Suluk Pedhalangan

4
Suluk Pedhalangan SULUK PEDHALANGAN Perlu kawuningan bilih seratan menika kapendhet saking buku SULUK PEDHALANGAN , anggitanipun swargi S. Padmosoekotjo , terbitan PT. Citra Jaya Murti ing Surabaya 1979. Tandha-tandha ejaan ing teks asli basa Jawi Kina boten kula tedhak awit kula dereng nggadhahi perangkat lunakipun. Nuwun. 1. Sulukan Pathet Nem Ageng Leng-leng ramya nikang sasangka kumenyar mangrengga rum ing puri, Mangkin tan pasiring halep ikang umah mas lwir murub ring langit, Tekwan sarwwa manik tawingnya sinawung saksat sekar ning suji, Unggwan Bhanumati yan amrem alango mwang natha Duryyodhana. Tegese ing Basa Jawa Endah anglam-lami rembulan kang sumunar ngrenggani kadhaton, Njalari saya tanpa timbang endahe suyasa kencana (omah emas) mau kaya murub ing langit, Apa maneh tebenge linapis sesotya maneka warna kaya kembang rinonce. Ya ing kono mau papan padunungane Dewi Bhanumati manawa sare karo Prabu Duryyudhana. Katrangan Jenenge tembang kakawin ing ndhuwur sardulawikridhita , tegese dolanan macan (sardula = macan; wikridhita = dolanan). Isine nyaritakake candrane endahe kadhaton Hastina ing wanci bengi pinuju padhang Rembulan. Tembang ing ndhuwur kanggo sulukan laras slendro pathet nem ageng ing jejer kawitan. Kepara luwih mathuk Lan mathis maneh manawa kanggo jejeran kawitan negara Hastina . 2. Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem Lengeng gati nikang hawan sabha-sabha niking Hastina, Samantara tekeng tegal Kuru nararyya Kresnan laku, Sirang Parasurama Kanwa Janaka dulur Narada, Kepanggih irikang tegal milu karyya sang Bhupati. Tegese ing Basa Jawa Asri nengsemake kahanane dalan kang ngener tumuju bangsal sarasehan Hastina, Bareng tindake Prabu Kresna tekan ing Tegal Kuru, Panjenengane kepethuk karo Parasurama, Kanwa, Janaka bebarengan tindake karo Narada; Dewa papat mau padha melu mbiyantu pakaryane Sang Prabhu Kresna. Katrangan Tembang Kakawin ing ndhuwur nyaritakake nalika Prabu Kresna dadi dutane

Transcript of Suluk Pedhalangan

Page 1: Suluk Pedhalangan

Suluk Pedhalangan

 SULUK PEDHALANGAN

Perlu kawuningan bilih  seratan  menika kapendhet saking buku SULUK PEDHALANGAN ,

anggitanipun swargi S. Padmosoekotjo , terbitan PT. Citra Jaya Murti ing Surabaya 1979. Tandha-

tandha ejaan ing teks asli basa Jawi Kina boten kula tedhak awit  kula dereng nggadhahi perangkat

lunakipun. Nuwun.

1. Sulukan Pathet Nem Ageng

              Leng-leng ramya nikang sasangka kumenyar mangrengga rum ing puri,

            Mangkin tan pasiring halep ikang umah mas lwir murub ring langit,

            Tekwan sarwwa manik tawingnya sinawung saksat sekar ning suji,

            Unggwan Bhanumati yan amrem alango mwang natha Duryyodhana.

Tegese ing Basa Jawa

Endah anglam-lami rembulan kang sumunar ngrenggani kadhaton,

Njalari saya tanpa timbang endahe suyasa  kencana (omah emas) mau kaya murub ing langit,

Apa maneh tebenge linapis sesotya maneka warna  kaya kembang rinonce.

Ya ing kono mau papan padunungane Dewi Bhanumati manawa sare karo Prabu Duryyudhana.

Katrangan

Jenenge tembang  kakawin ing ndhuwur sardulawikridhita , tegese dolanan macan (sardula = macan;

wikridhita = dolanan). Isine nyaritakake candrane endahe kadhaton Hastina ing wanci bengi pinuju

padhang

Rembulan.

Tembang ing ndhuwur kanggo sulukan laras slendro pathet nem ageng ing jejer kawitan. Kepara

luwih mathuk

Lan mathis maneh manawa kanggo jejeran kawitan negara Hastina .

2.      Sasampunipun Sulukan Pathet Nem Ageng, saderengipun Wiwit Ginem      

Lengeng gati nikang hawan sabha-sabha niking Hastina,

Samantara tekeng tegal Kuru nararyya Kresnan laku,

Sirang Parasurama Kanwa Janaka dulur Narada,

Kepanggih irikang tegal milu karyya sang Bhupati.

Tegese ing Basa Jawa   

Asri nengsemake kahanane dalan kang ngener tumuju bangsal sarasehan Hastina,

Bareng tindake  Prabu Kresna tekan ing Tegal Kuru,

Panjenengane kepethuk karo Parasurama, Kanwa, Janaka bebarengan tindake karo Narada;

Dewa papat mau padha melu mbiyantu pakaryane Sang Prabhu Kresna.

Katrangan

Tembang Kakawin ing ndhuwur nyaritakake nalika Prabu Kresna dadi dutane para Pandhawa  tindak

ing Hastina, nedya nganteb tekade Duryudhana: Bakal mbalekake negara Indra Prastha kang

ditotohake ing kasukan dhadhu lan separone negara Hastina apa milih perang Bharatayudda.

3.      Ada-ada Greget Saut

Irika ta sang Ghatotkhaca kinon mapag  arkhasuta,

Tekap ira kresna Partha maneher muji sakti nira,

Sang inujaran wawang masemu garjjita harsa marek,

Mawasana bhagya yan hana  pakon ri patik nrpati.   

Page 2: Suluk Pedhalangan

Tegese ing Basa Jawa

Nalika iku Sang Gathutkaca kadhawuhan mapagake (lumawan) putrane Bathara Arka (Karna),

Dening Kresna, Parta (Arjuna) banjur ngalembana marang kasektene Gathutkaca,

Sang Gathtutkaca  sanalika katon mongkog atine kanthi gumbira marak (marang ngarsane Sang

Kresna),

Sarwi matur : “Kawula rumaos begja, amargi wonten dhawuh (paduka) dhumateng kawula”.

Katrangan

Tembang kakawin iki nyaritakake nalika Gathutkaca kadhawuhan Prabu Kresna lumawan Sang

Karna ing madyaning paprangan Bharatayuddha ing dina kaping 14.

Gunane tembang kakawin ing ndhuwur ana ing pagelaran wayang purwa kanggo Ada-ada Greget

Saut ing pathet sanga.

4.     Sulukan Sasmita Pathet Manyura

Meh rahina semu bang hyang aruna kadi netra ning ogha rapuh,

Sabda ni kokila ring kanigara saketer ni kidung ning akung,

Lwir wuwus ing winipanca papetak ing ayam wana ring pagagan,

Mrak anguhuh bhramara ngrabhasa kusuma ring parahasyan arum.

Tegese ing Basa Jawa

Wancine meh ndungkap raina srengenge ing imbang wetan katon abang kaya abanging mripat kang

lagi lara,

Ocehing manuk engkuk ing wit kanigara kaya suwara pangrengiking kidung wong kang nandhang

branta,

Kaya unine sulinge wong Indu cekikering ayam alas ing pagagan,

Manuk Merak nyengungong ngundang-undang,   kombang ngrusak kembang ing kamar pasarean

wangi.

Katrangan

Tembang kakawin ing ndhuwur iku jenenge Wisarjita. Isine nyaritakake candrane alam ing Hastina

ing wanci bengi ngarepake gagat rahina.

Nalika iku Prabu Kresna kang dadi dutane para Pandhawa nyare ana ing suyasa padalemane Sang

Widura, durung nindakake ayahan rembugan karo Kurawa.

Sekar Wisarjita ana ing pagelaran wayang purwa kanggo sulukan sasmita gantine Pathet Sanga ing

Pathet Manyura.

Tembung manyura ing basa Jawa kuna lan Sansekerta tegese manuk merak. Dadi Pathet Manyura

tegese pathet merak , mulane diarani pathet manyura, sebab pathet iki digunakake manawa wis

perak esuk watara wiwit jam 03.00 esuk. Ing jaman kuna (nalika buku Bharatayudda iki ditulis

mbokmenawa ing wanci perak esuk iku manuk merak wis padha nyengungong).

Ana ing donyaning seni karawitan, tembang kakawin ing ndhuwur dadi Sekar Ageng Sasadara

Kawekas, laras Pelog Pathet 6, lampah 20, pedhotan (7 + 7 + 6) x 4 kanggo mbawani Gendhing

Onang-onang Pelog Pathet Nem.

Tembung ogha rapuh ana  ing cakepan utawa ing pakecapan para dhalang lan wiraswara padha

diucapakeangga rapuh. Iki luput sebab tegese dadi beda, yen kadi netra ning ogha

rapuh tegese kaya abanging mripat beleken, nanging yen kadi netra ning angga rapuh  tegese kaya

abanging  awak kang  beleken.

SINOM SIGRA KANG BALA TUMINGAL

Sigra kang bala tumingal,

acampuh samya medali,

lwir thathit wileding ganda,

Page 3: Suluk Pedhalangan

dhanghyang gung manguncang niti,

bénjang Sang aji mijil,

lathinya medali wuwus,

trustha sura wilaga,

kaya buta singa wregil,

pasthi jangga dhendhanya mangambak baya.

 

Cakepan Uran-uran / Tembang Sinom  kasebut kagubah saka Serat Aji Pamasa, anggitane R. Ng.

Ranggawarsita. Asline   ana patang pada. Ing saben sapada kajupuk rong gatra. Dene pada kang

angka papat kajupuk telung  gatra,. Cethane mangkene :1. SIGRA KANG BALA TUMINGAL, ACAMPUH SAMYA MEDALI, liwêran mungsuh lang rowang,

rame rok asilih ungkih, sumrêg sinrêg makangsi, kasok kasantikanipun, wêkasan kawisesa, raksasa bala angisis, tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala.

2. Sigra Si Kalasuwidha, amasang kamayan sari, LWIR THATHIT WILEDING GANDA, DHANGHYANG GUNG MANGUNCANG NITI, tumamèng mungsuh sami, sêmang-sêmang asmu samun, samantara katoran, kang tyas sanityasa tistis, lwir kakênan ing guna turidasmara.

3. Marpêk Sang Kalasuwidha, sarywangling angêngerangi, pagene wadyèng Mamênang, têka kapinêngan sami, BENJANG SANG AJI MIJIL, LATHINYA MEDALI WUWUS, dêduka marang sira, ingaran wong tuna budi, dhêstun têmên tan bisa mungkasi karya.

4. Katon cabaring dinuta, angapêsakên ing gusti, pae duk lagi wiwitan, tandangmu anggêgilani, pantês manggalèng jurit, nirbaya nirwikaramuk, TRUSTHA SURA WILAGA, KAYA BUTA SINGA WREGIL, PASTHI JANGGA DHENDHANYA MANGAMBAK BAYA.

           Tembang patang pada kasebut isine :  Nyaritakake nalika wadyabalane Prabu Ajipamasa ing

Mamenang perang lumawan wadyabala buta , wadyabalane Resi Kala Suwida, bareng wadyabala

buta kasoran mula Resi Kalasuwida banjur namakake aji kamayan sari tumanduk marang wadyabala

ing Mamenang sanalika sirna budine banjur ora bisa micara mung padha mesam-mesem karo

grenengan swarane kaya angungrum marang wong wadon.

Wondene  tembang Sinom SIGRA KANG BALA TUMINGAL sapada kang kerep digunakkae ing suluk

pedhalangan ( ada-ada, jaranan/budhalan, lsp) iku gandheng   kajupuk  saka perangan-perangan

tembang Sinom kang cacahe ana papat mau, mula iya rada kecipuhan angggone nggoleki surasane

tembang  Sinom “SIGRA KANG BALA TUMINGAL” mau. Mboknemawa para sutresna kang luwih

pana ing babagan iki bakal medhar surasane tembang mau kasumanggakake.

Nganti seprene uga durung kawruhan kapan lan  sapa satemene sing ada-ada nggubah  utawa yasa

tembang Sinom patang pada dadi sapada kasebut. Ana ing pamulangan tembang kasebut kanggo

cangkriman aksara Jawa.

SUMBER WAOSAN

Candrakanta, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #

Sêkar-sêkaran, Padmasusastra, 1898

Kalawarti Mekarsari 1980