SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA...
Transcript of SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA...
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017
MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN
BAHASA JAWA
BAB III
PANULISAN AKSARA JAWA
OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.
DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.
DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN
2017
1
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR
No. Kompeten
si Utama
Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator
Pencapaian
Kompetensi (IPK)
Materi
pokok Kompetensi Inti
Guru (KI)
Kompetensi
Guru Mata
Pelajaran (KD)
A B C D E F
1. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Menulis tembung
dwipurwa dalam
tulisan beraksara
Jawa
EYD
penulisan
aksara Jawa
2. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Mengidentifikasi
aksara swara
dalam penulisan
beraksara Jawa
Aksaraswara
3. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Mengalihaksara-
kan kalimat
beraksara Jawa
yang mengandung
aksara swara
Aksara
swara
4. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Mengalihaksara-
kan kalimat
beraksara Jawa
yang mengandung
aksara rekan ke
dalam huruf Latin
Aksara
rekan
5. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
Memiliki
keterampilan
Menulis kalimat
beraksara Jawa
Aksara
rekan
BAB III
PANULISAN AKSARA JAWA
2
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
yang mengandung
aksara rekan
6. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Menulis kalimat
beraksara Jawa
yang mengandung
aksara Murda
dengan tepat
Aksara
murda
7. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memiliki
keterampilan
berbahasa Jawa
(menyimak,
berbicara,
membaca, dan
menulis)
Menulis angka
Jawa dalam satu
kalimat dengan
tepat
Angka Jawa
8. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memahami
bahasa, sastra,
dan budaya
serta
implementasiny
a dalam
pembelajaran
Mentransliterasi
(mengalih tulis)
kalimat berhuruf
Latin menjadi
beraksara Jawa
EYD dalam
penulisan
aksara Jawa
9. Profesional Menguasai materi,
struktur, konsep,
dan pola pikir
keilmuan yang
mendukung mata
pelajaran yang
diampu.
Memahami
bahasa, sastra,
dan budaya
serta
implementasiny
a dalam
pembelajaran
Mentransliterasi
(mengalih tulis)
kalimat beraksara
Jawa menjadi
berhuruf Latin
EYD dalam
penulisan
aksara Jawa
I. BAB PANULISE TEMBUNG DWIPURWA
Tembung dwipurwa yaiku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane
tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung. Yen katulis
nganggo aksara Jawa, miturut Padmosoekotjo (1992:75-77), tata panulise kaya
mangkene:
(1) Yen purwa linggane awujud aksara legena, wandane kapisan lan kapindho
uga awujud aksara legena. Tuladhane:
3
(2) Sandhangan swara katut ing dwipurwa. Tuladhane:
(3) Taling tarung palsu, sandhangan wyanjana, sandhangan panjegeg wanda,
aksara sesigeg ora katut ing dwipurwa. Tuladhane:
II. BAB AKSARA SWARA
1. Aksara swara iku sejatine mung ana lima yaiku:
4
Ananging aksara:
Kelebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana
pitu. Bab iku salaras karo kawruh sangkalan , tembung “swara” dianggep darbe
watak-wilangan pitu. Wujude dilelet iku dhek jaman biyen lan kena dienggo
pasangan dumunung ing sangisoring aksara. Nanging sarehning wujude dilelet
ing jaman saiki
ora kena dienggo pasangan, supaya ora mujudake kaya aksara sungsun telu.
2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata:
1. April 2. Irak 3. Email 4. Oscar 5. Ulama 6. India
3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Manawa
5
dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku.
Wondene aksara swara dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang
dipasangi ; aksara swara dadine pasangan katulis ing sangisore aksara
kang dipasangi ; mesthi bae sandhangane pepet dumunung ing sandhuwure aksara
sing dipasangi.
1. Wulan Agustus 2. Pak Ihrom 3. Wulan Oktober
4. Mangan Rendhang 5. Pak Ustad 6. Senen Legi
4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara ; mulane ora bener yen
wong nulis:
5. Saweneh ana sing ngira manawa gunane aksara swara iku kanggo tata-prunggu
utawa pakurmatan. Pangira mangkono iku ora bener, sabab yen wong nulis
ora ateges yen wong iku ngrumati marang es lan marang
sasi April.
6. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis
rumasuk basa jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe
katulis tanpaaksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara”
6
lumrahemung katulis . Nanging manawa ditulis ya ora
luput.
III. BAB AKSARA REKAN
1. Aksara rekan cacahe ana lima,yaiku :
Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-
luwih tembung Arab. Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca,
mung katulis nganggo aksara lumrahe bae. Tuladhane,kayata:
1. Khutbah, kutbah 2. Dzalim, dhalim
3. Fasih, pasih 4. Zaman, jaman
2. Aksara-aksara rekan yen karaketan sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing
sajrone pepet; dene yen karaketan sandhangan wulu, layar utawa cecak, cecake
telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar utawa cecak ing sisih
tengen. Tuladhane :
7
3. Kajaba aksara rekan kang wujuding pasangane aksara rekan ora kena
dadi pasangan. Manawa aksara rekan dumunung saburine wanda sigeg, sesigeging
wanda iku kudu dipangku.Tuladhane:
1. Solat Fardu 2. Solat Dzuhur 3. Idhul Fitri
IV. BAB AKSARA MURDA
1. Murda = sirah. (Walanda : hoofd, Inggris : head).
Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris :
capital)
Aksara murda iku satemene ora ana. Wondene kang lumrahe diarani aksara
murda, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine Aksara
Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh ;
kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah
(kanthi abab sathithik).
2. Cacahe aksara murda (kang dianggep aksara murda) ana wolu, yaiku :
Aksara ora ana murdane, nanging pasangane ana murdane, nanging ing
jaman saiki wis ora kanggo. Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora
kanggo. (mriksanana layang sarining Paramasastra Jawa kaca 121).
8
3. Aksara murda mung kanggo ing tata-prunggu, tegese kanggo pakurmatan.
Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda.
Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur,
jejuluke lan padunungane, minangka pakurmatan. Tuladhane, kayata :
Kangjeng Sultan Hadiwijaya ing Kasultanan Pajang.
4. Saiki jaman demokrasi. Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang
tata-caraning uripe kaya manungsa, kaya raseksa, wanara lan sapanunggalane
kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis nganggo aksara
murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen
aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara burine; yen burine ora
ana murdane, ya burine maneh. Tuladhane, kayata :
1. bu guru Sulis 2. pak dhokter Wijaya
3. mas Sulaiman 4. Raden Ahmad
5. Parida 6. Anita
Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksarane murda saanane ditulis
kabeh, mangkene :
V. BAB ANGKA JAWA
1. Angka Jawa siji tekan sanga sarta das, wujude mangkene :
9
2. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa, supaya ora mbingungake,
panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa-tengene.
Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka jawa diapit-apit ing
pada pangkat. :
1. Sadinten wonten 24 jam.
2. Saminggu punika 7 dinten.
3. Tahun Indonesia Mardika sapunika 1945.
10
3. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi, ing saburine
angka iku banjur tanpa pada pangkat. :
1. Budhale jam 6, mulihe jam 11.
2. Pitike Bu Wati 3, ilang 2
3. Mahasiswa jurusan Basa Jawa Unesa ana 84, jalere 30.
11
DAFTAR PUSTAKA
Padmosoekotjo. 1989. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa. Surabaya:
PT Citra Jaya Murti
Darusuprapto, dkk. 1995. Pedhoman Penulisan Aksara Jawa. Jogjakarta: Yayasan
Pustaka Nusantara