Rukun Agawe Santosa

2
Rukun Agawe Santosa Kadhapuk daning Sakyadi Becike Urip Kang piguna marang lian Najan Uripe pas-pasan Prasasat urip tanpa bandha Nanging sugih ing panarima Anane mung tansah sesuwun Marang kang Maha Hayun Eling marang kawitan ngaurip Manungsa cinitak dening ingkang Maha Kawasa Katitipan ngopeni jagad raya Kinarya kuwajibaning ngaurip Kang den amanatake sajroning kitab suci Ya…. Allah kang akarya jagad raya Wujud Agunging kang Maha Kawasa Cinithaking marupa-rupa Agama lan keyakinan Kabeh mau kacipta dening Allah Swt Kita urip ing Negara Indonesia Para leluhur kita wis netepake Ngusadani amrih Negara aman tentrem Rukun, sejahtera lan urip manunggal Tan mikiri marang beda agama Anane mung guyub rukun mujudake cita-cita luhur Yaiku Negara kang adil lan makmur Negara makmur ning durung bisa adil

description

puisi, geguritan

Transcript of Rukun Agawe Santosa

Page 1: Rukun Agawe Santosa

Rukun Agawe Santosa

Kadhapuk daning Sakyadi

Becike Urip Kang piguna marang lian

Najan Uripe pas-pasan

Prasasat urip tanpa bandha

Nanging sugih ing panarima

Anane mung tansah sesuwun

Marang kang Maha Hayun

Eling marang kawitan ngaurip

Manungsa cinitak dening ingkang Maha Kawasa

Katitipan ngopeni jagad raya

Kinarya kuwajibaning ngaurip

Kang den amanatake sajroning kitab suci

Ya…. Allah kang akarya jagad raya

Wujud Agunging kang Maha Kawasa

Cinithaking marupa-rupa Agama lan keyakinan

Kabeh mau kacipta dening Allah Swt

Kita urip ing Negara Indonesia

Para leluhur kita wis netepake

Ngusadani amrih Negara aman tentrem

Rukun, sejahtera lan urip manunggal

Tan mikiri marang beda agama

Anane mung guyub rukun mujudake cita-cita luhur

Yaiku Negara kang adil lan makmur

Negara makmur ning durung bisa adil

Nanging yen Negara nganggo tatanan adil

Wis mesti Negara makmur

Adil lan makmuring Negara

Mujudake bangsa kang sejahtera

Iku kabeh wis kudu mbok tindakake

Page 2: Rukun Agawe Santosa

Ing buku Negara kertagama

Ana sesanti Bhineka Tunggal Ika

Mujudake teges najan beda-beda nanging tetep nyawiji

Ana ing sesanti Jawa ngendika

Rukun Agawe Santosa

Crah agawe bubrah

Najan Beda agama

Beda keyakinan

Beda politik

Ananging manunggaling karsa

Beda panemu

Beda tindaking karsa

Beda tatanan kaluwarga

Nanging tetep tumuju marang Negara Adil Makmur mardika lan

sejahtera

IKu kabeh mau saiyeg saeko kapti nindakake limang dhasaring

Negara

Yaitu Pancasila….