UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari...

11
A JURUSAN PEND FAK UNIV UKARA PAMRAYOGA 1 UKARA PAMRAYOGA JURNAL DENING AHMAD ABDUL MALIK AMRULLAH 072114028 DIDIKAN BAHASA DAN SASTRA D KULTAS BAHASA DAN SENI VERSITAS NEGERI SURABAYA 2013 DAERAH

Transcript of UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari...

Page 1: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

1

UKARA PAMRAYOGA

JURNAL

DENINGAHMAD ABDUL MALIK AMRULLAH

072114028

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAHFAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA2013

UKARA PAMRAYOGA

1

UKARA PAMRAYOGA

JURNAL

DENINGAHMAD ABDUL MALIK AMRULLAH

072114028

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAHFAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA2013

UKARA PAMRAYOGA

1

UKARA PAMRAYOGA

JURNAL

DENINGAHMAD ABDUL MALIK AMRULLAH

072114028

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAHFAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA2013

Page 2: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA. 2013

2

UKARA PAMRAYOGA

AHMAD ABDUL MALIK AMRULLAH

(072114028)Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya

[email protected]

AbstrakWujude pamrayoga minangka sawijining wetuning karep lan rasa pangrasa saka manungsa narik bangetkanggo ditliti, amarga mrayogakake ana gayutane karo penjalukan kang nduweni sipat matesikalonggarane wong kang dijak guneman anggone nampa gunemane wong kang guneman. Banjur supayabisa nglairake gagasan kalawan patitis, prelu banget nyumurupi kepriye pangikete ukara, tembung siji-sijine, sarta nyumurupi kepriye enggone nggandheng karo ukara liyane amrih teteh lan rowa.Punjere panliten iki yaiku kepriye wujude mrayogakake adhedhasar warna-warnane ukara miturut wedharegagasan lan kepriye fungsi warna-warnane ukara miturut wedhare gagasan sajroning mrayogakake.Tujuwan panliten iki yaiku wujude pamrayoga adhedhasar warna-warnane ukara miturut wedhare gagasanlan fungsi warna-warnane ukara miturut wedhare gagasan sajrone pamrayoga. Panliten iki bisa migunanitumrap kajian sintaksis.Panliten babagan wujude pamrayoga iki sipate deskripsif lan sacara metodologis panliten iki klebu ingpanliten linguistik sinkroni. Basa kang digunakake ing panliten iki yaiku basa jawa. Sumbere dhata yaikugunemane wong jawa kang asli jawa lan dhata informan. Tata cara ngumpulake dhata nganggo tekniknyemak bebas libat cakap lan nyathet.Babagan tata cara pangolahe dhata, teknik kang ditrapake ing panliten iki yaiku teknik analisis dhata. Denetata cara ngandharake asil analisis dhata ing panliten iki yaiku kanthi cara informal, yaiku ngandharakeanalisis dhata kanthi nggunakake tetembungan sing lumrah.Adhedhasar asil andharan lan jlentrehan dhata, ukara pamrayoga bisa kaperang dadi pirang-pirang warnayaiku Ukara pamrayoga kaperang dadi (1) ukara pamrayoga adhedhasar wujude yaiku, (i) wujud ukaracarita, (ii) wujud ukara pakon, (iii) ukara pitakon, (iv) ukara pamenging, lan (2) ukara pamrayogaadhedhasar isine yaiku, (i) mrayogakake kang isine bebecik, (ii) mrayogakake kang isine ngepenakake lan,(iii) mrayogakake kang isine bebener. Dene ukara pamrayoga adhedhasar isine yaiku etis, praktis lan logisdidhasarake marang isine pamrayoga kang nyocogake marang solah bawa wong kang diajak guneman.Wujude ukara pamrayoga nduweni dhapuring ukara kang umume arupa ukara gatra utawa ukara camboran,yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran sungsun. Yen dhapuring ukara kang ateges mrayogakakemung madeg kanthi dhapuring ukara lamba, ukara-ukara iku durung bisa mujudake anane awehmrayogakake.

AbstrakWujud dari anjuran merupakan cipta dari keinginan dan rasa dari dalam manusia ini sangat menarik utukditeliti, karena memberi anjuran mempunyai hubungan dengan permintaan yang mempunyai sifatmembatasi keleluasaan seseorang yang diajak bicara dalam hal menerima pembicaraan dari si pembicara.Kemudian supaya bisa melahirkan gagasan dengan susunan yang pas, perlu diperhatikan bagaimanapenghubung kalimat, kata satu dengan kata yang lain, serta bagaimana cara menyatukan dengan kalimatyang lain supaya lebih tepat dan jelas.Rumusan masalah dalam penelitian ini yaitu bagaimana wujud anjuran berdasarkan jenis-jenis kalimat danbagaimana fungsi jenis-jenis kalimat dalam anjuran. Sedangkan tujuan penelitian ini yaitu wujud anjuranberdasarkan cipta dari keinginan dan rasa dalam anjuran serta fungsi jenis-jenis kalimat berdasarkan ciptadari keinginan dan rasa dalam anjuran. Penelitian ini diharapkan bisa berguna bagi kajian tindak tutur danperkembangan ilmu pragmatik.Panliten mengenai wujud anjuran ini bersifat deskriptif dan secara metodologis penelitian ini termasukpenelitian lingistik sinkroni. Bahasa yang digunakan dalam penelitian ini adalah bahasa jawa. Sumber data

Page 3: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

3

yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan datamenggunakan teknik simak bebas libat cakap lan catat.Mengenai bab analisis dara, teknik yang diterapkan dalam penelitian ini adalah teknik analisis data.Sedangkan tata cara penjelasan hasil analisis data yaitu dengan cara informal, yaitu menjelaskan analisisdata dengan menggunakan kata-kata yang biasa.Berdasarkan hasil deskripsi lan analisis data, kalimat anjuran bisa dibagi menjadi beberapa macam yaitu,(1) kalimat anjuran berdasarkan wujudnya yaitu, (i) kalimat cerita, (ii) kalimat perintah, (iii) kalimat tanya,(iv) kalimat larangan, dan (2) kalimat anjuran berdasarkan isinya yaitu, (i) anjuran yang isinyamembaguskan, (ii) anjuran yang isinya memudahkan, (iii) anjuran yang isinya membenarkan. Dalamkalimat anjuran yang berdasar pada isinya tersebut yaitu etis, praktis, dan logis didasarkan pada isi anjuranyang menyocokkan pada sikap orang yang diajak bicara. Wujud anjuran dalam kalimat bahasa jawamempunyai struktur kalimat yang umumnya berupa kalimat majemuk, yaiktu kalimat majemuk sederajatdan kalimat majemuk bertingkat. Sedangkan struktur kalimat yang mempunyai makna anjuran hanyaberdiri dengan struktur kalimat tunggal, kalimat tersebut belum bisa menciptakan adanya makna anjuran.

PURWAKA

Sajrone Basa Jawa ana kang diarani unggah-ungguh lan undha-usuking basa yaiku paugeran kanggomatesi anggone cecaturan amarga kahanan lan statussosial ing masyarakat iku maneka warna. Ananepaugeran iku supaya masyarakat jawa bisa antuk rasapangrasa lan karep kang sopan, santun lan adhedhasartata krama saengga bisa nuduhake budi alus lan pakertiluhur. Kayata mrayogakake, mrayogakake iku tumindaksing ora gampang anggone nglakoni, mrayogakake anagayutane karo penjalukan kang matesi kalonggaranewong kang dijak guneman anggone nampa gunemanewong kang guneman. Mula saka iku wong jawa kudupinter anggone milih ukara kanggo mrayogakake. Kayaing sajrone panliten iki kang ngandharake ukara-ukarakang ateges mrayogakake.

Anggone mrayogakake wong kang diajakguneman wong jawa nggunakake ukara-ukara kangmaneka warna. Menehi pramayoga utawa nrimapamrayoga iku salah sijine tumindak sing kedadeyan ingsaben-saben konteks ing urip sabendinan. Mrayogakakeisih ditindakake wong Jawa ing ngendi-ngendi wae.Mrayogakake ajeg dikandhakake dening wong tuwamarang wong enom, nanging uga ana sing dikandhakakedening wong enom marang wong tuwa. Ukaramrayogakake iki dikandhakake ora mung saderma kanthiwujud ukara mrayogakake, nanging uga kanthi wujudsing maneka warna supaya wong kang dijak gunemanluwih ngregani omongane wong kang guneman.

Kang njalari panliten ngenani mrayogakakeyaiku “anane wong urip iku yen nduwe gagasan utawarasa pangrasa apa wae, bungah, susah, nggumun, kagetlan sapanunggalane sok banjur kawetu. Sarana nglairakerasa pangrasa utawa ciptaning ati mau yaiku gunemanutawa, sarana tulisan, sasmita lan sapiturute”(Karti Basa).Ngongkon, takon, carita, sambawa lan sapiturute iku mausaperangan saka wujude. Pamrayoga ing basa jawa ikiwis akeh karembug, nanging pangrembugan mung sarwacekak, ora kaandharake kanthi cetha. Uga ana kangngrembug warna-warnaning ukara miturut wedharinggagasaning manungsa, nanging mung ngrembugwarnaning gagasan iku mau, durung ngadharake fungsi

utawa maksud saka warnaning gagasan kang nduwenikekarepan kang maneka warna kaya dene ingReringkesaning Paramasastra Djawa deningAntunsuhono, Ngrengrengan Kasusastran Djawa deningS. Padmosoekotjo (1953), Karti Basa dening PPdK.

Anggone mrayogakake wong kang diajakguneman wong jawa nggunakake ukara-ukara kangmaneka warna. Carita lan ngongkon wis nyawiji maranggunemane masyarakat jawa sajrone sesrawungansabendina. Wis ora bisa uwal maneh yen guneman kangkedadeyan sabendina iku isine ngenani carita lanngongkon kang isi, cara, lan pangucape iku bisa asipatpositif lan bisa asipat negatif. Mula saka iki pranatansosial kang dumunung sajrone unggah-ungguh basa ingmasyarakat jawa, kang lumrahe klebu golonganmasyarakat kang ngutamakake rasa pangrasa kududigatekake dening wong kang guneman sadurungenindakake caturan. Ing ilmu sosiolinguistik ana kangdiarani Commiunicative Competence utawa kemampuankomunikatif, sing diarani “kemampuan komunikatifyaiku kemampuan anggone guneman utawa kemampuankanggo nggunakake basa kanthi cocog karo guna,kahanan, lan paugeran-paugeran nggunakake basa kanthikonteks kahanan lan konteks sosial” (Chaer, 2004:34).

Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur yenpanliten kang wis ana mung ngrembug sakeplasanbabagan pamrayoga, mula saka iku panliten iki bakal nlitibabagan wujude ukara kang ateges mrayogakake ing basajawa. Adhedhasar jlentrehan ing ndhuwur, punjerepanliten iki bakal ngrembug kepriye wujudemrayogakake adhedhasar warna-warnane ukara miturutwedhare gagasan, Kepriye fungsi warna-warnane ukaramiturut wedhare gagasan sajrone mrayogakake. Denetujuwane panliten iki yaiku ngandharake babagan : (i)wujude mrayogakake adhedhasar warna-warnane ukaramiturut wedhare gagasan lan (ii) fungsi warna-warnaneukara miturut wedhare gagasan sajrone mrayogakake.

Panliten iki dianggep wigati, sacara teoritisutawa praktis, lan panliten iki kaajab bisa awehsumbangsih ing babagan rembug bab basa. Sacaramirunggan ing kajian sintaksis lan kajian liyane.Andharan ing panliten iki bisaa ngrembakakake buktikuwat lan orane piranti teoritis lan metodologis kang

Page 4: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA. 2013

4

karembakakake. Saliyane iku, uga kanggo njembarakewawasan utawa nintingi bab-bab kang bisa dirembug landiwedharake ing panliten iki.

Sacara praktis, asiling panliten iki bisaa awehpaedah kanggo paugeraning wong jawa anggonesesrawungan kanthi basa kang bener lan pener. Saora-orane panliten iki bisaa kanggo paugeran kepriyemungguh basa kang digunakake ing pasrawungan.

Sajrone panliten iki ana wates-watese kang kududitrapake panliti, amrih dhata panliten iki oranggrambyang lan bisa dititiki kanthi cetha. Wates-watesiku mau yaiku kaping pisan, watesan teoritis gegayutandhapuring ukara, utawa luwih cethane gegayutan ngenanipratitising wujud lan pratitising surasa sajrone ukarasaengga mujudake bab wujud lan fungsi saka ukara-ukarakang ateges mrayogakake. Kaping pindho, watesanmetodologis gegayutan karo sumber data lan datapanliten, pangumpulane data, lan analisis data. Sumberdata ukara kang ateges mrayogakake diwatesi ingmasyarakat asli jawa kang isa basa jawa kanthi pener lanbener. Sumber data iki punjere ana ing ukara pamrayogakang ditemokake dening panliti. Pangumpuling datapanliten ditindakake kanthi cara nyemak, lan kanthimetode lanjutan yaiku semak bebas libat cakap lannyathet kang diwatesi dening wektu lan panggonan.Sabanjure cara ngandharake data diwatesi ing wujud sakaukara kang ateges mrayogakake, lan fungsi wujudeukara-ukara kang ateges mrayogakake.

TATACARA PANLITENPanliten kanthi irah-irahan “Ukara Pamrayoga”

iki nduweni pendekatan sacara teoritis lan metodologis.Sacara teoritis digunakake pendekatan sintaksis. Sakapendekatan teoritis iku mau panliten iki bakalngandharake ngenani ukara saka pratitising wujud lanpratitising surasa kang mujudake kepriye wujud lanfungsine. Dene, sacara metodologis panliten iki klebupanliten linguistik sinkroni, amarga mung ngrembugukara kang digunakake.

Mahsun (2005:86) ngadharake yen panliten basakanthi sinkronis yaiku panliten basa kang ditindakakekanthi nyinaoni fenomena sawijining basa ing sawijiningwektu, dadi asipat deskriptif, dene panliten basa kanthidiakronis yaiku nyinaoni fenomena ngrembakanesawijining basa.

Dhata yaiku objek panliten kang dumunungsajrone konteks. Adhedhasar andharan ing ndhuwur, bisaditegesi yen objek panliten iki yaiku mrayogakake, denedhatane yaiku wujude wedharan-wedharan kangngandhut teges mrayogakake. Adhedhasar wernaneregional kang wis ditemtokake, mula sumber dhatapanliten iki yaiku pawongan utawa masyarakat Jawakang asli jawa lan bisa nggunakake basa jawa kanthipener lan bener.

Dhata panliten yaiku minangka obyeke panliten.Lincoln lan Guba (sajrone Moleong, 2011:11)

ngandharake yen salah sawijine titikan saka panlitendeskriptif yaiku dhata kang diklumpukake arupatembung-tembung, gambar, dudu angka-angka. Bab kangpadha uga diandharake dening Ratna (2011:47) yaikudhata panliten ing ilmu sastra kang minangka dhatainformal yaiku tembung-tembung, ukara, lan wacana.

Cundhuk karo andharan ing ndhuwur mulaobyek panliten ing kene yaiku tembung-tembung, ukara,lan tumindak kang ana ing masyarakat Jawa mligine kangngemu bab prakarane panliten ing antarane :1. Dhata deskriptif babagan tumindak basa ing

masyarakat Jawa.2. Dhata deskriptif babagan ukara pramayoga kang

ditindakake ing masyarakat Jawa.3. Dhata deskriptif babagan wujud ukara pramayoga

adhedhasar cara medharake kang ditemokake ingsajrone guneman kang ditindakake ing masyarakatJawa.

Alat pangumpule dhata panliten iki nduwenikalungguhan utawa daya piguna kang wigati. Alatpangumpule dhata panliten yaiku piranti kangdigunakake kanggo ngumpulake dhata panliten. Sajronepanliten iki, alat pangumpule dhata panliten dibedakakedadi loro, yaiku alat pangumpule dhata panliten kangbaku lan alat pangumpule dhata panliten kang dadipanyengkuyung. Alat pangumpule dhata panliten kangbaku yaiku panliten iki nliti gunemane wong Jawa. nalikanindakake guneman kang awujud ukara kang nduweniteges mrayogakake. Dene instrumen panyengkuyungeyaiku teknik kang digunakake sawektu nganakakepamiji-miji. Sacara mirunggan ing kene nggunakaketeknik nyemak-nyathet.

Tata Cara kang dienggo kanggo ngumpulakedhata kanggo paneliten yaiku nggunakake metode simaklan metode cakap (Sudaryanto, 1986:62 lan 1988:9).Metode simak yaiku nyemak sakabehing basa kangdigunakake dening wong kang guneman. Metode cakapyaiku wawancara antarane panaliti karo nara sumber.

Metode nyemak ditindakake kanthi limangteknik yaiku (a) teknik sadap, (b) teknik nyemak libatcakap, (c) teknik nyemak bebas libat cakap, (d) teknikrekam lan (e) teknik nyathet.

Teknik nyemak libat cakap ditindakake kanthimelu lan nyemak ing gunemane. Teknik nyemak bebaslibat cakap yaiku nyemak tanpa melu ing gunemane.Teknik nyathet yaiku nyathet sakabehing wedharannganggo piranti tulis banjur ditulis nggunakake basaJawa. Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur teknik-teknik kang klebu ing metode nyemak kang digawe ingpanliten iki yaiku teknik nyemak bebas libat cakap, lanteknik nyathet.

Tata cara pangolahing dhata minangka sawijinecara sajrone nindakake panliten amrih antuk asil kang

Page 5: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

5

bener lan selaras karo tujuwan kang dikarepake ingpanliten. Teknik kang ditrapake ing panliten iki yaikuteknik analisis dhata. Analisis dhata kualitatifAdhedhasar pamawas kasebut, mula cara analisis dhatakang ditindakake ing panliten iki yaiku :1) Transkripsi lan Penalaran dhata

Kagiyatan transkripsi dhata kang ditindakake kanthibecik bakal dadi dhasar kepriye panliti nindakakeanalisis. Mula kagiyatan transkripsi lan penalaraning kene ora mung ngerti sawantah, nanging kudubener-bener bisa mangerteni isi guneman kang dadidhata kasebut.

2) Verifikasi dhataSawise transkripsi ditindakake kagiyatan verifikasi.Tegese nliti maneh bab kang wis dimangerteniamrih luwih bener lan pener, selaras karo prakarakang bakal ditliti.

3) Klasifikasi lan kodifikasi dhataKagiyatan iki ditindakake kanthi cara milah-milahdhata manut underane panliten. Pamilahan kasebutdibarengi karo kagiyatan menehi kode, bisa arupanomer-nomer. Kanthi menehi kode kasebut bisanggampangake panliti anggone nglompokake dhata.

4) Nafsirake dhataKagiyatan nafsirake iki kanggo ngasilake sawijinedeskripsi utawa andharan saka dhata kang wisdipikolehi selaras karo prakara kang ana ingunderane panliten.

Tata cara ngandharake asil analisis dhata ingpanliten iki yaiku kanthi cara informal, yaikungandharake analisis dhata kanthi nggunakaketetembungan sing lumrah. Andharan asiling panlitenkasebut ditulis kanthi urut-urutan ing ngisor iki.

1) Bab I minangka purwakane panliten kang ngemusub bab ing antarane yaiku landhesane panliten,punjere panliten, tujuwan panliten, paedahepanliten, wewatesane panliten lan panjlentrehetetembungan.

2) Bab II minangka tintingan kapustakan kang ngemusub bab ing antarane yaiku panliten kang saemper,lan konsep-konsep kang gegayutan karo panlitenkang ditindakake

3) Bab III minangka metodhe panliten kang ngemu subbab ing antarane ancangan panliten, sumber dhata,tata cara nglumpukake dhata, tata cara pangolahingdhata, lan prosedur panliten.

4) Bab IV isine ngenani andharan asiling panlitenngenani wujud-wujude pramayoga adhedhasarwarna-warnaning ukara miturut wedharing gagasan

5) Bab V minangka panutup kang isine ngenanidudutan lan pamrayoga saka sakabehe andharanasiling panliten.

ANDHARAN LAN JLENTREHANAdhedhasar asiling panliten saben-saben wong

kang guneman iku anggone medharake ukara nduwenicara kang beda-beda mligine nalika mrayogakake. Ukarapamrayoga kaperang dadi (1) ukara pamrayogaadhedhasar wujude yaiku, (i) wujud ukara carita, (ii)wujud ukara pakon, (iii) ukara pitakon, (iv) ukarapamenging, lan (2) ukara pamrayoga adhedhasar isineyaiku, (i) mrayogakake kang isine bebecik, (ii)mrayogakake kang isine ngepenakake lan, (iii)mrayogakake kang isine bebener.

A. Pamrayoga Adhedhasar WujudePanggandhenge tembung, gatra, lan ukara gatra

loro utawa luwih ana ing wujude ukara ora bisa mungsakarepe dhewe, nanging anggone nemtokake prabotingukara kudu ngelingi surasa lan wujude. Pamrayogaadhedhasar wujude bakal diandharake kaya ing ngisor iki.

1. Pamrayoga Awujud Ukara CaritaWernane wujude ukara pamrayoga bisa

ditemokake ing wujude ukara carita. Amarga, ing ukaracarita iku mesthi ngemu maksud pamicarane kangmaneka warna. Kanggo luwih cethane, kajlentehake ingtuladha ngisor iki.

(1) Bapak ngolehi ae kowe pacaran, tapi yakudu ngerti wates.

(2) Nek mbubutne seker neng papang ae,garapane apik.

(3) Nek siram-siram winih sawi sore ae, ben rapanasen.

Ukara kang kaping (1) klebu ing ukara caritaamarga ing ukara kasebut ora ana tetembungan singnuduhake tembung pakon. Ukara carita kang ategesmrayogakake ing ndhuwur uga kagolong andharanrangkep kang kawangun saka rong ukara gatra yaikubapak ngolehi ae kowe pacaran lan (nanging) tapi yakudu ngerti wates. Ukara gatra loro mujudake katrangansaka ukara gatra siji kang ndadekake ukara carita ikuluwih rowa kanthi tembung pangiket supaya kangkasilepake saengga nduweni darbe surasa janggelan. Jejersaka ukara gatra siji yaiku bapak, dene ing ukara gatraloro yaiku kowe.

Basa kang digunakake yaiku basa ngoko amargaora ana titikane basa krama kang maujud ingwewangunane ukara carita ing ndhuwur. Fungsne sakaukara (1) yaiku direktif, nindakake kaya apa kangdiwedharake wong kang guneman utawa bisa diaranitindak tutur parentah, bisa nduweni fungsi direktif

Page 6: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA. 2013

6

amarga ing ukara (1) nduweni surasa ngongkon kangalus, yaiku wong kang guneman ngongkon marang wongkang diajak guneman murih ngisahi piringe, supayaregedane ora numpuk. Ukara kasebut ora ana tembungpakon sing Paedahe ndadekake ukara pakon. Nangingwong kang guneman nduweni pengajab supaya singdiajak guneman mangerteni lan nglakoni apa kang dadigunemane. Saka andharan ing ndhuwur bisa ditegesi yenukara carita (1) nduweni teges janggelan utawa sarat.

Ukara (2) klebu jinising ukara carita amarga ingukara iku ora ana tetembungan sing nuduhake tembungpakon. Ukara carita kang ateges mrayogakake ingndhuwur kagolong andharan rangkep kang kawangunsaka rong ukara gatra yaiku nek mbubutne seker nengpapang ae lan (amarga) garapane apik. Ukara gatra lorominangka katrangane saka ukara gatra siji kangndadekake ukara carita iku luwih rowa kanthi tembungpangiket amarga kang kasilepake kang darbe surasakarana utawa alasan. Jejer saka ukara gatra siji yaikukowe kang kasilepake, dene jejer saka ukara gatra kangkapindho yaiku papang kang uga kasilepake.

Basa kang digunakake yaiku basa ngoko amargaora ana titikane basa krama kang maujud ingwewangunane ukara carita ing ndhuwur. Fungsine sakaukara (2) yaiku direktif. Ukara kasebut ora ana tembungpakon sing Paedahe ndadekake ukara pakon. Nangingwong kang guneman nduweni pengarep-arep supaya singdiajak guneman mangerteni lan nglakoni apa kang dadigunemane yaiku supaya anggone mbubutake sekermenyang papang, amarga ing kana garapane luwih apik.Saka andharan ing ndhuwur bisa ditegesi yen ukara carita(2) nduweni teges mrayogakake.

Ukara (3) uga klebu jinising ukara carita amargaing ukara iku ora ana tetembungan sing nuduhaketembung pakon. Ukara carita kang ateges mrayogakakeing ndhuwur kagolong andharan rangkep kang kawangunsaka rong ukara gatra yaiku nek siram-siram winih sawisore aelan (supaya) ben ra panasen. Ukara gatra lorominangka katrangane saka ukara gatra siji kangndadekake ukara carita iku luwih rowa kanthi tembungpangiket supayakang kasilepake kang darbe surasakarana utawa alasan. Jejer saka ukara gatra siji yaikukowe, semono uga ing ukara gatra loro, nanging ingukara gatra loro jejere kasilepake.

Basa kang digunakake yaiku basa ngoko amargaora ana titikane basa krama kang maujud ingwewangunane ukara carita ing ndhuwur. Fungsine sakaukara (3) yaiku direktif, wong kang guneman anggonemrayogakake marang mitra wicaran murih anggenenyiram sawi nalikane wektu sore supaya kang nyiramisawi iku ora panasen. Ukara kasebut ora ana tembungpakon sing Paedahe ndadekake ukara pakon. Nangingwong kang guneman nduweni pengarep-arep supaya sing

diajak guneman mangerteni lan nglakoni apa kang dadipanjaluke. Saka andharan ing ndhuwur bisa ditegesi yenukara carita (3) nduweni teges mrayogakake.

2. Pamrayoga Awujud Ukara PakonMrentah yaiku wong kang guneman kang njaluk

tulung kanthi cara adreng marang wong kang diajakguneman nanging dhasare nuduhake ukara panjaluk.Mrentah iku klebu ing ukara pakon. Dene ukara pakonutawa ukara agnya iku wedharing gagasan wong kangguneman tumuju marang wong kang diajak gunemansupaya nglakoni utawa nindakake pakaryan. Ukara pakoniku kang digatekake mung peranganing tindak kangpremati dhewe, mula ukara pakon sacekak-cekakeawujud ukara ora genep.

(4) Ndang turua awan dhisik, awake ben isaleren.

(5) Nek wis lulus smp goleka sma sing favorit,ben gampang nek golek kampus kuliah.

(6) Kene ndang ngombe obat supaya pilekendang mari.

Ukara kang bakal diandharake yaiku pamrayogakanthi wujud ukara pakon. Ukara (4) klebu ukara pakonamarga tembung kang kanggo mratelakake pakon maurinaketan panambang {-a}, yaiku tembung tembung turuoleh panambang {-a} kang ndadekake tembung kriyadadi tembung pakon. Ukara kasebut kawangun sakaukara gatra loro yaiku ndang turua awan dhisik lanawake ben isa leren. Jejere saka ukara gatra loro ingndhuwur yaiku kowe, nanging jejere ora kasebutsajroning ukara, amarga tembung pakon turua wis bisadadi gegantine tembung sesulih kowe.

Ukara (4) klebu ing undha-usuking basa kangklebu ing basa ngoko. Amarga ora ana kang ndayaniwangune basa krama yaiku tembung kowe disalinipanjenengan uga bisa disalini sampeyan gumantungwong kang diajak guneman, panambang [e] disalini[ipun]. maksude saka ukara ing ndhuwur yaiku wongkang guneman ngongkon wong kang diajak gunemanamrih turu. Dene fungsine yaiku direktif kanggomrayogakake wong kang diajak guneman supaya bisanampa kang dadi gunemane. Wong kang gunemanngongkon marang wong kang guneman amrih turusupaya awake bisa leren. Anggone mrayogakake, wongkang guneman nggunakake ukara pakon supaya wongkang diajak guneman luwih gampang nglakoni apa singdadi gunemane. Mula saka iku, ukara pakon ing ndhuwurbisa ditegesi yen ukara kang wujude ukara pakon iku maunduweni teges mrayogakake..

Ukara sabanjure (5) yaiku nek wis lulus smpgoleka sma sing favorit, ben gampang nek golek kampuskuliah. Klebu ing ukara pakon, tembung kang kanggomratelakake pakon mau rinaketan panambang {-a}, yaiku

Page 7: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

7

tembung goleka. Ukara (5) kawangun saka telung ukaragatra yaiku nek wis lulus smp, goleka sma sing favorit,lan ben gampang nek golek kampus kuliah. Jejer teteluneing ukara gatra iku padha bae, yaiku kowe kangkasilepake sajroning ukara.

Ing ukara (5) klebu ing undha-usuking basakang klebu ing basa ngoko. Amarga ora ana kangndayani wangune basa krama yaiku tembung kowedisalini panjenengan uga bisa disalini sampeyangumantung wong kang diajak guneman, tembung golekdisalini pados, sing disalini ingkang, lan tembung liyakang nuduhake basa krama. maksude saka ukara ingndhuwur yaiku ngomongi yen sekolah favorit iku bisanggampangake anggone golek kampus kuliyah. Denefungsine direktif yaiku mrayogakake marang wong kangdiajak guneman. wong kang guneman ngongkon marangwong kang diajak guneman supaya golek sma favoritkang bisa nggampangake anggone mlebu kuliyah.

Ukara (6) klebu ukara pakon kanthi titikantembung kriya kang dadi perangane saka ukara pakonmau rinaketan panambang {-a}. Lajer saka ukara (6)yaiku kene ndang ngombe obat. Ukara iki minangkaukara kang dadi bab kang ana utawa bab kangdipratelakake dening wasesa. Wasesane saka lajer ikumau yaiku supaya pileke ndang mari.

Ukara ing ndhuwur klebu ing kang klebu ingbasa ngoko. Amarga ora ana kang ndayani wangune basakrama yaiku tembung kowe disalini panjenengan ugabisa disalini sampeyan gumantung wong kang diajakguneman, panambang [e] disalini [ipun]. Tegese ukaraiku mau yaiku yen pangin cepet waras, anggone ngombeobat ora telat. Fungsine saka ukara pakon ing ndhuwuryaiku direktif, mrayogakake marang wong kang diajakguneman supaya gelem nglakoni apa sing dikarepakedening wong kang guneman, wujude mrayogakake ikumau yaiku wong kang guneman ngongkon marang wongkang diajak guneman supaya gombe obat kareben pilekeenggal waras.

3. Pamrayoga Awujud Ukara PitakonUkara pitakon uga bisa diarani ukara patanya,

bakune bisa katiiki saka anane tembung pitakon apa,sapa, pira, kapan, lan kepriye. Ing panliten iki wujudepitakon kang fungsine mrayogakake awujud andharanrangkep. Alasan kang diucapake dening kang gunemanminangka dadi wasesane kang mratelakake kahananlajere. Ukara-ukara pitakon kang fungsine mrayogakakekaya ing ngisor iki.

(7) Upama ra sah mancing piye? Mendhungewis peteng.

(8) Nyapa olehmu numpak montor kok orabanter pisan? Ben ndang nyusul mbahmu.

(9) Sapa ya sing gelem budhal saiki? Ketokanekok arep udan.

Ukara (7) klebu ing ukara pitakon. Bisa dititikikanthi tembung pitakon piye kang maujud ing ukarapitakone. Lajere saka andharan rangkep iku yaiku Upamara sah mancing piye?, dene wasesane yaiku kang dadialasane kang guneman yaiku Mendhunge wis peteng.

Ukara (7) klebu ing undha-usuking basa kangklebu ing basa ngoko. Amarga ora ana kang ndayaniwangune basa krama yaiku tembung kowe disalinipanjenengan uga bisa disalini sampeyan gumantungwong kang diajak guneman, panambang [e] disalini[ipun]. Tegese ukara ing ndhuwur yaiku takon marangkang diajak guneman, nanging ing pitakonane iku maungemu surasa ngorakake anggone budhal mancing. Bisaditegesi kaya mangkono amarga sawise takon iku maukang guneman ngandharake alasane ngenani perkarakang ditakokake. Fungsine direktif saka ukara pitakoniku mau mrayogakake marang kang diajak gunemanamrih ora sida mancing amarga mendhunge wisnuduhake yen arep udan. Saka andharan ing ndhuwurbisa didudut yen ukara pitakon kang wujude kaya ukaraing ndhuwur bisa klebu ing pamrayoga kanthi wujudukara pitakon.

Ukara sabanjure (8) yaiku Nyapa olehmunumpak montor kok ora banter pisan? Ben ndang nyusulmbahmu. Ukara iku bisa dititiki kanthi tembung takonnyapa kang maujud ing ukara pitakone. Ukara ing ugaklebu ing andharan rangkep amarga nduweni lajer lanwasesa. Lajere yaiku Nyapa olehmu numpak montor kokora banter pisan?, dene wasesane utawa kangmratelakake kahanane lajer yaiku Ben ndang nyusulmbahmu.

Ukara (8) klebu ing undha-usuking basa kangklebu ing basa ngoko. Amarga ora ana kang ndayaniwangune basa krama yaiku tembung kowe disalinipanjenengan uga bisa disalini sampeyan gumantungwong kang diajak guneman, panambang [e] disalini[ipun]. Tegese ukara pitakon mau yaiku takon marangkang ngajak guneman, nanging ngemu surasa mengingamrih kang diajak guneman ora numpak montor banter.Fungsi direktif ukara pitakon ing ndhuwur yaikumrayogakake marang wong kang diajak guneman amrihkang diajak guneman gelem nglakoni apa kang dadigunemane. Ukara pitakon iku bisa diarani nduwe fungsikaya mangkono amarga ukara iku kiwuwuhi alasananggone takon, yen numpak montor banter iku bisanyebabake cilaka.

Ukara (9) yaiku Sapa ya sing gelem budhalsaiki? Ketokane kok arep udan. Bisa dititiki kanthitembung pitakon sapa. Lajere saka ukara pitakon iku mauyaiku kang dadi pitakonane yaiku Sapa ya sing gelem

Page 8: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA. 2013

8

budhal saiki?, dene kang dadi wasesane utawa kangmratelakake lajer yaiku Ketokane kok arep udan.

Ing ukara (9) klebu ing undha-usuking basakang klebu ing basa ngoko. Amarga ora ana kangndayani wangune basa krama yaiku tembung kowedisalini panjenengan uga bisa disalini sampeyangumantung wong kang diajak guneman, panambang [e]disalini [ipun]. Tegese ukara ing ndhuwur yaiku takonmarang kang diajak guneman ngenani sing gelem budhal,nanging ngemu surasa pakon. Amarga ing wasesane sakalajer mratelakake alasane wong kang guneman supayakang diajak guneman gelem budhal amarga wis arepudan. Fungsi direktif saka ukara pitakon iku mau yaikumrayogakake marang kang diajak guneman amrih ndangbudhal supaya ora kudanan, amarga kahanane wisnuduhake yen arep udan.

4. Pamrayoga Awujud Ukara PamengingMenging yaiku wong kang guneman kang

njaluk tulung marang wong kang diajak guneman supayaaja nglakoni tumindak sing ora becik utawa singndadekake bebaya. Menging iku klebu ing ukara pakon.Dene ukara pakon utawa ukara agnya iku wedharinggagasan wong kang guneman tumuju marang wong kangdiajak guneman supaya nglakoni utawa nindakakepakaryan.

(10) Aja rame-rame, ibuk lagi gerah(11) Nek ngomong aja banter-banter, krungu

teka ruang tamu lho(12) Nek isuk aja turu ae, rejekine dithuthul

pitikUkara (10) klebu ukara pamenging kanthi

titikane yaiku anane tembung aja ing wewangunaneukara kang manggon ing sangarepe wasesaning ukara.Ukara ing ndhuwur kawangun saka rong ukara gatrayaiku Aja rame-rame, lan(amarga) ibuk lagi gerah. Ukaragatra siji wujude ukara awasesa kaanan kanthi jejertembung sesulih purusa kapindho yaiku kowe kangkasilepake, dene ukara gatra loro minangka dadikatrangane ukara gatra siji kanthi tembung pangiket(amarga) kang darbe surasa karana utawa alasan kanthijejere ukara yaiku ibuk.

Ukara (10) wong kang guneman nggunakakeundha-usuking basa kang klebu ing basa ngoko. Amargaora ana kang ndayani wangune basa krama yaikutembung kowe disalini panjenengan uga bisa disalinisampeyan gumantung wong kang diajak guneman, lantembung-tembung kang nuduhake wewangunane basakrama. Fungsine saka ukara ing ndhuwur yaikungongkon supaya kang diajak guneman ora rame-ramekareben ora mbrebegi ibuke kang lagi lara. Ukara kangndadekake ukara pamenging iku bisa ditegesimrayogakake yaiku ukara kang mratelakake utawa dadi

katrangane saka ukara gatra siji. Upama ukara gatra sijiaja pencilakan waengadeg dhewe, ukara iku mung dadiukara pamenging tanpa ana maksud mrayogakake.

Ukara (11) klebu ukara pamenging kanthititikane yaiku anane tembung aja ing wewangunaneukara kang manggon ing sangarepe wasesaning ukara.Ukara ing ndhuwur kawangun saka rong ukara gatrayaiku Nek ngomong aja banter-banter,lan krungu tekaruang tamu kae lho. Ukara gatra siji wujude ukaraawasesa kaanan (banter-banter/seru-seru) kanthi jejertembung sesulih purusa kapindho yaiku awakmu/kowekang kasilepake, dene ukara gatra loro minangka dadikatrangane ukara gatra siji kanthi tembung pangiketkarana (amarga) kang darbe surasa karana utawa alasankanthi jejere ukara yaiku (swaramu) kang disilepake.

Ukara (11) wong kang guneman nggunakakeundha-usuking basa kang klebu ing basa ngoko. Amargaora ana kang ndayani wangune basa krama yaikutembung kowe disalini panjenengan uga bisa disalinisampeyan gumantung wong kang diajak guneman, lantembung-tembung kang nuduhake wewangunane basakrama. Fungsine saka ukara ing ndhuwur yaikungongkon supaya anggone ngomong ora banter-banterkareben ora keprungu nganti tekan ruang tamu. Ukarakang ndadekake ukara pamenging iku bisa ditegesimrayogakake, yaiku ukara kang mratelakake utawa dadikatrangane saka ukara gatra siji. Minangka sarate yaikuukara gatra siji ukarane ora ngadeg dhewe utawa kududadi ukara gatra, amarga yen dadi sak ukara iku mungdadi ukara pamenging tanpa ana maksud mrayogakake.

Ukara (12) klebu ukara pamenging kang uganuduhake pamrayoga, kanthi titikane yaiku ananetembung aja ing wewangunane ukara kang manggon ingsangarepe wasesaning ukara. Ukara ing ndhuwurkawangun saka rong ukara gatra yaiku Nek isuk aja turuae,lan rejekine dithuthul pitik. Ukara gatra siji wujudeukara awasesa kriya (turu) kanthi jejer tembung sesulihpurusa kapindho yaiku awakmu/kowe kang kasilepake,dene ukara gatra loro minangka dadi katrangane ukaragatra siji kanthi tembung pangiket karana (amarga) kangdarbe surasa karana utawa alasan kanthi jejere ukarayaiku awakmu/kowe kang disilepake.

Ukara (12) wong kang guneman nggunakakeundha-usuking basa kang klebu ing basa ngoko. Amargaora ana kang ndayani wangune basa krama yaikutembung kowe disalini panjenengan uga bisa disalinisampeyan gumantung wong kang diajak guneman, lantembung-tembung kang nuduhake wewangunane basakrama. Fungsine saka ukara ing ndhuwur yaikungongkon supaya wayah isuk becike aja mung dianggoturu wae, kareben ora lumuh marang pakaryan kang dadidalan rejekine. Ukara kang ndadekake ukara pamengingiku bisa ditegesi mrayogakake, yaiku ukara kang

Page 9: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

9

mratelakake utawa dadi katrangane saka ukara gatra siji.Minangka sarate yaiku ukara gatra siji ukarane orangadeg dhewe utawa kudu dadi ukara gatra, amarga yendadi sak ukara iku mung dadi ukara pamenging tanpa anamaksud mrayogakake.

B. Pamrayoga Adhedhasar IsineAdhedhasar jinise pamrayoga bisa kaperang

dadi telung warna yaiku, (1) pamrayoga kang gayutankaro etis, (2) pamrayoga kang gayutan karo praktis, lan(3) pamrayoga kang gayutan karo logis.

1. Pamrayoga kang Isine BebecikMrayogakake kang isine bebecik yen dirasakake

ana gayutane karo emosi lan rasa pangrasane wongmarang sawijine stimulus, khususe pamiji-miji positifutawa negatif. Biyasane mrayogakake kang isine bebecikdititiki kanthi tembung becike utawa apike.Mrayogakake kang isine bebecik bakal diandharake kayaing ngisor iki.

(13) Becike kowe kuwi ndang budhal, selakkawanen

Ukara (13) mujudake pamrayoga kang isineaweh bebecik marang wong kang diajak guneman amrihbecike age-age budhal amarga selak kawanen anggonemakarya. Ukara ing ndhuwur bisa klebu ing jinisemrayogakake kang isine bebecik amarga tujuwanemrayogakake marang emosi lan rasa pangrasane wongmarang sawijine stimulus, khususe pamiji-miji positifutawa negatif.

(14) Sepedhahmu kuwi kerep bocor, becike kokganti ban tubeles ae.

Ukara (14) minangka pamrayoga kang isinenuduhake marang bab kang luwih becik njur luwihmigunani tumrap wong diajak cecaturan amrih bane kangkerep bocor mau diganti ban tubeles, amarga ban tubelesyen dinalar luwih aman, dene nek ketancep paku uga oralangsung kempes. Ukara kasebut klebu jinise pamrayogakang isine bebecik, amarga wus weneh kawruh kangluwih apik tumrap wong kang diajak guneman.

(15) Becike skripsimu ndang rampungna, benisa wisudha oktober.

Ukara (15) yaiku minangka pamrayoga kangnuduhake pamiji apik (positif) lan migunani marangwong kang diajak guneman amrih age-age ngrampungakeskripsi, supaya bisa wisudha ing wulan Oktober. Ukarakasebut minangka pamrayoga kang isine bebecik, amargatumindak menehi kawruh tumrap wong kang diajakguneman mau mujudake bab kang pancen becike kududilakoni. Tumindak mrayogakake minangka bab kangdiajab bisa ndayani tumrap wong kang diajak gunemansupaya bisa tumindak kang luwih becik lan wicaksanamungguh uripe.

2. Pamrayoga kang Isine NgepenakakeMrayogakake kang isine ngepenakake marang

wong kang diajak guneman yen dirasakake ana gayutanekaro aweh pamrayoga kang tujuwane menehi rembugutawa pamrayoga marang carane wong tumindak sajronenanggepi stimulus biyasane dititiki kanthi tembungpenake utawa enake. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

(16) Nek hawane adhem ngeneki penakengombe kopi.

Ukara (16) mujudake mrayogakake kangnduweni isi ngepenakake amarga sajrone ukara iku mauwong kang guneman nduweni tujuwan menehi rembugutawa pamrayoga marang wong kang diajak gunemannanggepi stimulus yaiku, carane wong kang diajakguneman nanggepi kahanan kang adhem. Ing kono wongkang guneman ngandharake yen hawa adhem iku penakengopi. Ukara (79) uga dititiki kanthi tembung penake.

(17) Pasa-pasa weteng luwe, penake golekmangan ki.

Ukara (17) mujudake mrayogakake kangnduweni isi ngepenakake amarga sajrone ukara iku mauwong kang guneman nduweni tujuwan menehi rembugutawa pamrayoga marang wong kang diajak gunemannanggepi stimulus yaiku, carane wong kang diajakguneman nanggepi rasa luwe. Saka kahanan iku mauwong kang guneman nduweni pamrayoga yen wetengluwe penake golek mangan. Saka tuladha (78) pamrayogakang nduweni isi ngepenakake bisa dititiki kanthitembung penake kang rinaketan karo ukara kangnuduhake akibat saka ukara sangarepe.

(18) Rijal lagi galau, penake ayo dijak mendemae.

Ukara (18) klebu ing mrayogakake kangnduweni isi ngepenakake amarga wong kang gunemanaweh rembug ngenai carane wong kang diajak gunemannanggepi sawijine perkara yaiku, kancane lagi galau.Saka perkara iku mau wong kang guneman ngandharakeyen cara kanggo nglipur kancane paling penak yaikumendem. Ukara ing ndhuwur uga dititiki kanthi tembungpenake.

3. Mrayogakake kang Isine BebenerMrayogakake kang isine bebener ana tujuwane

aweh pamrayoga marang pamikirane wong ngenanisawijine objek kayata kasunyatan lan kapercayan.Biyasane pamrayoga kang isine bebener dititiki kanthitembung benere. Mrayogakake kang isine bebener bakaldiandharake kaya ing ngisor iki.

(19) Dhuwitmu akeh kok mangan tempe, benereya iwak pitik utawa daging ngono.

Ukara (19) klebu ing jinise pamrayoga kangisine bebener amarga, sajrone ukara iku wong kang aweh

Page 10: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA. 2013

10

pamrayoga ngadharake ngenani pamikirane wongngenani sawijine objek kayata kasunyatan lan kapercayankang dirasa kurang pas. Kang nuduhake isine bebeneryaiku wong kang aweh pamrayoga ngandharake yendhuwit akeh iku benere mangane ora mung tempe,nanging pitik utawa daging. Ing ukara (19) ananemrayogakake kang isine bebener dititiki kanthi tembungbenere kang rinaketan sajrone ukara.

(20) Arep riyaya ngene ki benere ndang tukuklambi neng royal mumpung diskon.

Ukara sabanjure klebu ing jinise pamrayogakang isine bebener amarga, sajrone ukara iku wong kangaweh pamrayoga ngadharake ngenani pamikirane wongngenani sawijine objek kayata kasunyatan lan kapercayankang dirasa kurang pas yaiku, nuduhake isine bebeneryaiku wong kang aweh pamrayoga ngandharake yen anadiskon ing royal, mula benere age-age tuku klambikanggo riyaya. Ing ukara (20) anane mrayogakake kangisine bebener dititiki kanthi tembung benere kangrinaketan sajrone ukara.

(21) Benere ki rokokanmu marlboro ta, wongdhuwitmu ya akeh.

Ukara (21) klebu ing jinise pamrayoga kangisine bebener amarga, wong kang aweh pamrayogangandharake yen dhuwit akeh iku benere rokokakemarlboro. Wong kang aweh pamrayoga nduweni panemukang kaya mangkono disebabake dhuwite wong kangdiajak guneman iku akeh. Ing ukara (21) ananemrayogakake kang isine bebener dititiki kanthi tembungbenere kang rinaketan sajrone ukara.

PANUTUP

Dudutan Asiling PanlitenAdhedhasar andharan asile panliten bisa kadudut

kaya mangkene.Ukara pamrayoga kaperang dadi (1) ukara

pamrayoga adhedhasar wujude yaiku, (i) wujud ukaracarita, (ii) wujud ukara pakon, (iii) ukara pitakon, (iv)ukara pamenging, lan (2) ukara pamrayoga adhedhasarisine yaiku, (i) mrayogakake kang isine bebecik, (ii)mrayogakake kang isine ngepenakake lan, (iii)mrayogakake kang isine bebener. Dene ukara pamrayogaadhedhasar isine yaiku etis, praktis lan logis didhasarakemarang isine pamrayoga kang nyocogake marang solahbawa wong kang diajak guneman.

Mrayogakake yaiku aweh rembug marang wongkang diajak guneman murih prayoga. Mrayogakake klebuing peranganing ukara pakon nanging wujudemrayogakake maneka warna amarga kanggomrayogakake sawijing pawongan kudu nduweni rasapangrasa kang dhuwur.

Ukara kang tegese mrayogakake nduwenidhapuring ukara kang umume arupa ukara gatra utawaukara camboran, yaiku ukara camboran sajajar lan ukaracamboran sungsun. Yen dhapuring ukara kang ategesmrayogakake mung madeg kanthi dhapuring ukaralamba, ukara-ukara iku durung bisa mujudake ananeteges mrayogakake.

Mrayogakake nduweni sifat kang sareh lan sifatkang adreng, malah sok ana sing keras banget nganti dadilarangan utawa pamenging, gumantung kahananeguneman.

PamrayogaGegayutan karo tata lakune lan asile, panliten iki

bakal diandharake pamrayoga kang gegayutan karoasiling panliten kaya ing ngisor iki :

Panliten iki nliti bab Ukara Pamrayoga. Datapanliten dikumpulake saka panindak lan tumindake basaing masyarakat jawa kang asli jawa. Mula saka iku, orasakabehe ukara basa kang diandharake. Gayute karo babiku, prelu ditindakake panliten kang luwih babaganwujud lan fungsine saka wedharan-wedharan kangnduwewni daya ilokusi.

Asiling panliten iki punjere ngrembug babwujud lan fungsine saka ukara kang ateges mrayogakake.Mula saka iku, panliten iki bisa migunani kanggopamaos. Semono uga panliten iki bisa digunakakekanggo ngrembakakake ilmu sintaksis sajrone pasinaonbasa Jawa.

Page 11: UKARA PAMRAYOGA JURNALUKARA PAMRAYOGA 3 yaitu pembicaraan orang jawa yang asli jawa dan data dari informan. Tata cara pengumpulan data menggunakan teknik simak bebas libat cakap lan

UKARA PAMRAYOGA

11

KAPUSTAKAN

Antunsuhono. 1956. Reringkesaning ParamasastraDjawa II. Yogyakarta : Hien Hoo Sing.

Chaer, Abdul. 1994. Linguistik Umum. Jakarta : RinekaCipta.

Chaer,abdul. Leoni agustina. 2004. SosiolinguistikPerkenalan Awal. Jakarta : Rineka cipta

Chaer, Abdul. 2007. Kajian Bahasa Struktur Internal,Pemakaian dan Pembelajaran. Jakarta : RinekaCipta.

Chaer, Abdul. 2008. Morfologi Bahasa Indonesia(Pendekatan Proses). Jakarta : Rineka Cipta.

Chaer, Abdul. 1994. Pengantar Semantik Bahasa BahasaIndonesia Edisi Revisi. Jakarta : Rineka Cipta.

Kementerian Pengadjaran, Pendidikan dan Keboedajaan.1946. Karti Basa. Jakarta.

Mahsun. 2007. Metode Penelitian Bahasa TahapanStrategi, Metode, dan Tekniknya. Jakarta : PT.Remaja Raja Grafindo Persada.

Moleong, Lexy J. 2011. Metodologi Penelitian Kualitatif.Bandung : PT. Remaja Rosdakarya Offset.

Parera, Jos Daniel. 1991. Sintaksis (Edisi Kedua). Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.

Pateda, Mansoer. 2010. Semantik Leksikal. Jakarta :Rineka Cipta.

Poerwadarminta, W. J. S. 1937. Baoesastra Djawi.Tokyo.

Pranowo. 2009. Berbahasa Secara Santun. Yogyakarta :Pustaka Pelajar.

Rahardi, R. Kunjana. 2005. Pragmatik KesantunanImperatif Bahasa Indonesia. Jakarta: Erlangga.

Rahmawan, Andika. 2004. Jejer ing Ukara Tanduk(Kajian Sintaksis). Surabaya: PBSD FBSUnesa.

Sasangka, Sri Satriya. 2008. Paramasastra Gagrag AnyarBasa Jawa. Jakarta : Yayasan Pramalingua.

Subagyo, Rahmad. 2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya: UNESA PRESS.

Sudaryanto. 1986. Metode Linguistik, Bagian Pertama:ke Arah Memahami Metode Linguistik.Yogyakarta: Gajahmada University Press

Sudaryanto. 1988. Metode Linguistik, Bagian Kedua:Metode dan Teknik Penggunaan Data.Yogyakarta: Gajahmada University Press

Sudaryanto, Pranowo. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa.Yogyakarta : Kepatihan Danurejan.

Taylor, Selly E, dkk. 2012.Psikologi Sosial. Jakarta :Kencana Prenada Media Group