sejatinya manysia

download sejatinya manysia

If you can't read please download the document

description

kedudukan manusia

Transcript of sejatinya manysia

SEJATINE MANUNGSA KASERAT ING TANAH PARDIKAN DERAJAT NALIKA TANGGAL KAPING LIMA WULAN SAWAL TAHUN JAWI 1854 KASERAT RADEN DANU KUSUMAHALAMAN 1 Punika bab masalah angaweruhi sejatine manungsa. Anyataaken ma rifat kang nem perkoro# dehen dzat samat # kapindho uwong ghaib # ka ping telu wahab # kaping pat saron # kaping lima wahid # kaping nem tan ana aran e # tegese dzat samat iku asal saking teptu ghaib # durung akarep ing sawiji-wij i dadi den arani laa ta yun# tegese uwong ghaib iku amuji pinuji deweke # tegese i ku uwong anglempakaken dhahire ora anglempakaken batin # mapan anggotane wujude angabekti # tegese saron iku saking sifat kelakuane dzat dzat iku mulih koyo bu kane # tegese wahid iku den ingsun mengku ingsun ana apa den apa mengkene # satu hune Allah ta al wus angersa aken ing sira iku mengku ana kadi karsane mangkono dadi ingsun ana # tegese kang ora ana arane iku den ingsun ora ana mengku ingsu n pun ora ana dadi pangaweruh iku suwung balik kang mangkono iku urip langgeng j umeneng ora anane iling ingsun tan ana kedadehane malih kang mengkono iku ing ma r ifat Halaman 2 Kaya mangkono iku urip ing pengeran # wajib den arani urip ing dunya lan akhirat # lan kaping telu tan minarga aken ing nafase wetune lan panjinge. Ana dene lu ngguhe ing sukmaning Allah lan panjinge maring Allah lan enenge maring baqaa u l lah # endhita lamun ora muji ing liyane nafase iku tan ana dadi sia-sia panjinge lan wetune. Sahingga ora sira kaweruhi # lan malih arep angolah kang anengen pa halane akeh warase kang badan # lan pareg kang nikmat lan adoh kang aloro lan de n dohaken ing naroko jahanam sarto luhure kang arwah # lan darrajat wong iku ka beh tan bedo nabi lan wali lan wong syahid sarto den weruhaken wong iku ing get ihe # nafase iku isarah bala lan tanafase iku isarah patih lan anfase iku isarah ratu # nafase iku manjing metu saking badan lungguhi ing taufike # lan tanafase iku tan manjing tan metu saking badan lungguhe fuat # lan anfase iku tan manjin g tan metu saking badan lungguhe ing utek # uteke iku anggone budi Halaman 3 lan budi iku anggone arwah lan roh iku anggone cahya lan cahya iku anggone Allah # utek iku aksarane mim tegese mim iku utek kang jerone iku baitul muqaddas ara ne # utek kang jerone iku ka bah Allah arane # kang jerone utek iku dinding arane # sirah iku arsullah arane # bunbunan iku kursy arane # netro jabarail kuping ngi zroil irung isrofil cangkem mikail bahu tengen kiroman bahu kiwo katibin bumi at i langit dada ana pun langit dada ne manugso # minangka serngenge ma rifat lan wul an iman lan lintang tuhu setiyo aserah sarta lamun suko akeh-akeh liyane saking iku. Bumi ing atine manungso iku minongko gununge. Balung minangka bengawane. Otot kang gumelar banyu asine netro banyu pahite cangkem tetuwuhane wulu lan rambu t. Halaman 4 Punika soal endi sejatine laku ana endi sejatine urip lan ana endi sejatine pati # jawab sejatine laku iku nafase wetune lan panjinge # lan sejatine urip anger uhi kang nenem perkoro # sejatine pati tan ana arane # sikeping wong sembahyang iku liwung gaib # sikeping wong ora sembahyang iku wahab. Sikeping wong ora semb ahyang jumah iku angeruhi anggota kabeh koyo kehing otot tigangatus punjul sewid ak # katahe balung satus telungpuluh # akehe nafase kang sedino sewengi telung l ekso telung ewu telung atus telung puluh telu # kang liyane iku akeh ora keno in gitung # anapun sikeping pati kang tan ana arane # endi pati kang bongso peteng # endi urip kang bongso pengeran # jawab pati kang bongso pengeran iku kaya wong alayar tan aningali ing daratan anging segoro lan langit kang katingalan # s ilem lamun tan ana gunung ora peteng...... iku peteng..... liyane ora ana aninga l daratan # urip kang bangsa pengiran iku den perkoro jawabe # nafase, tanafase, anfase ...... Halaman 5 Nafase lan budi # wus genep pepitu syahadat iku lamun neptu awiwitan Allah indah . Lamun amangan uga sun Allah lamun ora neptu tan dadi jagad # lamun ora tegese pesti suwung maneh # jawab iyo ora lafal tatkala laa ta yun iyo ora dadi jagad are p tinemu kaya sabda kun iku sembah kawulo iku anembah sinung puji kawula iku amu ji pangaweruh ing wong tauhid jisime lan ruhe karone anging Allah amuji tinuji d ewe# pangaweruh ing wong ma rifatullah iku minargaaken ing lisane kawulane dadi ka wula iku minongko lantaran pangaweruh wong sufi atinggal ing pengeran ngaweruhi ing awake kawula saking kitab sayyidilma rifat maka angucap abu sa id ansari # nafas e iku atase rong tindakan nafase iku manjing metu saking badan maka satuhune naf ase iku manjing ing samading saghir lan tatkala metu ing samading kabir karana a ndikane nabi tanafase iku jauhar manjing nafase iku lan metu nafase Halaman 6 Iku saking badan lan gedhene umure kang tan gelem ngaweruhi maka lah wong kang m angkono iku lir sato kewan sarto tan bisa mulya ana ing dunyo lan akhirat utawi wong mukmin iku urip ing deso rouraf dunyo lan akhirat. Kang deso nafas iku atas e rong tindakan satuhune nafase iku lumaku maring rahiim adam asung rahmat teges e anguripi antarane karone # ingaranan dzatullah atase Deweke sabab uripe dunya karana nafase uripe akhirat kelawan tanafase uripe wong iku kabeh ing Allah kela wan anfase # maka angucap syaikh mansur ingruh kang desa utawi guna ruhullah lim ang perkoro # tatkala wektu subuh ana ing sulbi wektu dhuhur ono ing wudel wektu asar ana ing fuad wektu magrib ana ing dada wektu isya ana ing utek kerana satu hune kang aran utek iku guna budi. Budi iku enggune ruh. Ruh iku enggune cahya. Cahya iku enggune Allah# kang disa ma nani wong tuwo iku patang perkoro kang yihin Halaman 7 Asor kapindho qanaah kaping telu sabar kaping papat tawakal # ana dene asor saki ng taurat qanaah saking injil sabar saking zabur tawakal saking quran # iya iku bisa sejatine tuwo # maka iya lamun ana iku ngaweruhi binuko deneng Allah lawang rahmat lan lawang selamet lan ora samar ing iya lan binalikaaken dining Allah u pamane nabi kang mursal kabeh. Maka angucap saikh ghazali utawi otot kawat # kap ing telu otot warase kaping pat otot agung # utawi otot cahya iku ing fuad marin g sirah. Otot kuat iku sangking bumi maring langit. Otot warase iku saking ati m aring mata. Otot agung iku saking urip maring langgeng . maka angucap syaikh ainu lqadzani tatkala urip ana ing sulbi lan tatkala atara anggone ing pangayunane Al lah arep ana jiyal lumaku maring aksara mim lan manjing sarto unjuke ing pangayu nane Allah yaiku awit saking ing ma rifat. Karana andikane nabi sing sapa atafakur iku luwih saking utama Halaman 8 Titimbang lan wong sembahyang sewidak tahun # karana andikane Allah taala maring bumi akeh tandhane-ngsun karana nyata lan ing awake wong iku kabeh # maka urat sira tingalono kabeh maka angucap syaikh burham ing rum # maka deso ngalam iku p apat sawiji ngalam lahut kapindo ngalam jabarut kaping telu ngalam malakut kapin g pat ngalam nasuah # ana dene ngalam lahut iku tegese dzatullah # lan ngalam jabarut iku roh idhofi lan ngalam malakut iku oh ruhani lan ngalam nasuah iku ruh kabeh # maka angucap syaikh ahmad hilwani # anapun ngalam lahut iku tatkala napt u ngalam jabarut iku tatkala ana sekehe ruh ngalam malakut iku tatkala atetemu sakehe gahuah? Ngalam nasut iku tatkala ana sekehe jasad # anapun ngalam lahut i ku yaiku anfase. Ngalam jabarut iku yaiku tanafase lan ngalam malakut iku iya ik u nafase. Lan ngalam nasut iku nufuse # anapun nafase iku manjing nafase iku met u nafase iku saking badan kerana Halaman 9 Andikane nabi iku ruh iku anguripi sekabehe badan lan tatane ruh iku saking irun g # maka tatkala pegat taline nyawa iku maka tingalo deniro kang metu ruh iku sa king badan anging koyo bocah ing dalem wetenge ibune . ruh iku lamun tan kelawan boso suworo maka angucap saikh mansur halaq isyqi iku iya iku anfase lan usyuq iku tanafase lan ma syuq iku nafase karana andikane Allah taala wekasane sekehe na fase iku saking ratu ing dina iku # maka angucap saikh harun kang saking badan l an tanafase iku insyani manjing tanafase iku tan metu tanafase iku sangking bada n lan anfase iku idofi tetep saghir lan kabir ing malakut lan yaiku anging kelaw an zatullah # iya iku ingaranan ruh rabbani kang abongso pengeran lan rahsya? Li yakna ....iya iku ngalam saghir lan ngalam kabir # maka angucap abu said kang de so anfase iku tegese bismillah # tanafase iku rahman # nafase iku rahim # angend ika saikh junaid baghdadi kang deso anfase iku Halaman 10 Dzat Allah # tanafase iku kun # nafase iku fayakun # nafase budi # ati ruh teges e nafase akarep tegese budi pamicara # tegese ati eleng # tegese ruh madep # teg ese madep iku ngaweruhi kang nguripi sekabehe badan kang iku ruh idofi kang ngur ipi iya ruh idofi iku kang weruh ing dzat Allah # lamun kang nguripi kang iku ru h kang iki iling kang nguripi iling iku tegese rahsya # yaiku badan jasmani nyaw a ruhani # badan ruhani # nyawa ruhani # badan rahmani nyawa ruh idofi # badan r uh idofi # nyawa hidayatullah # badan hidayatullah # nyawa dzat Allah # badan dz atullah nyawa badane dewe # Allah taala angendika kun andadeaken mligi ing jerun e manuso iku arane dada jerone dada iku ati iku ati fuad iku utek iku angen-ange n jerone angen-angen iku sepi jerone sepi iku rahsya jerone rahsya iku iku ingsu n kang ora ana pengeran illa anging ingsun kang ana sarta kang angucap iya iku i ngusn namung kang iku dudu Allah dudu ruh Halaman 11 Idafi dudu ruh deweke # ya kang angucap iku jisim kang sampurno. Punika bab asaling dina # dina ahad iku wektune subuh aksarane alif kang aran al if iku ora neptu iku atuduh anane pengeran # dina isnain wektune dzuhur aksarane lam iku nuduhaken agung ing Allah # dino tsulatsa wektune asar aksarane hayi. ha yi iku atuduh makutho tegese makutho iku luwih nyatane Allah # dino rebo wektune magrib aksarane mim. Mim iku atuduh kasektining Allah # dino kemis wektune isya aksarane dal. Dal iku atuduh panembah ing Allah # tegese alhamdu iku asal ing w etu lelima yaiku nyataning wektu iku nenggih urip iku duking setetese iku nengg ih urip yaiku kang aran dino jumah duk ing satetese andadeni bersihi satetese ik u ingaranan dino sabtu . Ikulah wiyose palungguhan # ana den nyata tegese pedukuhan # iku kang dukuhe # l an tegese Halaman 12 Tanduran iku # lan tegese aturu # lan tegese angipi # lan tegese atangi # lan te gese areme # lan tegese amangan # lan tegese angarasani # anadene sasmitane padu kuhan iku qalbulmukmin baitullah # tegese atine wong mukmin iku anggoneng nyoto ananeng dzat Allah # tegese ati iku tingala kabeh iku urip tunggal # tegese urip tunggal iku dzat jati iku sasmitane dukuh asere # anadene tegese tanduran iku a lif tan ana neptu keranane tan ana neptu dene neptu iku kabeh tanduran pisang ik u rahsya kabeh tanduran pisang iku rahsya # dene kang aran turu iku isih wewulan gan nafase iku manjing metu saking badan panjinge yo wetune # huwa huwa iku isim sifat huwa iku isim dzat kang nafase iku talining urip ing jerone sasmita ing n afase iku roh iya Allah iku sampurna tunggal iya iku tegese aturu # tegese angip i iku miyer jerone alungguh # tegese miyer iku den iku den wong sarirane ana ja tine ora # saniskorone sarirane ana jatineng turu Halaman 13Anane turu iku jumeneng anane dzat Allah iku tegese angipi # tegese atangi iku i ling tegese eleng iku weruh saking paran kadi duk cahya iya iku wiyasa Allah kab eh anane sakpolahe iku datan ana kari karana Allah kabeh ora ana makhluke iku te gese atangi # tegese ereme iku ati kang kabuka # tegese ati kang kabuka iku dudu khaliq dudu makhluk iku sejatine rahsya tunggal wujud tunggal aran tunggal iku dene ingkang tunggal pangakene Allah iku wiyose ereme # tegese amangan iku urip tegese urip eleng # tegese eleng iku dzat # tegese dzat iku samektane kang sekaw an iku tegese amangan # anapun tegese rahsya iku dzahir batin # tegese dhahir ik u ruh kang ruh iku enggoning nyata ananeng dzat Allah kang batin iku jisim # kan g jisim iku nyataneng sifat kelakuane dzat iku sejatine rahsya yaiku roroning at unggal iku tegese rahsya tunggal # anapun tegese pati iku ing mengko iki anging ora ana pengeran # Halaman 14 Ing ora ana birahine kang tan ana sembah pujine kang tan ana tingali kang tan an a karepe # kang tan ana kekasihe iya iku wiyoso pati # iya iku sampurnaning syah adat sekatahing sampurna iku mergane # ###punika kang aran muhammad kang badan ruhani# nyawa ruh idofi # kang nafsu mut mainnah # kang jeneng tanpa wangenan punikareka lungguhe ngalam nasut ruh ruhani ngalam malakut lungguhe ruh idofi # ngalam jabarut lungguhe ing insan kamil iya iku jatine kaweruh ana ngalam isyarah ma rifatullah saking saikh janah hatib kang tanmanjing ing kubure mangkana alirihing rahina wengi ingkang kariin madep ing pengeran lan ingaranan makan tuduh sadakala ana ing asepi # lan anyucekaken pang apiting angga lan ngelakoaken ciptane lan nafase tan sinung wedar saking ingsun menduwuraken saking suku maring wentise maring pupu maring puruse # sarto kang m aring fuad maring deso kang urip den pangisoraken maring hakikat badan maring ru h maring cahya # maring ngalam kabeh maka den pepet saking sekehe ciptane ana Halaman 15 Nafase ciptane kelawan malam # sekehe iku maka tinurunaken maring bumi malih sek ehe ciptane lan nafase dene teka ing isor maring sadakala saking ngisor den ungg ahaken dateng lintang qamar ing rerahi kang winuryan sedina dina nyata nenanira iku tansah ana ing pangayunane Allah taala gunung ampung enggone ing tursina ing langit ing karena minargakaken ing kebagusane # ing lelata ing melaning baitulm a mur iku enggone pangayunane Allah ta ala # ana dene rupane nyawa iku iya kaya rupa ne kang aduwe nyawa # sampune nyata rupa kita iku nyatane iku den tegesna kaya w ujude anak ana kang sarupa kelawan wong atuwane # ana dene anak iku kang paranin gsih gumantung ana ing panon rahina wengi mangkana den nyata ing rupane dewe yen ana kursine tindakna anggenira atata pamegeng nafase tan asung usik anggautane sarta lan ihramullah yen nafase tan usiking badan nyawa iku sakarsane andutaken badan iku upamane kurungan nyawa asale peksi polahing badan sarta iku sakarsane Allah # karana nafase iku lan ruh tan ana Halaman 16 Sawulane ingkang ruh kaya upamane wewangunane pengeran ingkang nyata # ing dhahi re iku anggone ambuka ruh sarta kaya kang den mangisor munggah mundur aja banjur tumpa tumpane ing suku munggah maring pupu maring susu maring puser maring dada maring juluk # sahingga tumeka maring anadene utek iku palindungan cahya maka n yata wujud ruhani ing kebagusane selaning baitulma mur sira nyata aken ing gunung Tursina ing kono jamike yen wus nyata aken sayogyane yen wong bangbang awak iku aksarane jim iku anggone kulonn wedare asmarane magrib nalika kedawuhan # yen wu ng kuning iku aksarane sin lungguhe wektune isya ing lor wetan wedare asmarane n alika fajar # yeng wong ireng aksarane mim lungguhe makame ing munah ing lor wed are asmarane nalika ba da isya andungkap tengah wengi # yen wong angrorimpah iku a ksarane hay lungguhe wektu subuh # makame ana ing juluk # lungguhe ing kidul wed are Halaman 17 Asmarane tengah wengi # lekase patemuan dene angilangaken panca ndriya kang kina rep # karihin atining tangan lan tinarik nafase sarta rupane lan rahsyane # kawe ruhana tingkahe anengen lan angiwo yen nafase iku angiwo malih atuduh maring sif at kamal # yen ginepok poncondriya kang jaba kaya pangrungu paningal # pengambu pangrasa pangkarep # kang ing jero iku angen-angen pikir hafadzo dzikir akal# Punika bab masalah badan # antarane alise iku gunung pegat # alise iku gunung ruh idafi # kerana iku asmara kerana # iku lawange negara hakikat # kuping iku law ange asmara karena iku lawange nagara tariqat # cangkem iku lawange watu setangk ep iku iku lawange lungguhe negara sariat # telapukan mata iku langit kang duwur # ana dene telapukan mata kang ngisor iku bumi # sahingga merem iku den arani t umangkep langit lan bumi Halaman 18 Dadi den arane kiyamat sugra # sawiji mata iku lahut nirutan # urat kang katinga l ing antarane alis iku kang roro iku den arane alif tamsur arane # alif tamsur iku tan oleh ana ing kono malih sabab teruse ing gunung Tursina # kang den arane gunung Tursina iku gunung anak # bolongane gunung Tursina iku kang kiwo aran gu wa sirrullah # ana dene kang tengen iku guwa siluman arane # guwa sirrullah lan guwa siluman iku teruse ing baitulmuqaddas tuwa iku utek ana dene utek iku sarup a mim awal # dadine ana akbar laa ilaha illallah iki rupane. Punika bab masalah ilat iku wot sirata-lmustakim # ngisore ilat iku telaga kalka utsar namane # anak ilat iku ugal agil namane # bolongane kuping iku guwa robeng namane # rai iku guwo merasuk namane # keratone balung kang duwur iku kang inga rep gunung perasu namane # keratone cangkem iku af aalullah namane # habar yakin Halamn 19 Keratone kuping iku asmaaullah namane # ainulyakin iku keratone mata iku sifatul lah arane # haqqulyakin iku keratone irung iku dzaatullah namane # akmalyakin kh abaryakin iku jaman parek # tegese badan ainulyaqin iku jaman jamak iku tegese a ti # haqqulyakin jaman jama ul jama iku tegese ruh # akmalulyaqin Iiku jaman hauso lhas iku rahsya # khabaryakin iku lungguhe ing baitulmukaddas # ainulyakin iku l ungguhe ing baitul ma mur # haqqul yakin iku lungguhe ing qandillullah # akmalulya kin iku lungguhe ing qndiltaqlit # baitulmuqaddas iku iku utek # baitulmakmur ik u ati # qandilullah iku ruh # qandilultaqlit iku puser # utek iku kurungane nafa s # ati iku kurungane tanafas # ruh iku kurungane anfas # puser iku kurungane nu fus # andene sirah iku sifate qahhar alame alam lahut # dada iku sifat jalal ala me alam malakut # puser iku sifate sifat jamal Halaman 20 Alame alam jabarut # sulbi iku sifate sifat kamal # alame alam nasut # anadene s ifat qahar iku segarane segara madu # sifat jalal iku segarane segara geni # sif at jamal iku segarane segoro banyu panas # sifat kamal iku segarane segara wedi # segara madu muthmainnah # segoro geni sufiyah segoro banyu panas iku amarah # segara wedi iku aluwamah # anadene mutmainnah iku rahsya # sufiyah iku ruh # ama rah iku ati # lawamah iku badan # Bismillahirahmanirahim punika bab asale ana wektu kang limang perkoro # ana dene ana wektu ana jagad ana salat aya ana makluk iya makluq iku nyatane kalimat alh amdu # dina ahad ahadiyah # dina isnain wahdah dina selasa wahidiyah dina rebo a lam arwah dina kemis iku alam misyal # dino jumat iku alam ajsam # dina sabtu ik u alam insan kamil # alif jumenenge salat # hay iku rukue salat # mim sujude sal at # dal iku lungghe salat Halaman 21 Punika bab aksara kang wolung perkoro kang ing jerone sariro # den alip mutakall imun wahid # kapindho lam jaidah # kaping telu lam tubadil # kaping papat hiya h uwa ahad # kaping lima alip guru qul huwa ahad # kaping nem kaf kubirah # kaping pitu rububiyah # kaping wolu ra rufiudarajad # alif nafase # kaf pulahe # bai r asane # ra kenyataane Punika ilmu ghaib kang den guruken sarta kang den arani ilmu rahsya # maka angen dika Allah taala ingsun andadeaken wetenge anak Adam iku mligi # lan sun arani m ligi iku dada # lan jerone dada iku ati jantung # lan jerone ati jantung iku ati budi # lan jerone ati budi iku ati jinem # lan jerone ati jinem iku sukma # jer one sukma iku rahsya # jerone rahsya iku ingsun illa? Anging ora ana pangeran ma lih illa anging ingsun la ilaha illallah muhammadurasulullah # Punika bab dedalan papat kang jerone sirah Halaman 22 Den saringat kapindo tariqat kaping telu hakikat kaping pat makrifat # tegese sa wiji wiji ne saringat iku pangucap kapindo tarikat iku lakuningsun # hakikat iku angguningsun # makrifat iku paningal ingsun # punika wonten malih # saringat ku lit # tarikat balung # hakikat otot # makrifat sumsum # ana malih saringat getih# tarikat kalbu memarase # hakikat tutut? # makrifat ati # ana malih saringat a mper? # tarikat limpa # hakikat papusuh # makrifat ati # ana dene sejatine sawij i wiji ne # saringat iku mata putih # iku saking bumi # tarikat iku mata irung # hakikat iku irenge mata # makrifat iku turenge mata # yaiku ingaranan mata kalb u # matur malih Ali # punapa dadine mata putih # iku saking bumi # mata ireng ik u saking angin # lan dadine awang awange mata iku saking banyu # lan dadine ture nge mata iku saking geni # maka matur malih Ali # kang pundi panunggune dada lan papat punika # sarta malih dene lakune maka urip wong iku ora ana patine # nugr ahaning Allah taala Halaman 23 Angandika rasulullah # kang den titahaken deneng Allah taala ingsun nyawaningsun sadurunge ana bumi langit kabeh anging ingsun kang ana # ora ana kang andingina na saking ingsun anging ingsun kang ana # iku kabeh sakehe sawiji wiji ianging i ngsun ugo kang ana kang dadi dihin saking satuhune sih ing Allah taala # sae? # kang kaucap ing nurbuat satuhune ruh idofi iku wujud ing dalem ilmuning Allah t aala sadurunge dinadeaken adawuh lan ngilmuning Allah taala # kayata wujude anak sarupa ing bapa kang aran iku kaya sabda rasulullah alladzi sirrulaby tegese uj ar iku endi rahsaning bapa mangkana maleh ruh idafi iku wus ana ing karsaning Al lah taala sadurunge ana ing karsaning Allah sirrullah wus ana angendika Allah ma ring ? illa insyana sirri wa ana sirruhu # tegese rahsaning manungso iku rahsani ng Allah taala. Bismillahirrahmanirrahim punika mertabat saking kang patang perkoro # dihin saki ng haq kaping kaleh saking ing makluk # utawi saking ing bapa iku papat kaya bal ung otot sumsum utek Halaman 24 Martabat kang saking biyung iku papat kaya rambut kulit getih daging # mertabat kang saking Allah iku papat kaya iki pangucap pangambu paningal pangrungu # yaik u mertabat saking Allah # utawi mertabat saking subhanahu wataala iku papat kaya ruh budi nafase ilmu # iku kang bilakupiyah kang saking Muhammad iku bila kupiy ah # utawi aksara saking bapa papat iki ? ? ? ?? aksara saking babu papat ? ? ? ? # tulis saking pengeran iku lima # ?, ? ,?? (lam alif), lam akhir # yaiku dadi ne nukat dadi wiji sawiji tamat. Punika bab katahe badan iku kaleh doso # kang sarira turab # yaiku kaya # kulit daging otot balung kapindho sariro katip # suku # bahu # geger # sirah # kaping telu sarira maknawi saiku ganta # warna # ambu # rasa # kaping pat sarira latif yaiku ruh # qalam # akal # nur # kaping lima sarira suwindi yaiku # kumpul # pis ah # usik # meneng # utawi aran manungso iku kumpule kang patang perkoro iya iki # ruh # qalam # akal # nur yo kang Halaman 25 Aran sumsum ya patang perkara # bumi # geni # angin # banyu # kang aran jasad ya patang perkara # kulit # daging # otot # balung # kang aran polah iku patemonin g ruh lan sifat kodrat lan iradat # kang aran tingkah iku patemoning jisim kelaw an ruh tegese tauhid iku panunggaling puji maring kang aweh puji # tunggal tinga l maring kang aweh tingal # tegese tingal saking Allah den tingalaken maring All ah # lan sembah saking Allah den sembah aken maring Allah # lan puji saking Alla h den puji aken maring Allah # tegese makrifat iku liyeping awas kaendih dene ka ng paring awas # liyeping tingal kaendih dene kang paring tingal # liyeping puji kaendih maring kang paring puji # tegese lali maring pangerane sajerone mangera n # lali ing sesembahe ing sajerone anembah # lali mareng pujine ing sajerone am uji # lali ing tingali ing sajerone aningali # utawi wong ahli iman iku upomone sirah keli ing toyo # tansah anut sak ilining tuyo # tegese anut ing pulataning rasul # bahe tan nganggo nadar? Malih malih teko ilinge ing cegah lan lakon # sa mangsane agawe becik angarsa Halaman 26 Oleh ganjaran saking Allah ta ala # utawi wong ahli tauhid iku kaya sirah anungsun g banyu # tansah ambeneraken ing polahe kelawan kudrah Allah lan ambeneraken ing pangucape kelawan pangandikane Allah # lan ambeneraken ing anane Allah iku bang sa tauhid # utawi wong ahli ma rifat iku wis kerem ing segoro # utawi af aal iku ati ne angucap tan ana ilate iya anging Allah # utawi wong fana ing sifat iku atine a ngucap tan ana kang urip anging Allah # lan ora ana kang kuwasa anging Allah # utawi wong fana ing dzat iku tan ana kang maujud anging Allah kang ana # utawi ima n iku panarimane ruh ana dene kang den terima ing ruh iku sifat pitu # kudrah # iradah # ilmu # hayat # sama # basar # kalam # anadene kang tinarima ing ruh iku # papat # nafase # tanafase # anfase # nufuse . ana dene manungso iku selagi den gugu sifat papat iku bae # dadi metu rupane Allah kabeh tan ana kang dadi Allah ruh hayat Allah # nur sama basar e Allah . tan kalam kudrah iradahe Allah . tan a qal ilmune Allah # lan bedo manungso iku lan Allah # lamun pinasti manungso iku lan penggawene yaiku karana nafase, tanafase, anfase nufuse # iku panggonane man ungso iku pastine anyar manungso iku ana dene Allah iku tan nafase, tanafase, an fase, nufuse ana dene ruh iku dudu hayat kudrat iradat # dudu kalam sama basar # dudu nur # dudu ilmu dudu aqal # anapun sekehe rerasan dadi sakecap lan sekehe lak u dadi satindak iku dadi minongko # ? # rububiyah # tegese sekehe barang kang ka tingalan iku dadi marga awase # maring Allah # sabab wong iku katingalan kahanan e pengeran # maka den tingali af ale wong iku katingalan af ale Pengeran # maka lamu n den tingali sifate katingalan sifat Pengeran # tan aningali Pengeran malih-mal ih wong iku sabab tan apisah wong iku lan Allah sakedhep netro # utawi wewalere ujar iki aja angaku Allah lan aja angroso pisah lan Allah ana ngakuho Allah dadi kafir kajabariyah # ana lamun ana angrasa pisah lan Muhammad dhahire lan batin iku kufur # anapun teluning tunggal iku wujude lan rupane lan ngilmune lan sifat e iya iku dzat sifat asma afaal # utawi Halaman 28 Kang nama sariat iku panggonane Muhammad # anapun tegese panggone iku badan # ut awi tariqah iku asmane Muhammad iya iku panggonane ati kita # lan kang nama hake kat iku sifate muhammad iku laku ne ruh Muhammad # anapun kang ma rifat iku atuduh dzate Muhammad iya iku lakune rahsa # utawi ujar iku atuduh nggone nyatane dzat e Muhammad # sarta atuduh nggone sifate Muhammad # lan atuduh nggone nyata ne as maullah # afaalullah # tegese Muhammad iku kang kinarya iling iling ing Allah su bhanahu wata ala # sabab Muhammad iku guna dzahire Allah # anadene Allah iku ing b atine Muhammad kaya upamane jisim iku gunane nyatane anane ruh idhafi iku kang u pama lafadz Muhammad iku kang makna upomo makna # utawi ruh rujany iku ruh nuran y ruh rabbany ruh qudusy iku tunggal ujar iku mapan iku jejuluje Allah # rojany rasaningsun # rahmany iku kamurahaningsun # ruh idhafy iku tersandaningsun? # ru h nurany iku cahya ningsun # ruh rabbany iku jeneng ingsun # ruh qudusy iku kesi ciningsun # Halaman 29 Tegese iku kang purbo kang wiseso # kang anglimputi ing anane sarta ananiro kabe h iku wus pepeg wus jangkep ing hakekate insan kamil mapan dzate iku dzat ingsun # sifatullah iku sifat ingsun # afalullah iku af al ingsun # asmaaullah iku asmai ngsun # tegese iku tunggal # Allah lan Muhammad iku kawulo lan gustine dhahir la n batin. Badan kelawan nyawa iku pangandikane subuh abdulkarim# anadene ujar iku ambukakaken ing rahsa # hakekat panarimamu yen anane iku anane Allah # yen asma ne iku asmane Allah # tegese wujud kito iku enggonane nyata ing insan kamil. Nya tane pangandikane Allah # ingsun Pengeranira ananingsun ingsun nyatani ing siro # lamun siro ing dalem ingsun ana ing jaba # lamun siro ing jaba ingsun ana ing jero # tegese nyata ing sekehe sifat nyowo subutiyah? Kayyu hayyun iku urip. Ana dene urip ira iku yaiku anane ngelmu iku # kaweruhana ujar iki kaweruhaningsun i ya kaweruhaniro # kudrat panguwasanira iya penguwasaningsun # sama iku pamiarsani ngsun iya miyarsanira # basar iku paningalira iya paningalingsun # muridan iku k arep ira iya karepingsun # Halaman 30 Kalam iku pangucap ira iya pangucap ingsung # baqa langgengira iya langgengingsu n # tegese ujar iku yen siro obah iya obah ingsun # yen siro meneng iya meneng i ngsun # tegese tunggal wujude kawulo kelawan Gusti ikulah kang tekatno? Wong mek ah lan madinah # lan iya iku kang den imanaken dene nabi wali sarta wong mukmin nyata ing panarimo ing ati iku . Bismillahirrahmanirrahim. Punika lah soal sakdurunge jagat dene awang awang duru ng ana # nur Muhammad durung ana # apa kang ana # jawab. Kang ana rahsaneng dzat # selagi dzat iku durung angana-aken ing maklumate lang ingaranan iya dzat iku kaunuhu haq iku sejatining Allah iya iku sual sakdurunge ana jagat dumadi awang awang durung ana nur Muhammad durung ana # sifat qidam baqaaullah wus jumeneng utawa ora # maka jawabe jumeneng ora jumeneng lire jumeneng ora jumeneng iku dene ? ? lamun aningali ing dalem ngelmune Allah wus jumeneng # lamun aningali ing d alem harajiyah? Ora jumeneng karana durung ana kenyataane . Punika soal endi kang aran sejatineng Allah maka sahurana # kaunihi haq# ikilah pitakonan pundi kang aran sejatineng Halaman 31 Manungso iku maka jawabe kang aran sejatineng manungso iku a yaan tsabitah arane # karana satuhune a yaan sabitah iku selagi durung nyata maka umpetan ing dalem fi il lan fi il iku selagi durung nyata madi? Iku umpetan ing dalem wujud # keranalah w ong ahlullah pada angucap satuhune sekehe kang kaucap iku kabeh tunggal # lamun eruh ing dalem hakekate maka lamun eruh ing dalem ta yune iku liyan. Punika sual # endi lungguhe asal ana puji lailaahaillallah # lan endi lungguhe a sale ono kalimah sahadat # maka jawab # asale puji lailaahaillallah # lan asale kalimah sahadat iku lungguhe ing mertabat alam arwah # ing dina ahdi lan dina mis yaq tegese iku dina ahdi lan dina misyq iku kabeh pepesten kawulo iku kabeh# maka angendika Allah ta ala ing ruh idofi lan sekehe ruh iku alastu birabbikum tegese dudu ingsun pengeraniro # maka matur ruh idofi # qaalu balaa tegese matur ruh r uh idofi wahuwa # lan sekehe ruh anut tuan yen Pangeran amba # maka amuji ruh id ofi lailaahaillallah # maka amuji Allah Muhammad rasulullah iya iku asale ana pu ji lailaahaillallah muhammadurrasulullah # maka andadeaken Allah ing sekehe Halaman 32 Ruh dadi lah kabeh maka angendika Allah ta ala alastu birabbikum tegese iku dudu i ngsun Pengeranira # kabeh matur malih kang sapantha dadi rong pontho ruh iku kab eh matur kang sapontho qaalu balaa tegese iku anut sabda tuan maka nyata islame # sekehe ruh kang sapantha iku # maka kang sapantha sekehe ruh ora asujud ora an gucap qaaluu balaa maka iki dadi sekehe ruhe wong kafir kabeh maka pinindah mali h ruh kang asujud awal iku dadi kaleh pontho malih kang sapontho ruh iku asujud akir maka iku dadi ruh sekehe wong islam selawase # sahingga tumeka ing dina kiy amat pisan # maka kang sapantha kang asujud awal ora sujud akhir iya iku dadi ru he wong kafir tumeko ing dina kiyamat pisan # maka ruh kang ora asujud awal # ik u den elih malih deneng Allah ta ala lan dadi kaleh pantha # maka kang sapantha ik u ruhe ruh iku kang ora sujud akir maka dadi ruhe sekehe wong kafir wiwitan # ma ka keri keri dadi islam # tegese ruhe wong kafir manjing islam teko ing dina qiy amat pisan # maka kang sapantha kang ora asujud awal iku ora asujud akir maka da di ruhe sekehe wong kafir kawak teka ing dina kiyamat pisan . Halaman 33 Punika sual pirang perkoro tapsireng ruh tegese asal-eng ruh # asal-eng ruh iku patang perkoro endi rupane iya iku dihin wujud # ilmu # nur # syuhuwat # lan asa l-eng jisim kang haqiqy iku patang perkoro # endi rupane kaya iki geni # angin # banyu # bumi # endi rupane kang nyata iki rupane kang nyata iku tegese getih ki ta # bumi iku badan kita # wujud iku dzat kita # ilmu iku sifat kita # nur iku a f al kita # syahwat iku asma kita # lan agawe ngibarat wong ahli sufi den ngibarat aken Allah ta ala iku kelawan wong abagus rupane kang akarep weruho iya ing kebagu sane rupane dewe iku upamane # maka angeloki ing paesan maka iku jejuluke isyq t egtese isyq wong kang birahi lan ayaan tsaabitah # maka asyuq lan wong kang birah i # lan wujud aam iku ma syuq tegese kang binirahiaken maring endi nalika tinangkep paesan iku maka sirnane wewyangan iku muleh maring kang enduweni wewayangan # t egese kang angilo mau kerana tan pisah wewangen iku kelawan kang angilo # maka r upane wewyangan mau ing dalem hakekate Halaman 34 Iya iku rupane kang angilo # anadene wewayangan iku kenyataane kang angilo # man gkono uga wujud kita iku iya iku wujude Allah # lan sifat kita iku iya sifate Al lah # kerana kawulo iku ora duwe rupo dewe anging kang anduweni rupo iku kabeh A llah ta ala # dene wewayangan iku wujud idofi arane # mulane ingaranan wujud idafi iku deneng wujud kang tersandan roro salah sawiji saking karone # iya iku tersa ndan maring a yaan tsabitah kerana anggone nyatane wewayangan iku kerana wus pepeg wus jangkep sifate lan asmane lan afaale kang angilo iku ana ing wewayangan lan kerana nyata sarta wus tetep ing wewayangan # maka kerana iki lah ingaranan wuj ud anim? # Utawi a yaan sabitah iku ana pandita tetelu sami parebutan # kang sawij i pandita wahuwa angarani a yaan sabitah iku qadim # lan kang setengah pandita angarani anyar a yaan sabitah iku # mulane angarani anyar a yaan sabitah iku karana anu t a yan sabitah iku ing ngelmune Allah # lamun aningali ing dalem harajiyyah Halaman 35 A yaan sabitah iku anyar # ana pandita kang setengah ngarani anyar sahingga aninga li ing dalem ngelmune Allah iku musti qadim # a yan sabitah iku mulane den arani q adim karana durung pisah ing dalem ngelmune Allah taala # mulane kang setengah p andito ana kang ngarani anyar a yan tsabitah iku # karana anut ing anyare a yan sabi tah iku sabab anyare sifate wewayangan iku # sabab sifate kang anduweni wewayang an # kerana dudu sifating deweke # lamun aingali ing tajalli bilafaal iku wus ny ata lan wus tetelo # afaalullahi taala iku afaale kawulo # maka temen temen kawu lo iku biso o anarimo kawulo iku ora anduweni polah pisan utowo panggawe # iku k abeh usiking Allah taala bloko # kaya wewyangan iku ana ujar # laa faaila illa A llah la khaaliqa illa Allah laa haula walaa quwwata illa billah # tegese wewayan gan iku illaa anging polahe kang anduweni wewayangan bloko # utawi sampurnane ma r ifat iku anarimaho ora duwe wujud pisan pisan illaa angin wujude Allah taala # s arta ora anduweni sifat anging sifat ing Allah kang sejati # lan tan anduweni po lah anging polahe Allah sejati. Punika kang wasiat para leluhur jawi kanjeng susuhunan ing ngampel dawuh dateng ingkang putra tetigo # kanjeng susuhunan Bonang kanjeng Halaman 36 Susuhunan Derajat lan kangjeng susuhunan Giri # punika ingkang den wasiataken ik u jeneng siro pada estokno saking ujar iki # pumo pumo ojo siro samberan sapa ka ng napeaken ujar iki maka temen temen kafir pitung madhab kapire # tegese anane Allah lan anane Rasulullah iku ati # ati iku nur sejati arane ya arane ati iku h akekat Muhammad # iya iku kang aran rasulullah ya ati iku kang awayang Allah lan rasulullah # iya iku nyatane rasulullah # iya iku kang tan weneh kelawan siro # tegese kang tetep elengo ing dalem rasa iku yaiku rupane rasulullah ingkang gaw e suwarga ya atinira iku # tegese endi rupane ati iku andadeni rupane iku sira # rupane siro iya kahananing ujar laailaahaillallah # tegese ujar iku wus tan ana rupane sejatine kumpule ujar rasa solah muni kelawan muni iku wus tan kena owah owah # ujar iku # mapan iku dudu rerasan mapan iku teguh ana ing dalem ati bahe # pumo pumo ana dene awakiro iku adoh tan pewangenan kelawan Allah lan tan wena ng temu tinemu kelawan rasulullah ya atiniro iku gunaning koco lan rasa # Halaman 37 Ya iku kang den arani papan nur rasa jati arane # iya iku kedhatone Allah lan ra sulullah # yaiku jebeng yen siro wus weruh ing ujar iku aja siro gawe gampang sa bab yen siro weroh ujar iku wenang den arani wali lan wenang den arani mukmin # lan wenang den arani urip # lan wenang den arani suwung # lan wenang den arani A llah # lan wenang den arani rasulullah # nanging siro iku dudu Allah deneng sifa te bahe iku tetep ana ing rasulullah haq subhanahu wataala. Bismillahirrahmanirrahim. Puniko soal apa tegese ? jawab ora roro # apa kang ara n pati # jawabe # wekasaneng kawulo kang sinung iling ing pati # apa dedalane pa ti # jawabe dalaning pati iku kang iling kang tan pangling tan lali tan mamang t an pegat tingali adepe ing Allah taala # Pangeran kang purbo amiseso ing kawulo lan sekehe kawulo lan sekehe kang dumadi kabeh # sinung urip teka ing patine pis an # utawi apane kang mati # apane kang lungo # apane kang ilang # apane kang mu lih # kang muleh iku ruhe tan ana ing dunyo wus asalin jaman akherat # apa sabab e manungso iku nganggo ana kang mati # jawab Halaman 38 Sabab ana kang urip # apa wong mati iku nyawane melu den dusi apa ora # jawab # dinusan kelawan kersaning Allah # apa lamun dinusan nyawane iku teles apa ora # jawab # teles kawiyuhan deneng sifat baqa kekal ing piyambekiro # apa tegese keke l tan adoh tan gingsir ing siro # karono Pangeran imimbuhi anyirnaaken sesulihe kanugrahan kabeh # apa nyawane wong mati iku melu kapendhem apa ora # jawabe # k apendem ing wisesoning Allah ana ing ngendi anggone wong mati iku # jawabe ana i ng janjine Pangeran ing uripe teko ing patine pisan # lan ana ing endi wong iku nggone naliko mati # jawab # ana ing ngalam arwah kang antuk sih negrahaning All ah taala # undake maleh ana ing ngalam kudus # apamulane wong mati iku dinusan m ergo asal kang banyu # anane den pendem asal saking bumi # anane den solataken i ku mergo asal saking ora maring ana manungso iku dadi sifat kaelokan # mulane den telqinaken wong mati iku marga angilingaken ing uripe teko ing patine maring d edalan kang bener # mulane den ajeaken mergo kaparingan kitab quran deneng Allah # mulane den surtanah telong dino pitong dino Halaman 39 Pitung puluh dino lan den satusi dino lan sewu dino iku amergo manungso iku rumo ngso kaputangan anggone ngagungaken amangan naliko ing uripe . Puniko soal apa dedalaning pati # lan opo sampurnaneng pati lan apa sampurnaning urip # lan apa gegawaning pati # lan apa kang tinemu ing pati # jawab # dedala ning pati iku limang perkoro # kang den iling kapindo tan lali # kaping telu tan mamang # kaping pat tan pangling # kaping limo tan pegat tingali ing Pengeran # koyo upamane kucing angiting ing tikus # pamburune mengkono upamane samangsane meneng tingali wong iku ing sajerone wuruning pati yekti serik kufur ing patine # maka sampurnaning pati iku kagenten purbo wisesaning kang angilo # tegese kage nten iku kawibuhan # tegese kawibuhan iku koyo srengenge amibuhi maring lintang mangkono tegese kagenten # iku liyo saking ngibarat lintang karahinan ing patine iku ora tonjo tekate wong iku # maka kang aran sampurnaning urip iku yen sifat jalal lan jamal iku ing antarane sifat jalal lan jamal tegese antara iku barzaj # tegese jalal iku keagungane Allah taala # tegese jamal iku sifat kaelokaneng A llah taala # maka kang aran gegawaning pati iku sidiq lan tewakal # tegese sidiq iku bener Halaman 40 Tingalo maring Allah taala # tan ana laline tan ana panglinge tingali maring All ah taala # tegese tawakal iku aserah ing Allah taala # tan rumongso deduwe lamun katekan bilahi saya wuh sukure saya wuh yektine maring Allah taala iku kang ara n tawakal # maka kang tinemu ing pati iku min rahmatillahi taala tegese saking s ih nugrahaneng Allah taala # tegese kang tinemu ing pati iku kanugrahaning Allah taala. Ikilah syahadah kuncen. Minangka rasa dzaatullah kurungan emas kumolo intenPunika bab masalah nafase iku yen manjing terus pitung pertolo iya iku iman aran e # nafase yen metu terus pitung kaso yaiku kang aran nafsu patang perkoro # yen metu nengen nafase iku maring sifat jamal nafase yen metu ngiwo maring sifat ka mal yen metu nafase iku maring sifat jalal # nafase yen angiwo malih maring sifa t qahar # tegese nafase iku mider mider ing jagad tan jobo bumi tan jero kaso ta n ing ngarso tan ing Halaman 41 Wuri iku tegese somad iya iku guna manungso kabeh # kang tunggal langgeng yaiku manungso kang sejati yaiku guna manungso iku somad arane # tanafase iku tan manj ing tan metu dununge ing ati fuad # iku kang aran masjid kang luweh agung ya iku kang aran jumah iku guna wong arif yaiku kang aran masjidilharam # iya iku kang aran sukma amirsad # nafase iku panjinge lan wetune iku arep ngaweruhi ing anan e Pengeran # yen nafase iku ngiwo ngaweruhi karsane Pangeran # tanafase iku tan manjing tan metu iku ngaweruhi Maha suci Gusti Allah # nufuse iku langgeng marin g insan kamil tegese iku urip tan kena pati # anfase kuning tegese kuning iku am imbuhi ing anane # nafas rekta tegese rekta iku mahasuci jenengipun # kang tan k ena kawuwuran # anadene pujine nafas iku anebut nama Allah # pujine tanafas iku anebut uripiro # anfas iku pujine anebut ing dzatiro # nufus iku pujine anebut b ahe Allah # nafas kang metu irung asmara juwita arane # kang metu cangkem asmara marta arane # kang metu kuping asmara tantera arane # nufus iku yen metu mata a smara netyo arane # Yen metu jerone dodo asmara kala arane # miwah Halaman 42 Yen metu irung asmara tura arane # yen adunung ing Pengeran asmara jati arane # miwah yen metu tatkala mati iku pakumpulaning rasa kumpul maring jantung iku sek aratulmaut iku jeneng fuad # anadene aksara daal iku guno sirno ilang rasane # t umurun maring aksara hay lan mim akhir iku sirno ilang jeneng rasa # iku aksara dal # guno ilang kang ana ing puser aksara hay # kang sirna rupaniro narimo rasa ne iku kumpul ana ing jantung # mim awal iku sirna pangucap lan pangrasa # iku jeneng hakekat-ul-insan # yaiku mergane ruh maring ngalam sampurno kang deso sela met arane manjing ing marga # nun # alif iku tan sirna ilang ketengganeng iku mu nggah ing ngalam arwah # lam awal sirno lam akhir sirno hay iku sirna musna ilan g teteping nur ana kari # kabeh wus sirna langit purasane tegese iku haramain # tegese langit tembaga iku otot # tegese langit rajasa iku balung kelawan langit kencono himo tegese langit retno adi iku sumsum lan tegese langit mutioro iku ci pto iya iku jenenging nun tiyah tegese nun tiyah iku tuduh maring manising gesan g #.. Puniko perlambang gaib seksi wali Muhammad seksi Halaman 43 Jabarail nikah sajerone masjid # kang aran masjid iku jauhar awal # Allah apalan gayun # apulang sajerone masjid # ana emase adi ana dene emas kawine iku ngelmu kang sejati # dzat iku jeneng ira sira nginum lan bukti ngilmu dzat iku jenengir a # siro nginum banyu urip mangan banyu urip iku jeneng para # rohani # yen siro biso ngising biso mangan lan biso sembahyang iku weruh iman lan tauhid lan ma rif at iku datan keri # yaiku sahadat kang sejati persasat wus sekarat siro iku wahi d kang weruh jenenge sejatine rasa yaiku tan pegat salatiro # sujud ruku iku suna h jati kang perlu ngelmu iku siro ngelmu dzat iku jeneng ngelmu kang dehen sujud ruku lungguh iku dadi insan kamil iku jeneng keratoniro ngelmu jati sajerone mak lumat iku guna cahya alif panjenengiro nuqot Allah uripiro sastera kabeh anane i ku # pertinjo sampurnane kang jisim ajasiro maesuhi raga jiwo tan badan ruhani m ung jasmani alif kang sastera kabeh ananiro iku jabar kelawan jere pan ing siro jabare uripira kang urip sadurunge siro ana iku segara kang ana dihin # alif tam sur kang tan kena ngucap siro cahya iku tamsur iku jeneng (alif tamsur dudu sastera kang tamsur iku nyataneng ruh idofi) Halaman 44 Alif iku aran manungso rasulullah alif iku urip iya iku jenenging quran # tungga le wadon singgih iku asal saking ruh iku saking Muhammad asal saking Adam iku ya yah sekehe jisim lan sekehe cahya Muhammad## Puniko sejatine salat salat jati malaikat mergane malaikat papat iku mergane sal at kang sejati pan iku maha mulya malaikat metu saking salat sejati angucap date hah sahadat lan takbir iku solate wong sariat # aksara iku jabar ajer pas iku as al adeke alif. Asale neptu sinerat iku dadi alif sandangan iku mulane ana huruf iki sandangan alif ajer dadi ana huruf iki # iki pas sandangan mulane ana huruf iki iko iku wus dadi jatine neptu iya iku nun tegese nur iku cahya sejatine cahy a iku ngilmu # namung ngilmu iku dudu tulis kang benere # dudu tulis kang halal haram sejatine kang muni jabar jer pas iya iku tulis kang tan kena lebur. Puniko anyataaken laailaahaillallah iku patang kalimah kang dihin laa kapindho i laah kaping telu illaa kaping pat Allah # anapun laa iku kalimat nafi arane lan ilaah Halaman 45 Iku kalimah munafi arane # artine kang den tekataken kelawan anebut illa iku kal imat isbat arane # tegese tetep kelawan Allah iku kalimah musbat arane tegese ka ng den isbataken iku Allah taala kang ana ing dzat wajibulwujuud tegese kang waj ib maring akal kito anane # anapun maknane illallaah iku ora sakiro kiro sekehe kang iki kang liyan maring Allah taala iya iki lah sifat sarta sekehe sifat kela nggengan lan maknane illallaah anging Allah taala Pangeran kang ing dzat wajibul wujud # sarta sifat kelanggengan maka sifat kelanggengan ikulah siro nafeaken ma ring sekehe kang liyan maring Allah taala # aja pisan pisan siro nafeaken maring wujud kang liyan iku kabeh wujude Allah taala # maring kalimat laailaaha iku la n siro isbatken sifat kelanggengan iku maring Allah taala sakiro kiro maring pan gucap kita illallaah # maka den sirnaaken sarta maknane laailaahaillallaah iku m aring wong kang metu sewiji tegese wong kang setengah pangaweruhi # iya iku mari ng lafal laa ma buuda bihaqqin filwujuudi illallaah # tegese tan ana Pangeran kang den sembah kelawan sabener benere maring kahanan iku anging Allah taala # maka ikulah nafi lan isbat kang luwih nyata maneh den simpen maring sekehe ma ani kang liyan lan malih siro ingtekataken Halaman 46 Sekehe kang ana iki serat kang liyan maring Allah taala ora pisan pisan paring k ebagusan maring sekehe tabiin.Puniko bab sembahyang # angadek rukuk sujud lungguh angadej asal saking geni # s ajerone geni iku srengenge # sajerone srengenge iku wiseso # ruku asal angin # sa jerone sajerone angin iku wulan # sajerone wulan iku purbo # sujud asal saking b anyu # sajerone banyu iku lintang # sajerone lintang iku cahya # lungguh asal sa king bumi # sajerone bumi iku manungso # sajerone manungso iku rahsa ## Puniko aksara saking bapa ??? ? ?? ? saking babu papat ? ? ? ? kang saking Pange ran lima lam awal alif ha lam akhir iya iku dadi cahya mulya iya iku wiji sawiji turuning neptu gaib iku jatining pangandikaaken kang sapisan dadi kabeh # ya fa timah endi gauniro saderet tan ana kang weruh sing sapa angrasani ujar iku weruh rasa purba maring ngendi sira maring pasar patemuan sapa rewangiro sahadat ing ngendi delangkungiro Halaman 47 takbir dalan ingsun lan apa gawaniro iya dzikir # lan maring ngendi s iro maring sekarat lan apa leungguhiro iya sahadat maring ngendi siro iku maring takbir tan ana paran paran ing takbir anging nugrahaning Allah kang ana siro mu leh maring ngendi aku muleh maring langit pepitu kang siro gawe dihin langit mas erik kapindo langit magrib kaping telu langit ngarsy kaping pat langit kursy kap ing lima langit mekah kaping nem langit kadariyah kaping pitu langit kajabariyah # Puniko wiwitane manungso iku patang perkoro tatkala Allah taala andohiraken bada ne manungso iku dohir saking # dihin wedi madi mani manikum anadene rupane wedi iku putih kaya banyu leri # lan madi iku putih sakiro kiro bening # anadene mani iku abening # lan manikum iku kang luwih bening # rupane koyo mutioro mempere m utioro tan mutioro lan iya iku manikum kang dadi manungso # anadene kang tigang perkoro iku minongko dedalan nikmat bloko maka tatkala ing balung sulbi ingarana n nutfah tatkala wus tumiba ingaranan adfah tatkala wus patang puluh dino iku in g peranakane wong wadon maka den gowo deneng malaikat maring langit kaping pitu kinon aningali tetulisane kang ana ing godong kayu syajaroh lmuntahaa maka wus Halaman 48 Mangkono iku # Puniko wus jangkep pepitu ing sajaratulmuntahaa wus jumeneng sifat kaleh doso se tengah sifat Allah bumi langit mapan sampurno dadi miwah kayu gunung lan segoro ingerah? datan ana isine lan kaweruhana asale manungso iku saking nurbuwat ing n garasy telengi ati? # maka tumurun ing baitalmakmur maka tumurun maleh ing baitu lmuqaddas # lan malih tumurun ing segoro rante adi tumurun maleh wontening sulbi kalam tumurun maleh ing asmaraga mantera kakung ing rahsaning sirrullah acampur patang perkoro kakung kaleh kang kekaleh saking ing diah? # kang saking jalu wi naranan # mani lawan wadi # kang saking pawestri iku aran madi liwat manikum # Bab iki kaweruhana gapuro salat iku patang perkoro kang dihin takbirotul ihram k ang tan nganggo tasjid # kaping kaleh fatehah lama tan kena mati # kaping telu a moco tahiyat akhir tan nganggo tasjid # kaping pat amoco salam kang awal tan nga nggo tasjid # aksara astha parenge takbirotul ihram ## Puniko bab patemuan yakni sapatemuan kawulo ana Gusti # anapun sapatemuan iku te telu # sawiji sapatemuan majare? Kaya atetemu jasad Halaman 49 Pada jasad # lan kapindo sapatemuan hakekate kaya petemuaning ruh # lan jasad # kaping telu kaya sapatemuan maknawi kaya patemuning kawulo kelawan Gusti kerana kang ingaranan sapatemuan iku ilinge maring Allah taala maka iya iku sapatemuan arane # yakni sirr iku ngibarat sapatemuan ratu arane wus kaya mengkono maleh sa patemuan ati iku laailaahaillallaah iya iku sirr arane lan sapatemuan ruh iku la n Allah Allah iku iya esir arane lan sapatemuan rahsa iya iku huwa huwa iku esir arane tegese kang ingaranan esir iku ilinge maring Allah taala maka iya iku sap atemuan arane#