UPACARA ADAT SEBLANG

10
UPACARA ADAT SEBLANG Dening : Adi William Raharja (01) Dannisa Fathiya Rachma (05) Ifani Dwi Ramadhan (10) X MIA 1

description

upacara seblang

Transcript of UPACARA ADAT SEBLANG

UPACARA ADATSEBLANG

Dening :Adi William Raharja (01)Dannisa Fathiya Rachma (05)Ifani Dwi Ramadhan (10)

X MIA 1

Upacara Seblang lan Filosofine :RitualSeblanginggih punika salah satunggaling ritualmasyarakatUsing ingkang namung saged kapanggihaken ing kalihdesawonten ing lingkungankecamatanGlagah, Banyuwangi, inggih punika dsa Bakungan lan Olihsari. Ritual punika dipun adani saperlu kapreluan "bersih dsa" lan tolak bala, supados desa tetep ing kondhisi aman lan tentrem. Ritual punika sami kados ritualSintrening wilayahCirebon, Jaran Kpang, lanTari SanghyangingBali. PenyelenggaraantariSeblang ing kalih desa kasebut ugi beda wekdalipun, ing desa Olihsari dipun adani setunggal minggu sabibaripunIdul Fitri, dene ing desa Bakungan ingkang sisihan, dipun adani setunggal minggu sabibaripunIdul Adha. Para penarinipun dipunpilih kanthi supranatural dening dhukun setempat, lan biasanipun penari kedah dipunpilih saking keturunan penari seblang saderengipun. Ing Desa Olihsari, penarinipun kenya ingkang dereng akil baliq, dene ing Bakungan, penarinipun kedah kenya kanthi yuswa 50 taun minggah ingkang sampun boten haid (menopause). Tari Seblang punika sejatosipun minangka tradhisi ingkang sepuh sanget, saengga boten gampil dipunpadosi asal-usulipun. Ananging cathetan sajarah nedahaken bilih Seblang pisanan dipunmangertosi minangka Semi, ingkang ugi dados pelopor tari Gandrung wanita pisanan (seda taun1973). Sabibaripun mari saking penyakitipun, minangka nazar ibunipun (Mak Midah utawi Mak Milah) kedah dipunjangkepi, Semi dados seblang nalika taksih alit dumugi nalika remaja wiwitan dados penari Gandrung. Tari Seblang punika dipunwiwiti kanthi upacara ingkang dipunbikak dening sang dhukun desa utawi pawang. Sang penari dipuntutup mripatipun dening para ibu-ibu ingkang wonten ing wingkingipun, sinambi nyepeng tempeh. Sang dhukun ngasepi sang penari kanthi asepdupasinambi maos mantra. Sabibaripun sang penari kesurupan kanthi tandha dhawahipu tempeh wau, saengga pertunjukan dipunwiwiti. Si seblang ingkang sampun kejiman wau nari kanthi gerakan monoton, mripat merem llan ndherek arahan sang pawang utawi dhukun sarta irama gendhing ingkang dipunmainkan. Kadang kala ugi mubengi desa sinambi nari. Sabibaripun nari, lajeng si seblang hambalang slendhang ingkang dipungulung tumrap penonton, penonton ingkang kenging slendhang kasebut kedah kersa ndherek nari kaliyan si Seblang. Menawi mboten, bakal dipun oyak-oyak dening Seblang ngantos kersa nari. Musik pengiring Seblang namung kasungsun saking satunggal kendhang, setunggalkempulutawigonglan kalihsaron. Dene ing Olihsari dipuntambah kaliyanbiolaminangka penambah efek musikal. Saking segi busana, penari Seblang ing Olihsari lan Bakungan wonten sekedhik bedanipun, mliginipun ing bageyan omprok utawi mahkota.Ing penari Seblang ing desa Olihsari, omprok biasanipun kadamel saking pelepahgedhangingkang dipunsuwir-suwir saengga nutup saperangan praupan penari, dene ing bageyan inggilipun dipuntambahi kembang-kembang seger ingkang biasanipun dipunpendhet saking kebon utawi papan sakana kiringipun pasareyan, lan dipuntambah kaliyan sawijining kaca alit ingkang dipunsukakaken ing bageyan tengah omprok.Ing penari seblang wilayah Bakungan, omprok ingkang dipunagem mirip kaliyan ingkang dipun agem ing pertunjukan Gandrung, nanung bahan ingkang dipundamel sakinggedhanglan dipunhiasaikembang-kembangseger ewadene boten kathah penari seblang ing Olihsari. Kejawi unsur mistik, ritual Seblang punika ugi maringi panglipuran tumrap para pangunjung punapa dene warga setempat, ing pundi kathah adegan-adegan lucu ingkang dipuntampilaken dening sang penari seblang punika

Urutan adicara :1. Tari Seblang punika dipunwiwiti kanthi upacara ingkang dipunbikak dening sang dhukun desa utawi pawang.2. Sang penari dipuntutup mripatipun dening para ibu-ibu ingkang wonten ing wingkingipun, sinambi nyepeng tempeh .3. Sang dhukun ngasepi sang penari kanthi asepdupasinambi maos mantra. Sabibaripun sang penari kesurupan kanthi tandha dhawahipu tempeh wau, saengga pertunjukan dipunwiwiti. 4. Si seblang ingkang sampun kejiman wau nari kanthi gerakan monoton, mripat merem llan ndherek arahan sang pawang utawi dhukun sarta irama gendhing ingkang dipunmainkan.5. Kadang kala ugi mubengi desa sinambi nari. Sabibaripun nari, lajeng si seblang hambalang slendhang ingkang dipungulung tumrap penonton, penonton ingkang kenging slendhang kasebut kedah kersa ndherek nari kaliyan si Seblang. Menawi mboten, bakal dipun oyak-oyak dening Seblang ngantos kersa nari.

Ubarampe/ bahan bahane:

1. Bahan kanggo omprak/mahkota ing Olihsari kuwi pelepahgedhangingkang dipunsuwir-suwir saengga nutup saperangan praupan penari, dene ing bageyan inggilipun dipuntambahi kembang-kembang seger ingkang biasanipun dipunpendhet saking kebon utawi papan sakana kiringipun pasareyan, lan dipuntambah kaliyan sawijining kaca alit ingkang dipunsukakaken ing bageyan tengah omprok2. Bahan kanggo omprak/mahkota ing Bakungan kuwi sakinggedhanglan dipunhiasaikembang-kembangseger ewadene boten kathah penari seblang ing Olihsari. Alat utawa piranti sing di gunakake:

1. Satunggal kendhang2. Setunggalkempulutawigong3. Kalihsaron4. Dene ing Olihsari dipuntambah kaliyanbiolaminangka penambah efek musikal

Amanate :

Amanat saka upacara adat Seblang kuwi yaiku, awak dhewe matur keberkahan lan supaya sial iku isa ilang. Kudu ngeresikake ati lan lingkungan sekitar saka kabeh pengaruh sing ora apik. Lan mempercayai yen ing dunya iki uga ana makhluk ghaib, yaiku makhluk ciptaane Gusti Allah.