Pranatacara Ing Adicara Wiwahan Penganten

2
Pranatacara ing Adicara Wiwahan Penganten Assalamu’alaikum Wr.Wb Dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putrid ingkang dahat kinurmatan,langkung rumiyin sumangga kita sedya tansah munjukaken puja-puji syukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan kulo panjenengan sedaya saget makempal wonten ing adicara siang menika kanthi kebak ing kabagyan. Salajengipun kepareng kulo pinangka pranatacara wontening wiwahan dhaupipun pinangaten,inggih putra pitrinipun Bapak Drs. Herjuno ingkang sesilih nimas Dewi Ayu, S.pd ingkang pidalem wonten ing Taman Sari kaliyan Bagus Robert Downey J.R,SE putra kakungipun Bapak Bagong Suseno saking Gondomanan ngayogyakarta. Langkung rumiyin sumangga adicara wonten ing siang menika kita purwakani kanthi ndedonga miturut agami saha kapitadosan piyambak-piyambak. Ndedonga kawiwitan…………… Maturnuwun!!! Titilaksana salajengipun lumaraping putra pinanganten wonten ing sak madyaning pawiwihan kanthi kairing ungeling gendhing Kebo Giro. Dhumateng Ibu Juru paes kasuwun nglarapaken rising pinangaten kekalih,sumangga!!! Sasampunipun risang pinanganten marak sowan wonten ing sak madyaning sasana wiwaha,ingkang rama saha ibu ingkang kagungan gati badhe ngaturaken pambagyaharja kairing atur panuwun awit rawuh panjenengan sedaya ingkang sampun kersa paring donga pangestu dhumateng putra pininganten kekalih. Atur pangandika punika badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak H Badarudin,pramila wekdal sumangga katur. Maturnuwun dhumateng ngarsanipun Bapak Badarudin ingkang sampun kersa caos atur pambagyaraharja. Adicara salejengipun

description

ok

Transcript of Pranatacara Ing Adicara Wiwahan Penganten

Page 1: Pranatacara Ing Adicara Wiwahan Penganten

Pranatacara ing Adicara Wiwahan Penganten

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putrid ingkang dahat kinurmatan,langkung rumiyin sumangga kita sedya tansah munjukaken puja-puji syukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan kulo panjenengan sedaya saget makempal wonten ing adicara siang menika kanthi kebak ing kabagyan.

Salajengipun kepareng kulo pinangka pranatacara wontening wiwahan dhaupipun pinangaten,inggih putra pitrinipun Bapak Drs. Herjuno ingkang sesilih nimas Dewi Ayu, S.pd ingkang pidalem wonten ing Taman Sari kaliyan Bagus Robert Downey J.R,SE putra kakungipun Bapak Bagong Suseno saking Gondomanan ngayogyakarta.

Langkung rumiyin sumangga adicara wonten ing siang menika kita purwakani kanthi ndedonga miturut agami saha kapitadosan piyambak-piyambak. Ndedonga kawiwitan…………… Maturnuwun!!! Titilaksana salajengipun lumaraping putra pinanganten wonten ing sak madyaning pawiwihan kanthi kairing ungeling gendhing Kebo Giro. Dhumateng Ibu Juru paes kasuwun nglarapaken rising pinangaten kekalih,sumangga!!!

Sasampunipun risang pinanganten marak sowan wonten ing sak madyaning sasana wiwaha,ingkang rama saha ibu ingkang kagungan gati badhe ngaturaken pambagyaharja kairing atur panuwun awit rawuh panjenengan sedaya ingkang sampun kersa paring donga pangestu dhumateng putra pininganten kekalih. Atur pangandika punika badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak H Badarudin,pramila wekdal sumangga katur.

Maturnuwun dhumateng ngarsanipun Bapak Badarudin ingkang sampun kersa caos atur pambagyaraharja. Adicara salejengipun inggih punika atur pangandika saking besan nun inngih saking keluarga ageng Bapak Bagong Suseno ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Sri Kendhang. Pramila saking punika wekdal sumangga katur!!!

Matur nueun dhumateng ngarsanipun Bapak Sri Kendhang ingkang sampun kersa atur pangandika. Adicara salajengipun sumene. Gegandengan wonten ing ngarsa para rawuh sedaya sampun lumados unjukan saha

Page 2: Pranatacara Ing Adicara Wiwahan Penganten

dhaharan pramila kasuwun ngrahapi kanthi sak sekecanipun sinambi midhangetaken ungeling gendhing-gendhing campursari,sumangga !!!

Adicara sampun paripurna sumangga kita pungkasi kanthi ndedonga miturut agami saha kapitadosan piyambak-piyambak!!.... Matur nuwun. Dhumateng risang pinangante kasuwun nampi jawat asta wonten ing sak ngajenging gapura ,sumangga !! Saking kulo mbokbilih wonten galap gangsuling atur anggen kkulo ndherekaken adicara menika saestu nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.