaya watak/karakter paraga bisa pas lan
praupane paraga ora katon pucet nalika disorot lampu saka dhuwur panggung.
Tuladhane ing pamentasan ana ing sekolah menengah, paraga mesthi isih enom.
Supaya paraga mau bisa katon tuwa kudu dirias, amarga dheweke meranake
paraga wong tuwa.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 15
Prakara rias mau dadi tugase pranata rias. Pranata rias bisa ngecat
rambute para paraga supaya katon putih kaya uwanen. Pranata rias uga bisa gawe
praupane paraga dadi katon luwih tuwa kanthi cara diwenehi kerutan-kerutan ing
pasuryane. Jinising alat sing dinggo ngrias akeh banget, tuladhane; wedhak,
lipstik, bubuk saka areng, pensil alis, rambut palsu, cat rambut, lem, brengos
palsu las sapanunggalane.
Kajaba duwe raos seni sing mirunggan pranata paes uga kudu cepet/cak-cek
anggone maesi amarga paraga sing dirias akeh. Kamangka ngrias siji paraga wae
butuh wektu sing dawa lan kudu teliti. Salah sithik wae bisa gawe masalah
tumrab paraga.
Nalika nindakake jejibahane, perias kudu tansah komunikasi karo pranata
busana. Bab iki wigati banget, amarga perias lan pranata busana kudu gawe
karakter paraga sing dikarepake.
7. Pranata Musik
Pranata musik duwe jejibahan gawe musik pangiring supaya gawe
regenging swasana ing pamentasan. Musik utawa gendhing uga kudu bisa
mancing lan ngetokake emosine paraga, tuladhane paraga sing lagi meranake
suasana susah bisa dadi tambah susahe nalika diiringi dening musik utawa
gendhing sing nrenyuhake, tuladhane alat musik sing bisa gawe suasana susah
yaiku suling utawa biola. Paraga bisa nangis amarga krungu suara-suara musik
mau. Musik utawa gendhing mau wigati banget kanggone para paraga, mula kudu
ana komunikasi kang becik antarane paraga karo pranata musik supaya paraga
bisa ngetokake emosi sing dikarepake.
Kajaba tansah komunikasi karo paraga, pranata musik uga kudu
komunikasi karo sutradara. Babagan kuwi diperlokne supaya antaraning musik
karo swasana adegan bisa jumbuh lan trep. Supaya ora ana anggepan menawa
musik kuwi mung kanggo patut-patut wae, ananging musik utawa gendhing bisa
gawe owahing suasana ana ing pamentasan lan bisa dadi rohing pamentasan
kasebut.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 16
Amarga musik duwe gegayutan karo suara lan piranti musik, mula
pawongan sing dadi pranata musik kudu bisa nemtokake musik pangiring sing
cocog karo adegan. Akeh kadadeyan wong kang dadi pranata musik kudu gawe
musik dhewe supaya bisa gawe swasana sing pas lan trep karo sawijining adegan.
Kajaba musik pangiring, pranata musik uga butuhake penyanyi, penyanyi
mau bisa lanang bisa wadon manut karo butuhe. Amarga gayut karo swara mula
penyanyi kudu duweni swara sing becik.
Alat-alat sing dibutuhake pranata musik maneka warna jinise, ana sing
elektronik ana uga sing akustik miturut kebutuhan pamentasan. Tuladhane yaiku;
gitar, kendhang, biola, ketipung, bedhug, drum, keyboard, kaset, CD,
kenthongan, jimbe lan sapanunggalane.
Swara musik kadhangkala uga butuh soundsystem nalika dipentasake ana
ing ruangan utawa papan sing jembar, nanging menawa dipentasake ana ing
ruangan sing cilik ora prelu nggunakake soundsystem.
A. Rangkuman
1. Struktur drama panggung beda karo struktur naskah drama. Struktur drama
panggung yaiku perangan-perangan kang dibutuhake drama nalika dipentasake
ana ing dhuwur panggung.
2. Sing kalebu struktur drama panggung yaiku; sutradara, paraga, penata
panggung, penata lampu, penata busana, penata rias lan penata musik.
3. Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama.
4. Paraga yaiku pawongan kang kadhapuk dadi tokoh sing ditulis ana ing naskah.
5. Penata panggung yaiku wong kang nata panggung amrih bisa gambarake papan
panggonan, wektu, saha kahanan, kedadeyan salah sawijining prastawa.
6. Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing dhuwur
panggung.
7. Pranata busana yaiku pawongan kang duweni tugas ngatur lan nemtokake
busana ing wektu pentas.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 17
8. Pranata rias yaiku pawongan kang duweni jejibahan ngrias utawa ndandani
paraga supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diperanake.
9. Pranata musik yaiku pawongan kang duweni jejibahan gawe musik pangiring
supaya gawe regenging swasana ing pamentasan.
3. APRESIASI DRAMA
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, apresiasi kuwi nduwe teges kesadaran
terhadap nilai seni dan budaya; penilaian (penghargaan terhadap) sesuatu.
Saka teges ing nduwur mau, ana ing materi iki panjenengan diajak ngapresiasi
sastra, mligine drama. Wujude apresiasi iki mengka ana loro kegiatan. Sing kapisan
ngapresiasi naskah drama, lan sing kapindho yaiku ngapresiasi pamentasan drama.
APRESIASI NASKAH DRAMA
Apresiasi tumrap naskah drama yaiku ngandharake apa-apa wae sing dadi perangan
utawa unsur-unsur naskah drama mau.
Unsur-unsur naskah drama ing antarane yaiku:
1. Plot utawa cengkorongan crita. Plot yaiku urutan dalaning crita utawa
cengkorongan crita wiwitan nganti pungkasan sing ngemot prekara antarane
paraga cacah loro sing ora padha kekarepane. Jinise alur ing drama yaiku ana alur
maju, alur mundur lan alur campuran.
2. Penokohan utawa perwatakan. Perwatakan yaiku watak utawa karakter sing di
nduweni dening para paraga ing sajroning drama. Ana telu klasifikasi paraga
yaiku: 1) paraga protagonis yaiku paraga sing nyengkuyung crita; 2) paraga
antagonis yaiku paraga sing nentang crita; lan 3) paraga tritagonis yaiku paraga
pembantu.
3. Dialog (pacelathon). Dialog utawa pacelathon yaiku tembung-tembung utawa
ukara-ukara sing diucapake dening para paraga.
4. Setting (latar). Setting uga diarani latar crita, yaiku panggonan, ruwang lan
wektu. Uga ana sing mantha latar dadi panggonan, wektu lan kahanan nalika
kedadean ing drama iku.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 18
5. Underan (tema). Underan yaiku gagasan pokok ing ana ing sajroning crita.
6. Amanat. Amanat yaiku pesen sing ana ing sajroning naskah drama kasebut.
7. Petunjuk teknis. Petunjuk teknis bisa disebut kanthi istilah teks samping, yaiku
teks sing ana ing naskah drama fungsine kanggo menehi petunjuk teknis ngenani
paraga, wektu, suasana pentas, suwara, musik, mlebu metune paraga, seru lan
orane dialog, warna suwara lan sakpiturute. Teks samping padatan katulis kanthi
aksara sing dimiringake utawa kacitak kandel.
Wacananen tuladha naskah drama kang prasaja ini ngisor iki!
TANSAH ANA DALAN
Dening: Budi Waluyo
Ing nduwur panggung. Setting ana ing ruwang tamu kang prasaja.
Ana sak set meja kursi kayu. Neng nduwur meja tamu mau, ana kembang sing digawe
saka plastik daur ulang. Sanajan bekas, ananging kembang mau katon seger lan penak
disawang.
Ana ing nduwur panggung mau, katon Pak Kardi lan Bu Kardi sing sajak bingung.
Praupane kethok pucet lan kebak was sumelang. Bu Kardi bola-bali ngadeg banjur
lungguh meneh. Dene Pak Kardi mlaku wira-wiri karo bola-bali kukur-kukur sirah.
Musik keprungu nggrantes lan nelangsa.
Pak Kardi :
Piye ya Bu? Awake dhewe kudu menehi wangsulan apa nek Danang mengko takon
meneh?
Bu Kardi :
Lha yo embuh Pak, aku uga bingung kok.
Pak Kardi :
Lha yo Bu. Bejane awake dhewe, dadi wong kang sarwa kecingkrangan. Anak njaluk
sekolah wae,awake dhewe bingung olehe nuruti.
Bu Kardi :
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 19
Iya Pak. Gek Danang kae pengine olehe kuliah yo tenanan. Dasare bocahe sregep,
sregep lan pinter. Ora tega aku Pak, nek ora bisa nuruti penjaluke.
Pak Kardi :
Lha iya tho. Apa tak golek utangan nggone Pak Bayan ya Bu?
Bu Kardi :
Owalah Pak. Apa ora pekewuh? Utang sing mbiyen wae olehe nyicil durung rampung.
Mosok arep utang meneh?
Pak Kardi :
Lha njur kepiye?
Bu Kardi :
Lha embuh..
(Bu Kardi wangsulan kanthi nglokro. Sajake wis kelangan pangarep-arep).
Pak Kardi :
Apa saklawase uripe dhewe bakal kaya ngene terus ya Bu?
Bu Kardi :
Maksudmu piye Pak?
Pak Kardi :
Ngene lho Bu. Awake dhewe iki, kawit mbiyen, wiwit saka nikah, nganti yahmene.
Nduwe anak loro. Danang wis kelas 3 SMA. Siti adike wis kelas 2 SMP. Uripe dhewe
kok tansah kurang terus. Kanggo nyukupi butuh, utang kono kene. Adol barang kanggo
nyukupi bayaran sekolah bocah-bocah. Apa ya uripe dhewe arep kaya ngene terus?
(Bu Kardi nyedhak Pak Kardi karo ngelus-ngelus pundhake bojone kuwi)
Bu Kardi :
Sing sabar ya Pak. Awake dhewe aja nganti nglokro.
Pak Kardi :
Iya Bu. Aku ora nglokro kok. Mula aku nduwe pengarep-arep, supaya Danang bisa
sekolah sing duwur. Ben uripe Danang besok bisa luwih mulya ketimbang awake dhewe.
Lha, nalika wingi Danang matur aku nek deweke pengin kuliah,aku ya sarujuk banget.
Nanging bareng mikir babagan ragat,aku kok malah dadi mumet. Duit saka ngendi coba
Bu?
Bu Kardi :
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 20
Lha iya tho Pak. Aku ya melu bingung.
Nalika Pak Kardi lan Bu Kardi isih pada bingung, Danang, anake teka saka sekolahan.
Danang :
Assalamu’alaikum Bapak Ibu..
Pak & Bu Kardi:
Wa’alaikumsalam..
Pak Kardi :
Wis bali Le?
Danang :
Sampun Pak. Pa, Bu.. Kula badhe matur. Bilih kula ketampi anggen kula ndaftar kuliah.
Wonten ing pawiyatan luhur negeri. Kula ketampi wonten jurusan kedokteran Pak.
Alhamdulillah..
Bu Kardi :
Dokter Le.. Suk kowe bisa dadi dokter? Alhamdulillah..
Danang :
Hehehe.. Tasih dangu Bu, angsale dados dokter. Nggih kuliyah rumiyin ngantos
rampung.
Pak Kardi :
Bapak seneng banget Le, kowe bisa ketampa ana ing jurusan sing apik lan mbok senengi.
Nanging..
Danang :
Nanging menapa Pak?
Pak Kardi :
Nanging, Bapak lan ibumu ora nduwe duit kanggo ngragati kuliyahmu Le. Kowe lak
ngerti dhewe tho, Bapak lan ibumu mung buruh tani. Hasile mburuh mung cukup kanggo
urip sakbendinane wae. Banjur kanggo nyukupi mbayar kuliyahmu mau, duit saka
ngendi tho Le?
Danang :
Bapak kaliyan ibu mboten usah was sumelang. Kula ketampi kuliyah menika kanthi jalur
bidikmisi kok. Jalur bidikmisi menika, nampi mahasiswa ingkang kekirangan, ingkang
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 21
mlarat, ananging gadhah prestasi. Mangke kuliyahe gratis Pak. Mboten bayar. Malah
mangke sakben wulanane angsal arto tambahan kangge mbantu kuliyah.
Bu Kardi :
Masya Allah? Gratis Le? Kuliyah ora mbayar? Malah isih ditambahi duit sangu?
Danang :
Inggih Bu..
Pak & Bu Kardi:
Alhamdulillah..
Pak Kardi :
Alhamdulillah Le.. Beja banget uripmu..
Danang :
Inggih Pak. Nanging kula kedah sregep,supados biji kula sae lan angsal kula kuliyah
saget rampung tepat waktu. Syukur-syukur langkung cepet rampungipun..
Bu Kardi :
Iya Le, berarti kowe kudu luwih sregep anggonmu sinau ya..
Danang :
Inggih Bu,siyap..
Pak Kardi lan Bu Kardi sing ndek mau praupane katon bingung lan nglokro,sakiki katon
sumunar, bungah lan padang.
Musik ing panggung muni. Musik sing kebak kabahagiyan.*
Cuthel
Kegiatan Apresiasi Naskah Drama
Sakwise panjenengan maca naskah drama kang prasaja ing duwur mau, sakiki temtokna
perangan-perangan utawa unsure-unsur drama yaiku:
1. Plot utawa cengkorongan crita
2. Penokohan utawa perwatakan
3. Dialog (pacelathon)
4. Setting (latar)
5. Underan (tema)
6. Amanat. Amanat
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 22
7. Petunjuk teknis
APRESIASI DRAMA PANGGUNG
Apa panjenengan wis nate nonton pamentasan drama ana ing panggung?
Perangan-perangan kang ana ing drama panggung beda karo perangan-perangan kang
ana ing naskah drama.
Perangan-perangan kang ana ing drama panggung yaiku: sutradara, paraga,
pranata panggung, pranata lampu, pranata rias, pranata busana lan pranata musik.
Ana ing kalodangan ini, panjenengan bakal diajak ngapresiasi pementasan drama
tradisional jawa, yaiku kethoprak. Coba tontonen pamentasan kethoprak saka rekaman
iki.
REKAMAN KETHOPRAK
Kegiatan Apresiasi Drama Panggung
1. Saka pamentasan kethoprak sing panjenengan tonton kuwi, terangna apa
underan (tema) lan amanat (pesen) kang pengin disampekne!
2. Miturut panjenengan, kepriye anggone sutradara ngatur pamentasan?
3. Kepriye musik utawa gendhing kang kanggo ngiringi pamentasan? Wis becik
apa durung?
4. Kepriye kiprahe para paraga anaing nduwur panggung? Jlentrehna kekurangan
lan kaluwihane!
5. Kepriye anggone pranata panggung, pranata busana lan pranata rias nindhakake
jejibahane? Apa wis trep lan pener? Coba jlentrehna kanthi patitis!
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 23
4. NYAMEKTAKAKE PAMENTASAN DRAMA TRADISIONAL KANTHI
MBENTUK TIM PRODUKSI LAN TIM PANGGUNG
Ana ing bab sing pungkasan iki, materi kang disinau yaiku nggelar pamentasan
tradisional. Kanggo nggelar pamentasan iki ana babagan kang kudu disiapke. Apa ta sing
kudu disiapke sakdurunge nggelar pamentasan sandiwara? Mangga, kita sinau
sesarengan!
Bab-bab sing kudu disiapke.
1. Tim Produksi
2. Tim Panggung
Mangga disiapke siji mbaka siji.
1. Tim Produksi
Sakdurunge pamentasan sandiwara digelar, kudu disiapake babagan-babagan
kang diperlokne. Babagan iki kudu disiapke supaya pagelaran bisa kaleksanan kanthi
becik. Bab sing kudu ana yaiku dibentuk panitia penyelenggara.
Panitia penyelenggara duwe tugas yaiku nyiapake sarana-sarana kang diperlokne
kanggo pagelaran kasebut. Babagan-babagan iku ing antarane milih panggonan kanggo
pentas, pendanaan, publikasi, transportasi lan liya-liyane kanggo ndukung lumakune
pamentasan. Kang kalebu panitia penyelenggara yaiku:
a. Penasihat (yen diperlokne) : jejibahane yaiku menehi pamrayoga amrih
becike pentas
b. Ketua panitia : jejibahane yaiku ngaturi lumakune kabeh
gaweyan sing kudu diemban kabeh anggota
panitia lan duwe tanggung jawab kabeh
lumakune pamentasan
c. Sekretaris : jejibahane yaiku mbiyantu ketua panitia ing
babagan administrasi kegiatan pamentasan
kasebut kayata surat menyurat lan nyathet
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 24
kabeh rencana lan kegiyatan ing saben rapat
panitia
d. Bendahara : jejibahane gegayutane karo babagan
prabeya dan administrasine.
e. Seksi-seksi : jejibahane langsung ana ing bidange dhewe-
dhewe.
Seksi panitia terdiri dari :
1) Seksi dana : bidang pendanaan biasane golek dana saka
sumbangan donatur lan sponsor
2) Seksi acara : bidang acara pertunjukan yaitu nyusun acara ing
wektu pamentasan
3) Seksi publikasi : bidang publikasi yaiku gawe pengumuman lan
wara-wara bab ananing pamentasan. Biasane
awujud pamflet, liflet utawa publikasi lewat
radhio
4) Seksi dokumentasi : bidang dokumentasi yaiku gawe potret/video
saben prastawa sing dianggep perlu lan wigati.
5) Seksi konsumsi : bidang konsumsi yaiku nyiapake konsumsi sing
dibutuhkan kanggo pamentasan
6) Seksi transportasi : bidang transportasi yaiku nyedhiakne alat
transportasi kanggo kelancaran pamentasan
7) Seksi keamanan : bidang keamanan jejibahane ngamanake kabeh
mlakune pagelaran wiwit saka persiapan nganti
pamentasan paripurna.
2. Tim Panggung
Tim panggung iki nduweni kuwajiban nyiapke apa-apa kang dibutuhke ing
panggung. Sing diarani panggung yaiku kabeh sing ana gegayutane karo paraga pentas.
Sing kudu dileksanakne yaiku:
a) Nemtokake sutradara.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 25
Kanggo nemtokake sutradara kanggo pamentasan kasebut, kudu dipilih wong kang
pantes lan duwe kawegigan dadi sutradara. Bisa guru, kanca utawa pelatih sing
biasane nggladhi para anggota sandiwara.
b) Milih Naskah
Wong kang kapilih dadi sutradara mau enggal-enggal nemtokake naskah apa sing
arep dipentaske. Naskah sing arep dipentaske, paling ora kudu nduweni syarat yaiku:
nduweni kualitas, gampang dipentaske, nduweni pesan moral lan sosial sing apik,
migunani lan menghibur.
c) Milih Paraga
Sawise nemtokake naskah sing arep dipentaske, langkah sabanjure yaiku nemtokake
paraga. Paraga sing dibutuhke, cacahe kudu ditrepke karo naskahe. Paraga sing
kadhapuk kudu nduweni watak lan karakter sing dibutuhke kanggo pentas.
c) Ndapuk tim artistik panggung
Tim artistik panggung nduweni tugas gawe kabeh pranata panggung sing dibutuhke
wektu pentas. Sing dibutuhke yaiku setting panggonan lan nata lampu.
d) Ndapuk tim pranata busana (kostum) dan pranata rias
Tim iki nyiapke kabutuhan kostum lan rias para paraga. Kostum lan rias kudu
ndukung karakter lan watak para paraga.
e) Ndapuk tim pranata musik
Pranata musik nduweni kewajiban nyiapke musik utawa gending kanggo ngiringi
adegan pamentasan. Musike bisa saka rekaman utawa musik langsung.
Proses utawa tataran Pentas
Proses utawa tahapan-tahapan sing kudu ditindhakne yaiku:
a. Bedah naskah
Ing wektu bedah naskah iki sutradara lan kabeh sing nyengkuyung pamentasan kudu
nafsirke utawa diskusi babagan isi naskah kasebut, sing arupa tema, amanat, setting
(latar), penokohan, artistik, kostum, lan musik.
b. Pengkastingan (milih paraga)
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 26
Sutradara kudu nemtokake sapa-sapa wae sing dipilih dadi paraga. Paraga kang
dipilih kanthi pertimbangan paraga sing ditunjuk bisa merankan tokoh kanthi becik.
c. Gladhen/latihan
Ing babagan gladheniki, akeh banget sing kudu ditindhakke yaiku:
1. Maca naskah
2. Ngapalke naskah
3. Gladhen vocal (suara)
4. Gladhen karakter mimik (raut wajah)
5. Gladhen gesture (bahasa tubuh).
6. Gladhen ekspresi
7. Gladhen posisi (bloking)
8. Gladhen sakben babak
9. Gladhen meranake naskah kanthi utuh saka wiwitan nganti pungkasan.
Latihan kuwi mau dibolan-baleni, supaya kabeh paraga apal lan siap tumuju panggung,
supaya bisa pentas kanthi becik.
Kegiatan Nyamektakake Pentas Kang Prasaja
1. Coba panjenengan rancang rencana kegiatan pamentasan Drama!
2. Temtokna para paraga kang dadi panitia pamentasan banjur jlentrehna tugas-
tugase!
3. Coba goleka salah sawijining naskah sandiwara Jawa sing prasaja!
4. Temtokna sutradara lan paragane!
5. Temtokna prata musik lan pranata busanane!
6. Pentasna naskah sandiwara sederhana mau ana ing ngarep kelas!
7. Dhiskusikna asil pamentasan kasebut!
B. Rangkuman
1. Kanggo nyiapake pamentasan drama diperlokne tim produksi lan tim panggung.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 27
2. Tim produksi nduwe tanggung jawab ing babagan perijinan, surat-menyurat,
publikasi, prabeya (pendanaan) lan liya-liyane.
3. Tim panggung nduweni tanggung jawab nyiapake pamentasan ing nduwur
panggung.
4. Tim panggung lan tim produksi kudu bisa kerja bebarengan supaya bisa ngasilake
pamentasan sing becik.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-4 DRAMA]
| Budi Waluyo, S.S., M.Pd. 28
DAFTAR PUSTAKA
A. Teeuw. 2013. Sastra dan Ilmu Sastra. Bandung: Pustaka Jaya
Budi Waluyo. 2009. Seni Teater untuk SMA. BSE
Budi Waluyo. 2016. Teori dan Kajian Struktur Drama. Surakarta: Kekata
Dede Pramayoza. 2013. Dramaturgi Sandiwara. Yogyakarta: Penerbit Ombak
Herman J. Waluyo. 2002. Drama Teori dan Pengajarannya. Yogyakarta: Hanindita
Graha Widya
R.M.A. Harymawan. 1988. Dramaturgi. Bandung: Rosda
Soediro Satoto. 2012. Analisis Drama & Teater. Yogyakarta: Penerbit Ombak