Pur Waka

41
1 PENGESAHAN Sak sampunipun dipun pirsani lan dipun teliti kanti leres kalian Bapak lan Ibu guru ingkang pramila laporan meniko dipun sahaken wiwit : Dinten : Suryo : Papan panggonan : Lan hasil laporan puniko ajeng di sahaken kalian PANGESUH (JANGKUNG S.S,Pd) NIP:19750414 200701 1 18 Mengetahui Kepala SMP N1 Karanganom

Transcript of Pur Waka

Page 1: Pur Waka

PENGESAHAN

Sak sampunipun dipun pirsani lan dipun teliti kanti leres kalian Bapak lan Ibu guru ingkang pramila laporan meniko dipun sahaken wiwit :

Dinten :

Suryo :

Papan panggonan :

Lan hasil laporan puniko ajeng di sahaken kalian

PANGESUH

(JANGKUNG S.S,Pd) NIP:19750414 200701 1 18

Mengetahui

Kepala SMP N1 Karanganom

(Drs.SAMADI ) NIP:

1

Page 2: Pur Waka

MOTTO

1. Luwih apik percoyo marang awake dewe saka pakaryane dewe tinimbang khasil sing

apik kuwi saka paringane wong liyo.

2. Ora ono perkoro kang ora biso dirampungake nganti ono putusan bareng kanggo

ngrampungake.

3. Ora keno mutung ono ing dalan kanggo ngadepi gaweyan abot amargo perkoro kuwi

arep nggowo khasil sing apek.

4. Panguripan kanggo kekuatan anyar kuwi ora mergo duwit sing ono gengeman tangane

pirang wong nanging amargo pituduhe wong akeh.

5. Mangkat saka kebaking keyakinan, mlaku kanti ikhlas lan istiqomah kanggo ngadepi

pacoban.

6. Mangertiya opo sing dadekake awakmu gumeter, yo kuwi sing apik kanggomu.

7. Takono marang uwong kang luwih pengalaman amarga biso kanggo tambah

wawasan.

8. Lakono pakaryan kang nggowo berkah kanggomu soko uwong kang tak senengi.

9. Wong sing rekoso disik tembe burine bakal kapenak uripe.

10. Pacoban sing abot diadpi kanti sabar bakal nggowo kamulyan sing gede.

11. Wong sing wani ngalah bakal luhur wekasane.

12. Wong urip sing rekoso disik bakal nemu kesenengan ing tembe burine.

2

Page 3: Pur Waka

PURWAKA

Puji Syukur hamung kunjuk wonten ing ngarsaning Gusti ingkang asipat welas lan

asih awit saking sih wilasa-Ipun kula saged ngrampungaken makalah “Sejarah Monumen

Pandanan” menika. Makalah menika karipta adhedhasar kepengin nglestantunaken

kabudayan jawi imggih menika papan panggonan bersejarah.

Makalah menika migunani tumrap soksintena ingkang kepengin mangertosi kaliyan

kabudayan Jawi ingkang gegayutanipun kaliyan papan panggonan sejarah. Makalah menika

ngandharaken pangertosan papan panggona ingkang bersejarah sarta sejarahipun monumen

ing Pandanan.

Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawon ingkang sampun

kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrih mawujudipun makalah menika.

Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkang maos

makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun para maos.

Nuwun!

Klaten, 12 Maret 2012

Pangripta

3

Page 4: Pur Waka

BAB I PAMBUKA

A. Wigatosing Rembag

          Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun sinau dening

kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu para muda ingkang

ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae

inggih menika papan panggonan sejarah yaiku ing Pandanan, Karanganom,Klaten.Ing mriku

enten sejarah peningalan Belanda yaiku Tugu Menara Pandanan lan tengmriku enten sumber

mata air ingkang jernih.

B. Ingkang Wigatos Dipunrembag

Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten

gandheng cenengipun kaliyan kados pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika

langkung ngrembaka lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun

masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun

dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang

hanggadhahi raos handarbeni dhumateng papan panggonan sejarah, supados kawontenan

tiyang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga

ndonya sanesipun.

4

Page 5: Pur Waka

BAB II

ISISejarah Pandanan :

Ing dhusun Pandanan wonten patilasan patilaan wujud pasaryan ingkang dipun kramataken dening bebrayan saha wawangunan wawangunan, ingkang wigatos kawuningani, kados pundi menggah larah larahipun, inggih punika :

1. Pasareyanipun Kyai lan Nyai Cikal Bakal dhusun Pandanan

2. Pasareyanipun Kyai lan Nyai Karsareja

3. Wawangunan wawangunan wujud bangsal, gapura, sendhang pancuran, menara lan sapanunggilanipun.

Kajawi punika ing dhusun kasebat ugi wonten tatacara adat beri dhusun mawi nggap ringgit purwa lampahan Bhatarayudha ingkang kalampahipun ing saben tenggal 8 wulan Sura.

Kados pundi mula bukanipun dene lajeng wonten tatacara adat makaten punika, kados inggih perlu dipun kawuningani.

Namung kemawon rehne adat tatacara kasebat, punapa dene wontenipun wawangunan wawangunan katur nginggil wnten sambet rapetipun kaliyan suwargi Kyai Karsereja ugi perlu sanget dipun beber.

Wondene sagedipun kasembadan myak asalusul lan sadaya lalampahipun suwargi kyai Karsareja makaten awit aking paparing bantuan katerangan katerangan saking :

1. Bapak Siswarudjita, pensiunan guru sekolah dasar.

2. Bapak Dwijabisana, pensiunan guru sekolah dasar

3. Bapak Djarwabisana, ulu ulu lan dhalang.

4. Bapak Bisri Mulyasentana, kebayan.

5. Bapak bapak Darna sentana, Radipawira, Sadimeja, Gitasentana, Darma sentana lan Dremautama.

Ingkang sami ddadalem ing dhusun Pandanan lan sami meningi kawontenan kawontenanipun ,langkung langkung Bapak Sadimeja ingkang manut ngendikanipun samangke yuswa udakawis 105 tahunan. Awit saking paringipun katerangan katerangan saengga serat punika saged kalampahan dipun impun. Ing ngriki katur gunging panuwun ingkang tanpa upami.

Ing pangajab mugi mugi serat punika sagedawonten ginanipun kagem nguningani lan ngenget enget samukawis ingkang njalari lajng wonten adat tatacara bersih dhusun mawi ringgitan purwa lampahan Bhatarayuda.

Ing wasan sumangga.

5

Page 6: Pur Waka

Katitimangsan ing Semarang tanggal kaping 20 Sura Taun Dal 1919 utawi surya kaping 25 September 1986

Ingkang ngimpun :

1.Kyai Cikal Bakal

        Nalika semanten werni nami Dukuh Pandanan wonten wolu (8), inggih punika : Ngironayan, Pancasan, Pandanan, Tegal, Bodhagan, Jagalan, Pandan Sari, Tanjung. Mila sak menika karanipun Pandanan, amargi nalika timbulipun Pancuran Sri Sidamulya ingkang karan kampung sanesipun Pandanan lajeng surut (tahun 1933).

Ingkang duking nguni bebadra lan dados cikal bakal Dusun Pandanan punika dening bebrayan dipun sebat Kyai lan Nyai Bodhag, ugi dipun sebat Kyai lan Nyai Malang Sumirang (Ciri sastra ingkang pinanggih ing maesan pasareyanipun naming mungel Kyai Cikal Bakal). Ing serat Riwayatipun Kyai Ageng Gribig ingkang kababar ing tahun 1953 dening Panitia Yaqowiyu wonten katerangan ingkang mungel. Kyai Malang Sumirang sakabatipun Kyai Ageng Gribig sumare ing Dusun Pandanan.

Sesampunipun dipun tlusur riwayatipun, ingkang dipun sebat Kyai Malang Sumirang punika putra mantunipun Kyai Ageng Gribig I, ingkang asma timuripun Pangeran Panggung Watiswara, ugi sinebat Kyai Kriyajiwa ingkang rumiyin yasa Serat Malang Sumirang. Wondene urutaning sejarah kados kapretala ing ngandhap punika :

I. Prabu Brawijaya ing praja Majapahit peputra :

   1. Raden Alit, miyos saking garwa Dewi Tapen putri ing Lumajang, peparab Raden Angkawijaya, sareng                  jumeneng nata jejuluk Prabu Brawijaya V inggih Brawijaya ingkang wekasan.   2. Raden Pamekas, inggih Pangeran Kudanarawangsa miyos saking garwa pangrembe, manjing dados Islam             lajeng santun asma Pangeran Kanduruwan, dedalem lan seda ing Cirebon

II. Prabu Brawijaya V inggih Brawijaya wekasa peputra :

   1. Raden Bondankejawan (putra angka 14) miyos saking garwa Putri Wandan (Dewi Bodri Cemara) jejer ing           Tarub kanthi sesebatan Kyai Ageng Tarub III bawah Kecamatan Tawangharja Kabupaten Grobogan.   2. Raden Jaka Dholog (putra angka 101), sesampunipun praja Majapahit bedhah (tahun saka 1400 utawi                   Masehi 1478) lajeng tapa wonten tepining lepen Praga mawi sesebatan Wasibagno sareng nyekabat                     dhateng Sunan Tembayat (Kyai Ageng Pandanaran I tilas Adipati ing Semarang) lajeng katanem ing                     Jatinom mawi sesebatan Kyai Ageng Gribig.

III. Pangeran Konduwuran ing Cerbon peputro Pangeran Panggung Watiswara ugi sinebat Kyai Kriyajiwa,             kawentaripun sinebat Sunan Panggung krama pikantuk putra putrinipun Kyai Ageng Gribig.

6

Page 7: Pur Waka

IV. K yai Ageng Gribig ing Jatinom peputra :

       1. Putri dhaup kaliyan Pangeran Panggung Watiswara kasebat nginggil.       2. Pangeran Rangkaknyawa inggih Pangeran Watijiwa, jejer ing Jatinom nggentosi kalenggahanipun                      ingkang rama mawi sebatan Kyai Ageng Gribig II.

V.   Pangeran Panggung Watiswara ing Pandanan peputra Pangeran Alas, sumare ing Delanggu.

VI. Kyai Ageng Gribig II ing Jatinom peputro :

   1. Nyai Ageng Samak (sumare ing Demak) kagarwa dening Kyai Ageng Samak Saleseh Wangsagati ing                     Demak.   2. Pangeran Alaslangu sumare ing Tuksanga Kalibawang Kulonprogo.   3. Kyai Getayu jejer ing Jatinom nggentosi kalenggahan ingkang rama mawi sebatan Kyai Ageng Gribig III.   4. Kyai Urangjati ingkang tembenipun nedhakaken Raden Adipati Sinduredjo VI pepatih dalem ing                          Ngayogyakarta.

VII. Pangeran Alas sumare ing Delanggu peputro :

   1. Tumenggung Prampelan putra mantunipun Tumenggung Mayang ing Kedhaton Pajang.   2. Putri kagarwa dening Pangeran Benawa (putra Sultan Hadiwijaya). Sesampunipun kang raka seda lajeng            kagarwa dening Panembahan Juminah (putra dalem Panembahan Senopati ing Mataram, miyos saking                 garwa putri ing Meyun, putra Panembahan Emas Ranggamurti).

VIII. Kyai Ageng Gribig III ing Jatinom peputro Kyai Ageng Gribig IV ing Jatinom, ingkang kapundhut                     mantu dening ingkang sinuhun Kanjeng Sunan Prabu Hanyakrawati ing Mataram.

IX. Tumenggung Prampelan ing Prampelan Sragen peputro :

   1. Kyai Ciblakak ing Kapundung.   2. Mas Ayu Angsoka kagarwa dening Kanjeng Sinuhun Seda Krapyak ing Mataram, peputra Pangeran Arya           Mangkubumi ing Mataram.

X.  Kyai Ageng Gribig IV ing Jatinom peputro :

      Kyai Ageng Prabu (inggih sinebat Kyai Ageng Kidul), Kyai Ageng Lor, Kyai Ageng Wetan, Kyai Ageng             Sujud, Raden Ngabehi Kentol Alas tuwin Nyai Ageng Nitikpraja ugi sinebat Nyai Ageng Pegambiran.

       Mekaten ing salajengipun terah tumarah ngantos dumugi jaman Mataram Surakarta Hadiningrat.

        Nitk riwayat sejarah katur ing nginggil lajeng saged dipun kinten-kinten bilih lairipun Dusun Pandanan l  an Dusun Jatinom punika pinanggih ngajeng wingking kemawon, antawisipun ing jaman jumenenganipun Sultan Pati Unus lan Sultan Trenggana, utawi jaman madya awalipun abad kaping XVI Masehi, kinten-kinten ing taun 1520 Masehi (Jatinom) lan taun 1530 utawi kasep-kasepipun taun 1540 (Pandanan).

7

Page 8: Pur Waka

Antawisipun Pandanan lan Jatinom rikala semanten temtu wonten sesambetan ingkang raket adhedasar batos lan krandhah, awit Kyai Malang Sumirang (inggih Kyai Bodhag utawi Sunan Panggung Kriyajiwa) mekaten putra mantunipun Kyai Ageng Gribig I.

Wontenipun sesambetan kasebat kayekten saking wontenipun satunggaling kedadosan kados ingkang katur ing ngandhap punika :

Nalika kutha Jatinom kaleres wonten geger jalaran dipunebroki dening Welandi – NICA ing salebeting Clash II taun 1948-1949, saengga ing ngrika boten saged dipun wontenaken adat tatacara Saparan (Yaqowiyu), adat tatacara kasebat kapeksa dipun wontenaken ing Dusun Pandanan (Jum’at Legi 17 Sapar 1881 Wawu utawi 9 Desember 1949).

2. Kyai Karsoredjo

Miturut cathetan ingkang dipun asta lan dipun simpen dening Bapak Reksamurya, Kyai Karsoredjo asma timuripun Jumadikun, lair ing dinten Jumuwah Pon tanggal kaping 2 wulan Jumadilawal taun Jumakhir 1802 windu Sancaya, dhawuh wuku Julungwangi utawi surya kaping 27 Juni 1873. Wondene sedanipun marengi dinten Kemis Wage tanggal kaping 27 wulan Rejeb taun Be 1880 windu Kuntara dhawah wuku Sungsang utawi surya kaping 26 Mei 1949, dipun sarekaken ing papan ingkang boten tebih kaliyan pasareyanipun Kyai Cikal Bakal.

       Menawi dipun urut-urutaken riwayatipun, sanajan naming tiyang tani ing Dusun Pandanan, manut kateranganipun Bapak Djarwo Bisono, Kyai Karsoredjo mekaten teksih darah Gagatan. Wondene sejarahipun kados katur ing ngandhap punika :

I.     Ingkang Sinuhun Kanjeng Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma ing Mataram (1613-1645) peputra Raden Ma Sayidin, peparab Raden Mas Jibus inggih Raden Mas Rangkeh, miyos saking garwa prameswari Raden Ayu Wetan lajeng asma Kanjeng Ratu Kulon, putri saking Batang tedak Jurumertanen. Ugi asma Pangeran Harya Mataram, sareng jumeneng nata anggentosi kalenggahanipun ingkang rama jejuluk Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung (Seda Tegalarum)

II.     Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat Agung (1645-1677) peputra :

   1. Raden Mas Rachmad peparab Raden Mas Kuning, miyos saking garwa prameswari Kanjeng Ratu Pangayun putri saking Surabaya (putranipun Pangeran Pekik), sareng jumeneng nata sesampunipun rerempan Trunajaya anggentosi kalenggahanipun ingkang rama , jejuluk Kanjeng Sinuhun Mangkurat II ugi sinebat Kanjeng Sinuhun Mangkurat Amral (saking tembung Walandi Admiraal).   2. Pangeran Adipati Puger miyos saking garwa prameswari Kanjeng Ratu Wetan, sareng jumeneng nata wonten ing Kartasura sasampunipun kasil nglengser kalenggahanipun ingkang putra prunan Kanjeng Sinuhun Mangkurat Mas, jejuluk Kanjeng Sinuhun Paku Buwana I.   3. Raden Mas Resika miyos saking garwa prameswari Kanjeng Ratu Malang, kapatedhan asma Pangeran Harya Natapraja (ing serat Sejarah Dalem Pangiwa Panengen dipun sebat Kanjeng Pangeran Natapraja)

III. Kanjeng Pangeran Natabrata (Natapraja) peputra Kanjeng Pangeran Natabrata II peputra Raden Mas Harya  Surataruna I, peputra Raden Mas Surataruna II, peputra Raden Ngabehi Surataruna III.

8

Page 9: Pur Waka

IV.       Raden Ngabehi Surataruna III peputra kalih :

   1. Raden Tumenggung Prawiradigdaya, Bupati ing Gagatan taun 1827 seda ing Perang Diponegoro mengsah Welandhi ing Dhusun Lengkong Ngayogyakarta.   2. Raden Ngabehi Prawirataruna, ugi tumut perang ing barisanipun Pangeran Diponegoro, sumare ing Nglumpang, Karanggede Boyolali.   3. Raden Tumenggung Prawiradigdaya ingkang lajeng kapundhut putra mantu Kanjeng Sultan Hamengku Buwana II ing Ngayogyakarta (pikantuk putri dalem ingkang angka 43), miyos saking garwa Raden Ayu Supenawati peputra Raden Candrana, peputra Ki Codikromo ing Dhusun Puluhan.

VI.      Ki Codikromo peputra 5 inggih punika :

   1. Mbah Thukul Karsawikrama ing Pandanan.   2. Mbah Raji jejer bekel ing Dhusun Pandanan.   3. Putri (asma boten terang) dedalem ing Kediri.   4. Kyai Karsoredjo dedalem ing Pandanan.   5. Putri (asma boten terang) dedalem ing Salatiga.

Mekaten urut-urutaning riwayat manut katerangan ingkang sampun saged kaimpun lan kacocokaken pangetan sejarah ingkang wonten.Silsilah Suwargi Eyang Ki Karsoredjo

Salajengipun tumrap ngagesang mekaten, wiwit lair saking guwa garbanipun biyung engga dumugi titimangsanipun kukut lan wangsul ing alam kelanggengan. Tiyang punika gadhah lelampahan maneka warni ingkang tumrap setunggal lan setunggalipun malih boten badhe saged sami, sanajan kukuban gesang lan panggesangipun mor misah kemawon. Lelampahan maneka warni ingkang dipun jejeti mawi gegayuhan, gelaripun saged kaperang dados tigang gagragan inggih punika nistha, madya, utama.

Gegayuhan nistha mekaten cak-cakanipun ngudi amrih sageda majeng gesangipun lan mikangsali tumrap sarira pribadi lelantaran kapitunaning sanes utawi bebrayan. Gegayuhan madya cak-cakanipun inggih ngudi dateng kemajengan lan pikangsal, nanging kanthi boten damel kapitunan ing sanes lan boten ugi tumindak punapa-punapa ingkang murakabi tumrap gesang sesarengan. Wondene gegayuhan utami mekaten lekasipun kejawi amrih badan piyambak sageda pikantuk kemajengan, ugi mbudidaya amrih sagedipun tumindak punapa kemawon sakuwosipun ingkang mamrih ing raharjaning jagad pasrawungan.

Reca Suwargi Ki Karsoredjo

Awon saing lelampahan ngaten adhaken ingkang nepus sanes badanipun piyambak, ananging tiyang sanes utawi bebrayan ing sakiwa tengenipun lan ing selami-laminipun tansah badhe dados pangenget. Awon sae tansah dipun angge kancawirangi ingkang dipun semak dening naluri wingkingipun. Yen awon, dadosa pepenget sampun ngantos dipun turun, dene yen sae ing salaminipun ingkang gadhah lelampahan badhe tansah dipun aosi samurwatipun. Langkung-langkung menawi ingkang kawogan saged dipun ewokaken “punjul ing apapak lan mbrojol ing angkerep”.

Nitik wontenipun petilasan-petilasan ing Dhusun Pandanan ingkang dumugi sepriki taksih saged dipun priksani, ingkang sedaya wau tuwuh awit agenging lelabetanipun suwargi Eyang Karsoredjo dhateng bebrayan lan ugi nitik reraosing bebrayan ingkang dumugi sapriki taksih

9

Page 10: Pur Waka

kepireng, sanajan Kyai Karsoredjo sampun sedo watawis 38 tahun kepengker, tetela sanget bilih Kyai Karsoredjo mekaten rikala sugengipun dados elas lan plajenganipun para ingkang nembe sami manggih ribed salebeting gesangipun lan nyatanipun para ingkang sami dhateng nyuwun srana pambirating reribed sami saged kasembadan sedyanipun.

Menawi ngemuli dhateng sedoyo lelampahanipun suwargi Kyai Karsoredjo wiwit taksih lare asma Jumadikun ngantos dumugi sepuh lan puput yuswa, sedoyo doyo kalangkunganipun wau boten namung dhateng piyambak utawi manggih, ananging awit kagayuh kanthi lampah topobroto ung dalem makno ingkang omber, ingkang boten saged dipun ayahi dening sinteno kemawon ingkang boten gadah tekad wojo gegayuhan ingkang mantheng.

Suwargi Ki Karsoredjo

Awit saking milo ing perangan ngriki lelampahanipun suwargi Kyai Karsoredjo badhe kabeber sawetawis, wiwit naliko suwargi taksih lare asma Jumadikun ngantos dumugi sepuh asmo Karsoredjo wewaton katerangan ingkang saged dipun kempalaken sangking para sepuh ingkang sami meningi jamanipun. Temtu kemawon sedayanipun lelampahanipun boten badhe uwal saking owah-gingsiring kawontenan marengi mongso kalanipun lan boten saged lepas saking kumandanging jaman pungkasing abad kaping XIX Masehi lan pucukaning abad XX.    

3. Begawan Mintaraga

Kinten-kinten ing tahun jawi 1801-an utawi tahun 1872 Masehi, Ki Cadikromo ing Dhusun Puluhan sampun kagungan putro tigo, ingkang pembajeng estri, ingkang panggulu jaler lan pandhadha estri.Kaleres ing dinten Jum’at Pon tanggal kaping 2 wulan Jumadilawal tahun Jimakir 1802 utawi surya kaping 27 Juni 1873 Ki Cadikromo kagungan putro malih lahir jaler. Bedo kaliyan putra-putranipun ingkang rumiyin, putro jaler ingkang dhawah sumendhe punika dipun paringi tetenger ingkang gegelidan kaliyan dinten kelairan wulan punapa dene taunipun inggih punika Jumadikun.

Sampun dados wataking bebrayan rikala semanten, sok uger wonten bayi lahir lajeng dipun padosipun wukunipun perlu kangge panugeran nyumerepi wataking bayi ingkang nembe lair kala wau.

Lairipun Jumadikun marengi wuku Juluwangi, Manut petangan Primbon  :

   Dewanipun Batara Sambu :

    * sedaya gegayuhanipun dereng ngantos kaleksanan    * dumadakan sampun dipun sumurupi ing kathah    * kamulyanipun sumandhing.

   Peksinipun Kethilang

    * micara lan rembagipun dipun pitados ing sanes    * pedalemanipun ugi dados karemenanipun tiyang kathah

   Candranipun Sekar Sumawur

    * sruwa sruwi sarwi saged lan baut manjing ajur ajer.

10

Page 11: Pur Waka

   Dene lambangipun Banteng njerumYen dipun ririd saking dinten kelairanipun, Jum’at Pon pengku kawontenan : aryang (watak lalen), brama (watak kenceng tekadipun), nohan (watak tresno dateng sesami), lampahing lintang (watak mendel lan sabar nanging boten saged kapambengan kekajenganipun), lebu katiyup angin (watak boten kasinungan sugih donya brana), macan ketawan (watak dipun erengi dening tiyang kathah).

Temtu kemawon wacaning primbon kasebat boten sedaya badhe ceples kaliyan kanyatanipun lare sasampunipun dados ageng. Nanging saboten-botenipun pitedah-pitedah kasebat saged dipun angge gagaran ndugi-dugi badhe kados pundi kawontenanipun anak ing tembe wingkingipun sasampunipun dados tiyang. Lan sedaya wau sambet rapet kaliyan rehing panggulawentah saha pamongipun. Kajawi mekaten thukul ngrembakaming jiwangga temtu boten badhe uwal saking daya pangaribawaning kukuban saha alam sesrawungan ing saben dintenipun.

Nalika Jumadikun umur watawis wolung tahunan, kinten-kinten ing taun Jimakir 1810, Ki Cadikrama pindah griya saking Dukuh Puluhan dhateng Dusun Pandanan. Mbabagi siti lenggah kabekelanipun marasepuh. Ing salajengipun lajeng manjing dados tiyang bumu Dusun Pandanan saengga sedha lan dipun sarehaken ing dusun ngriku. Boten benten kaliyan lare padhusunan sanesipun, sasampunipun kuwagang tandhang damel, Jumadikun inggih lajeng biyantu tiyang sepuhipun ing sabin.Namung kemawon wiwit alit sampun ketingal yen ing tembenipun badhe dados lare ingkang manjila, lare ingkang kacek kaliyan tinimbang rencang-rencangipun sakbarakan.

Remenipun kluyuran turut lepen lan saben wangsul mesthi mbekta angsal-angsal sela setunggal, dipun klempakaken ngantos dados pinten-pinten. Punapa anggenipun keklempak sela sangking lepen pundi-pundi punika mengku suraos ingkang tinamtu utawi namung awit sangking remen kemawon, boten wonten ingkang nggape.

Dateng ringgit purwa inggih remen, sok uger wonten tingalan ringgit purwa, sanajan tebih panggenanipun Jumadikun mesthi kesah ningali. Yen ningali boten namung betah remening perang kemawon, nanging “raosipun” ugi dipun ajak nonton. Mila lajeng soyo tambah pangertosanipun, jer kagunan ringgit purwa mekaten mengku piwical kathah tuwin adiluhung.

Ing satunggaling wekdal nalika Jumadikun nembe dateng saking anggenipun “kluyuran”, dumugi griya dumadakan terus kemawon anggenipun nedha sekul. Nedha remenipun namung lawuh bubuk kedhele utawi kacang ose. Nalika semanten sekulipun sampun mateng, nanging bubukipun taksih dereng cumawis lan kedhah nyangan lan ndeplok rumiyin. Ewa semanten Jumadikun meksa nggrejag kemawon. Ketang jengkelipun biyung awit dipun godha dening anak, kapeksa damel tandhukan ing layah, boten dipun byuki bubuk kedhele utawi kacang ose ingkang pancen dereng wonten, nanging malah dipun byuki awu jogan sarta dipun ulungaken kaliyan aba supados dipun tedha. Dening Jumadikun pancen kados mekaten wau ugi dipun tampi lan ugi dipun tedha kados lekasipun nedha sekul alawuh bubuk kedele utawi kacang ose. Katingal sanget anggenipun nikmat ngantos telas. Nyumerepi kawontenan kados mekaten punika tiyang sepuh kekalih sami ngraos gumun lan ngungun. Semanten ugi tanggi kiwa tengen ingkang sami nyipati kanyatanipun lan ing dalem batos mesthi ngendika  :  “kok kaya dudu karepe dewe wae”.

Mekaten lelampahipun Suwargi Kyai Karsoredjo nalika taksih timuripun, taksih asma Jumadikun lan taksih dipun anggep bocah dening ngakatah, bocah sing mangane kaya kebo,

11

Page 12: Pur Waka

nanging jiwane durung kecacah. Mangsakalanipun lumampah terus, Jumadikun saya tambah ageng lan sampun ndungkap titimangsanipun kedhah dipun tetakaken.

Ing satunggal wekdal marengi wulan sae ing taun Ehe 1820 utawi taun Masehi 1891, kaji sugih Abdulrachman ing Dusun Kemasan, Kelurahan Gempol, gadhah damel kanthi nanggep ringgit purwa. Mireng wartosipun kaleres ing dinten tempuking damel Jumadikun inggih lajeng merloaken kesah ningali kanthi ngajak kancanipun ingkang nami Musman (ing tembe lajeng nami Luwijaya). Kaleresan lampahipun ringgit ingkang dipun gelari sanget damel sengsemipun Jumadikun, inggih punika Mintaraga. Lampahipun Raden Janaka/Arjuna ingkang nembe nglampahi yogabrata wonten ing lengkehing redi Indrakila peparab Begawan Mintaraga inggih Begawan Ciptaning.

Kasebat ing cariyosipun, anggenipun Raden Janaka tapa punika estunipun namung nyuwun nugrahaning Jawata amrih ing tembe para kadang Pandawa saged unggul salebeting perang barata ing Tegal Kuru mengsah para kadang Kurawa. Ingkang ugi ateges saged nyirnaaken sawernining dur angkara sangking lumampahing jagad. Nanging dereng ngantos nampi wewengan saking Jawata, anggenipun semedi dumadakan dipun aru biru dening Mamangmurka. Denawa utusanipun Prabu Niwatakawaca ing Praja Imantaka. Awit saking deksura lan murang tatanipun, Ditya Mamangmurka nampi wawalakipun Sang Begawan, satemah lajeng salah kedaden ical sipatipun raseksa, sakala malih dados kewan wraha. Sanajan mekaten pisan parandene ditya Mamangmurka meksa nglajengaken sedyanipun, ngganggu damelipun semadi Begawan Mintaraga.

Rumaos dipun reridu Raden Janaka inggih Begawan Mintaraga kapeksa lajeng tumandhang bujeng andhapan wau nedya dipun pejahi. Nalika semanthen Batara Indra tumurun ing Arcapada kanthi mendha dados satunggaling resi bebisak Resi Padya. Nguningani anggenipun njemparing wraha (celeng) Raden Janaka inggih Raden Arjuna, lajeng kemawon dipun kembari lan andhapan kapeksa rebah pejah awit ketaman jemparing ngiwa nengen. Raden Arjuna lan Resi Padya lajeng sesarengan mrepegi celeng. Boten rampung ing rembag satemah lajeng dados campuh, repat biyadha perang tandhing.

Begawan Ciptaning inggih Begawan Mintaraga

Ing ngriku Batara Indra kapeksa kejoderan jalaran kejatosanipun Resi Padya lajeng dipun tlemak dening Begawan Mintaraga. Batara Indra ngaten mila pancen dipun utus dening Sang Hyang Jagadnata inggih Batara Guru, kejawi maringi punapa ingkang dipun suwun Raden Arjuna, inggih punika kamenanganipun para kadhang Pandawa salebeting Perang Baratayuda, ugi ngresaya sang Begawan supados nyirnaaken memalaning Kahyangan. Nalika semanten Prabu Niwatakawaca sampun minggah ing Kahyangan nyuwun Dewi Supraba badhe kagarwa. Para dewa boten ngayogyani, nanging sami kawon mengsah ratu ing Imantaka ingkang nyata sekti mandraguna. Wusana dipun adepi dening Raden Arjuna dados lan tiwasipun. Sang Arjuna kasil anggenipun mbirat memalaning Kahyangan lan ginanjar pangkat Taru ing Kayangan jejuluk Prabu Kaliti inggih Prabu Kiritin, lan ngratoni para widadari.

Lampahipun Begawan Mintaraga kasebat saged nginggah kawigatosanipun Jumadikun, mila sanajan sampun rambah-rambah dipunajak dening rencangipun tansah sumados kemawon. Dumadakan kanthi tanpa kanyana-nyana griyanipun ingkang gadhah damel kobaran latu. Kawontenan lajeng dados geger sami sanalika, ingkang sami ningali mlajeng pados kawilujengan piyambak-piyambak.

12

Page 13: Pur Waka

Ing dinten candhakipun ngantos dumugi wanci surya segenter, Jumadikun meksa dereng wangsul. Sareng pawartos bab kabesmen dipun pireng dening Ki Cadikromo kekalih, lajeng sami ngraos kuwatos mbok bilih Jumadikun pikantuk alangan ing salebeting balah-balah wau.

Katerangan ingkang dipun tampi rencangipun mretelakaken bilih Jumadikun saged wilujeng sangking bebaya latu, nanging boten kasumerepan lajeng dateng pundi purugipun karana kawontenan taksih peteng.

Rikala semanten Dusun Pandanan padhang kados samangke amrgi taksih kathah gegrembelan rungkud, ing imbang sabrangipun lepen Kembar katah wit Gayam, cangkring lan pandan.

Sasampunipun dipun padosi boten saged pinanggih, wekasan lajeng kepanggih wit gayam. Jumadikun ketingal prenggon ing pogroking wit gayam ingkang growong, boten maelu namung sedhakep kendel kados lekasipun tiyang ingkang nembe tilem kepatos. Ki Cadikromo kekalih inggih lajeng sami tanggap ing kawontenan, malah lajeng wangsul kanthi ngunadika : “ya wis le....nek pancen koyo ngono sing dadi tekadmu, aku mung menehi pangestu lan njurung puji, muga-muga bisa kasembadan sing dadi gegayuhanmu”.

4. Sekar PudhakSasampunipun pikantuk sekawan dasa dinten anggenipun nglampahi prenggon ing pogroking wit gayam growong punika, kanti tanpa ngombe lan nedha, mbok menawi Jumadikun sampun pikantuk wewengan ingkang dados genteyonganing manah.

Pramila sareng wonten lare kaleresan nembe dolanan ing wit gayam wau, Jumadikun lajeng suka sasmita amrih dipun andhapaken. Ketang dangunipun boten kalebetan rejeki, mesthinipun telas daya kekiyatanipun lan boten kuwagang mandhap piyambak. Ingkang dipun sasmitani inggih lajeng ngundang kancanipun, sami dipun ejak sesarengan ngandhapaken Jumadikun ingkang pranyata sampun lemes tanpa bayu babar pisan.

Punapa dumugi anggenipun nglampahi tapabrata, Jumadikun taksih nyambet lampahipun malih kanthi kungkum ing lepen. Pinten dinten anggenipun nglampahi kungkum ing lepen, boten wonten ingkang kemutan malih. Cekap dipun sebat sawatawis dangu. Kajawi punika ugi kathah lelampahan utawi rialat ingkang dipun tindakaken inggih punuka :

   1. Salebetipun sedinten sedalu, wiwit surya mlethek ngantos dumugi mlethek malih ing dinten candhakipun, Jumadikun namung tilem sepindah. Sanajan namung saliyepan manawi sampun kalajeng melek, inggih lajeng terus tangi lan boten tilem malih yen dereng dumugi titi mangsanipun ngantos dinten.   2. Salenetipun sedinten sedalu namung nedha sepisan lan ingkang dipun tedha sanes “wohing dami” ngemungaken jagung godokan namung salarikaning janggel.   3. Yen rinten lan ugi yen dalu mesthi kesah lumampah dateng pundi-pundi ngantos rambah kaping tiga lan ing sadangunipun lumampah babar pisan boten purun rembagan sakecap. Yen lajeng wonten sanak ingkang ngaruh-ngaruhi inggih boten ditanggapi, kepara lajeng dipun sasmitani amrih boten pitakon punapa-punapa.

Mekaten lampah-lampahipun nem-neman Jumadikun wiwit alit ngantos dumugi titi wanci diwasanipun watawis umur 18-san taun, ingkang saged dipun purih dudutanipun, bilih

13

Page 14: Pur Waka

salebetipun tiyang ngundi dateng sampurnaning batos boten wonten pedhoting lampah sanajan gegayuhan sampun saged kacepeng. Kanthi mekaten istingarah gegebangipun sayadangu badhe dados saya manteb lan anteb.

Awit saking kanyatanipun ingkang kados mekaten punika, ing kukuban Dusun Pandanan ngriku nem-neman Jumadikun lajeng dipun anggep tiyang ingkang nggadahi kalangkungan mirunggan, nggadahi daya keampuhan lan dipun anggep tiyang sepuh, sanajan nalika semanten taksih umur 20-an taun. Sepuh lampahipun lan inggih sepuh jiwanipun ngungkuli tiyang sepuh awit saking katahing umur.

Awit saking punika satunggal kalih lajeng wonten tanggi ingkang nedha tulung sarana manawi badan tuwin batinipun tinuju sakit lan Jumadikun inggih lajeng minangkani pisambatipun tiyang wau.

Boten namung para tiyang ingkang sakit kemawon ingkang plajengipun dateng Jumadikun, sanajan ingkang nembe nampi kerepotan batos ugi lajeng mara sarta lajeng nedha sarana amrih sageda mentas saking reruwetipun. Lan nyatanipun sadaya ingkang sami gadhah sambat sebut dateng nem-neman Jumadikun katah ingkang sami kasembadan sedyanipun. Ingkang sakit saged saras, ingkang kapetengan saged pikantuk pepajar, ingkang nembe kataman ing repot saged kentas. Sedaya wau kalampahan tanpa prabeya, sanajan wonten bebasan “Jer Basuki Mawa Beya”.

Nem-neman Jumadikun babar pisan boten purun nampi jani pitumbasing mandi utawi bebingah wujud punapa kemawon ingkang mingkasali tumrap gesangipun sawarni titah ingkang betah gesang cekap. Kalangkunganipun ingkang saged kaunduh kanthi lampah ngrekaos, bebasan toh jiwa, niat boten dipun angge sumbere penggesangan lan inggih boten niat dipun dagang. Jer sedaya wau awit saking keparingipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Titah namung kuwajiban budidaya, nanging keputusan dumunung ing astanipun ingkang Akarya Jagad.

Nem-neman Jumadikun ingkang nggadahi kalangkungan lajeng dados raraosanipun tiyang katah. Tundha werta kanyatan ingkang dumados ing Dusun Pandanan lajeng sumebar dumugi pundi-pundi, nglanjak ngantos dumugi dusun dusun sanes. Gethok tular kabar sumebar dumugi pundi-pundi mlangkah dumugi tlatah sawijining kukuban kaonderan Karanganom. Dusun Pandanan lajeng dados pocapanipun tiyang katah, dados sekar lathi.

Icalipun wana pandhan awit saking pambudinipun Kyai Bodhag inggih Kyai Panji Malang Sumirang alias Sunan Panggung  ing pucukanipun abad kaping XVI M saengga temahan dados dusun ingkang dipun sebat Pandanan (tegesipun papan ingkang kathah witipun pandan), ingkang saya dangu saya ngrembaka lan gesang dumugi sapriki. Umuripun sampun mlangkah saking 400-an taun, nyarengi jaman madya akiripun abad kaping XIX. Sesampunipun jaman lumampah kinten-kinten 350 taun kapetang saking dumadosing dusun, dadakan wonten kuduping pundhak ingkang macul lan dipun sarirani dening nem-neman anaking Ki Cadikromo, ingkang nami Jumadikun.

Khudup pudhak ingkang wiwit babar ganda arum ngambar sumebar dumugi pundi-pundi lan dados pilajenganipun tiyang kathah ingkang nembe sami ketaman ing bekaning ngagesang, perlu bahe nempil lan ngemping wahyaning wahyu jatmikanin

14

Page 15: Pur Waka

5. Bharatayuda

WAHANANIPUN BERSIH DHUSUNMAWI BHARATAYUDA

            Kanyatan ingkang dipun sipati saha dipun alami dening bebrayan ing Dhusun Pandanan, inggih punika dados wilujenging kawontenan awit saking wontenipun bersih dhusun mawi ringgitan Bharatayuda, wahananipun lajeng saged nuwuhaken kapitadosan saha keyakinan. Bilih tata cara bersih dhusun mawi ringgitan lampahan Bharatayuda, mliginipun kangge Dhusun Pandanan, nyata wonten gina saha dayanipun.

            Awit sangking punika lan chunduk kaliyan wanti-wanti saha pitedahipun Kyai Karsoredjo, ing salajengipun tatacara bersih dhusun mawi ringgitan lampahan Bharatayuda lajeng dipun wontenaken ing saben wulan Sura marengi tanggal kaping 8, tanpa gothang, saengga dangu-dangu lajeng manjing dados adat ingkang kedah dipun lestarekaken dados naluri ingkang sumusul ing tembe wingkingipun. Mekaten kalampahanipun ngantos marambah-rambah, etangipun wiwit saking pecak sepisan ngantos dumugi taun Masehi 1939-an. Rikala semanten Kyai Karsoredjo taksih sugeng lan taksih saged paring eguh pratikel ingkang pancen dipun betahaken. Ing taun Masehi 1939 punika kalampahan marengi dinten Selasa Wage tanggal 8 Sura taun Je 1870 utawi surya kaping 8 Maret 1939.

            Sepisan kaping kalih raosipun kados dene namung ujub ”rame-rame” ngawontenaken titingalan ringgit kemawon, dereng saged mapan ing empan awawaton raos, sanajan ta ing salebetipun ngadani berih dhusun wau boten kantun ugi dipun wontenaken tatacara mirungan ingkang raket kaliyan panuwunan amrih wilujenging bebrayan lair batos. Ananging saya dangu lajeng saya saged mapan ing kawontenan ingkang tungtum kramat, saengga dangu-dangu lajeng tuwuh daya pangaribawanipun tumrap kapitadosan lan keyakinan.

            Awit saking punika, mila bersih dhusun mawi ringgitan Bharatayuda ing Dhusun Pandanan punika lajeng dipun anggep lan dipun pitados nggadahi daya paribawa ingkang saged nyrumambahi tumrap sok sintena dhalang ingkang kadugi ngringgit wonten ing ngriku. Lajeng tuwuh ada-ada ringgitan boten namung manawi kaleres bersih dhusun kemawon, nanging ugi mawi ijab kabul mangeti malem Jum’at Pon, dados selapan dinten sepisan. Tatacara ringgitan kasebat tumindak wiwit taun 1939 ngantos dumugi 1948, dados ngantos watawis sangang taunan sinaosa wonten kalanipun gonthang gandheng kaliyan getiring kawontenan.

            Ringgit Jum’at Pon-an ingkang boten kalebet ing tatacara baken bersih dhusun punika lampahipun warni-warni ingkang boten magepokaken kaliyan Bharatayuda. Wondene ingkang dhalang gantos-gantos, namung kemawon ingkang asring piyambak inggih punika dhalang saking Manjung, Bapak Poespapandaya.

            Dhalang-dhalang ingkang sami ngringgit ing Dhusun Pandanan gandheng kaliyan tatacara Jum’at Ponan punika boten mirunggan mamrih ”tanggapanipun”, tegesipun bujeng pituwas ingkang murwat kaliyan kasagetan lan keprigelanipun nyabetaken wayang ing geber saha cucuting cacriyosanipun. Nanging sami gadhah ijab kabul piyambak, inggih punika ngalap berkah amrih sagedipun wiyana anggenipun jejer sawarni dhalang ringgit purwa. Mila inggih lajeng boten sakedik cacahipun dhalang ingkang sami calang dinten amrih sagedipun ngringgit ing dinten malem Jum’at Pon punika lan racak sami dateng piyambak kanthi bekta

15

Page 16: Pur Waka

samukawis ingkang dados kabetahanipun, kadosta : ringgit lan sak gamelanipun, para pradangga dalah pasindenipun, saengga bebrayan ing Dhusun Pandanan wontenipun namung kantun nampi saha damel pasamektan saperlunipun. Wondene prakawis pasugatan, lajeng dipun sangkul dening bebrayan, gigiliran manut keklempakaning (golonganipun) piyambak-piyambak kanthi gotong-royong.

            Gandheng kaliyan getering swasana awit saking pangamuking walandi-NICA ing akiripun taun 1948, ringgitan ing saben malem Jum’at Pon kasebat kapeksa lajeng suwak. Ringgitan malem Jum’at Pon ingkang wekasan dhawah tanggal kaping 23 wulan Sura taun Be 1880 utawi surya kaping 25 Nopember 1948 lan nyatanipun watawis tanggal kaping 17 Sapar taun Be 1880 utawi surya kaping 19 Desember 1948 dhawah dinten Ahad Legi, Walandi NICA nerak angger anger ingkang kasebat ing Prajanjen Renville kanthi ngawontenaken perang ingkang dipun wastani Clash II lan ngebroki Maguwo saha Ngayogyakarta. Dados ringgitan Jum’at Pon ingkang pungkasan punika kalampahan watawis 15 dinten ing sasampunipun bersih dhusun mawi ringgitan Bharatayuda kados adat saben tahunipun.

            Sasampunipun hera-heru perang mengker lan kamardikan saged karegem dening bangsa Indonesia sawetahipun lan sasampunipun kawontenan tumata malih kados wingi uni, tatacara bersih dhusun punapa dene ringgitan ing saben dinten malem Jum’at Pon lajeng saged wangsul dipun tindakaken malih kados ingkang sampun.

            Malah wetawis wonten tigang tahunan laminipun boten namung ing saben dinten Jum’at Pon kemawon, nanging malah ing saben dinten malem Jum’at, ingkang kajawi kangge ngalap berkah, ugi ngiras pantes kangge gladen tumrap para dhalang ingkang taksih rumaos dereng gamben anggenipun ngringgit. Mekaten ing salajengipun kalampahan ngantos dumugi sapriki kanthi tanpa kira-kira, ingkang sadaya wau wahananipun saged damel saya kocapipun Dhusun Pandanan ing kalanganipun bebrayan pundi kemawon.

6. Ringgitan LampahanMULA BUKANIPUN ADAT TATACARARINGGITAN LAMPAHAN BARATAYUDA

            Boten wonten dinten cowong, sabendinten temtu wonten tiyang dhateng perlu badhe nedha sih pitulunganipun Jumadikun. Kala-kala namung tiyang setunggal kalih, nanging kala-kala sesarengan tiyang kathah. Sedaya boten wonten ingkang boten gadhah karepotan lan sedaya boten wonten ingkang boten badhe pados toya bening amrih luwaring saking reribet ingkang saweg dipun sandhang. Lan nyatanipun boten wonten ingkang madal sumbi, awrat enteng lelantaran nem-neman Jumadikun salwiring rubeda saged kabirat kanti sae tanpa wonten pitumbasan punapa-punapa tanpa sekar menyan lan inggih tanpa binat wajib pitumbasing kabul.

Mangsakalanipun lumampah terus lan wilanganing umur tumrap sinten kemawon lajeng tambah, saya dangu saya dados sepuh. Dungkap mangsakalanipun, Jumadikun inggih lajeng dipun pikramaaken dening tiyang sepuhipun angsal kenya nami Saminem anakipun Mbah Dal ing Dusun Pandanan, marengi dinten Rebo Wage tanggal 1 wulan Sura taun Alip 1827 utawi surya kaping 2 Juni 1987.

16

Page 17: Pur Waka

Namung kemawon anggenipun tembayatan gesang boten saged wiyana dumugi sepuh. Awit saking bekaning kawontenan kinten-kinten ing tengahing taun Masehi 1924 Nyai Karsoredjo ngrumiyini seda lan kasareaken ing pasareyan Pandanan, boten tebih saking pasareyanipun Kyai lan Nyai Cikal Bakal. Rikala semanten sampun kelampahan peputra 3 inggih menika Nyi Kriyadinama, Nyi Resaniti, lan Ki Jirin Jayaprawira.

Sasampunipun mangun bebrayan lan medhang lawang piyambak, nami Jumadikun lajeng kasilep. Jalaran lajeng dipun gantos mawi nami sepuh Karsoredjo. Satunggaling sesebatan ingkang cundhuk lan laras kaliyan gegayuhanipun, inggih punika kekajengan utawi gegayuhan ingkang mamrih ing rejaning kawontenan lan bebrayan. Sanajan sampun bawa piyambak lan mesthinipun inggih lajeng rowah betahipun, andhekpuna Kyai Karsoredjo inggih meksa boten kendhat anggenipun nglampahi manut pepanggilaning jiwanipun. Ing sadangunipun punika tiyang ingkang sami dhateng Pandanan inggih boten suda, kapara malah saya tambah.

Dusun Pandanan ingkang dados wewengkonipun Kalurahan Soropaten Kecamatan Karanganom lan Kabupaten Klaten mekaten rikala semanten klebet wewengkoning tanah Kejawen, tegesipun tlatah Kasunanan. Mila tataning reh keprajan, mirungganipun ing babagan pasiten beda kaliyan ingkang kelampah ing laladan bawah gubernuran Walandi. Marengi tumapaking taun 1921 Masehi wonten ewah-ewahan, sabin kagungan Dalem Ratu kepareng dipun bage-bage dhateng tiyang tani ingkang dereng gadhah sabin piyambak. Tiyang setunggal keparingan setunggal patok, udakawis wiyaripun wonten 0,71 hektar. Dipun sebat sanggan, jalaran para tani ingkang sami nampi sabin wau kedhah nyanggi pedamelan kangge kaperluwanipun negari kanthi tanpa dipun sukani pituwas punapa-punapa, dipun sebat herendinas utawi rodi.

Let sawetawis wulan saking rajangan siti, marengi taun 1922 dumadakan wonten kedadosan ingkang saged damel poyang-payinganipun bebrayan. Boten tiyang tani mawon ingkang sami nandang sisah, sanajan pabrik gendhis ing Karanganom ugi kecipuhan ngajengi kanyatan ingkang boten sakbaenipun. Ketigenipun mulur, mangsa labuh ingkang sanget dipun ajeng-ajeng dening tiyang kathah boten dhateng-dhateng.

Siti sabin sami garing, sumur sami asat, parosan-parosan gadhahanipun pabrik gendhis ketingal loyo lan karang kitri ing kampung sami ketingal alum. Kawontenan ingkang kados mekaten punika menawi kalajeng-lajeng saged kaleksanan. Langitipun tetep katingal sumilak resik lan surya saya mempeng anggenipun nyempalani jagad.

Administrator pabrik gendhis ing Karanganom ingkang boten gadhah kapitadosan dhateng dhukun utawi daya gaibing titah, rehning sampun rumaos kepepet ing angkuh lan ngemuti bilih rosan-rosan tanemanipun sampun wiwit badhe “ngajeng” (dados garing lan ical duduhipun), kapeksa lajeng mengo dhateng Kyai Karsoredjo ingkang wekdal punika sampun kondhang asmanipun dumugi pundi-pundi.

Lumantar punggawanipun asma Jayautama, walandi wau lajeng ngresaya Kyai Karsoredjo supados puruna budeni kados pundi cara lan rekanipun amrih sageding jawah.

Dipun tangisi kados mekaten punika, ingkang ugi ateges tangisipun kanca tani ing dhusun-dhusun, Kyai Karsoredjo inggih lajeng sagah sarta lajeng tumandhang ing damel. Para kanca dusun Pandanan sami kapurih damel dhawet ingkang mangkenipun perlu kangge sirat-siratan ing ara-ara.

17

Page 18: Pur Waka

Sasampunipun sesaji, ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 19 Maulud taun Je 1854 (29 Nopember 1922) sesarengan kaliyan para ulama lan bebrayan dusun Pandanan, Kyai Karsoredjo mandhengi sembahyang setika, ngunjukaken panuwun ing ngarsanipun Gusti Allah mugi-mugi pinaringan jawab. Sasampunipun sembahyang setika tiyang-tiyang lajeng sami sirat-siratan dhawet ngantos sami teles kebes.

Eloking kawontenan, ing atasipun nembe mangsa ketigen ngerak tur panjang, dumadakan lajeng wonten angin tumiyub nggiring mendhung cemeng, saya dangu saya kandel lan ketingal gumandul. Boten gantalan wekdal lajeng jawah lan bumi saisinipun nampi siraman toya sacekapipun, boten namung sakberesan kangge nglaga manah kemawon nanging ngantos jam-jaman tanpa wonten terangipun. Panuwunanipun Kyai Karsaredja pranyata saged kabul, Pangeran paring kintunan jawah. Sabin-sabin lajeng saged wiwit dipun ider-ideri, parosan-parosan lan karangkitri ing kampung sami ketingal seger. Semangat lajeng dados makantar-kantar, greget saut nyambut damel ngrembaka ing saben jiwa.

Bab anggenipun kasil Kyai Karsoredjo punika panginggilan nyatanipun inggih boten mendel kemawon. Minangka bebingah lan tandha panarimah, Kyai Karsaredja lajeng keparingan garapan sabin sepathok manjing dados narawita lan luwar saking kuwajiban herendines kados sanes-sanesipun.

Nanging pacobanipun ngagesang boten kendel dumugi semanten kemawon taksih wonten malih ingkang kalebet sanget nggigirisi lan nyereg wekdal ingkang boten sakedhik. Dusun Pandanan katerjang ing pageblug pes (Walandi : builen pest), inggih punika sasakit ingkang tuwuh awit saking tumanipun tikus.

Kajawi prasasat madal sumbi, ugi tumuluranipun gampil lan cepet sanget. Mila inggih boten maiben manawi lajeng kathah ingkang sami dados kurban. Enjing sakit sonten pejah, sonten sakit enjingipun tilar donya. Kuburan dados sami kebak sanalika.

Nyarengi wontenipun pageblug pes kasebat Kyai Karsoredjo dumadakan nampi pacobaning Pangeran. Kurban kapisan ingkang dados wedaling sesakit ingkang nggegirisi punika dumadakan boten wonten sanes kajawi namung Nyai Karsoredjo. Saksampunipun punika lajeng nruntun kemawon ingkang tilar donya. Prasasat saben dinten wonten. Cacahipun tiyang ing Dusun Pandanan ingkang sami sami dados wadaling pageblug ageng alit, enem lan sepuh boten kirang saking sekawan dasa jiwa.

Amrih sireping letuh inggil boten kirang-kirang anggenipun budidaya. Sawenah wonten ingkang saben dalu nuthuk kenthongan kanthi lumampah turut lepen, wonten ingkang kekadar ing latar lan sanes-sanesipun manut kapitadosan lan keyakinanipun piyambak-piyambak. Ewa semanten panggeblugipun mekso boten purun mendha. Rontek abrit milah setunggal bathinipun wonten ingkang dados wadal. Manahipun titiyang ing Dhusun Pandanan sampun puthek, rumaos boten kaconggah nrenggalani letuh.

Pamarintah rikala semanten inggih boten lajeng namung sedhakep kemawon, ugi tumut cawe-cawe amrih rakyat saged kalis saking bebaya pageblug. Ingkang taksih sampun saras lajeng sami dipun barak, tegesipun sami dipun kempalaken dados setunggal ing papan ingkang dipun sebat barak (mingsedipun tembung lajeng dados brak). Rehning tiyang-tiyang ingkang sami dipun barak punika boten saged nyambut damel pados tedha dening Pamerintah lajeng dipun paringi cadhong, saben tiyang satunggal dinten kalih dasa sen (klaih kethip).

Pasareyanipun Suwargi Ki lan Nyai Karsoredjo

18

Page 19: Pur Waka

Nalika semanten Kyai Karsaredjo inggih katut dipun barak sareng kaliyan tanggi-tangginipun kanan kering. Sanajan sampun wonten panugeran boten kenging manthuk tanpa palilah, ewa semanten ing salebetipun dipun barak Kyai Kasoredjo saged wangsul ing griyanipun perlu open-open raja kayanipun. Eloking kawontenan, sanajan ing barakan Kyai Karsoredjo inggih taksih ketingal jejagongan lan rembagan kaliyan kanca-kancanipun. Kanyatan kados mekaten punika kathah ingkang nreyuhi lan kathah ingkang sami rumaos eram, satunggaling kaelokan ingkang angel dipun pitados, nanging kedadosan nyata.

Cungkup Makam Ki lan Nyai Karsoredjo

Namung seminggu dangunipun Kyai Karsoredjo dipun barak, lajeng dipun lilani mantuk. Saksampunipun wonten ing griyanipun piyambak, Kyai Karsoredjo lajeng saged ngeningaken cipta manuwun amrih sagedipun pikantuk wewengan ingkang saged biret Dhusun Pandanan sangking bebaya pageblug. Awit sangking wosing wewengan ingkang dipun tampi, Dhusun Pandanan kedah dipun resiki, tegesipun para titiyang ing dhusun ngriku kedah ngawontenaken upacara bersih dhusun lan ing salebetipun upacara kedah dipun wontenaken pagelaran ringgit purwa mawi lampahan Baratayuda. Ing saderengipun mila pancen boten nate dipun wontenaken upacara bersih dhusun, punapa malih mawi menanggap.

Rehning kajat bersih dhusun punika kajatipun tiyang sadhusun mila sedaya bot repotipun inggih lajeng dados sanggamanipun tiyang sadhusun, awit sangking panjurungipun Kyai Karsoredjo tempuking kajat dipun dawahaken ing dinten tanggal 8 wulan Sura taun Be 1856 lan mapanipun kedah wonten ing sacelakipun pasareyan pundhen Dhusun Pandanan, inggih punika pasareyanipun Kyai lan Nyai Bodhag, inggih Kyai lan Nyai Malang Sumirang. Dungkap damelipun, padamelan dipun bage, wonten ingkang kapatah dados dalang, nalika semanten ingkang dipun tundhing dalang ingkang saged ”dhalang teteg” griyanipun ing Dhusun Meger bawah Ceper. Sanes-sanesipun sami sesarengan ngedegaken tarub ing sacelaking pasareyan (samangke dipun degi bangsal Sida Mulya), bujeng cekap namung sangking deling lan empak blekateple.

Kaleres ing dinten Rebo tanggal kaping 8 Sura taun Be 1856, marengi surya kaping 29 Juli 1926 bersih dhusun dipun tindakaken lan ing salajengipun dipun wontenaken tingali ringgit purwa lampahan Bharatayuda sedinten sedalu natas. Amrih sagedipun sadaya lampahing Bharatayuda kasrambah, kaki dalang mesthinipun inggih lajeng ngecakaken pakeliran padhet, wiwit saking lampahan Seta Ngraman (tawur) dumugi lairipun Raden Parikesit.

Sasampunipun kajat bersih dhusun kalampahan kanthi wilujeng, pangamuking pageblug saya dangu saya mendha, temahan lajeng sirep babarpisan. Tiyang-tiyang dhusun lajeng saged sami gesang tentrem lan tumata malih kados ingkang sampun-sampun, sami saged nguber pangupajiwanipun manut krekat saha pakulinanipun sowang-sowang

7. Patilasan TibanPATILASAN PATILASAN TIBAN

                   Terangan panjang ing tahun 1929 Masehi lan pageblug pes ing tahun 1924 tumraping Dhusun Pandanan ing semu kados dene satunggaling panggrenda ingkang mamrih dados saya menceripun. Kagem Kyai Karsoredjo, langkung-langkung awit saking sedanipun ingkang rayi, tundhanipun lajeng dados sanglingan ingkang damel saya sumunar pamoripun. Ngibaratipun dene, saya sepuh kawontenanipun, saya mancorong cahyanipun lan saya manteb bobotipun. Sasampunipun pageblug sirep lan titiyang ing Dhusun Pandanan sami tentrem gesangipun lan kawontenanipun sampun boten dados ”dhusun sirikan” , titiyang

19

Page 20: Pur Waka

saking pundi-pundi papan ingkang sami dateng lajeng saya mindhak. Tiyang-tiyang kala wau ingkang kathah sami nandhang karuwedan salebeting gesangipun, ingkang sedyanipun badhe sami nyuwun pitulunganipun Kyai Karsoredjo amrih sagedipun luwar sangking panandhang. Nalika semanten Kyai Karsoredjo sampun dados dudha lan ing sapawikingipun boten niyat badhe krama malih.

Awit sangking katahipun tiyang-tiyang ingkang sami dhateng, kawontenan ing Dhusun Pandanan lajeng dados rame lan reja. Ramening swasana lan rejaning panggesangan. Ing sadherengipun Dhusun Pandanan dados papan puruganipun titiyang saking laladan pundi-pundi, ingkang lelabet rame lan reja ing laladan Kecamatan Karanganom mekaten Dhusun Beku, kaliyan Pandanan kapetang tangi dhusun. Nanging sareng ngarsa Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Pakubuwono X kepareng nedhaki dhusun kasebat, saya tambah dinten kawontenanipun dumadakan dados saya tambah sepen. Ing semu ketingal saya surem pamoripun, lintang alihan Dhusun Pandanan, satunggaling kanyatan ingkang manjing dados kapiyadalanipun bebrayan.

Marengi tahun Masehi 1932 kaleres ing saleripun pasareyanipun Kyai lan Nyai Bodhag, watawis 30 utawi 40 meteran thukul sendhang, sumber toya ingkang lajeng dipun ukara dening Kyai Karsoredjo lan kanameaken sendhang Pekalongan. Awit ing papan ngriku mila pancen kathah kalongipun. Toya sendhang kasebat lajeng dipun ilekaken kawangun pancuran, kalampahipun marengi dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 29 Bakdamulud tahun Dal 1863 sarta lajeng kapindhah naminipun dados Sendhang Pancuran Sidamulya. Ing salajengipun Kyai Karsoredjo lajeng yasa papan patirakatan lan tugu, inggih punika tugu ingkang lajeng dipun namekaken Tugu Kawitan, mapanipun ing saler wetanipun sendhang, kalampahan ing salebetipun wulan Sela tahun Dal 1863 utawi wulan Maret tahun 1933 dipun estreni dening Bapak Reksasumarya, carik kaonderan ing Polanharjo.

Watawis 15 tahunan malih, pratitisanipun marengi wulan Siyam tahun Dal 1879 utawi wulan Juli 1948 Kyai Karsoredjo mangun yasan malih wujud tugu ingkang mapanipun ing iring ler wetanipun Tugu Kawitan, wujud menara bunder ingkang inggilipun watawis 15 meteran lan saged dipun lebeti dening sok sintena kemawon lan minggah dumugi ing pethitipun (ing nglebet kapasangan andha tosan cacahipun 5). Tugu kasebat ingkang dumugi sepriki taksih katingal kiyat, dipun namakaken Tugu Wasesa lan mujudaken yasan ingkang pungkasan piyambak. Nalika yasanipun rumiyin ingkang sami tumandhang damel sedherek katah kanthi gotong-royong, dipun sesepuhi dening Bapak Pawirareja ing Dhusun Pandanan.

Tugu Wasesa

Pancuran Sri Mulyo                                                             

Sendang Karanggotan

Kejawi wewangunan kados ingkang sampun katur ngajeng ing antawisipun tahun Masehi 1934 ngantos dumugi titimangsa ngadegipun Tugu Wasesa, tuwuh wewangunan eka warni ingkang wonten ing serat ngriki dipun sebat mawi bedhahan ”petilasan-petilasan tiban”. Mila dipun sebat mekaten jalaran wontenipun wewangunan kasebat boten awit sangking pambudidayanipun Kyai Karsoredjo, nanging sami ”ngadeg piyambak”. Wondene kateranganipun kados katur ing ngandap punika.

20

Page 21: Pur Waka

Kados ingkang sampun katur ing ngajeng, tiyang-tiyang ingkang sami dhateng ing Pandanan saya dangu saya delir asal saking laladan pundi-pundi. Pawartos gathok tular saya sumebar lan bukti-bukti nyatanipun saya dados daya tarik. Ingkang sami dhateng ing Pandanan, kathahipun ingkang nembe nandhang lan nyandhang karibedan, karibedan lair batos dene nembe ketaman ing sakit lan karibetan batos awit saking bekaning kawonenan lan lelampahan. Sami dhateng perlu nyuwun srana amrih sagedipun uwal saking sawernining reribet ingkang nembe dipun alami. Ingkang sakit murih sagedipun saras ingkang kapetengan ing budi sageda pikantuk margi ingkang gampil lan sapanunggalipun. Lan sedaya wau kathah ingkang kebukten boten bendal. Boten namung titiyang jawi kemawon ingkang sami dateng nyuwun ”banyu bening” sanajan tiyang manca langkung-langkung bangsa Cina, ugi boten sakedhik.

Boten beda kaliyan wataking sulung, sok uger wonten papadhang, inggih lajeng dipun krumuni lan nyatanipun ingkang sami dumugi ing Dhusun Pandanan punika sami tiyang ingkang betah pepadhang, sami tiyang kapetengan saking bab maneka warni. Seminipun sampun dados adat, sok uger tiyang nembe kataman ing ribet lan anggenipun budidaya amrih kentasipun sajak ngrekaos, adhakan lajeng gadhah ”uni” gadhah punagi. Yen sewanci-wanci saged luwar saking panandhang, badhe ngawontenaken punapa-punapa. Semanten ugi tiyang ingkang nyuwun sarana dateng Kyai Karsoredjo, sasampunipun kasembadan sedyanipun lajeng ngawontenaken punapa-punapa manut kekiyatanipun piyambak-piyambak. Bedhanipun mbok menawi ”ngluwari ujar” utawi ”nadharan”. Wonten ingkang sami ngawontenaken sedhekahan ing papan sacelaking pundhan (pasareyanipun Kyai lan Nyai Bodhag inggih Kyai lan Nyai Malang Sumirang), wonten ugi ing papan sacelaking sendhang pancuran Sri Sidamulya.

Kajawi sami syukuran kanthi ngawontenaken sedhekahan samurwatipun, inggih boten sekedhik ingkang nedya syukuran kanthi nilar punapa-punapa ingkang sakinten saged dados pangenget-ngenget tumrap naluri ingkang badhe sumusul lan ugi kanthi ngemuti dhateng kabetahanipun bebrayan. Rehning ing papan ngriku ing saben tahunipun  dipun wontenaken bersih dhusun kanthi ringgitan lampahan Bharatayuda, utawi katah ingkang sami linggah riyalatan, mila inggih lajeng wonten ingkang ada-ada damel wewangunan kangge nyekapi kebetahan kasebat, saengga ing papan ngriku lajeng tuwuh wewangunan warni-warni ingkang saged damel asrining sasawangan lan sadaya wau kelampahanipun boten awit sangking pamundhutipun Kyai Karsoredjo, nanging tuhu medal saking prentulaning manahipun sadaya ingkang sampun sami kasembadan sedyanipun.

Anggelan Pereng

Lajeng wonten malih Belik ingkang wonten tukipun toya kanti ajeg kangge padusanipun utawi ngunjuk para sedherek kampung ngriku. Ingkang ketigo rendheng tukipun boten wonten kendhatipun. Belik mapan wonten sakilen Pandanan.

Wewangunan ingkang kabangun ing Pandanan dipun bangun tahun 1930- 1949. Wondene punapa wujuding ingkang sami dipun yasani, punapa dene sinten ingkang ngedekaken, pratelanipun kados ingkang katur ing ngandhap punika :

   1. Bangsal Sidamulya ingkang kangge papan pagelaran  ringgit lampahan Bharatayuda, dipun yasani dening Bapak Siswamartadarsana, ing Klepu Ceper (dibangun malih kanthi gotong royong tanggal 17 Besar Tahun Alip 1939 utawi tanggal kaping 7 Januari 2007) ;

21

Page 22: Pur Waka

   2. Bangsal Cangkring (semangke sampun boten wonten) dipun yasani dening Bei Cangkring, inggih sinebat Bapak Rejasudarma ing Polanharjo ;   3. Bangsal Natapraja (semangke sampun boten wonten)  dipun yasani dening Tang Kong Sien, Cina toko ing Karanganom ;   4. Bangsal Katentreman dipun yasani dening Kelurahan (nalika semanten ingkang jumeneng Lurah Raden Demang Nataatmaja), nanging amargi sampun ambruk amargi gempa lajeng dipun bangun malih dening MAPAN tanggal 3 Jumadilawal Tahun Ehe 1940 utawi tanggal kaping 20 Mei 2007 ;   5. Bangsal Palenggahan PB X (semangke sampun boten wonten) dipun yasani dening Bapak Jagasumarta ing Karanganom ;   6. Langgar Pasalatan (semangke sampun boten wonten) dipun yasani dening Ibu Harja Boniyem ing Jatinom ;   7. Sanggar Minangkabo (semangke sampun boten wonten) dipun yasani dening Bapak Parta ing Solo ;   8. Belik Sri Sari Tirto Mulyo dipun yasani kanthi gotong royong tanggal kaping 2 Oktober 1970 lajeng dipun bangun malih dening masyarakat tanggal kaping 10 September 2005 ;   9. Tugu Macanan lan Tugu Kacer dipun yasani dening Bp. Purn. Mulyodiharjo, laskar rakyat, Sangkrah, Solo. Ing wusananipun Tugu Macanipun risak, lajeng kabangun malih dening sedherek Suhartono ing Dukuh Pandanan) ;  10. Tugu Kendhulu dipun yasani kanthi gotong royong Kelurahan Soropaten. Dipun wastani Tugu Kendhulu amargi ing nginggil wonten tanemanipun taman Kendhulu ;  11. Anggelan dipun yasani dening Beni Cangkring ;  12. Her Sendhang Sri Sidomulyo, Pelataran Cokro Manggilingan, Gapura Sinapiting Urang dipun pangarsani asisten wedono ing Karanganom lan bapak Reksosumardjo carik Kabupaten Klaten kasempuyung dening Lurah Ki Demang Rono Atmodjo ing tanggal 20 Madulawal 1865 utawi tanggal kaping 20 Madulawal 1865 utawi tanggal 4 Agustus 1932 (lajeng dipun bangun malih dening MAPAN tanggal 19 Rejeb Tahun Ehe 1940 utawi tanggal kaping 3 Agustus 2007) ;  13.  Gapura Sri Sidamulya, Gapuro Sri Mulyo (semangke sampun boten wonten) lan Pasar (semangke sampun boten wonten) dipun prakarsani dening bapak Lurah Ki Demang Ronoatmodjo ing tahun 1930 – 1935 ;  14. Tugu Segitiga ingkang wonten sakiwanipun Bangsal Sri Sidamulya, ingkang kangge ngibaraken Sang Saka Gulo Klopo dipun yasani dening Bapak Djoyosumarto ing Karanganom ;  15. Pager Makam lan Gapura tinutup kagagalan tedakan ingkang Sinuhun PB X amargi gerah ing tahun 1935 – 1941 ;  16. Pancuran Sri Mulyo, Menoro Baskoro (semangke sampun boten wonten), Sendang Karanggotan, Tugu Paidon, Bendungan, Taulut irigasi ing tahun 1941 – 1948 dipun yasani dening Pak Lurah Pawiroredjo (Lurah Krasan, Juwiring) lan poro wargo Krasan lan Pandanan;  17. Kotak Gamelan (semangke sampun boten wonten) saking Karanganom ;  18. Relief dipun yasani dening Kelurahan Soropaten ingkang nyaritakaken sejarahipun Suwargi Ki Karsoredjo ing tanggal 15 Desember 1995;  19. Reca Ki Karsoredjo dipun yasani dening Kelurahan Soropaten ing tanggal 15 Desember 1995 ;

20.  Gapura Diratameta dipun yasani kanthi gotong-royong ;

21.  Tugu Wasesa dipun yasani kanthi gotong-royong ing tahun 1941-1948.

Gapuro Sri Sidomulyo

22

Page 23: Pur Waka

Lan taksih katah malih wewangunan-wewangunan ingkang dipun yasani dening sintena kemawon ingkang sampun sami kasembadan sedyanipun pinangka pangenget-ngenget. Kajawi punika ugi tembok-tembok panangkising perangan siti ingkang miring kangge jageni sampun ngantos longsor  (pereng).

Belik Sri Sari Tirto Mulyo

Bangsal Katentreman

Wewangunan-wewangunan ingkang yektosipun murakabi tumrap bebrayan katur nginggil sampun katah ingkang risak dipun tedha ing umur, nanging ugi awit sangking wontenipun geger Walandi-NICA marengi clash kaping II. Marengi dinten Kemis Kliwon surya kaping 26 Pebruari 1949 nalika serdhadu Walandi ngejehi Dhusun Nglumbang, Soropaten, wewangunan tilaranipun para ingkang sami syukuran dumadakan dipun trajang dening krenah bumi hangus, saengga katah wewangunan ingkang risak. Bangsal ingkang katulungan namung Bangsal Sri Sidamulya. Perlu ugi dipun catet amrih sageda kawuningan, marengi tahun Masehi 1937 andheng kaliyan kabetahaning bebrayan ing Dhusun Pandanan dipun wonteni peken awit saking ada-adanipun bebrayan. Nalika bikakan dipun rowakaken mawi katingalan lan barisan ingkang dipun tindakaken dening para nem-neman ing dhusun ngriku, kanthi tetembangan mawi wirama sigrak gembira ingkang cakepanipun kados katur ing ngandhap punika 

23

Page 24: Pur Waka

BAB III

PANUTUP, SARAN, KESIMPULAN

A. PANUTUP

Tugas ingkang dipun tugasaken kangge kelompok sampun cekap, ingkang gadah kelepatan ingkang mboten dipun sengaja, kelompok nyuwun pangapura seageng agengipun. Menawi tugas puniko, kelompok ngeringkes :

1. Saget numbuhaken sifat patriostisme.2. Sadar aken ngerawat papan sejarah.

B. SARANMboten wonten manongso ingkang sampurno, sami kalian laporan puniki.

Menawi gadah saran kangge kelompok ingkang saget nyempurnaken laporan puniki, kelompok saget nampi saran panjenengan.

C. KESIMPULAN Panggonane ing dukuh ,pandanan RT . 05 RW .02 desa Soropaten kec

karanganom, di bangun ing nduwur lemah sing ambane 20 x 20 m lan sak komplek karo makam Kyai Karsorejo, dibangun 10 November 1947, Monumen / Tugu Waseso yaiku tugu peringatan kangge jasa-jasane pahlawan saking Pandanan asmanipun Kyai Karsorejo, ing tahun 1935-1945, Kyai Karsorejo ketemu karo mantan presiden RI Bung Karno musyawarah tentang papan panggonan penjajah belanda lan tahun 1945 Kyai Karsorejo di tahan karo penjajah Belanda amarga ngibarke bendera abang putih

Lan kaenggo meringati pangetan kasebut dibangun prasasti yaiku dibangun menara kang duwure 12,5 m lan di jenengake Tugu Wasesa candhik kala iku dinggo niliki musuh, kala saiki setiap wulan syura diadake ritual jamas keris ingkang disertai kirab lan pegelaran wayang kulit sedino sewengi setiap malem jum’at pon lan setiap wulan Suro isih tetep dibudidayake ngantos sakniki lan jupuk kacaritan wayang Bharata Yuda Joyobinangun. Ritual wayang iku wis saka taun 1946 kang dilaksanaken ngantos saiki.

Papan panggonane ing Dk. Pandanan Ds. Soropaten Kec. Karanganom Klaten, Makam Kyai Karsorejo sing uga dikenal karo makam Soropaten. Makam iki akeh dikunjungi peziarah, utamane ing malem Jumat Pon. Ing cerak makam uga eneng sendang, yaiku Sendang/Umbul Her Pancuran Sidomulyo Pandanan.

24

Page 25: Pur Waka

LAMPIRAN PATUNG PENYAMBUTAN

BANGSAL SRI SIDO MULYA (PENDAPA)

MATA AIR

25

Page 26: Pur Waka

MATA AIR INGKANG WONTEN ENDAPAN

MENARA ING PANDANAN (TUGU WASESO)

GAPURA DESA PANDANAN

26

Page 27: Pur Waka

GAPURA ING TUGU PANDANAN

PATUNG KI TUNJUNG SETA

FOTO MASJID

FOTO KELOMPOK

27

Page 28: Pur Waka

28

Page 29: Pur Waka

FOTO KELOMPOK

29