URAIAN MATERI KB-3 CERITA RAKYAT 1. Materi...
Transcript of URAIAN MATERI KB-3 CERITA RAKYAT 1. Materi...
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 1
URAIAN MATERI
KB-3 CERITA RAKYAT
1. Materi I
a. Folklor
Folklor saka tembung folk dan lore. Miturut Dundes (lumantar Danandjaja,
1997: 1) folk yaiku saperangan uwong kang duwe kabudayan, sosial, perangan-perangan
fisik minangka kapribadene, ing sabanjure bisa kanggo mbedakake marang kelompok-
kelompok liyane. Sasebutan lore minangka tradhisi folk kang duwe teges saperangan
kabudayan kang diwarisake turun-tumurun kanthi lisan utawa nganggo cara isyarat
kanthi obahing badan utawa manganggo alat kanggo ambiyantu pangeling-eling. Folklor
minangka kabudayan kolektif kang sumebar lan diwarisake turun-tumurun kanthi cara
tradhisional lan duwe versi kang beda-beda, bisa awujud tulisan, obahing badan
minangka isyarat lan alat kanggo ambiyantu pangeling-eling (Danandjaja, 1997: 2).
Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia, folklor dijlentrehaken minangka adat
istiadat kuna utawa tradhisional lan kalebu cerita rakyat kang diwarisake turun-tumurun,
ananging ora dibukokake. Utawa, ngelmu babagan adat istiadat tradisional lan carita
rakyat kang ora tinulis utawa ginawe ing buku. Miturut Pudentia, folklor diperang dari 2
jinis, yaiku tulisan (aksara) lan lisan. Folklor tulisan kaya ta arsitektur rakyat, kerajinan
tangan, tenun tradisional, lan musik tradisional. Folklor lisan yaiku arupa cerita rakyat,
legenda, mite, dongeng, kukum utawa angger-angger kang ora tinulis, uga mantra-
mantra kanggo pengobatan.
Miturut katerangan ing ndhuwur, bisa kapetik dudutan manawa folklor iku
minangka perangan saka kabudayan rakyat kang sumebar, urip, lan diwarisake turun-
tumurun, ngemu wujud utawa variasi kang beda-beda bisa awujud lisan utawa tulis,
kanthi ancas tartamtu kang dadi titikaning kelompok masyarakat kang duwe folklor mau.
b. Titikaning Folklor
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 2
Sarana kanggo mbedakake folklor karo kabudayan liyane, kudu mangerteni
titikan kang baku ngenani folklor. Danandjaja (1997: 3-4) ngandharake manawa
titikanning folklor yaiku:
1) Sarana kanggo nyebarake lan marisake folklor adhakane kanthi cara lisan,
disebarake sarana nggunakake basa utawa kanthi micara (utawa manganggo tuladha
kang dibarengi gerak isyarat, utawa alat kanggo pangeling-eling) marang generasi
siji lan generasi sabanjure;
2) Folklor asifat tradisional, yaiku disebarake kanthi wujud relatif padha utawa kanthi
wujud standar, uga sumebar ing kolektif tartamtu kanthi wektu kang cukup dawa
(paling sithik rong generasi);
3) Folklor (exist) ing wujud lan duwe maneka versi uga varian kang maneka warna.
Wujud kang maneka versi iki tuwuh saka anggone nyebarake yaiku lumantar gunem
utawa pacelathon (lisan), uga amarga manungsa duwe sipat lali utawa kanthi cara
interpolasi (interpolation) folklor gampang ngalami owah-owahan.
Ananging wujud folklor kang beda amung ing perangan kulit, perangan dhasar isih
tetep padha;
4) Folklor uga asifat anonim, yaiku namaning tiyang kang nyipta uwis ora disumurupi
dening wong akeh maneh;
5) Folklor adhakane duwe pola-pola utawa rumus-rumus. Cerita rakyat umume duwe
tembung-tembung klise kaya ta “wutah rah, banjir getih” saupama kanggo
nggambarake paprangan ing payudan, utawa kanthi tetembungan tradisional, ukara-
ukara pambuka kang baku kaya ta “Duk samana”, “Ing satunggaling dina” utawa
ukara-ukara panutup yaiku “Eliding dongeng”.
6) Folklor duwe kagunan (function) ing ngalam pasrawungan kanthi cara kolektif.
Kaya ta cerita rakyat duwe kagunan minangka alat pendidikan lan panglipur lara,
nyaruwe marang kahanan/protes sosial, lan proyeksi pepenginan masyarakate;
7) Folklor asifat pralogis, yaiku duwe logika dhewe kang ora padha karo logika umum.
Mangkono uga titikaning folklor lisan;
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 3
8) Folklor uga melik wong akeh (collective) saka kolektif tartamtu. Ateges wong kang
ngarang sepisanan wus ora disumurupi, sabanjure folklor dadi duweke saben
anggota kolektif kang rumangsa andarbeni;
9) Folklor racak-racake asifat polos lan lugu, kadhangkala katon kasare, lan tanpa
dingengreng. Bab iki ateges manawa folklor pancen proyeksi emosi manungsa kang
paling jujur dhewe.
Konggoes lan Mananda (lumantar Rusyana 1982: 10) ngandharake manawa
cerita rakyat kang sumebar kanthi cara lisan lan turun-tumurun saka generasi kapisan
marang generasi sabanjure, duwe ciri liya yaiku “gegayutan karo tradhisi”. Bedane karo
sastra tulisan, sastra lisan amung awujud cathetan dan asil saka sastra lisan lan ora bisa
menehi katrangan kanthi jangkep andharan ing sastra lisan iku, kaya dene ngenani
paedahe folklore tumrap masyarakate.
c. Tegese Cerita Rakyat
1) Cerita Rakyat
Cerita rakyat kalebu perangan saka folklor, yaiku karya sastra lisan kang awujud
prosa. Cerita rakyat salah sawijining unsur kabudayan nasional kang isih urip lan diuri-
uri ing saben dhaerah (Athaillah, 1983: 3). Cerita rakyat minangka kabudayan kang
sumebar lan diwarisake kanthi turun-tumurun marang generasi-generasi sabanjure.
Masyarakat kang duwe sadhar manawa cerita rakyat iku minangka identitase kang
diakoni duweke kolektife. Cerita rakyat minangka fragmen kisah kang bisa awujud cerita
tiyang alelana lan gambaran uripe manungsa kang paling nengsemake utawa duwe
kapinteran, duwe labuh labet kang gedhe lan dipuja-puja dening masyarakat kang duwe
carita rakyat mau.
Ing Indonesia, sastra lisan isih kurang entuk kawigaten tinimbang sastra tulis.
Miturut Hutomo (1991: 1-2), sastra lisan yaiku kasusastran kang mengkoni sakabehing
cipta, rasa, karsa kasusastraning warga salah sawijining kabudayan kang sumebar lan
diwarisake kanthi turun-tumurun lumantar lisan (pacelathon). Ananging kasusastran
lisan utawa kasusastran kang tulis yaiku angen-angen rekaning para pengarang/pangripta
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 4
kang migunakake basa. Kanyatan manawa sastra lisan luwih maju ing sajroning
masyarakat tradisional lan sastra tulis bisa ngrembaka ing masyarakat kang modern.
Sastra lisan uga asifat komunal, tegese melik wong akeh lan sastra tulis asifat
individual racak-racak melik wong siji (Hutomo, 1991: 3). Ing sajroning masyarakat
modern sastra tulis bisa ngasilake yatra utawa kanggo panggaotan dening para pangripta,
ananing sastra lisan kaya-kaya amung kanggo dongeng, dongeng rikala arep mapan turu
utawa kanggo cerita ing wektu-wektu kang lagi longgar ing satengahing masyarakat
tradisional.
Bisa kapethik manawa cerita rakyat minangka peranganing sastra dhaerah kang
migunakake basa dhaerah kanggo njlentrehake caritane, ngrembaka ing jaman kuna
rikala basa tulis durung ana. Cerita rakyat amarga diceritakake kanthi cara lisan,
nuwuhake cerita-cerita tambahan utawa thukul maneka warna versi gumantung pinter
lan orane wong kang nyaritakake. Kang mengkono iku tuwuh maneka warna cerita
senajan ta isi ceritane tetep padha.
Orientasi cerita rakyat diwarisake dan disebarake amung winates ing dhaerahe
dhewe bisa katitik saka cerminan cita rasa, kekarepan/karsa, duwe tetenger khas awujud
basane. Cerita rakyat kaanggep salah sawijining kasugihan kang thukul saka
pepenginane bisa sesrawungan karo manungsa liyane. Ing sajrone cerita rakyat bisa
ditemokake unen-unen, basa-basa rinengga, kapribaden manungsa lumantar cerita rakyat
lan bisa nuduhake nilai-nilai kang diugemi ing sajroning masyarakat mau (Atar, 1993:
79).
Saka katrangan ing dhuwur bisa dijupuk dudutan manawa cerita rakyat cedhak
banget marang folklor. Cerita rakyat diwarisake kanthi cara lisan marang kang duwe
cerita (masyarakat) lan kanggo anjaga isi cerita rakyat mau para masyarakat tansah
nyaritakake maneh marang putu-putu ngenani nilai-nilai kang kinandhut ing sajroning
cerita kuwi mau.
Cerita rakyat iku perangan saka folklore, kang ngemu teges kang luwih wiyar.
Folklore yaiku istilah kang digunakake kanggo nyebut uga istilah cerita rakyat. Folklore
minangka istilah saka abad 19 kanggo nuduhake ciri khase yaiku lisan lan tradisioanal
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 5
kuwi mau, banjur anglimputi sakabehing tradhisi lisan kang ana ing masyarakat
(Haviland, 1993 ; 229).
Cerita rakyat uga ditegesi minangka ekspresi budayaning sagolongan
masyarakat lumantar basa tutur sing isih ana sesambungane karo aspek budaya, kaya ta
agama lan kapercayaan, undhang-undhang, padagangan, lan nilai sosial masyarakat ing
kono.
Dhek biyen, cerita rakyat diwarisake turun-tumurun saka generasi siji lan sijine
ing sajrone masyarakat tartamtu, tradhisi lisan (oral tradition) meh dipadhakake karo
folklore, amarga ing sajrone folklore uga ana tradhisi lisane (Suwardi Endraswara,
2005:3).
Titikaning tradhisi lisan saka Tol & Prudentia (1995: 2) yaiku, “ Oral traditions
do not only contains folktales, myths, and legends, but store complete indigenous
cognate systems, to name a few: histories, legal practices, adat law, medications.” Saka
andharan iku cetha manawa tradhisi lisan ora amung cerita rakyat, mite lan legendha,
ananging uga sistem kognasi pasedherekan kang jangkep, uga ngemu sejarah, kukum
adat, praktek kukum, uga bab pengobatan kuna utawa tradisional.
Miturut andharan kasebut pancen bener manawa meh sakabehing tradhisi lisan
ngemu titikan kayadene folklor. Babagan iki andadekake antara folklor lan tradhisi lisan
kerep tumpangsuh lan salah kaprah panganggone lan panyebutane.
Ananging, Endraswara (2005: 4) ngandharake maneh manawa tradhisi lisan luwih
nengenake “lisan”, lan folklor luwih nengenake ing babagan turun-tumurun, luguning
folklore, asline folklore, lan asifat kolektif minangka melik wong akeh ing masyarakat
kono.
Brunvand (lumantar Dananjaya, 1991: 21) cerita rakyat utawa folklore kaperang
dadi 3 jinis, folklore yaitu folklore dudu lisan (non verbal folklore), folklore setengah
lisan (partly verbal folklore), lan folklore lisan (verbal folklore). Kang sinebut folklor
dudu lisan yaiku folklore kang wujude dudu lisan senajan ta cara ngajarake uga kanthi
lisan anganggo tuturan. Folklor setengah lisan yaiku folklore kang awujud campuran
yaiku ana unsure lisan lan ana unsure dudu lisan. Lan folklore lisan yaiku folklore kang
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 6
disebarake kanthi sarana tuturan, lumantar lisan saka uwong siji marang wong sijine
kanthi micara, ngemu unsur tradisional lan turun-tumurun (Danandjaya, 1991:2122)
Miturut andharan Haviland, Tol lan Prudentia manawa tegese folklor isih wiyar
banget. Kaya ing andharan Brunvard yaiku Folklore may be defined as those materials
in culture that circulate traditionally among members of any group in diffirent versions,
whether in oral or by means of customary example (Brunvand, 1968: 5). Folklor bisa
diwenehi definisi yaiku minangka materi-materi budaya kang sumebar kanthi cara
tradisional marang saperangan anggota utawa kelompok-kelompok kanthi versi kang
maneka warna, lan disebarake kanthi cara lisan.
2). Peranganing Cerita Rakyat
Bascom lumantar Danandjaja (1984: 50) merang cerita rakyat dadi 3 yaiku mite,
legendha, lan dongeng.
a). Mite (Myth)
Bascom (lumantar Danandjaja 1984: 50) ngandharake Manawa mite yaiku cerita
prosa rakyat kang dianggep ana sarta dianggep suci dening masyarakat kang duwe cerita
mau. Mite kanthi paraga awujud para dewa utawa makhluk setengah dewa. Kadadeyan
bisa ing donya utawa donya kang beda kaya donya ing jaman saiki utawa kadadeyan ing
donya jaman kuna.
Mite ing Indonesia diperang dadi 2 jinis miturut asal usule panggonan, yaiku asli
saka tanah Indonesia lan asli saka mancanagara kaya ta saka India, Arab, lan negara
sacedhake ing Laut Tengah.
b). Legendha
Danandjaja (1984: 66) ngandharake manawa legendha yaiku cerita kang miturut
pengarange nyaritakake kadadeyan kang nyata lan ana. Legendha yaiku cerita rakyat
kanthi paraga manungsa kang duwe sifat pinunjul. Samana uga kerep dibiyantu dening
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 7
para makhluk ajaib. Minangka bukti yaiku duwe daya linuwih kang dudu saka manungsa
limrah. Cerita rakyat iki kaanggep carita kang nyata ing jaman biyen ananging durung
pati suwe lan kadadeyan manggon ing ngalam nyata yaiku alaming manungsa.
Miturut Gaffar (lumantar Aliana, et al, 1984: 4) legendha yaiku dongeng kang
ngandhut kadadeyan salah sawijining panggonan. Titikaning legendha kaya ta
saperangan dongeng utawa cerita, ora ngemu sejarah kang akeh perangan gaibe,
perangan gaib amung sesambungan karo kedadeyan ing alam, lan sesambungan karo
sawijining dhaerah.
Legendha kaanggep minangka sejarah kolektif kang wus ngalami distorsi amarga
sifate kang lisan mau. Cara nyebarake carita amarga suwe run-tumurun saka generasi
tuwa marang generasi sabanjure, pramila akeh versine saka asline. Legendha uga asifat
sekuler (babagan kadonyan) uga asifat migrator, yaiku kerep alih panggonan kang
nuwuhake carita mau bisa dimangerteni masyarakat kang dedunung ing panggonan kang
beda utawa adoh.
Brunvard (lumantar Danandjaja, 1984: 67) ngandharake perangan legendha
yaiku:
(1) Legendha babagan religi (religious legends),
(2) Legendha babagan alam gaib (supernatural legenda),
(3) Legendha ngenani tiyang/manungsa (personal legends),
(4) Legendha panggonan (local legends)
Katerangan kanthi jangkep kaya ing ngisor iki.
(1) Legendha agama
Legenda agama awujud legendha wong-wong kang suci, kaya ta legendha Suci
Nasrani, legendha Wali Sanga ing pulo Jawa, legendha Syeh Siti Jenar, legendha Ki
Ageng Sela, legendha Sunan Kudus, legendha Sunan Pandhan Arang, legendha Ki
Ageng Nis ing Laweyan, lan liya-liyane.
Hagiografi (legends of saints) minangka legendha suci Nasrani kang wus diakoni
lan disyahake dening gereja Katolik Roma. Hagiografi ateges tulisan, karangan, utawa
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 8
buku ngenani carita uripe wong-wong kang sholeh. Hagiografi minangka perangan saka
kasusastran agama lan isih sinebut folklor amarga versi kang asli isih urip ing satengah-
tengahing masyarakat minangka tradhisi lisan.
Sakliyane legendha kang ngemot cerita wong-wong kang suci, legendha kang
kalebu golongan jinis legendha agama yaiku cerita babagan mukjizat, wahyu,
panyuwunan kanthi sembahyang, kaul kang kinabulake, lan liya-liyane.
(2) Legendha Alam Gaib
Kang kalebu jinis legenda alam gaib yaiku ngenani panggonan-panggonan kang
kramat, wong-wong kerep oleh panyaruwe lan kudu gawe ritual supaya ora kena cilaka
saka panggonan kang angker mau.
(3) Legendha Salah Sawijining Tiyang/ Legendha Perseorangan
Legendha salah sawijining tiyang yaiku carita ngenani wong-wong kang miturut
pengarange kaanggep ana lan kedadeyan iku nyata, wondene legendha iki tuladhane
para pahlawan kalebu raja, pangeran utawa wong-wong saka kawula cilik kang duwe
watak prawira.
(4) Legendha Sawijining Panggonan/Legendha Setempat
Legendha setempat yaiku carita kang ana sambung rapete marang panggonan
tartamtu. Kang kalebu legendha ngenani panggonan-panggonan kaya ta: nama dhaerah,
sarasilah madege dhaerah, wujud aneh satunggaling papan, alam, lan liya-liyane.
c) Dongeng
Dongeng yaiku cerita rakyat kang dianggep ora tau ana, asifat reka-reka/ khayal,
ora gumantung ing wektu lan papan. Para paraga ing carita umume manungsa, sato
kewan, lan makhlus alus. (Danandjaja, 1997: 83). Miturut panulis para paraga ing
dongeng uga ana kang awujud tetanduran utawa taneman.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 9
Danandjaja ngandharake maneh (1984: 84) manawa dongeng umume duwe
ukara pambuka lan panutup kang asifat klise. Saupama ing Basa Inggris kerep
migunakake ukara pambuka: Once upon a time, there lived a… ‘ing sawijining dina ana
pawongan kang urip ing..’, lan ukara panutup … and they lived happily ever after ‘…ing
wusana dheweke urip kanthi seneng, ayem lan tentrem’. Yen ing dongeng Jawa biasane
ana ukara pambuka: Anuju sawijining dina,… lan dipungkasi kanthi ukara panutup:
Eliding dongeng mangkene,…A lan B urip rukun bebarengan kaya Mimi lan
Mintuna,…’
Dongeng bisa kaperang dadi 4 jinis yaiku dongeng kewan (dongeng kanthi
paraga awujud sato kewan kang ora galak, uga kewan-kewan ing ngalas kang galak-
galak), dongeng biasa (jinis dongeng kanthi paraga manungsa lan umume ngemu carita
kang nrenyuhake kaanan uriping manungsa kuwi mau), lelucon lan anekdot (dongeng-
dongeng kang ngemu watak lucu, lan bisa nuwuhake guyon marang sapa wae kang
ngrungokake lan maca caritane), uga dongeng kanthi migunakake rumus (dongeng
kanthi struktur yaiku kerep ngambali carita-carita kang wus disebutake ing sadurunge).
Tuladha-tuladha dongeng kewan:
Asu Ajag lan Manuk Gagak
Ana asu ajag lumaku urut pinggiring kali, sarta angambus-ambus kepengin mangan kang
enak-enak, banjur weruh manuk gagak mencok ing epang, anggondol daging, olehe
nyolong, nedya dipangan ana ing kono. Ciptane asu ajag: lahdalah, daging iku duwekku.
Ora-orane gagak dadi isen-isening telihmu. Yen luput kena ing aku, dudu asu ajag
aranku. Asu ajag ambek julig banjur marani uwit, tembunge: adi temen manuk iku,
wulune becik, irenge meles, gumunku ngudubillahi. Sajeg aku durung tumon manuk
kang becike ngungkuli iku. Saupama aku luntasa tuwin pinunjula ing swara, temen-
temen dak sebut ratuning manuk. Manuk gagak mongkog angrungu tembung kaya
mengkono, sumedya mamerake swarane. Bareng muni daginge runtuh, banjur
diplayokake ing asu ajag.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 10
Eliding dongeng mangkene: aja pracaya marang wong kang nandukake pangonggrong,
ora wurung andadekake kasusahanamu (Kapethik saka Layang Dongeng Sato Kewan,
C.F. Winter: 1923: 8-9).
Asu Ajag lan Singabarong
Ana asu ajag matur marang ratuning beburon, tembunge: gusti Singabarong,
panjenengan dalem kados boten kekilapan dhumateng katemenan kawula, katandha
saking solahbawanipun abdi dalem. Ing sapunika mugi kalilana anyaosi pratandha ing
pamundhi kawula ing panjenengan dalem. Wonten satunggiling kuldi angerang-erang
ing panjenengan dalem gusti, angantos geter anggen kawula badhe ngunjukaken, kuldi
wau purun-purun anacad ing kautamenipun kaprabon dalem sarta anggegujeng, makaten
wicantenipun: mungguh ing kabijaksanane Singabarong iku kari karo gajah, karosane
kaungkulan dening macan. Sumangga panjenengan dalem malih, iba anggenipun
amemirangaken wicantenipun kuldi gentho. Barong dalem ingkang sanget kawula erami,
tuwin buntut dalem ingkang rosa, kasor dening suri saha buntuting kapal. Punapadene
bareng calathu asu ajag tekan samono, Singabarong anyelani: menenga, aku keju
ngrungokake atur pratandha katemenanamu kang kaya mangkono iku, wewadul ala
angur aja kok unjukake, sapangomonging asu ajag utawa kuldi aku ora praduli.
Eliding dongeng mangkene: sing sapa nepsu dening pangomonging gentho, iku
bodho. Anglakonana panggawe becik aja nganggo mengeng, iku ugering kabijaksanan
(Kapethik saka Layang Dongeng Sato Kewan, C.F. Winter: 1923: 29-30).
Sapi Lanang lan Singabarong
Ana sapi lanang papat, antara lawas padha ayem mangan nunggal sapangonan,
sarta padha rukun anulak upayaning satrune kang luwih rosa, iya iku Singabarong, kang
ngenggoni alas cedhak pangonan mau. Luwene banget, sarta wus lawas anggone
andingkik memangsane kang padha lemu-lemu, ananging saben-saben ngaton nedya
nubruk kanggek dening sapi papat mau isih padha ngumpul, dadi tansah kalinteran,
angarep-arep pisahe, awit ora kelar nyembadani sapi papat. Ananging pangarahe tanpa
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 11
wekas, mitra papat kang rukun mau tansah angisab-isab marang pangigit-igiting
Singabarong. Sarehning kerep kacuwan, meh nedya murungake karepe, ananging ora
antara lawas pangarahe salin salaga, awit sapi papat kang maune tansah rukun
andadekake ing kaslametane, wasana padha ecrah, amarga dening sulaya remeh, kang
ora antara lawas anukulake ewa lan gething, dadi ora gelem kekumpulan maneh padha
ambelayang dhewe-dewe adoh parane. Singabarong tumuli weruh, yen prakara salin
salaga, bungah sarta andilat brengose, sapi papat mau genti-genti dimangsa.
Eliding dongeng mangkene: dongeng iki kena dadi wewulang, anuduhake
pakolehe wong rukun sarta gempaling kaslametan kang marga dening ecrah (Kapethik
saka Layang Dongeng Sato Kewan, C.F. Winter: 1923: 35-36).
Tuladha Dongeng Biasa (kanthi Paraga Manungsa)
Pangilon
Ana sadulur loro lanang wadon, aran Si Kenang lan Si Jami, karone ing sawiji
dina padha ngilo ing pangiloning embokne. Si Kenang angluwihi bagus sarta bungah
andeleng rupane, ananging Si Jami sarehning rada burik, nangis andeleng rupane ana ing
pangilon.
Embokne weruh, acalathu marang Si Kenang, Kenang, aja kowe ngagungake
marang kabagusan kang ora awet salawase lan reksanen kabagusan iku aja kongsi rusak
sadurunge tumeka ing mangsa, kang jalaran saka ing pakarepan ala, dene kowe Jami,
puwungen alane rupamu, awit ana kang ngungkuli bagus utawa ayuning rupa, sarehne
kowe ora kadunungan ing ayu, angaraha duwe kaluwihaning ati, minangka lelirune.
Eliding dongeng mangkene, awak bagusa utawa ayuwa kaya apa ing wekasan
dadi lebu, ananging kautamaning ati isih gumebyar ana ing swarga (kajupuk saka buku
Dongeng Isi Wewulang Becik, Winter, 1889: 84-86).
Wong Lelaku lan Begal
Ana wong lelaku nunggang jaran, angambah dalan arang disaba ing wong. Dalan
mau kang pinggir tengen ana kaline, kang pinggir kiwa gunung lan dhadhah. Anuli ana
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 12
begal loro metu saka grumbul karo angliga pedhang, sarta angundang-undang :
mandhega, ulungna dhuwitmu, utawa patimu. Sawuse mangkono, enggal anyandhak
apuse. Kang nunggang andharodhog amarga saking kaget sarta wedine bakal kailangan
dhuwit tuwin barange, kasompok ing playune, sanalika anggiwarake jarane, anggebyur
ing kali, sedyane angoncati sawijining pakewuh, wasana kalebu ing bebaya kang luwih
gedhe, awit saking santering banyu, kang nunggang lan jarane keli. Karosan wus tanpa
gawe, jelih-jelih anjaluk tulung, ora ana kang nulungi. Santering banyu angilangake
dayane, wasana wong lan jarane padha mati.
Eliding dongeng mangkene : yen kowe katekan ing pakewuh rong prakara,
amurih aja kongsi kelangan duwekmu kabeh, pakewuh mau salah sawiji endi kang
entheng tempuhen (kajupuk saka buku Layang Dongeng Sato Kewan lan
Sapanunggalane, Winter, 1923: 44-45).
Wong Lelaku lan Kanthong Wadhah Dhuwit
Ana wong loro bebarengan padha lelaku, kang siji weruh kanthong isi dhuwit,
sumeleh ing lemah, banjur dijupuk, calathune: esuk iki aku begja temen, dene nemu
kanthong isi dhuwit. Kancane anyambungi: iya dhasar begja, ananging pangrasaku,
luput calathumu iku, benere ngucapa aku wong loro lan kowe kang nemu, ora mung aku
bae. Awit yen mitra loro padha lelaku, salah sawiji nemu begja, patut kancane
kapandumana. Kang nemu kanthong amangsuli: iku ora mangkono, sing nemu aku, ya
aku kang duwe. Sawuse calathu mangkono, ora antara suwe padha kaget angrungu wong
alok-alok maling nyebrot kanthong isi dhuwit ana ing dalan. Kang nemu kanthong mau
calathu: o lah bilahi, aku lan kowe amasthi dicekel. Kancane sumaur: yen lega atimu aja
calathu aku lan kowe, mung ngucapa aku bae kang amasthi bakal di cekel, mulane
mangkono, awit kowe ora gelem aweh pandumane kang kotemu, dadi ora bener yen aku
milua nandhang paukumane.
Eliding dongeng mangkene: yen wong sajroning kabegjan ora pisan gelem
mandumi marang sapadha-padhane tumitah, mangka tumiba ing bilai, ora bener yen
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 13
anduwenana karep dibelanana (kajupuk saka buku Layang Dongeng Sato Kewan lan
Sapanunggalane, Winter, 1923: 84-85).
Sawah
Ana wong miskin aran Sakrama, omahe dumunung ana ing ara-ara, kang peteng
dening garumbul tuwin dening thethukulan warna-warna kang aeri. Anuju sawiji dina
panuju benter: mangsane wong panen, Si Sakrama ngaleleh ana sangisoring garumbul.
Anuli ana wong desa liwat, anggawa keser kebak isi pari. Si Sakrama murina andeleng
kebaking keser isi pari iku, amitambuhi marang wong desa mau.
Wong desa iku anggraita, yen dimurinani, tumuli mandheg, acalathu marang Si
Sakrama, tembunge, upama lemah bera duwekmu iki kopulasaraa, saben dina mung
oleha saambane kang kasasaban ing awakmu kang keset iku, amasthi ing saben taun
kowe oleh pari, angluwihi kehe kang ana ing keser iki.
Ujar mangkono iku andadekake panujuning atine Si Sakrama, sakehing thethukulan
kang aeri lan garumbul-garumbul padha dibabadi, lemahe pinulasara, banjur dadi sawah,
ora nganggo ambandhani dhuwit, akeh pametune pari, minangka dadi pangane
saanakrayate kabeh.
Eliding dongeng mangkene, kesed iku anuntun marang bilai lan marang
kekurangan, wong pethel ing salawase ora kacingkrangan pangan (Kapethik saka
Dongeng Isi Wewulang Becik, C.F. Winter, 1889: 36).
Uwit Dhuwur
Bocah lanang kang aran Si Jendhul luwih dening ambeler, sarta kaduk wani
tanpa deduga, apadene lumuh manut ing pitutur becik, malah-malah dicampahi. Anuju
sawijining dina Si Jendhul mau dolan-dolan karo sadulure aran Si Siyem. Tenagane
luwih dening ora patut, angidak-idak kekembangan, amronggoli tetanduran, lumumpat
ing kalen, anusup-nusup ing garumbul.
Sadulure wadon calathu, Jendhul, Jendhul, kowe iku andhugal banget, sarta
kaduk wani tanpa deduga. Elinga marang ujarku, kadadeaning awakmu bakal kaya
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 14
tuture si biyung, yen kalantur tenagamu kang kaya mangkono, ora kongsi lawas amasthi
nemu bilai. Si Jendhul gumuyu, banjur menek ing uwit kang dhuwur dhewe, anguwuh-
uwuh marang sadulure wadon. Siyem, tumengaa, delengen, aku saiki mencit. Ora antara
suwe epange uwit kang dienciki mau sempal, Si Jendhul tiba tugel baune siji.
Eliding dongeng mangkene, sing sapa anyampahi pirembug becik, iku pepadhane
wong gemblung (Kapethik saka Dongeng Isi Wewulang Becik, Winter, 1889: 25).
2. Materi II
a. Struktur Cerita
Hakikat struktur cerita, saben cerita utawa karya sastra kabangun utawa kasusun
kanthi koherensif dening unsur-unsur kang ambangun karya sastra mau. Unsur kang
ambangun karya sastra yaiku sinebut bisa ditegesi minangka sesambungane unsur siji
lan sijine kang ana ing sajroning karya sastra (Nurgiyantoro, 2002: 36). Miturut kaum
Strukturalisme, karya sastra nuduhake wujud wutuh kang kadadeyane saka unsur-
unsure.
Ing perangan liyane, struktur karya sastra bisa ditegesi minangka susunan,
gegambaran sakabehing bahan lan dadi perangan utawa komponen kang sesambungan
kanthi bebarengan mujudake sawijining sastra kang endah.
Nurgiyantoro (1995: 26) ngandharake manawa tegese struktur ana 2 jinis. Teges
kang kapisan yaiku struktur karya sastra minangka susunan, gegambaran sakabehing
bahan lan dadi perangan utawa komponen kang sesambungan bebarengan mujudaken
sawijining sastra kang endah. Teges kang kaping pindho yaiku struktur karya sastra
nuduhake sesambungane unsur-unsur intrinsik kang asifat rumaket, unsur siji lan sijine
padha bisa njangkepi kanthi bebarengan, uga bisa amangun endahing karya sastra.
Miturut andharan-andharan iku mau bisa diungelake manawa struktur minangka
totalitas kang kasusun saka bageyan-bageyan kang padha-padha bisa anjangkepi sarta
nemtokake teges/makna marang siji lan sijine.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 15
Karya sinebut ngemu kagunan nilai manawa saben unsur-unsur kang asifat
ambangun (yaiku unsur intrinsike) uga katon lan nyawiji dadi siji ing sajroning struktur
karya sastra mau, yaiku tema, karakter, plot, setting, lan basa (Fananie, 2001: 76).
Struktur formal karya sastra yaiku struktur kang katon ing sajroning teks. Dadi,
struktur formal karya sastra uga sinebut elemen utawa unsur-unsur kang andadekake
wujud sawijining karya sastra (Fananie, 2001: 83).
Cara nyinau struktural karya sastra yaiku kanthi cara mangerteni, negesi, lan
anggambarake fungsi unsur-unsur intrinsik mau (Nurgiyantoro, 2002: 37). Cara kang
kapisan yaiku anggambarake lan njlentrehake tema, plot, tokoh utawa paraga, latar,
amanat, lan liya-liyane.
Bisa kapethik manawa analisis struktural duwe ancas yaiku anggambarake
kanthi premati fungsi lan gegandhengane unsur siji lan sijine satemah bisa andadekake
karya sastra kang wutuh lan apik (Nurgiyantoro, 2002: 37). Karya sastra iku duwe
struktur kang kompleks lan unik, ewasamono analisis iki ora ngemungake nggambarake
lan menehi tuladha unsur-unsur kang amangun karya sastra kaya ta peristiwa, plot,
paraga/ tokoh, latar utawa liyane. Ananging sing luwih penting yaiku anggambarake
kapriye sesambungane unsur-unsur iku mau, sumbangane apa marang karya sastra lan
kapriye bisa menehi kaendahan marang estetika karya sastra lan marang makna kang
pengin diandharake dening pengarang. Analisis struktural uga bisa arupa analisis fungsi
lan analisis sesambungane unsur latar wektu, panggonan, sosial budaya lan liya-liyane
(Nurgiyantoro, 2002: 3738).
Cerita rakyat (folk literature) kang uga kalebu perangan saka karya sastra duwe
unsur-unsur kang sesambungan, tansah anjangkepi, lan amangun cerita kanthi wutuh lan
apik. Unsur-unsur formale (unsur intrinsik) ing cerita rakyat, yaiku: tema, plot, tokoh
lan penokohan, latar (setting), lan amanat.
1) Tema
Tetembungan tema iku asalae saka tembung theme kapethik saka basa Inggris.
Uga ditegesi tema yaiku makna utawa ide utawa gagasan sentral minangka dhasaring
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 16
sawijining carita. Saben karya sastra mesthi duwe tema. Tema sawijining karya sastra
kudu dijupuk saka ceritane kabeh, ora bisa manawa mung katemtokake saka salah
sijining carita (Nurgiantoro, 2007;68 ).
Saben cerita (fiksi) kang apik ora ngemungake awujud ngrembakaning lelampahan
utawa prastawa, ananging uga nuduhake pokok pikiran kang arep diandharake dening
pengarang marang para maos. Mangkono iku kang dadi dhasare, gagasan utama utawa
tema cerita. Cerita kang ora duwe tema tamtu ora ana manfaate marang para maos
(Sugono, 2003a: 168). Tema pancen maneka warni. Masalah apa wae kang ana ing
ngalam donya bisa dadi tema sawijining karya sastra.
Tema yaiku ide, gagasan, pandangane pengarang kang melu gawe werna
marang model karya sastra (Fananie, 2001:84). Amarga sastra minangka refleksi
panguripaning manungsa/masyarakat, pramila tema kang ana ing sajroning karya sastra
bisa maneka warna. Tema bisa awujud masalah-masalah moral, etika, agama, sosial
budaya, olah kridhaning manungsa, teknologi, utawa tradhisi kang ana ing satengahing
masyarakat.
Tema disaring saka motif-motif/pepenginan-pepenginan kang ana sajroning cerita
utawa kang nuwuhake kadadeyan-kadadeyan, konflik, lan swasana tartamtu
(Nurgiyantoro, 2002: 68). Sakliyane iku, tema asifat naleni sakabehing kadadeyan uga
asifat “naleni” anane kadadeyan-kadadeyan, kalebu uga unsur-unsur instrinsik liyane,
amarga perangan-perangan iku kudu bisa anjurung marang cethaning tema. Tema dadi
dhasar kanggo ngrembakakake sakabehing cerita lan menehi ruh marang bageyan-
bageyan cerita iku. Tema duwe generalisasi kang umum, luwih amba, lan abstrak.
Tema yaiku sesambungan kalawan perangan hakiki manungsa, kaya ta rasa
tresna, wedi, kabagyan, kasangsaran, lan liya-liyane (Waluyo, 2002: 142). Tema
kadhangkala bisa padha lan ditulis dening pengarang kang beda. Ana pengarang kang
andadekake tema minangka tema sentral, ananging uga ana pengarang kang andadekake
minangka subtema tema utawa tema tambahan. Meh kabeh kadadeyan ing donya bisa
kajupuk lan kadadekake tema cerita. Miturut katrangan-katrangan ing ndhuwur, tema
ora bisa dipadhakake karo topik. Topik sawijining cerita yaiku pokok pacelathon ana ing
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 17
sajroning cerita, manawa tema iku gagasan utama kang amangun sawijining cerita.
Tema duwe fungsi yaiku minangka pedoman utawa cekelaning pengarang anggone
nggarap sawijining cerita lan mangun kadadeyan-kadadeyan kang saka alur. Tema kang
kerep ditemokake ana ing karya sastra lisan utawa tulis, racak-racake asifat didaktis.
Ateges, tema umume ngandharake antarane pakarti kang apik lan kang ala. Tema-tema
kang diandharake ing sajroning karya sastra kaya ta adil mungsuh perkara kang ora adil,
sabar mungsuh karo kamurkan, iri drengki, srei, lan sapiturute.
2) Plot/ Alur Cerita
Alur uga sinebut kanthi istilah plot. Alur minangka perangan kang penting saka
sawijining cerita, malah akeh para ahli kang nyebutake manawa unsur kang paling
penting tinimbang unsur-unsur liya. Ndhudhah struktural karya cerita luwih nyenengake
manawa ngrembug babagan alur. Babagan iki bisa kanggo alesan manawa alur bisa
aweh teges marang para ingkang maos kanggo mangerteni isi cerita. Plot/alur cerita
minangka unsur fiksi kang penting, malah akeh kang nyebutake manawa unsur kang
paling penting tinimbang unsur-unsur liyane (Nurgiyantoro, 2002: 110).
Babagan iki pancen bener, manawa anggone njlentrehake plot kanthi premati
bisa aweh cethaning kadadeyan siji lan sijine kang wus diandharake pengarang kanthi
linear, satemah bisa anggampangake mangerteni cerita kang lagi diwaca. Cethaning plot
uga bisa ditegesi cethaning cerita. Plot kang ora neka-neka agawe cerita gampang
dingerteni maknane. Kosokbaline, manawa ora katon jelas (ruwet lan kompleks)
andadekake cerita angel dimangerteni.
Elemen plot/ alur cerita katitik saka andharan wiwitaning cerita, terus
ngrembaka tumuju anane konflik kang terus saya andadi, lan kapriye cara ngrampungi
konflik. Kanggo anjangkepi andharan iku mau, Waluyo (2002: 147-148) ngandharake
manawa plot utawa alur cerita anglimputi:
a) Paparan awaling sawijining cerita (exposition), yaiku perangan kang awujud
gegambaran lan wiwitaning mangerteni situasi latar lan tokoh-tokoh cerita. Tahap
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 18
iki minangka tahap pambuka sawijining cerita utawa asung pawarta kang sepisanan
lan duwe fungsi yaiku minangka landhesan cerita kang bakal diandharake ing
bageyan-bageyan sateruse.
b) Wiwit thukul problem (inciting moment), yaiku tahap kang nukulake masalah-
masalah kang andadekake anane konflik. Dadi, ing tahap iki minangka tahap awal
anane konflik. Konflik iku bakal ngrembaka ing tahap-tahap sabanjure.
c) Konflik wiwit lumaku (rising action), yaiku tahap/swasana thukule konflik kang
saya andadi. Kadadeyan-kadadeyan dramatik kang dadi inti cerita saya suwe saya
medeni lan agawe kaget. Konflik-konflik kang ana banjur tumuju marang klimaks
lan saya ora bisa kabendung.
d) Konflik saya suwe saya ruwet (complication), yaiku tahapan kang nuduhake
manawa konflik ing swasana kang paling dhuwur utawa panas-panase. Padudon-
padudon kang ana ing sajroning pribadi-pribadining para paraga utawa marang
paraga liyane ngambah ing swasana paling tintrim, paling panas. Klimaks cerita
katitik saka para paraga kang arep kataman dening konflik iku mau. Sawijining
karya fiksi kang ngemu alur kang panjang mesthi duweluwih saka siji ing babagan
klimaks iki.
e) Konflik wiwit mudhun (falling action), yaitu tahap klimaks wiwit kendho utawa
mudhun. Ateges, klimaks wiwit kendho, konflik wus ameh rampung lan ana dalan
kanggo ngudhari konflik mau.
f) Karampunganing konflik ( denouement) yaiku tahapan kang asung karampungan
marang konflik. Sawise ana dalan kanggo ngudhari konflik, cerita banjur dipungkasi
dening pengarang.
Kenny (lumantar Nurgiyanto, 2007: 130). Tatacara gawe plot yaiku masalah
plausibilitas (plausibility), ana unsur kang adamel eram/nggumunake (surprise), rasa
kapengin ngerti (suspense), wujud kang wutuh/gumolong (unity). Plausibilitas duwe
ancas saperangan perkara kang bisa dipercaya dening logika cerita. Plot sawijing cerita
kudu asifat plausibel, bisa dipercaya dening manungsa.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 19
Anane sifat bisa dipercaya minangka perangan kang esensial banget.
Ngrembakakake plot manawa ora plausible bisa agawe bingung lan raguning para kang
maos. Suspense yaiku nuwuhake rasa greget ing atine para kang maos lan kapengin
ngerti piye plot sabanjure saka para kang maos. Rasa penasaran iki penting banget kang
andadekake fiksi luwih nyenengake (Abrams,1981: 138).
Surprise, cerita kejaba kudu bisa nengsemake lan nuwuhake suspense ananging
uga kud bisa agawe kaget. Unity, mujudake karya kang wutuh kang kadadeyan saka
unsur-unsur kang ana lan sesambungan siji marang sijine. Kadadeyan-kadadeyan
pengalamaning urip bisa dijlentrehake kanthi cetha, duwe sesambungan siji lan sijine.
Perangan-perangan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane manawa plot/alur cerita
minangka tali sesambunganing cerita wiwit awal tekan pungkasan, sambung-sinambung,
dinamis, lan duwe sesambungan kausalitas (sabab nuwuhake akibat).
Plot/alur cerita minangka perangan kang penting banget ing sajroning cerita.
Plot/alur cerita duwe fungsi ngajak para kang maos supaya ngerti kanthi bener lan
terang. Plot/alur cerita uga duwe fungsi supaya pengarang bisa gawe ing tahapan
cerita-cerita sabanjure. Tanpa plot/alur cerita ora arep kasil kanthi apik, cerita angel
dimangerteni lan ditegesi.
3) Tokoh/ Paraga lan Karakter
Tokoh lan penokohan minangka tetembungan kang sejatine cedhak banget.
Istilah tokoh iku magepokan karo uwonge/paragane, paraga cerita; yen penokohan yaiku
gegambaran kang cetha babagan tokoh kang ana ing sajroning cerita (Nurgiyantoro,
2002: 165).
Sasebutan tokoh bisa digambarake kanthi pitakonan: “Sapa tokohe utama cerita
iku?”; “Tokoh utama ing sajroning cerita iku priya utawa wanita?” Manawa penokohan
luwih cedhak karo watak, karakter, utawa magepokan marang sifat, olah kridhaning
para tokoh kang ditafsirake dening para kang maos, pramila penokohan luwih babagan
kualitas pribadi tokoh kang lagi diceritakake.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 20
Tokoh karya fiksi yaiku tokoh-tokoh kang direka-reka. Senajan ta amung reka-
reka utawa amung imajinasining saka pengarang, masalah perkara penokohan minangka
perangan kang bisa ambangun sawijing carita. Tokoh-tokoh iku ora amung ndadekake
cerita urip, ananging uga ngandharake ide, pepenginan-pepenginan, plot, lan tema
(Fananie, 2001: 86).
Sabanjure ana sesambungan antarane penokohan lan perwatakan. Penokohan
sesambungan kapriye cara pengarang nemtokake tokoh lan menehi jeneng marang tokoh
iku. Perwatakan sesambungane karo karakterisasi utawa kapriye watak tokoh-tokoh iku
mau (Waluyo, 2092: 164).
Manawa lagi sepisanan anggone maca lan ngrungokake cerita, para kang lagi
maos mesthi ditepungake karo jeneng-jeneng tokohe. Paraga-paraga/ tokoh-tokoh ing
sajroning cerita duwe karakter dhewe-dhewe, apik lan uga jahat/ala. Tokoh-tokoh kang
duwekarakter tartamtu umume kerep dadi bahan pacelathon ing masyarakat. Masyarakat
kerep niru polahe tokoh-tokoh sing digandrungi. Awit saka iku istilah tokoh ngemu teges
marang: uwonge, pelaku cerita kang duwe sifat-sifat kapribaden kang ana ing sajroning
pribadine. Tokoh lan penokohan iku beda, ananging duwe sesambungan kang rumaket
amarga saben para mesthi duwe karakter utawa penokohan.
4) Latar (Setting)
Miturut Sayuti (2000: 127) latar utawa latar utawa setting yaiku elemen fiksi
kang nuduhake marang para kang maos babagan ing jaman apa, kapan kadadeyan-
kadadeyan iku lumaku. Kanthi andharan iku, Abrams (lumantar Nurgiyantoro,1995:
216) uga ngandharake manawa latar utawa setting minangka pangertosan kang ana
sesambungane karo panggonan, wektu, lan lingkungan sosial yaiku kapan kadadeyan
iku diceritakake dening pengarang.
Latar yaiku sakabehing katerangan ngenani wektu, ruang, lan swasana kang
kamot ing sajroning karya sastra. Deskripsi latar kudu asifat fisik, realistis, dokumenter,
lan uga arupa deskripsi perasaan (Budianta, Husen, Budianta, lan Wahyudi, 2002: 86).
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 21
Sajroning karya sastra, setting minangka elemen kang paling wigati lan bisa
ambangun karya sastra, amarga elemen iku bisa andadekake kadadeyan ing sajroning
karya sastra kaya-kaya katon ing ngarepe para kang maca (Fananie, 2001: 97). Kajian
setting bisa kanggo negesi kapriye sesambungane perilaku lan watak tokoh sarta
kajumbuhake marang kondisi masyarakat ing jaman saiki.
Hudson (lumantar Waluyo, 2002: 198) ngandharake manawa setting yaiku
sakabehing lingkungan cerita kang bisa awujud adat istiadat, tatacara-tatacara, lan
pandanganing urip para tokoh. Setting utawa latar cerita mesthi magepokan kalawan
wektu lan papan kang diceritakake, kaya ta awan lan bengi, wulan, taun, lan sapiturute.
Panggonan kang diceritakake bisa wujud kaya ing karya sastra yaiku sawah,
pinggir segara, gunung, kali, lan liya-liyane.
Latar aweh andharan kang konkret lan cetha. Babagan ini penting banget kanggo
menehi kesan realistis marang kang maos, agawe swasana kang bisa kayadene swasana
kang nyata lan ana. Para kang maos bisa ngrasakake lan bisa mbiji bener, pener ananing
latar lan wusanane para ingkang maos dadi luwih akrab. Para kang maos kayadene
ngemokake dheweke ing sajroning cerita kang lagi diwaca. Babagan ini bisa dirasakake
manawa latar bisa narik kawigaten, kaya bisa ngandharake swasana sakiwatengene,
paring warna lokal, jangkep karo perwatakane.
Saka andharan ing dhuwur, bisa dipethik manawa latar minangka deskripsi
utawa gegambaran situasi ngenani panggonan geografis kang kamot ing cerita, wektu
ngenani kadadeyan ing cerita, lan gegambaran deskripsi sosial budaya ing
sakiwatengene tokoh lan lingkungan masyarakat kang kamot ing cerita.
5) Amanat
Amanat yaiku andharan kang sinerat utawa ora sinerat ing sajroning cerita.
Sawijing amanat ana ing cerita arang-arang banget kang diandharake kanthi gamblang
lan cetha. Amanat minangka jawaban saka tema. Ing sajroning amanat katon banget
kapriye kawasisan lan cita-citane pengarang. Amanat bisa kaandharake kanthi eksplisit
(tinarbuka) lan uga kanthi cara implisit (Esten, 1978: 22). Amanat sesambungane karo
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 22
makna, yaiku perangan kang khas, umum, subjektif, lan kudu ditindakake kanthi
nafsirake karya (Teeuw, 1983: 27).
Sawijining amanat bisa dikandhakake apik manawa amanat iku bisa aweh asil-
asil kang luwih amba marang penggesanganing manungsa. dadi, sawijining cerita
dianggep duwe amanat kang apik manawa amanat iku bisa dadi teladan marang warga
masyarakat.
Amanat utawi hikmahe cerita bisa diandharake kanthi tinarbuka/ sinerat
(eksplisit) lan ora tinarbuka (implisit). Amanat bisa kajupuk saka dialog utawa
pacelathon para paragane.
Amanat kang diaturake kanthi langsung lan tinarbuka ini gampang anggone
nggoleki. Ananging, amanat kadhangkala bisa dicekel saka pangrekadaya pikiran lan ati
marang apa-apa kang diceritakake ing cerita mau. Sawijining para kang maos kudu bisa
anggoleki hikmah, pepenginan, utawa ajaran ing suwalike kedadeyan utawa para
paragane.
3. Materi III
a. Nilai Edukatif ing Cerita Rakyat
Saben karya sastra kang apik (kalebu cerita rakyat) ngemu nilai-nilai/pitutur-
pitutur luhur kang ana paedahe tumrap para maos. Pitutur-pitutur iku asifat aweh
pendidikan sarta anggugah atine para maos kayadene nilai moral, nilai adat, uga nilai
agama. Andharan iki cocog karo andharan Waluyo (1990 : 27), yen nilai sastra ateges
kabecikan-kabecikan kang ana ing sajroning kasusastran lan migunani tumrap
pasrawungan.
Karya sastra uga bisa dadi sarana aweh pangajaran lan pendidikan tumrap
masyarakat lan duwe ancas minangka alat paring daya kekiyatan, daya semangat, lan
bisa anambah kaprecayan dhiri sarta bisa ngluwari pikiran kang lagi ruwet. Cerita rakyat
minangka peranganing karya sastra, ngemu nilai pendidikan, manawa didhudhah kanthi
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 23
luwih jero bakal ditemokake nilai-nilai tepa tuladha lan pitutur-pitutur kang migunani
tumrap paraga uga kadadeyane.
Ndhudhah lan nyekel pitutur-pitutur luhur ing sajroning kasusastran, para maos
kudu bisa methik nilai edukatif ana ing sajrone cerita rakyat iku. Sarana kang kanggo
supayane bisa antuk nilai-nilai kang migunani iku, para ingkang maos kudu kerep maca
lan nguwasani isine supaya nilai edukatif bisa tekan tumrap para ingkang maos.
1) Nilai Pendidikan Moral
Para paraga ing sajrone cerita duwe moral kang apik lan duwe pamawas marang
sifat kang ala lan becik, senajan kadhangkala uga asifat relatif. Nurgiyantoro (1995 :
321) ngandharake manawa moral, nilai, lan nilai kang apik sarta kinandhut ing sajroning
cerita rakyat umume saka kayakinane pengarang. Sajroning karya sastra, moral
minangka kaca brenggalane kayakinane pangripta kang ditulis marang para maos.
Moral awujud pitutur sing ana sesambungane karo ajaran tartamtu kang asifat
praktis, lan bisa ditegesi dening wong kang maca (Nurgiyantoro, 1995: 322). Moral
minangka sarana saka pengarang kanggo nuduhake marang para ingkang maos ngenani
panguripan, subasita, tata pasrawungan antarane paraga siji lan sijine. Moral mesthi
ngenani subasitaning manungsa, kang apik lan kang ala, kang tumuju ing budi pekerti
supaya tumanem lan bisa dadi sarana kanggo mujudake kapribadening para ingkang
maos.
2) Nilai Pendidikan Adat / Tradhisi
Adat uga bisa sinebut tradhisi tegese tatacaraning urip kang wus dadi tumindak
saben dina sarta turun-tumurun ing sajroning masyarakat. Tatacara urip utawa
paugeraning ngaurip kang anglimputi adat istiadat, tradisi, keyakinan, pandanganing
ngaurip, cara mikir lan kalebu perangan spiritual. Uga ana sesambungane karo status
sosial para paragane (Nurgiyantoro, 1995 : 233).
Tatacara gotong-royong, katindakake amarga saben uwong uga butuh srawung
marang wong liya. Sakabehe asil karyaning manungsa kuwi katindakake kanthi sarana
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 24
sesrawungan marang wong liya. Tindak-tanduking manungsa duwe sifat kang apik. Ing
sajroning tradisi ngemu kearifan kang akeh banget cacahe. Globalisasi dudu sawijining
cara kang ngajarake kabeh kudu anyar, ananging melu nglestarekake warisan para
leluhur uga kalebu pakaryan kang apik. Globalisasi kudu digawe kanggo sarana
nuwuhake rasa andarbeni marang kabudayane dhewe.
3) Nilai Pendidikan Agama / Religi
Wong-wong ing padesan rikala jaman kang kepungkur katon duwe rasa religius
kang apik lan katitik manawa akeh masyarakat kang nindakake upacara-upacara
sesambungane karo agama utawa ritual upacara tradhisi para leluhure, arupa slametan,
bersih desa, aweh sesajen marang roh-roh leluhur kang wus sumare. Ana uga sarana
donga kanggo nyuwun udan marang Gusti Kang Maha Kuwasa rikala mangsa ketiga.
Kabeh ritual kaya mau dipandhegani dening tokoh adat utawa tokoh agama
(Wisadirana, 2004: 60).
Religi utawa kepercayan ngemu kayakinane manungsa kang tumuju marang
sifat-sifat Pangeran/Allah, babagan alam gaib, sakabehing nilai, norma sarta ajaran
religi. Tatacara ritual lan upacara iku minangka pangrekadayane manungsa kanggo
mangerteni Gusti Allahe, dewa-dewa, utawa makhluk-makhluk alus kang urip ing
ngalam gaib (Koentjaraningrat, 1984: 145).
Masyarakat percaya manawa agama dadi tuk sumbering kakuwatan marang
kasaenan. Bisa kapethik manawa cerita rakyat ngemu nilai-nilai pendidikan agama kang
jumbuh ing jaman kuna, jaman saiki utawa jaman kang bakal kelakon.
4) Nilai Pendidikan Kepahlawanan
Pahlawan bisa sinebut minangka wong kang wani ngurbanake jiwa raga, arta
barana kanggo ambelani negarane. Saka tembung pahlawan tuwuh sifat kang duwe rasa
wani marang sapa wae wong kang bakal angrusak nagara, nusa, lan bangsane. Warga
negara kudu bisa ambela marang nusa bangsane. Pahlawan duwe rasa andarbeni, duwe
lan kudu ambela kanthi wutahing rah kang pungkasan.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 25
Babagan bela negari, rasa duwe bangsa uga sinebutake ing karya sastra. Kang
biasane cedhak karo tokoh utawa paraga ing cerita. Tetiyang utawa paraga kang ana ing
sajrone cerita dadi gul-aguling masyarakat, ananging uga ana kang ora disenengi dening
masyarakat. Paraga ing karya sastra umume duwe sifat-sifat kang sae, ambelani kang
bener, rasa kanggo amedharake sing apik lan sing ala isih dhuwur. Kosokwangsule
manawa ana tokoh kang ora disenengi uga duwe watak kang asor lan kurang apik.
D. RANGKUMAN
Masyarakat Jawa mengerteni ana tradisi sastra lisan arupa cerita rakyat kaya ta
mite, legendha, lan dongeng. Tradisi lisan iku ngemu nilai-nilai kang migunani tumrap
masyarakat minangka salah sawijining tuking kabudayan Jawa. Ing masyarakat Jawa,
umume ana istilah utawa tetembungan cerita rakyat. Tegese jinising carita kang sumebar
ing masyarakat. Cerita iki tumanem ing sajrone atining para masyarakat. Cerita iku
pancen ana kang ngemu dongeng.
Pangertosan bab dongeng terus tuwuh manawa kang dianggep dongeng amung
cerita kanthi paraga-paraga saupama kewan, uwit-uwitan, utawa barang-barang kramat.
Yen cerita kanthi tokoh manungsa dianggep iku kalebu cerita rakyat. Babagan iki prelu
dijejegake supayane ora salah kaprah (Endraswara, 2005: 163).
Cerita rakyat klebu salah sawijining wujud (genre) saka folklor. Folklor bisa
sinebut kabudayaning rakyat pramila luwih amba tinimbang cerita rakyat. Danandjaja
(2007: 14) ngandharaken peranganing folklor-folklor ing Indonesia yaiku: kaprecayan
rakyat, upacara adat, cerita prosa rakyat (mite, legendha, lan dongeng), lagu-lagu
dolanan bocah-bocah, arsitektur rakyat, teater rakyat, musik rakyat, lan liya-liyane.
Ing masyarakat Jawa, cerita rakyat akeh banget jinise kang sumebar ing
satengahing masyarakat. Cerita ini wus tumanem ing sajroning batin masyarakate. Ing
sajroning cerita rakyat iki, ana uga kang ngemu sifat dongeng. Miturut Husnan (1984:
82) dongeng yaiku cerita khayal utawi cerita kang ngemu fantasi-fantasi, utawi
nyaritakake kadadeyan nyata ananging dibumboni dening carita kang aneh, uga
dibumboni carita kang ajaib kang ora klebu ing nalar. Masyarakat Jawa anganggep
cerita iku sinebut dongeng yen para paragane iku awujud kewan, uwit-uwitan utawa
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 26
liyane. Masyarakat duwe pamanggih manawa paraga ing cerita awujud manungsa bisa
sinebut genre cerita rakyat. Pangertosan babagan iki prelu dibenerake supaya ora salah
kaprah.
Ing wusana, nyinau folklor kudu niteni titikaning folklor karo kabudayan liyane.
Miturut Danandjaja (2007: 3-4) titikaning folklor yaiku: a) sarana kanggo nyebarake lan
marisake folklor adhakane kanthi cara lisan; b) folklor asifat tradisional; c. folklor (exist)
ing maneka versi; d) folklor uga asifat anonim; e) folklor adhakane duwe pola-pola
utawa rumus-rumus tartamtu, kaya ta dipungkasi kanthi ukara-ukara panutup yaiku
“Eliding dongeng”; f) folklor duwe fungsi (function) ing ngalam pasrawungan kanthi
cara kolektif; g) folklor asifat pralogis, yaiku duwe logika dhewe kang ora padha karo
logika umum; h) folklor uga melik wong akeh (collective) saka kolektif tartamtu; lan i)
folklor racak-racake asifat polos lan lugu. Folklor miturut Danandjaja (1984: 50) uga
merang cerita rakyat dadi 3 yaiku mite, legendha, lan dongeng.
Tembung apresiasi asale saka basa Inggris “appreciation” ateges mangerteni,
anglelimbang, aweh biji, uga ateges menehi evaluasi (Hornby lumantar Waluyo lan
Wardani, 2009 : 43).
Tembung apresiasi uga ateges menehi pangalembana sawijining objek utawa
kedadeyan. Manawa objek iku awujud karya sastra, apresiasi duwe makna yaitu aweh
pangalembana marang karya sastra bisa awujud prosa/ gancaran utawa puisi. Supaya
bisa mbiji lan menehi pangalembana marang karya sastra, kudu mangerteni kanthi apik
karya sastra kang arep dibiji iku. Ing kene supayane bisa asung biji kang bener lan adil
lan objektif marang karya iku.
Hakikat apresiasi sastra yaiku aweh pangalembana sawijining karya kanthi
proporsional, sabisa-bisa sastra bisa aweh papan ing jero batining para kang maos
(Zaidan, 2007: 1). Isih miturut Zaidan (2001: 21) manawa apresiasi sastra iku dumadine
awit saka proses wiwit mangerteni, nyenengi, lan wusanane bisa njupuk apa-apa kang
apik ing sajroning karya sastra mau. Effendi, (1978: 18) paring andharan manawa
apresiasi sastra yaiku sawijining rekadaya kapriye bisa nyenengi sastra, bisa thukul rasa
angajeni marang karya sastra kanthi pikiran kang kritis.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 27
Apresiasi uga sawijining cara nemokake nilai-nilai hakiki ing sajroning karya
sastra lumantar mangerteni, negesi, lan nafsirake (Sayuti, 2002: 365). Ana maneh
andharan saka Waluyo (2005: 44-45) manawa ngapresiasi sawijing karya sastra kudu
bisa anggugah rasa batine dhewe supayane bisa nyenengi karya sastra mau. Mahayana
(2007: 1) ngandharake siswa manawa bisa nyenengi karya sastra mesthi bakal amba
wawasane, alus budi pekertine, lan bisa tambah mangerti babagan basa lan sastra.
Amarga ing sajrone karya sastra akeh nilai-nilai/ pitutur-pitutur kang adi luhung kaya ta:
nilai pendidikan moral, religi, agama, bela nagara, lan liya-liyane.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 28
DAFTAR PUSTAKA
Abrams, M.H. 1981. A Glossary of Literary Terms. New York: Holt-Rinehart and
Winston.
Bruvand, Jan Harold. 1968. The Stud y of American Folklore: An Introduction. New
York: W.W. Norton & Company Inc.
Budianta, Melani, Hussen, Ida Sundari, Budiarta, Manneke dan Wahyudi, Ibnu. 2002.
Membaca Sastra: Pengantar Mahasiswa Memahami Sastra Untuk Perguruan
Tinggi. Magelang: Indonesia.
Danandjaja, James. 1984. Folklor Indonesiai Ilmu Gosip Dongeng dan Lain-lain.
Jakarta: Grafiti.
Danandjaja, James. 1991. Folklor Indonesiai Ilmu Gosip Dongeng dan Lain-lain.
Jakarta: Grafiti.
Dananjaya, James. 1997. Folklor Indonesia : Ilmu Gosip, Dongeng dan lain-lain.
Jakarta: Grafiti.
Esten, Murel. 1978.Kesusastraan; Pengantar Teori dan Sejarah. Bandung; Angkasa.
Ema Husnan, Bachtiar, S. Martono dan Kumalaningrum. 1984. Apresiasi Sastra
Indonesia. Bandung: Angkasa
Endraswara, Suwardi. 2005. Tradisi Lisan Jawa: Warisan Abadi Budaya Leluhur.
Yogyakarta : Narasi.
Fananie, Zainuddin. 2001. Telaah Sastra. Surakarta: Muhammadiyah University Press.
Hartoko, Diek dan Rahmanto, B. 1986. Pemandu dalam Dunia Sastra. Yogyakarta:
Kanisus.
Haviland, William A. 1993. Antropologi. Terjemahan R. G. Soekodijo. Jakarta:
Erlangga.
Hutomo, Suripan Sadi. 1991. Mutiara yang Terlupakan Pengantar Studi Sastra Lisan.
Surabaya: HISKI Jawa Timur.
Koetjaraningrat. 1984. Kebudayaan. Mentalitas dan Pembangunan. Jakarta: Gramedia.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 29
Mahayana, Maman S. 2007. Apresiasi Sastra Indonesia di Sekolah dalam
http://Johnherf.wordpress.com/2009/02/apresiasi-satra-indonesia-di-sekolah
diunduh tanggal 15 April 2018 pukul 22.00 WIB.
Nurgiyantoro, Burhan. 1995. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada
University Press
Nurgiyantoro, Burhan. 2002. Teory Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada
University Press.
Sayuti, Suminto A. 1997. Apresiasi Prosa Fiksi. Jakarta : Depdikbud.
Sugono, Dendy. (Ed). 2003a. Buku Praktis Bahasa Indonesia I. Jakarta: Pusat Bahasa.
Sugono, Dendy. 2003 a. Buku Praktis Bahasa Indonesia 1. Jakarta: Pusat Bahasa.
Teeuw, A. 1983. Membaca dan Menilai Sastra. Jakarta : Gramdia.
Tol, Roger dan Prudentia M.P.P.S.1995.” Tradisi Lisan Nusantara; Oral Traditions from
the Indonesia Archiplago, A Three Directional Approach”, dalam Warta
Asosiasi Tradisi Lisan (ATL) (edisi pertama); 101 Maret 1995.
Waluyo, Herman J. dan Wardani, Nugraheni Eko. 2009. Pengkajian Prosa Fiksi.
Surakarta: Program Pascasarjana UNS.
Waluyo, Herman J. 1990. Apresiasi Prosa dan Drama. Surakarta: UNS Press.
Wisadirana, Darsono. 2004. Sosiologi Pedesaan: Kajian Kultural dan Struktural
Masyarakat Pedesaan. Malang UMM Press.
Zaidan, Abdul Rozak. 2001. Pedoman Penyuluhan Apresiasi Sastra. Jakarta: Depdiknas.
[MODUL 5 PROSA DAN DRAMA |KB-3 CERITA RAKYAT]
| Dr. Prasetyo Adi Wisnu W, S.S., M.Hum. 30
Link Cerita Rakyat:
https://www.youtube.com/watch?v=VrSJL0JshY4
https://www.youtube.com/watch?v=yw8IJwLykyo
https://www.youtube.com/watch?v=uh1z81E8kRU
https://www.youtube.com/watch?v=qH6AL2H2jhI
https://www.youtube.com/watch?v=ZutuvjzRKAs
Link Dongeng Fabel/Hewan:
https://www.youtube.com/watch?v=WJP0G70DH90