URUTAN ACARA LAMARAN

4
URUTAN ACARA LAMARAN , PENYERAHAN PENINGSET & TUKAR CINCIN (dilaksanakan menggunakan Bahasa Jawa) *Rombongan keluarga Herry Yuliatmanto datang, disambut keluarga Veronica Dwi Astuti dan dipersilahkan masuk dan duduk, setelah semua keluarga menempati tempat yang sudah disediakan acara dimulai: ATUR PANGLAMAR dening Bapa Kispriyadi Kulo nuwun, Mugi katentreman saha karahayon ingkang pinangkanipun saking Gusti ingkang maha Agung tansah kajiwa, kasarira panjenengan sedaya saha kula. Bapa Widjil Trionggo minangka talanging atur ibu Wimbo Kumoro . Nuhoni keparengipun ibu Sadji Sutjitro, milo kulo suwun ing ngarsa panjenengan, kedawuhan: Sepisan : Ngaturaken salam taklim saha pangabekti katur ing panjenengan sak klawarga, sinarengan pepujen mugi panjenengan sak gotrah tansah winantu ing kawilujengan lan kaesokan kadarmaning pengeran ingkang kebak welas asih. Kaping kalih : awit ketaman ing pamothanipun putra anami pun Bagus Herry Yuliatmanto anggenipun kayungyun dhumateng putra putrinipun ibu Wimbo Kumoro ingkang anami pun Rr Veronica Dwi Astuti, ingkang saklajengipun dados enering ciptanipun, pramila ibu Sadji Sutjitro ambabaraken krenteging manahipun dhumateng panjenengan kekalih. Ingkang punika, kabekta saking kuwajibaning tiyang sepuh, menawi wonten sarjuning penggalih sarta sinambatan dening pangayubagyaning para waris, punopo 1

Transcript of URUTAN ACARA LAMARAN

Page 1: URUTAN ACARA LAMARAN

URUTAN ACARA LAMARAN , PENYERAHAN PENINGSET & TUKAR CINCIN

(dilaksanakan menggunakan Bahasa Jawa)

*Rombongan keluarga Herry Yuliatmanto datang, disambut keluarga Veronica Dwi Astuti dan dipersilahkan masuk dan duduk, setelah semua keluarga menempati tempat yang sudah disediakan acara dimulai:

ATUR PANGLAMAR dening Bapa Kispriyadi

Kulo nuwun, Mugi katentreman saha karahayon ingkang pinangkanipun saking Gusti ingkang maha Agung tansah kajiwa, kasarira panjenengan sedaya saha kula.

Bapa Widjil Trionggo minangka talanging atur ibu Wimbo Kumoro . Nuhoni keparengipun ibu Sadji Sutjitro, milo kulo suwun ing ngarsa panjenengan, kedawuhan:

Sepisan : Ngaturaken salam taklim saha pangabekti katur ing panjenengan sak klawarga, sinarengan pepujen mugi panjenengan sak gotrah tansah winantu ing kawilujengan lan kaesokan kadarmaning pengeran ingkang kebak welas asih.

Kaping kalih : awit ketaman ing pamothanipun putra anami pun Bagus Herry Yuliatmanto anggenipun kayungyun dhumateng putra putrinipun ibu Wimbo Kumoro ingkang anami pun Rr Veronica Dwi Astuti, ingkang saklajengipun dados enering ciptanipun, pramila ibu Sadji Sutjitro ambabaraken krenteging manahipun dhumateng panjenengan kekalih.

Ingkang punika, kabekta saking kuwajibaning tiyang sepuh, menawi wonten sarjuning penggalih sarta sinambatan dening pangayubagyaning para waris, punopo dene kapareng dening Gusti dados jodhonipun, sarta putri panjenengan taksih piyambakan dereng kagungan pacangan, dipun suwun keparenga dados jatukramanipun ing salami laminipun.

Wasana panyuwunipun ibu Sadji Sutjitro wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring waluyan sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan

Cekap semanten atur kula, menawi wonten cicir cewetipun atur satemah boten damel sarjuning manah, kula nyuwun pangapunten.

1

Page 2: URUTAN ACARA LAMARAN

ATUR WANGSULAN PANGLAMAR dening Bapa Widjil Trionggo

Nuwun, sakderengipun kulo minangka sesulihipun Ibu Wimbo Kumoro, Ngaturaken waluyan pamundutipun ibu Sadji Sutjitro lumantar panjenengan Bapa Kispriyadi, langkung rumiyin kulo angaturaken sugeng rawuh dhumateng penjenengan sadaya saha mugi keparengo lenggah prayogi sak kuwawi anggen kulo angaturaken palenggahan.

Nuwun, menggah keparengipun Bapa Kispriyadi sekaliyan anglempakaken balung pisah, mundhut Besanan kaliyan kulo kekalih, andhadosaken bingahing manah kulo kekalih , saha salajengipun mangayubagyo saha amemuji widadaning sedyo wau lestantun ing salami laminipun.

Wondene keparengipun Bapa Kispriyadi sekaliyan mundhut anak kulo estri pun Rr Veronica Dwi Astuti badhe kadadhosaken jatukramanipun putranipun pun bagus Herry Yuliatmanto, kulo kekalih anayomi sarto anyumanggaaken. Andhadosno kawuningan bilih kawontenaning anak kulo wekdal puniko taksih piyambakan lan dereng gadah pacangan.

Wasono mugi anndadosno ing kawuningan. Swawi mugi lestantun pepacangan puniko.

PASRAH PENINGSET + LINTU KALPIKO dening Bapa Kispriyadi

Andhamel bombonging lan bingahing manah soho atur panuwun amargi ngersanipun ibu Wimbo Kumoro sampun kerso nampi panglamaripun bagus Herry Yuliatmanto kadadhosaken pacanganipun Rr Veronica Dwi Astuti.

Salajengipun

Para pinisepuh, sesepuh ingkang tuhu kinabekten, para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat ingaosan, keparenga ing mriki kula nyuwun wekdal sawetawis, saperlu bade hangayahi wajib, mundhi dawuh saking panjenenganipun ibu Sadji Sutjitra, supados hangaturaken punapa ingkang dados pisungsungipun dhumateng ngarsanipun ibu Wimbo Kumoro ing mriki.

Bp Widjil Tri Onggo, minangka jangkeping tata krami, serta hanetepi adat ingkang sanget kapundhi dening para pinisepuh, kula kautus hangaturaken sawetawis pisungsung tanda tangsuling kekadangan.

2

Page 3: URUTAN ACARA LAMARAN

Awit samudayanipun sampun kalarapaken wonten ngarsa panjenengan, pramila Bp Widjil Tri Onggo mugi kepareng nampi kanthi legawaning penggalih dados srana rumaketing kekadangan.

* Keluarga Herry Yuliatmanto menyerahkan Peningset , para pembawa peningset menyerahkan peningset tersebut dan diterima keluarga Veronica DA .

Mekaten ugi minangka tanda tulus lan tememening anak kula pun Bagus Herry Yuliatmanto anggenipun mangun katresnan kaliyan pun Rr Veronika Dwi Astuti, anak kula sampun nyamektaaken kalpika sakembaran ingkang mangke kaladosno lintu kalpika pinangka tanda tangsuling katresnan.

* Pelaksanaan Tukar Cincin antara Herry Yuliatmanto dengan Veronica Dwi Astuti (pelaksanaan didampingi orang tua masing masing)

Wusono Mekaten inkang dados wigatosing atur kula, hambok bilih wonten kirang trapsila sarta wonten thithaling basa, kula nyuwun agunging pangapunten.

Ing Wasana mugi rahayu ingkang sami pinanggih. NUWUN

* Selanjutnya acara diserahkan kembali kepada Bp Widjil Trionggo untuk membicarakan rencana selanjutnya, dll.

3