Tugas Bs Jawa Terstruktr
-
Upload
widya-pratiwi -
Category
Documents
-
view
60 -
download
9
description
Transcript of Tugas Bs Jawa Terstruktr
Sekar Dandhanggula maskentar pelok pathet 6
3 5 6 6 6 1 2 2 2 2
yogyaniro kang poro prajurit
1 1 2 1 6 5 6 1 1 1 1
lamun biso, sami anuladho
1 2 2 2 3 1 2 1 6 5
kadyo nguni caritane
1 2 2 3 1 2 5 6 6
andeliro sang prabu
5 5 6 5 3 2 2 3 1 2 1 6
sosrobau ing maespati
1 2 2 2 2 2 2 2 2
aran patih suwondo
1 2 3 1 2 1 6 5
Lelabuhanipun
5 6 1 2 1 1 2 1 6
kang ginelung tri prakoro
6 1 2 1 6 5 3 5 6 5 2 3 1 2
guno koyo purun ingkang den antepi
5 6 5 3 2 3 2 1
nuhoni trah utomo
Gancaran
Bilih sekar Dhandanggula punika nyariyosaken babagan Patih Suwanda ingkang
timur kagungan asma Bambang Sumantri. Patih Suwanda punika astha tengenipun
/ andalanipun Prabu Sasrabahu ingkang dados ratu ing Maespati. Boten kelintu
manawi Patih Suwanda punika Patih kinasihipun Prabu Sasrabahu amargi Patih
Suwanda punika siwinipun Resi Suwandagni saking pertapan Argasekar ingkang
kondang sinebut tiyang utami. Saenipun para prajurit punika saged nuladhani
lelabuhanipun Patih Suwanda. Lelabuhanipun Patih Suwanda ingkang tiga inggih
punika guna kaya lan purun. Wondene ingkang kawastanan guna inggih punika
pinter, saged kasil wonten ing saben palagan lan wasis samubarang. Kaya punika
artosipun kuwaos. Sejatosipun anggen Patih Suwanda dados Panglia perang
nglawan nagare Maganda punika saestu kasil /lelabuhan ingkang kaping tiga
punika purun, inggih punika wantun totoan nyawa ngantos ggur ing palagan.
Wekdal punika Patih Suwanda ngrungkebi bumi kinasih ngantos gugur kengin
taringipun Rahwana/Prabu Dasamuka, ratu ing Ngalengkadiraja. Perkawisipun
boten amergi Patih Suwanda kirang gesit , nanging amargi taringipun Rahwana
kaisi kaliyan sukma Sukasrana. Sukasrana punika rayinipun Patih Suwanda
ingkang seda wonten ing asthanipun rekanipun tan dipunjarag. Cariyos punika sae
sanget dipuntuladhani sedaya tiyang khususipun para prajurit amargi nggandhahi
ancas ngajak para kadang supados sami tuhu anggenipun nglampahi kuwajiban
mbelani lan tresna maring nagaranipun piyambak.
Sekar Sinom grandhel laras pelok pathet 6
1 2 2 2 2 1 1 1 1
Nulada laku utama
6 5 5 5 6 1 2 1 6 5
Tumrape wong Tanah Jawi
1 2 2 2 1 6 6 5 6
Wong agung ing Ngeksiganda,
6 6 6 5 6 2 2 1 6
Panembahan Senopati,
3 5 5 5 6 6 6
Kepati amarsudi,
1 2 3 1 6 5 6 5 3 2
Sudane hawa lan nepsu,
5 6 6 6 6 5 3 5 6
Pinepsu tapa brata,
6 6 6 5 6 2 2 1 6
Tanapi ing siyang ratri,
3 5 5 5 5 6 1 1 2 6 5 6 5 3 2
Amamangun karyenak tyasing sesama.
Gancaran
Bilih sekar Sinom punika nyariyosaken babagan pangajak tuladha tindakan
ingkang sae lan utama (nulada laku utama) kangge Tiyang Jawi bagi utawi
nusantara yaiku tiyang kang ageng lan kinarmatan ing Mataram ( wong agung ing
Ngeksiganda) inggih punika Panembahan Senapati kang tekun ing ngurangi lan
ngendalike hawa (kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu) ngangge dalan
prihatin lan tapa (pinepsu tapa brata) wonten ing awan utawi bengi (tanapi ing
siyang ratri) uga terus makarya nggawe ati tentrem kangge sesama kanthi kasih
sayang .