TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

23
TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSANE KEWAN Dening: Putri Novitasari (12020114025) Ah. Syahrul rahmat (12020114047) Siti M’rifatus S. (12020114202) A Abur [abUr] : tetembungan arane tumindake kewan kang awujud mabur arupa lakune manuk ana ing awang-awang. Alap-alap [alap-alap]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen, nduweni cucuk kang lincip uga kuku sing landhep, wernane ireng lan gedhe. Ambus [ambUs]: tetembungan arane tumindake bangasne kewan kang awujud ngambu, umume dilakoni asu, saperangan dilakoni bangsane kucing kanggo nengeri ambune panganan utawa ambune dhaerahe. Asu [asu]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu kewan galak askil papat, mlakune mbrangkang, nduweni cakar lan siyung, lan asring diingu manungsa kanggo njaga omah. B (m)baung [baUƞ]: tetembungan arane swarane kewan tumrape singa. Babi[babi] : tetembungan arane kewan bangsane celeng sing congore dawa, swarane nggrok-nggrok. Panganane babi yaiku cacing, godhong sing wis alum campur blethok.

description

Leksikografi

Transcript of TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Page 1: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSANE KEWAN

Dening:

Putri Novitasari (12020114025)

Ah. Syahrul rahmat (12020114047)

Siti M’rifatus S. (12020114202)

A

Abur [abUr] : tetembungan arane tumindake kewan kang awujud mabur arupa lakune

manuk ana ing awang-awang.

Alap-alap [alap-alap]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen,

nduweni cucuk kang lincip uga kuku sing landhep, wernane ireng lan gedhe.

Ambus [ambUs]: tetembungan arane tumindake bangasne kewan kang awujud ngambu,

umume dilakoni asu, saperangan dilakoni bangsane kucing kanggo nengeri ambune

panganan utawa ambune dhaerahe.

Asu [asu]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu kewan galak askil papat,

mlakune mbrangkang, nduweni cakar lan siyung, lan asring diingu manungsa kanggo

njaga omah.

B

(m)baung [baUƞ]: tetembungan arane swarane kewan tumrape singa.

Babi[babi] : tetembungan arane kewan bangsane celeng sing congore dawa, swarane

nggrok-nggrok. Panganane babi yaiku cacing, godhong sing wis alum campur blethok.

Badhak [badhak] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane

kewan sikile papat sing gedhene sakkebo, kulite kandel lan atos, ing ndhuwur irunge

ana sungune (utawa cula) siji utawa loro.

Bajing [bajIƞ] : tetembungan arane kewan bangsane ngrikiti seemper tikus, garangan, lsp,

sing dadi amane krambil uga senengane bangsane semut, serangga liyane.

Baju-bebek [baju-bɛbɛ?] : tetembunganarane kewan kang wujud endhase kaya bebek.

Bajul [bajUl]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu kewan galak, uripe ing

banyu wujude kaya kadhal gedhe akulit kandhel.

Bancet [bancət]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kodhok.

Bangsa kewan kaperang dadi telu adhedhasar panganane, yaiku:

Banyar [banyar] : tetembungan arane kewan bangsane iwak loh (iwak kali).

Page 2: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Bawal [bawal] : tetembungan arane kewan jinising iwak loh sing enak diolah, wujude

gepeng, kulite rada kasar.

Baya [bɔyɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang tegese saemper karo bajul, kewan

rumangkang, bangsane mimir

Bebek [bɛbɛ?] :tetembunganarane kewan bangsaneiwèn sing nduweni cucuk dawa,

nduweni lar, selaput ing sikile, bangsane enthog; payung (caping).

Belang [bəlaƞ]: ulese asu

Belo [bəlo] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane anake

jaran.

Beo [beo] :tetembunganarane kewan bangsane manuk sing bisa diwuruki ngomong kaya

dene manungsa; cucuke dawa werna kuning; panganane bisa wiji uga serangga.

Beruk[bərU?] : tetembunganarane kewan; bangsane munyuk sing bisa diajari ngunduh

krambil; panganane bisa buah, bisa uga serangga.

Beyes [bɛyɛs]: tetembungan arane bangasne anak yuyu.

Blanak [blana?] : tetembunganarane kewan bangsane iwak loh kayadene bandeng.

Bledug [blədUg] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane

anake gajah.

Blekok [bləko?]: tetembungan sajrone bangsane kewan kang kagolong sato iwen kang

panganane iwak, umume manggon ing sawah, tambak, utawa rawa.

Bongkang [boƞkang]: tetembungan arane bangsane kewan gegremetan ing wedhi kang

nggawe leng arupa luweng ing wedhi/pasir.

Brahman [Brahman] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu

jinise sapi sing kapiji dijupuk daginge.

Brotol [brotol] : tetembunganarane perangan awake kewan sangisoring jubur tumrap

manuk, pithik.

Bruwang [bruwaƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kewan galak

asikil papat kang mlakune mbrangkang. Kewan iki saperangan uga urip ing dhaerah

kutub.

Bule [bulɛ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu jinise kebo

rupane putih semu abang kaya wong manca.

Bulus [bulUs]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu kewan rumangkang

bangsane penyu nanging ana ing dharat (dudu ing segara).

Bunglon [buƞlOn]: tetembungan arane bangsane kewan kayadene kadal nanging isa

ngganti werna awake gumantung papan sing dienggoni.

Page 3: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Buntut[buntUt] : tetembunganarane perangan angganing kewan terusane balung ula-ula.

C

Cacing, [cacIƞ] : tetembunganarane kewan tanpa bebalungan wujude gilig dawa sarta

lemes; penjalin.

(n)cakar [cakar]: tetembungan arane bangasne tandange kewan kang nduweni kuku ing

sikile, kayata kucing.

(n)caplok [caplO?]: tetembungan arane tandange kewan kang nduweni cangkem kayadene

baya lan kadhal.

Cecak [cəca?]: tetembungan arane bangsane kewan kang manggon ing omah-omah,

umume nemplek ing tembok kang mangani lamuk.

Celeng [cɛlɛɳ] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, sikile papat,

nduweni congor dawa, ulese ireng lan urip ing alas biyasane ora diingu.

Cemeng [cəmɛƞ]: tetembungan arane bangasne kewan kanggo ngarani anak kucing.

Cempe [cəmpe] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane

anake wedhus.

(n)cengkrem [cəƞkrəm]: tetembungan arane tandange kewan nganggo sikil, mung kanggo

sato iwen.

Cere [cere] : (utawa ceremende)tetembungan arane kewan bangsane coro cilik.

Cindhil [cindhl] : tetembunganarane kewan; anake tikus.

Cingur [cingUr] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, arupa irung lan

cangkem tumrap kewan kayata sapi, kebo.

Cocok [cocO?]: tetembungan arane solahe kewan kang awujud cara mangan, umume

kanggo asu.

Cokot [cokOt]: tetembungan arane solahe kewan kang awujud cara mangan, umume

kanggo kewan galak..

Coro [coro] : tetembunganarane kewan bangsanecere gedhe.

Criwi [ciwi]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake kemangga.

Cumi [cumi]: tetembungan arane bangsane kewan segara bangsane srotong. Kadangkala

ngetokake mangsi kanggo nylametake awake saka musuhe.

Cumi-cumi [cumi-cumi] : tetembunganarane kewan segara bangsane srotong.

Cungir [cuƞir] : tetembunganarane perangan awake kewan tumrap babi awujud congoring

celeng utawa babi; cungar-cungir.

Page 4: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

D

Dhawuk [dhawUk] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu

ulese kewan jaran sing wernane rada kecampuran putih.

Dibal [dibal]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake singa.

E

Elang [əlaƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen, nduweni

cucuk kang lincip uga kuku sing landhep.

Engkah [əƞkah]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake gagak.

Engkak [ɛƞka?] : tetembunganarane kewan jinise manuk; anake gagak.

Entup [əntup]: tetambungan arane solahe kewan tumrape tawon utawa kewan bangsane

kalajengking.

G

Gadhing/tlale [gadhiɳ], [tlale] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan,

kalebu perangan saka awake gajah, yaiku arupa siyung.

Gagak [gaga?]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen, nduweni

cucuk kang lincip uga kuku sing landhep, awarna ireng cilik.

(n)gaglak [gaga?]: tetembungan arane cara mangane kewan tumrape macan.

Gajah [gajah] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, kewan gedhe

sing nduwe tlale lan gadhing, kupinge amba, sikile papat.

Garangan [garaƞan]: tetembungan arane bangsane kewan kang wujude sabangsane rase,

wujude cilik kaya tikus ananging rada gedhe, nduweni cakar lan wernane semu abang.

Genjik [gənjI?] : tetembunganarane kewan; anake cèlèng.

Genjik [gənjik] : tetembungan sajrone arane bangsane kewan kang mangan tetuwuhan,

minangka arane anake celeng

Gibas [gibas] : tetembungan sajrone kewan kang kalebu jinise wedhus, kang wulune

gembel werna putih.

Gogor [gogOr]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake anak macan

Gonggo [gOƞggO] :tetembunganarane kewan, anake luwing.

Grago [grago] : tetembunganarane kewan, anake urang.

Gudel [gudɛl] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane

anake kebo.

Page 5: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

I

Iber [ibər] : tetembunganarane tumindake kewan kang bisa mabur (lmr. bngs. walang,

kinjeng lsp); miber: mabur.

J

Jabrisan [jabrisan] : tetembunganarane kewan, anake lele.

Jangkrik [jaɳkrik] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane

kewan rumangkang sing bisa mabur, bangsane gangsir sok diedu, ulese ireng semu

coklat lan swarane krik-krik.

Jaran [jaran] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, nyusoni kang

lumrah dianggo tunggangan utawa angkutan.

Jegug [jəju?], jegog [jəgO?]: tetembungan arane swarane kewan tumrape asu kang nywara

huk-huk.

Jlitheng [jlithəɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu ulese

kewan jaran sing wernane ireng gilap.

K

Kadhal [kaɖal]: tetembungan arane bangsane kewan kang mlakune rumangkang kang saba

ing pasuketan.

Kalajengking [kɔlɔjeƞkIƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kang nduweni buntut dawa

arupa entup, kewan iki kalebu jinise kewan entup-entupan.

Kala-menje [kɔlɔ menje]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kewan

entup-entupan.

Kampret [kamprɛt] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane

anake lawa.

Kebo [kəbo] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, sikile papat,

kukune ganep, ana sungune, kaya sapi wulune arang-arang, ulese lamus, senengane

ana banyu utawa blethokan.

Kemangga [kəmaƞgɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang tunggal jinis karo

kemlandhingan, asikil papat lan nggantung ing jaringe.

Kembang asem [kəmbaƞ asəm]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise

utawa ulese kucing.

Kembang duren [kəmbaɳ durɛn] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan

kang kalebu ulese kewan jaran sing wernane kuning.

Page 6: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Kendhit [kəndhit] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu

ulese/rupane wedhus sing ana corak kang beda ngubengi weteng.

Kendho [kəndho] : tetembunganarane kewan bangsane Kalong.(bajing mabur).

Kethek [kəthɛ?] : tetembunganarane kewan bangsane Munyuk, lutung lsp.

Kethek [kəthɛk] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, nduweni

buntut dawa, sikile loro, lan nduweni wulu werna klawu.

Ketul [kəthUl] : tetembunganarane kewan ;anake bulus (bulus cilik).

Keyong [kɛyOƞ] : tetembunganarane kewan mawa cangkok bangsane Kijing, kerang lsp.

Kidang [kidaɳ] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, sikile papat,

wujude saemper kaya wedhus lan nduweni tandhuk.

Kirik [kirI?]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake asu.

Kodhok [koɖo?]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise bancet, kongkang

lan sapiturute, umume uring ing panggonan kang akeh banyune, kayata kali, rawa,

sawah, lan sapiturutr.

Komodho [komoɖo]: tetembungan arane bangsane kewan kayadene kadal nanging ukurane

gedhe kaya baya, mlakune rumangkang.

Kompreng [komprɛɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka

arane anake kidang.

Konang [kOnaƞ] : tetembunganarane kewan saem. Laler ing weteng ana pelik-pelike.

Kor [kor]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake tuma.

Krete [krete]: tetembungannarane anak kewan tumrap anake anak baya.

Krikit [krikIt]: tetembungan arane solahe kewan kang nduweni untu loro ing ngarep

cangkeme, umume tumrap bangsane tikus.

Kucing [kucIƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kang klebu bangsane macan nanging

cilik, asikil papat lan mlakune rumangkang, nduweni cakar. Kadangkala sok diingu

manungsa.

Kukang [kukaƞ] : tetembunganarane kewan satengah kethek.

Kuku [kuku]: tetembungan arane gamane kewan kang manggon ing pucuk sikile kanggo

nyakar musuhe.

Kuntul [kuntUl]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen, umume

manggon ing sawah, tambak, utawa rawa, sabangsane manuk blekok nanging wernane

putih.

Kura [kurɔ] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, nduweni

cangkang sing atos lan ora bisa mlaku banter (alon-alon)

Page 7: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Kuthilang [kuthilaƞ] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sing seneng muni saben

esuk.

Kutuk [kutU?] : tetembunganarane kewan bangsane Iwak loh.

Kuwuk [kuwU?] :tetembunganarane kewan, anake luwak.

L

Laler [lalər] : tetembunganarane kewan bangsane kewan iberan sing dadi set.

Lamus [lamus] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu ulese

kewan kayadene kebo.

Landhak [landhak] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, kang

nduweni wulu sing lincip-lincip kaya eri.

Landhak: tetembungan sajrone bangsane kewan kang ngrikiti mawa wulu kuku lincip kaya

eri.

Laos [laɔs] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, minangka arane anake

kura.

Laron [larOn] : tetembunganarane kewan bangsane kewan iberan kedadean saka rayap.

Lawa [lɔwɔ] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, kewan nyusoni

kang bisa miber, nduweni swiwi lan wulu alus, bisa urip ana papan ngendi wae waton

dudu dhaerah sing adhem banget, biyasane yen mabur ing wayah wengi kanggo golek

pangan.

Lawa [lɔwɔ] : tetembunganarane kewan bangsane Codhot (kalong).

Lele [lele] :tetembunganarane kewan bangsane iwak loh sing enak diolah; panganane

bangsane kewan kali sing cilik-cilik uga tanduran banyu.

Lintah [lintah] :tetembunganarane kewan bangsane pacet sok napel lan nyerot getih

kadhang tetuwuhan.

Lumba-lumba [lumbɔ-lumbɔ]: tetembungan arane bangsane kewankang awujud iwak

gedhe ing segara, luwih cilik tinimbanng paus, awarna putih ireng.

Lupa [lupɔ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane jangkrik

sing wangune cilik.

Lur [lUr] :tetembunganarane kewan; anake cacing (lemah).

Lutung [lutUƞ] :tetembungan arane kewan; bangsane kethek (munyuk) sing wulune ireng;

panganane buah lan kewan gegremetan.

Luwak [luwa?] :tetembunganarane kewan bangsane kucing sing seneng mangan pithik,

manuk, woh-wohan sing mateng, bangsane kopi, gedhang, lsp.

Page 8: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Luwing [luwIƞ] :tetembunganarane kewan sing gedhene sadriji sikile akeh banget.

M

Macan [macan]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kewan galak,

asikil papat mlakune mbrangkang, nduweni kuku lan siyung.

Macan gemong [macan gəmoƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kalebu jinise macan.

Macan kombang [macan kOmbaƞ]: tetembungan arane bangsane kewan kalebu jinise

macan.

Macan tutul [macan tutUl]: tetembungan arane bangsane kewan kalebu jinise macan.

Manak [manak] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, carane

nglestarekake keturunan kanthi cara nglairake (tumrap kewan nyusoni).

Mangsa [mɔƞsɔ]: tetembungan arane mangane kewan tumrap cara mangane singa.

Manyar [manyar] : tetembunganarane kewan bangsane manuk.

Marmut [marmUt] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, sikile papat,

wujude saemper kaya tikus nanging gedhe tur ora nduwe buntut, wernane putih

(kadhang ana sing telon, ireng, klawu, lsp)

Mbeker [mbəkɛr] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap jaran)

Mbekik [mbəkik] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap kidang)

Mbengah [mbəngah] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap sapi)

Mbering [mbərIɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane

jangkrik sing anggone nywara sakkeplasan lan pedhot-pedhot.

Mbijig [mbijig] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, mujudake solah

bawane kewan kanthi cara nyodhok nganggo endhas lan sungune (tumrap wedhus).

Menco [menco] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sing bisa nirokake guneming

wong lsp.

Mendhet [mɛndhɛt] : tetembunganarane kewan; anake coro.

Menyawak [mənyawa?]: tetembungan arane bangsane kewan kayadene rase, asikil papat

lan mlakune rumangkang.

Merak [məra?] :tetembunganarane kewan bangsane manuk kang wulune endah banget.

Mere [məre] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu swarane

kewan (tumrap kethek)

Page 9: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Meri [məri] : tetembunganarane kewan;anak bebek.

Munyuk/kenyung [muɲUk], [kəɲUɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan

tetuwuhan, minangka arane anake kethek.

N

Nacah [nacah]: tetembungan arane cara mangane kewan tumrap mangane tikus.

Ngecek [ngecek]: tetembungan arane swarane kewan tumrape cecak.

Ngembek [ngəmbɛk] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap wedhus)

Ngempret [ɳəmprɛt] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap gajah)

Ngerik [ɳərIk] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap jangkrik).

Nggero [ƞgero]: tetembungan arane swarane kewan tumrape macan.

Ngorek [ƞorɛ?]: tetembungan arane swarane kewan tumrape kodhok.

Ngowek [ɳowɛk] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kang kalebu

swarane kewan (tumrap kebo)

Ngrecek [ƞrəcɛ?]: tetembungan arane swarane kewan tumrape bajing.

Ngrokoti [ɳrokoti] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, arane mangan

tumrap kethek

Nyenggut, nggayemi [ɲəɳgut], [nggayəmi] : tetembungan sajrone kewan kang mangan

tetuwuhan, arane mangan tumrap kewan kebo, sapi, wedhus.

Nyepak [ɲɛpak] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, mujudake solah

bawane kewan kanthi cara nendhang nganggo sikil sing mburi (tumrap jaran)

Nyundhang [ɲundhaɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, mujudake

solah bawane kewan kanthi cara nyodhok nggunakake sungune (tumrap sapi, kebo).

O

Oceh [Ocɛh] : tetembunganarane tumindake kewan awujud unining manuk.

Oteng-oteng [otəƞ-otəƞ]: tetembungan arane bangsane kewan sang kalebu jinise uret.

P

Page 10: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Pancal punggung [pancal punggUɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan

kang kalebu ulese kewan kalebu jinise jaran sing kapapat sikile wernane putih,

nanging ulese awake ora putih.

Paus [paUs]: tetembungan arane bangsane kewan kang awujud iwak gedhe ing segara.

Pe [pe]: i kn. Tetembungan arane bangsane kewan segara kang kulite kaya kikir.

Pedhet [pədhet] : tetembungan sajrone kewan, minangka arane anake sapi.

Peking [pəkIƞ] : tetembunganarane kewan bangsane manuk emprit cilik.

Penthet [pənthɛt] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sing seneng ngoceh lan

werna ndase ireng.

Penyu [pənyu] : tetembunganarane kewan; bangsane bulus urip nang segara.

Perkutut [pərkutUt] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sing seneng ngoceh sing

wernane tutul-tutul klawu.

Pinguwin [pinguwin]: tetembungan arane bangsane kewan kang kaya manuk nanging ora

isa miber. Uripe umume ing dhaerah kutub.

Pithik [pithI?] : tetembunganarane kewan bangsane kewan iwen sing nduwe swiwi, cucuk,

cakare landhep kanggo golek pangan, panganane cacing, semut, uga jinise wiji.

Piyik [piyI?] : tetembunganarane kewanbangsane dara; manuk enom.

Platuk [platU?] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sing seneng nyucuki wit,

panganane kewan nggremeti uga lumut sing nemplek ing wit.

Plonthang [plonthaɳ] : tetembungan sajrone kewan sing mangan tetuwuhan kang kalebu

ulese/rupane sapi sing rupane selang seling werna putih.

(m)plungker [pluƞkər]: tetembungan arane solahe kewan kang awujud nggulung awake

kayadene trenggiling, kluwe, lan sapiturute.

(m)plungket [pluƞkɛt]: tetembungan arane solahe kewan kang awujud nggulung awake

kayadene ula, welut, lan sabangsane.

Podhang [pOdhaƞ] : tetembunganarane kewan bangsane manuk.

Pohan, perah [pohan], [pərah] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang

kalebu jinise sapi sing kapiji dijupuk susune

Pong-pongan [poƞ-poƞan]: tetembungan arane bangsane kewan segara kang saemper karo

yuyu nanging mawa cangkok kaya keyong.

Precil [prəcIl]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake kodhok.

Prengus [prəɳus] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, sing mambu

kayadene wedhus (ambune wedhus).

Page 11: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Prucul [prucUl] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu jinise

wedhus sing ora nduwe sungu.

Pruwok [pruwO?]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato iwen, umume

manggon ing sawah, tambak, utawa rawa.

Pukang [pukaƞ] : arane kewan satêngah kêthèk.

R

Rajakaya [rɔjɔkɔyɔ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang diingu

minangka simpenan bandha.

Rajeg [rajəg] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu ulese

kewan jaran sing wernane semu kuning sikile papat semu ireng).

Rangutan [raƞutan] : tetembunganarane kewan bangsane kethek gedhe, wulune coklat,

senengane mangan bangsane kewan nggremeti kayata semut, walang, jangkrik lsp,

uga woh-wohan bangsane gedhang, apel, lsp.

Rase rase]: tetembungan arane bangsane kewan kang nusoni sing ngetokake dhedhes.

Rena [rənO] : tetembunganarane kewan bangsane klabang cilik.

Resres-poh [resres poh] :tetembunganarane kewan bangsane cacing.

S

Samber-mata [sambər mOtO], : tetembunganarane kewan iber-iberan cilik.

Sambernyawa [sambərnyɔwɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kagolong sato

iwen, umume manggon ing sawah, tambak, utawa rawa, sabangsane manuk blekok

nanging wernane putih rada cilik lan mibere banter.

Sandhang lawe [sandhaƞ lawe] : tetembunganarane kewan bangsane manuk cangak

warnane ireng.

Sapi [sapi] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, sikile papat,

kukune ganep, ana sungune, lumrahe dialap daging, susu, utawa tenagane.

Sapit [sapIt]: tetembungan arane sanjatane kewan tumrape yuyu, urang, utawa keyong.

Rupane awujud kaya gunting.

Sawiyah [sawiyah]: tetembungan arane anak kewan tumrap anake cecak.

(n)sembur [səmbUr] : tetembungan arane tandange kewan tumrape ula liwat cangem,

kayadene anggone nyemprot wisane.

Semut [səmUt] : tetembungan arane kewan bangsanerangrang cilik.

Sendawa [səndOwO] : tetembunganarane kewan bangsane manuk sriti.

Page 12: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Sengak [səɳak] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kayadene rajakaya

arupa ganda ( ambune kandhang).

Senuk [sənu?]: tetembungan arane bangsane kewan kang asring diarani tapir..

Singa [singɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kewan galak, asikil

papat mlakune mbrangkang.

Singa laut [singɔ laut]: tetembungan arane bangsane kewan kang wujude kaya asu sing ora

duwe sikil, uripe ing laut.

Siyung [siyUƞ]: tetembungan arane gamane kewan kang arupa untu loro kang mrongos,

umume tumrap kewan galak.

Slindhitan [slindhitan] : tetembunganarane kewan bangsane manuk bethet cilik.

Srigala [srigalɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang wujude meh padha kaya asu

nanging uripe bebas ing alas.

Sriti [sriti] : tetembungan arane manuk cilik bangsane manuk wallet.

Sumenthung [sumənthUɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan arupa

ganda saka kewan rajakaya kayadene sapi, kebo, jaran, lsp.

Sungu [sungu] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, arupa barang sing

nyongat ing endhase kewan kayata sapi, kebo, wedhus, lsp, lan minangka gegaman.

Sungut [sungUt] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu perangan

saka awake kewan kang awujud rambut dawa sing nduweni guna minangka

pancandriya, mapan ana endhas utawa irung kayata jangkrik.

Supada [supadɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu jinise kewan galak.

Suwiwi [suwiwi] : tetembunganarane perangane awak kewan awujud elaring manuk (sing

dianggo mabur).

T

Tekek [təkɛ?]: tetembungan arane bangsane kewan kang manggon ing omah-omah,

umume nemplek ing tembok kang mangani lamuk. Wujude kayadene cecak nanging

ukurane rada gedhe.

Telon [təlOn]: tetembungan arane jinise utawa ulese kewan tumrape kucing kang nduwe

telung warna.

Tikus [tikUs] : tetembunganarane kewan (ama) sing ngrikiti manggon ing omah, sawah,

lsp, bisa mangan apa wae jinise kewan cilik uga tetuwuhan.

Tinggi [tiƞgi]: tetembungan arane bangsane kewan kang sok manggon ing amben.

Page 13: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

Tlethong [tlethɔɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kayadene

rajakaya arupa sesukere/tai kewan ( kebo, sapi, jaran,lsp)

Tobil [tobIl] : tetembunganarane kewan, anake kadhal.

Trenggiling [trəƞgiliƞ]: tetembungan arane bangsane kewan asikil papat samangsa ana

bebaya banjur ngringkel.

Tripang [tripaƞ] : tetembunganarane kewan segara.

Truwelu [truwɛlu] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan kayata

wortel, nduweni kuping dawa lan buntut cendhak, metu wulune lan wujude kaya

marmut ananging luwih gedhe.

Tuma [tumɔ]: tetembungan arane bangsane kewan cilik-cilik sok manggon ing rambut sing

njalari gatel.

Tutul [tutUl] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan kang kalebu ulese

kewan jaran sing wernane blenthong-blenthong cecek rada gedhe.

U

Uget-uget [ugət-ugət] : tetembunganarane kewan bangsane cacing cilik ing banyu; kewan

cilik-cilik kang bakal dadi lemud.

Ula [ulɔ]: tetembungan arane bangsane kewan kang kalebu bangsane kewan rumangkang

(ana kang mawa wisa lan ana kang ora).

Uler [ulər], n.: tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane kewan

nggremet, yen wis tuwa dadi enthung lan dadi kupu-kupu.

Umbaran [umbaran] : tetembungan sajrone kewan sing mangan tetuwuhan kang kalebu

jinise sapi sing anggone ngingu kanthi diculake ana ing tegalan sing kapiji kanggo

ngumbar sapi.

Uncung [uncUƞ] : tetembunganarane kewan; anake merak.

Undur [undUr]: 1 tetembungan arane bangsane kewan kang obahe (mlaku) memburi; 2.

Ulih; tetembungan arane bangsane kewan bangsane yuyu (ing pasisir).

Urang [uraƞ] : tetembunganarane kewan gegilitan bangsane yuyu sing uripe ing banyu,

kulite atos, sikile sepuluh, asapit loro.

W

Walang [walaɳ] : tetembungan sajrone kewan kang mangan tetuwuhan, kalebu arane

kewan nggremet lan rumangkang sing bisa mabur, nduweni jinis sing werna-werna

Page 14: TETEMBUNGAN SAJRONE BANGSA KEWAN.doc

kayata sing minangka ama pari lan ambune sangit (tumrap walang sangit), sing

manggon ing gegodhongan (tumrap walang godhong).

Wedhus [wədhus] : tetembungan sajrone arane kewan kang mangan tetuwuhan, sikile

papat, nduweni sungu, wujude luwih cilik tinimbang sapi lan kebo.

Wergul [wregul] : tetembungan arane bangsane kewan kang saemper karo wlingsang.

Wisa [wisɔ]: tetembungan arane senjatane kewan kang asipat racun, umume diduweni ula,

kalajengking, lan sapanunggale kang ngentup.

Wlingsang [wliƞsaƞ], : tetembungan arane bangsane kewan kang saemper karo wregul.

Wrena [wrəna]: tetembungan arane bangsane kewan kayadene klabang nanging cilik.

Y

Yuyu [yuyu] : tetembungan arane bangsane kewan mawa kulit thothok asikil sapuluh (urip

ing banyu tawa) lan salah siji saka sikile sing ngarep awujud sapit gedhe.