UKBM - · PDF filePituduh pasinaon ... Wacanen lan mangertenana materi ing buku Riyadi, ......

download UKBM -   · PDF filePituduh pasinaon ... Wacanen lan mangertenana materi ing buku Riyadi, ... wayang menehi pitutur kang apik banget kanggo dedasar urip padinan

If you can't read please download the document

Transcript of UKBM - · PDF filePituduh pasinaon ... Wacanen lan mangertenana materi ing buku Riyadi, ......

  • UKBM BHS JAWA-3.2/4.2/1/2-2

    BAHASA JAWA

    PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR

    DINAS PENDIDIKAN

    SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 6 MALANG

  • 1

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    a. Nama Mata Pelajaran : Mulok Bahasa Jawa b. Semester : 1 c. Kompetensi Dasar

    d. Materi Pokok : Teks Cerita Wayang e. Alokasi Waktu : 4 pertemuan ( 4 x 90 menit) f. Pertemuan ke : 1-4 g. Tujuan Pembelajaran :

    h. Materi Pembelajaran :

    Faktual: 1. Teks cerita wayang 2. Contoh deskripsi relevasi isi teks cerita wayang

    Konseptual: 1. Unsur intrinsik teks cerita wayang 2. Unsur ekstrinsik teks cerita wayang 3. Kawruh Pramasastra

    Prosedural: 1. Teknik mengidentifikasi unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang/

    topng hlng 2. Teknik menganalisis unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang/ topng

    hlng 3. Teknik menceritakan isi teks cerita wayang/ topng hlng 4. Teknik menanggapi teks cerita wayang/ topng hlng 5. Teknik membaca indah teks dialog cerita wayang/ topng hlng

    3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis unsur intrinsik maupun ekstrinsik teks sastra klasik dan modern secara lisan dan tulis.

    4.2 Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan teks sastra modern dan klasik

    (wayang / topng hlng) sesuai isi secara lisan dan tulis.

    Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat menganalisis unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang serta dapat menanggapi dan mengekspresikan teks cerita wayang sesuai isinya, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).

    IDENTITAS

    UKB BJW-3.2/4.2/1/2-2 RAMA-SINTA

  • 2

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    Teks Wayang

    Unsur Intrinsik

    Unsur Ekstrinsik

    Relevansi Isi

    Struktur Teks

    Wayang

    Tema

    Alur

    Wewatekane

    Busananing Basa

    Pamawas

    Latar

    Latar Belakang Karya Sastra

    Kahanan Masyarakat

    Latar Belakang

    Pangripta

    Isi kang kinandut sajroning crita

    digathukna karo urip padinan

    Orientasi

    Komplikasi

    Resolusi

    Koda

    PETA KONSEP

  • 3

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    A. Pambuka Pasinaon

    Sadurunge miwiti pasinaon iki, Ayo padha nyemak gambar ing ngisor iki!

    B. Kagiyatan inti

    Pituduh pasinaon

    KAGIYATAN PASINAON

    Indhonesia iku duweni akeh banget warisan kabudayan. Tuladhane yaiku

    kang ana ing dhuwur iku. Ayo para siswa coba sebutna iku tuladhane wayang

    apa wae? Apa para siswa wis nate ndelok wayang kang ana ing gambar?

    Ana ing ngendi wayang-wayang ing dhuwur iku bisa kok temokake?

    Wacanen lan mangertenana materi ing buku Riyadi, Imam.

    Suluh Basa Jawa Gragrag Anyar X. 2015. Jawa Timur : Yudhistira.

    Sabanjure mangerteni isi materi ing wacan Suluh basa Jawa kanthi

    cara individu, karo kanca sabangku, utawa kanca liyane sakelas.

    Garapen UKB ing buku tulis utawa langsung ana ing papan

    wangsulan.

    Siswa bisa sinau kanthi cara mangsuli saben gladhen,

    saumpama siswa wis yakin lan bisa nggarap gladhen kang ana ing

    kagiyatan-kagiyatan. Sabanjure saben siswa nggarap tes formatif

    UKB.

  • 4

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    ayo saiki sinau bab crita wayang.

    supaya bisa mangerteni apa isine materi crita wayang.

    para siswa kudu nggatekake, konsentrasi, mangerteni,

    semangat uga jujur yen garap gladhen!!!!!!

    Sadurunge siswa miwiti pasinaon dina iki, pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana luwih dhisik!

    1. Para siswa apa nate ndelok wayang? 2. Andharna apa kang diarani crita wayang? 3. Lakon pewayangan saka crita apa? 4. Ing papan paggonanmu apa isih asring ana pagelaran wayang? 5. Kepriye masyarakat ing papan panggonanmu menawa ana pagelaran wayang?

    Nah, sawise siswa wis mangerteni teks cerita wayang, coba semaken wacan ing ngisor iki!

    RAMA SINTA Wonten nagari namanipun Kosala, dumunung ing kutha Ayodya. Ingkang jumeneng nata

    Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin satrugna.

    Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh keprabon. Rama ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekeyi mboten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.

    Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, tetiganipun kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama mboten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan boten nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala Marica.

    Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok kang warni asisik emas endah ngelam-elami, ngrengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang

    Pituduh 1. Semaken teks crita ing ngisor iki kang patitis!

    2. Sawise rampung nyemak, wangsulana Gladhen sing manggon ing ngisore wacan!

    PASINAON 1

  • 5

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.

    Sumber: http//manglawak.blospot.com Sawise maca teks ing ndhuwur, coba wacanen materi ngenani unsur intrinsik kang ana ing buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta. Banjur jlentrehna unsur intrinsik kang kinandhut!

    No. Unsur Intrinsik Wangsulan

    1. Tema

    2. Alur

    3. Wewatakan

    4. Busananing Basa

    5. Pamawas

    6. Latar

    (*) Bisa diwangsuli ing burine lembaran. Nah, sawise ngisi tabel ing ndhuwur, coba wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Andharna apa sing diarani tema? 2. Andharna apa sing diarani alur? 3. Andharna apa sing diarani paraga lan wewatekan? 4. Andharna apa sing diarani busanane basa? 5. Andharna apa sing diarani pamawas? 6. Andharna apa sing diarani latar?

    Sawise para siswa ngrampungake gladhen ing pasinaon 1 , gladhen dikumpulake supaya bisa ditapaksata karo gurune lan dinilai. Banjur siswa bisa mbacutake kagiyatan sateruse!

    Sawise para siswa kasil ngerteni struktur sawijine teks crita wayang, sabanjure ana ing pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi utawa nganalisis unsur ekstrinsik sawijine teks wayang bebarengan. Teks wayang kang bakal dirembug mau bisa digoleki saka buku-buku wayang, majalah-majalah Jawa, utawa saka sumber-sumber liyane kalebu saka internet.

    Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kayata:

    a. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis. b. Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahana masyarakat

    saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake. c. Latar belakang utawa kahanan pangripta.

    Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan kelompok kelas! Temtokna unsur intrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

    PASINAON 2

  • 6

    SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

    No. Unsur Ekstrinsik Wangsulan

    1. Latar belakang karya sastra

    2. Kahanan masyarakat

    3. Latar belakang pangripta

    Para siswa kabeh, yen wis sinau ngenani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik teks cerita wayang. Miturutmu, apa teks cerita wayang kuwi salah sawijining teks kang menarik? Jlentrehna panyaruwe!

    Saben manungsa mesti nduweni daya katertarikan sing bedha. Apa maneh sing ngenani wacan. Teks cerita wayang kuwi kagolong teks kang digemati dening para tiyang sepuh, amarga wayang menehi pitutur kang apik banget kanggo dedasar urip padinan. Supaya awakmu ngguwasani uga bisa nresepake pitutur kang kinandhut ing sajroning wayang. Coba wacanen teks ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon kang ana sing sawise wacan.

    LAIRE GATHUTKACA

    Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.

    Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ng