SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...

50
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA OLEH: DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd. DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum. KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN 2017

Transcript of SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA …sertifikasi.fkip.uns.ac.id/file_public/2017/MODUL...

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017

MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA

OLEH:

DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd.

DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

1

KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompetensi Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian

Kompetensi (IPK)

Materi pokok Kompetensi Inti

Guru (KI) Kompetensi Guru

Mata Pelajaran (KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan fungsi upacara adat mertidesa (bersih desa)

Upacara adat

mertidesa (bersih desa)

2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifikasi hal-hal yang dianggap sukerta dalam budaya Jawa

Pengetahuan budaya Jawa

tentang sukerta

3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan makna motif batik dalam perlengkapan (ubarampe) upacara mitoni (tingkepan)

Upacara mitoni

(tingkepan)

4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan nilai-nilai budi luhur dalam adat tatacara mitoni (tingkepan) bagi orang Jawa

Upacara mitoni

(tingkepan)

5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menganalisis nilai-nilai budaya Jawa dalam prosesi siraman

Upacara adat

siraman

6. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menganalisis makna simbolis dalam prosesi upacara pernikahan (panggih) Jawa

Prosesi Panggih

BAB IX UPACARA ADAT SAJRONE BEBRAYAN JAWA

2

yang diampu.

7. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifikasi basarinengga dalam panyandrapanggih

Basa rinengga

dalam panyandrap

anggih

8. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan nilai-nilai simbolik dalam upacara ngundhuhmantu

Upacara ngundhuhm

antu

9. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasi-nya dalam pembelajaran

Mengidentifikasi busana pengantin Jawa

Busana pengantin

Jawa

Kabudayan Jawa nduweni maneka warna upacara adat. Ana upacara adat kang

gegayutan karo uripe manungsa (bobotan, klairan, bocah, diwasa, jejodhoan, kepaten,

lsp), gegayutan karo alam (sedhekah bumi, baritan, tolak balak, bersih desa lsp),

gegayutan karo agama utawa kapercayan (nyadran, sekaten, suran, grebeg sura, lsp).

I. UPACARA ADAT MERTI DESA (BERSIH DESA)

Merti Desa yaiku salah sijine upacara adat Jawa sing lumrahe dianakake

bubarpanen pari, dadi maksude kanggo ngucapake syukur marang Gusti

tandhuran parineasile apik. Upacara adat iki uga diarani upacara merti desa lan biasa

digabung karo upacara adat sedhekah bumi utawa mreti bumi. Saben dhaerah

nduweni tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiyasan masyarakate.

Tuladhane kaya ing ngisor iki:

Tradhisi Sedhekah Bumi Ing Sendhang Maibit

Rengel, Tuban Jawa Timur

1) Mula bukane Sedhekah Bumi Ing Sendhang Maibid, Kabupaten Tuban

Sedhekah bumi kang diadani ing Kecamatan Rengel kasebut adhedhasar

dongeng utawa crita rakyat dumadine sendhang Maibid. Kawiwitan saka crita

3

rakyat, lelakone Dwi Sri Penganti putrane Adipati Tuban. Kang dicritakake dening

Mbah Taslim (69 th) sesepuh desa Maibit, Kecamatan Rengel Kabupaten Tuban,

tanggal 24 April 2016, dene kang wawan rembug Nur Hidayatul Fahri, mahasiswa

Jurusan PBD FBS Unesa. Kejaba iku crita kasebut uga tau kapacak ing rubrik Crita

Rakyat Majalah Jaya Baya, wiwit No 39, Minggu V, Mei 2016, kanthi irah-irahan

‘Ontran-ontran Lanjar Maibit”. Nganti crita iki katur, durung cuthel. Ing

kalodhangan iki kaandharake asil wawancara. Critane mangkene.

Dewi Sri Penganti, putrane bupati Tuban, sulistya ing warna, saengga akeh

nom-noman kang kepengin nggarwa, nanging ora ana kang nuju prana. Sawijine

dina sang bupati nampa lamaran nom-noman saka desa Padangan Bojanagara

asma Menak Anggrung, klakon jejodhoan. Durung genep 40 dina anggone nikah,

Menak Anggrung pamit arep mbebedhag ing alas. Dianti nganti pirang-pirang dina

ora kondur. Sri Penganti goreh, ora sabar, banjur nggoleki ing endi papane

sisihane, dikancani adhine kang asma Jaka Grenteng. Tekan desa Logawe,

kepethuk pawongan asma Menak Capala. Weruh kasulistyane sang dewi Manak

Capala kepranan, lan nggonjak kepengin ngrabi. Menak Capala nglamar kanthi

nggawa iwak bethik kang ing weteng isi endhog, minangka tandha tresnane.

Lamaran iku ditolak.

Sri Penganti nerusake laku nggoleki garwane. Tekan desa Pakuwon,

kecamatan Rengel kepethuk Begendhung. Ora beda karo Menak Capaka,

Begendhung uga kepranan lan kepengin nggarwa, nanging uga ora kelakon.

Lakune Sri Penganti tekan desa Maibit. Ing kono ana banyu bening, kimplah-

kimplah, awujud sumberan (tuk) kang gedhe utawa sendhang. Ing kono banjur

adus. Ali-aline dicopot, diseleh ing watu gedhe sandhing sendhang. Krana lungkrah

kesel, dheweke kramas. Nalika ndhangak, dheweke kaget jebul ana sing nginceng,

yaiku Dhalang Budaya saka desa Plumbon Kulan. Sanalika dheweke mlayu, mung

pinjungan jarik, nganti tekan desa Temayang. Ing kono ora ana sing kenal lan

ngerti sapa putri ayu iku. Salah sijine warga kang kapapag, takon sapa sejatine

dheweke lan apa tujuane tekan kono. Sri Penganti matur sakecandhake (asal

omong), kanthi wangsulan golek gaweyan. Sri Pengati katelah putri babu. Ing

kono dheweke bisa ketemu karo sisihane. Karepa arep ngesok rasa kapange,

nanging bojone sujana lan ora seneng Sri Penganti ana kono. Dheweke didakwa

tumindak sedheng karo Jaka Grenteng, ya adhine Dewi Sri Penganti. Menak

Anggrung arep merjaya sisihane. Kanthi suka rena Sri Penganti dipateni, nanging

dheweke nduwe panjaluk kudu dikubur sapanggonan. Sawise telung dina makam

iku kudu dibongkar, yen layon mau rangkulan ateges dheweka pancen sedheng.

Nanging yen ungkur-ungkuran, Sri Penganti isih setya marang sisihane. Syarat

kasebut ditampa. Bareng kubur dibongkar, pranyata layon iki singkuran. Menak

Anggrung getun banjur lampus dhiri. Amarga lelakone Dewi Sri Penganti kang

mobat-mabit, anggone nggoleki sisihane mau, mula papan padusane kawastanan

4

desa Maibit. Lelakone mau dipengeti kanthi Bersih Desa utawa Sedhekah Bumi

kang nganti saiki isih dilakoni (dicritakake dening Mbah Taslim, kaserat mawa

basane penulis).

2) Tata laku utawa Prosesi Sedhekah Bumi ing Sendhang Maibit

Sedhekah bumi katindakake saben bubar panen, ing saben taun, ing dina Rebo

Legi. Seminggu sadurunge adicara pokok masyarakat wis wiwit resik-resik ing sakiwa

tengene sendhang, papan padusane Dewi Sri Penganti. Ibu-ibu wiwit nyepakake jajan

pasar lan panganan kanggo isi jodhang. Uga gawe sajen kang diseleh ing papan

padusan utawa sendhang.

Ing dina Slasa Kliwon, malem Rebo Legi, masyarakat nganakake maca tahlil lan

melekan (tuguran) ing sendhang. Esuke, ing dina Rebo Legi Pak Modin mragat sapi 3,

kanggo acara kasebut. Ibu-ibu kapatah masak. Sawise mateng, didum marang warga

desa lan sakiwa tengene. Sabanjure masyarakat nggawa jodhang kasebut diterake

menyang sendhang. Isine jodhang kajaba sega salawuhe, uga ubarampe jangkep, kaya

ta: panggang ayam, urap-urap, jajan / camilan (tetel, jenang, wajik, satru, apem, lsp).

Sapurnane slametan ing sandhing sendhang, adicara diteruske wayangan, kanthi

lakon Dewi Lanjar Maibit. Ora ana lakon liyane, warga desa lan dhalang ora wani nerak

(yen diterak mbilaheni). Tujuane kejaba kanggo hiburan uga kanggo tolak balak lan

pangajab kahanan desa ayem tentrem, lan adoh saka bebaya. Warga kang durung

nikah, mbukak jodhang siji mbaka siji. Isine didum marang warga kang teka ing adicara

iku. Nanging biasane isine jodhang kanggo rayahan, ngalab berkah Lanjar Maibit.

Watara jam 13.00 WIB, wayang wis tancep kayon, ateges bubar utawa rampung.

Perangkat desa njegur sendhang nggawa ambeng kang wis didongani karo ngujubake

apa tujuan, yaiku sedhekah bumi. Ing pangajab tahun ngarep bisa panen lan asile

luwih apik. Warga desa uga banjur njegur sendhang, ngroyok ambeng kasebut, karo

sirat-siratan banyu sendhang. Sirat-siratan iku minangka lambang wujud rasa syukur

lan seneng, amarga Gusti wis paring rejeki. Bengine, bakda maghrib, adicara wayangan

dibacutake ing Bale Desa.

Sedhekah bumi kudu dianakake. Masyarakat percaya menawa ora nindakake,

sendhang Maibit bakal asat, tuke padha mampet, saengga ora bisa olah tetanen lan

ora panen sebab banyune asat. Kapitayan iku wis mbalung sungsum ing masyarakat.

5

Tekan kapan ora ana sing ngerti. Paraga Sri Panganti kawastanan Lanjar Maibit, krana

dheweke iku randha lanjar kang manggon ing desa Maibit. Randha lanjar iku randha

sing durung duwe anak.

3) Ubarampe Sedhekah Bumi

Ubarampe kang disiapake dening panitia, utamane ibu-ibu seksi konsumsi, (1)

sajen lan (2) isi jodhang. Ubarampe sajen awujud: buceng lan ambeng, pitik panggang,

urap-urap, ingkung pitik Jawa, endhog pitik Jawa mentah 2, kembang setaman,

menyan, suri/ sisir, wedhak lan kaca, bantal abang, cengkir, jambe, kupat lepet,

gedhang raja, diwadhahi, ditata ing tampah, banjur diseleh ing pinggir sendhang papan

padusane Sri Penganti. Ambeng lan buceng diseleh ing sumberan / tuk sendhang, kang

digawa njegur sendhang sadurunge siratan. ( mbah Taslim, 2016). Ambeng kasebut

kanggo rebutan, utawa ngalab berkah (mencari barokah).

Isine jodhang sega punar, pitik panggang, gedhang raja, krecek, tape, wajik,

satru, reteh, jenang ketan ireng, madu mangsa lsp, yaiku awujud panganan khas

dhaerah. Jajan kasebut bisa ditambah manut selerane masyarakat. Bisa awujud

panganan tradhisional utawa kuwe, lan buah-buahan. Kejaba iku masyarakat uga gawe

utawa nggawa berkatan (ambeng salawuhe) kanggo acara siratan. Kabeh masyarakat

kebagian berkat lan oleh tambahan jajan saka jodhang.

Sedhekah bumi kasebut jumbuh karo tradhisi methik utawa wiwit ing tanah

Jawa. Wujud sujud syukure masyarakat kang pinaringan rejeki, asil panen apik. Paraga

Dwi Sri Penganti putrane Adipati Tuban (ora disebut asmane), kang kawastana Lanjar

Maibit, jumbuh karo Dewi Sri yaiku dewi kesuburan utawa dewine among tani kang

tansah dimemule. Desa mawa cara negara mawa tata, werdine senajan tata laku lan

ubarampene beda nanging tradhisi-tradhisi kasebut nduweni ancas lan tujuan

padha.Tujuane yaiku manembah marang Pangeran, Allah SWT kanthi ngucap syukur

lan nyuwun pangayoman. Ing pangangkah warga desa bisa urip tentrem, bagya mulya,

sandhang lan pangan kecukupan.

4) Fungsi Sedhekah Bumi tumrap Masyarakat

Sewenehing tradhisi ditindakake dening masyarakat, mesthi nduweni tujuan.

Geertz (1882: 110) ngandharake yan tradhisi sejenis merti desa kalebu slametan

6

kolektif, yaiku slametan kang diadani bebarengan dening warga masyarakat. Papan lan

wektune uga wis tinamtu. Tradhisi kang mangkono tinemu ing sadhengah papan.

Bersih desa kalebu slametan desa. Slametan kasebut ana gayutane karo pakurmatan

marang danyang desa. Roh kang mbaureksa diluwari kanthi bersih desa, (1) nyuwun

kaslametan lan kamulyan donya akhirat kang nyartani kabeh warga desa. Utawa

kanggo ‘nylameti’ utawa ‘nyedhekahi’ sawah ing desa kasebut supaya kaparingan

rejeki kang akeh. Supaya ing bumi, ing alam donya utawa tanah ora ana gangguan lan

karusakan, mula saben tahun sawise panen masyarakat gotong royong, saiyeg saeka

praya bebarengan ngadani tradhisi kasebut; (2) Medharake rasa syukur marang Gusti

kang paring rejeki lan keslametan. Rasa syukur mau awujud kembul bujana

bebarengan ing papan tartamtu;lan (3) ngundhakake silaturahmi. Ing adicara kasebut

warga desa tumplak blak, tanpa ana bedane. Papan mau ing saben dhaerah, ora

padha. Ana sing katindakake ing ngarep makam, ana sing ana sendhang, uga ana sing

ing patilasan, plataran masjid utawa musala, ana uga kang matah ing salah sijine

omahe warga.(4) Shadaqoh, gayut karo istilah shadaqoh, wong Jawa mastani

sedhekah. Tradisi kasebut kawastanan sedhekahan. (5) Memule sing mbureksa desa

utawa atur pakurmatan, minangka tandha mikul dhuwur mendhem jero marang

arwah sing mbaureksa desa. Ateges ora lali marang jasa lan perjuangan simbah-simbah

kang wus sumare, sowan ngarsane Gusti Kang Maha agung. Kanthi ndonga, kembul

bujana, bawa rasa, dilakoni bareng-bareng wong sakampung, saengga tuwuh rasa

handarbeni. Warga masyarakat sengkut, cancut tali wanda bebarengan nindakake

adicara mbangun desa. Muga-muga ing taun candhake bisa ngadani adicara kasebut,

lan minangka tradhisi taunan.

II. UPACARA RUWATAN LAN SUKERTA

Ruwatan iku upacara adat Jawa sing tujuane kanggo mbebasake wong

komunitas utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine

arupa ndonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya

umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan

kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing bisa nyebabake bencana. Upacara adat iki

7

asale saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifate sinkretis sing saiki diadhaptasi lan

disalarasake karo ajaran agama.

Maknane ruwatan sejatine reresik diri saka sakehing dosa lan panggawe ala,

nggedhekake rasa panembah marang Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe.

Tembung "ruwat" uga ateges "bebas" saka sakehing goda, coba lan rencana, bebendu,

dosa, lara, lan sapanunggalane. Ruwatan iku upacara adat Jawa sing tujuwane kanggo

mbebasake utawa ngluwari wong, masyarakat utawa wewengkon saka ancaman

bebendu.

Ing alam bebrayan Jawa uga tinemu tradhisi ruwatan kang gegayutan karo

kapitayan masyarakat. Kang diruwat yaiku bacah-bocah utawa wong sukerta, yaiku

wong-wong kang dadi mangsane Bathara Kala. Bathara Kala iku putrane Bathara Guru.

Nalika iku Bathara Guru lagi nganglang jagat karo Dewi Uma, garwane nitih Lembu

Andhini. Wayah sore nalika kena sunare bagaskara pasuryane Dewi Uma katon sulistya

banget. Bathara Guru ora kuwat nahan birahine, kamangka Uma ora gelem dijak

saresmi ing gigire sapi, mula manine netes neng samodra. Bumi ora bisa nampa bab

iku, banjur tuwuh lindhu, kilat, thathit, lan gludhug magenturan, segara lir kinocak,

banjir bandhang, lan ora ngerti apa sebabe.

Bethara Guru njupuk banyu perwitasari saka kahyangan kasiramake ing bumi.

Kahanan ndonya tentrem maneh. Bebarengan karo iku, saka telenge samodra, ana

raseksa gedhe dhuwur nggegirisi lan nggegilani. Umat manungsa padha wedi lan

mlayu. Raseksa iku mau sowan ing ngarsane Bethara Guru, saperlu nyuwun priksa sapa

sejatine dheweke lan sapa wong tuwane. Raseksa iku diakoni minangka putrane

Bethara Guru, lan kaparingan asma Kala. Gandheng putrane dewa mula banjur

kawastanan Bethara Kala. Kejaba diparingi jeneng, Bethara Kala uga pinaringan

sandhangan Klepu Dewandaru, saengga katon gagah lan seneng banget atine.

A. Sukerta

Nalika Bethara Kala njaluk mangan dening Batara Guru dijawab yen Bathara Kala

kudu golek pangan dhewe. Papane ana Lo Bang Wetan Pinggir Jurang. Bathara Kala

tumuju papan kasebut. Sawise mangan, pranyata rasane pait. Krana raseksa,

dheweke njaluk pangan kang awujud manungsa. Bethara Guru maringi palilah, nanging

8

kang oleh dipangan mung wong sing klebu sukerta. Sing kalebu wong-wong sukerta,

yaiku:

(1) Ontang–anting, anak tunggal, ora duwe sedulur,

(2) Lumuting tangguling aren, anak lair tanpa ari-ari,

(3) Gedhini- gedhana, anak loro lanang wadon,

(4) Pandhawa, anak lima lanang kabeh,

(5) Pandhawa ngayoni, anak lima, kang ragil wadon.

(6) Sendhang kapit pancuran, anak telu sing nomer 2 wadon,

(7) Pancuran kapit sendhang, anak telu sing nomer 2 lanang,

(8) Kembar, anak kang lair bareng wadon utawa lanang kabeh,

(9) Dhampit, kembar nanging lanang wadon,

10) Sarimpi (anak papat wadon kabeh)

(11) Saramba (anak 4 lanang kabeh),

(12) Jempina, anak kang lair, lagi 7 wulan ing kandhutan,

(13) Tiba sampir, anak lair kalung usus,

(14) Wahana, lair ing pekarangan utawa ing latar,

(15) Julung sungsang, lair ing wayah bedhug,

(16) Julung wangi, lair ing wanci subuh,

(17) Julung pujud, lair ing wanci surup,

(18) Slewah, anak lair kanthi kulit putih lan ireng,

(19) Margana, anak lair ing ndalan,

(20) Wong gawe mutungake pasangan,

(21) Wong adang (menanak nasi) ngrubuhke dandang,

(22) Wong sing nugelake gandhik,

(23) Bathang lelaku, wong sing mlaku ing wanci bedhug,

(24) Wong gawe omah ora nganggo tutup keong,

(25) Wong nylumbat klapa slumbate ora dibubut (Sutrisna, 2005:29-31, Suwarni,

2014:123).

Ana pamawas liyane bab jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan

dikuwatirake ngalami sukerta. Miturut kepustakaan ” Pakem Ruwatan Murwa Kala “

Javanologi gabungan saka pirang-pirang sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri

9

Paku Buwana V ), uwong sing kudu diruwat kuwi jenenge anak utawa uwong ”sukerta”.

Sing kalebu sukerta, yaiku :

(1) Ontang-Anting, yaiku anak tunggal lanang utawa wadon.

(2) Uger-Uger Lawang, yaiku anak loro lanang kabeh.

(3) Sendhang kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan anak sing

kaping loro wadon.

(4) Pancuran Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wadon lan anak sing

nomer loro lanang.

(5) Anak Bungkus, yaiku anak sing lair kabungkus karo ari-ari (placenta).

(6) Bocah Karendha, yaiku bocah kembar nunggal bungkus.

(7) Anak Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa

“kembar dhampit” yaiku kembar siji lanang siji wadon.

(8) Bocah tawang gantungan, yaiku bocah kembar laire ganti dina.

(9) Kembang Sepasang, yaiku anak loro wadon kabeh.

(10) Kendhana-Kendhini, yaiku anak loro, siji lanang siji wadon.

(11) Saramba, yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.

(12) Sarimpi, yaiku anak wadon kabeh, cacahe 4

(13) Bocah cukil dulit , yaiku bocah wadon telu kakang adhi.

(14) Bocah gotong mayit, yaiku bocah lanang telu kakang adhi.

(15) Mancalaputra atau Pandhawa, yaiku anak 5 lanang kabeh.

(16) Mancalaputri utawa Pandhawi, yaiku anak 5 wadon kabeh.

(17) Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wadon, lan sing siji lanang.

(18) Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wadon.

(19) Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas srengenge angslup.

(20) Julung Wangi utawa julung kembang , yaiku anak sing lair pas srengenge njedhul.

(21) Julung Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam 12 awan.

(22) Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati.

(23) Bocah sumala, yaiku bocah cacat wiwit lair.

(24) Bocah wuyungan, yaiku bocah lair bareng kesripahan

(25) Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ing weteng.

(26) Tiba Sampir, yaiku anak sing lair kalungan usus.

10

(27) Margana, yaiku anak sing lair pas ana dalan.

(28) Wahana, yaiku anak sing lair ing ngarep omah utawa ing latar ngomah.

(29) Siwah atau Salewah, yaiku anak sing lair nduweni 2 jinis werna kulit, ireng lan

putih.

(30) Bule, yaiku anak sing lair nduweni kulit kaya bule.

(31) Kresna, yaiku anak sing lair nduweni kulit ireng.

(32) Walika, yaiku anak sing lair prematur utawa cilik banget.

(33) Wungkuk, yaiku anak sing lair nduweni geger sing bengkok.

(34) Dengkak, yaiku anak sing lair nduweni geger sing nonjol, kaya geger unta.

(35) Wujil, yaiku anak sing dilairake cebol.

(36) Lawang Menga, yaiku anak sing dilairake pas anane “candhikala” yaiku langit sing

katon abang.

(37) Made, yaiku anak sing dilairake ora nganggo lambaran/klasa.

(38) Uwong sing ngliwet, ngebrukake ” dandang “ (wadhah sing kanggo ngliwet).

(39) Mecahake ” pipisan ” lan nugelake ” gandhik “ (landhesan lan watu sing kanggo

ngalusake bumbu).

(40) Uwong sing manggon ning omah sing ora enek ” tutup keyonge “

(41) Uwong sing turu ing dhuwur kasur ora ngganggo sprei (sing dianggo nutup kasur).

(42) Uwong sing nggawe pajangan utawa hiasan ora nganggo samir utawa godhong

gedhang.

(43) Uwong sing duwe lumbung pari utawa kopra sing ora nganggo alas lan payon.

(44) Uwong sing ndhelehake barang ( contone: dandang ) ora diwenehi tutup.

(45) Uwong sing ngguwang tuma (kutu) sing isih urip.

(46) Uwong sing ngadeg ing tengah lawang.

(47) Uwong sing ndhodhok ing ngarep lawang.

(48) Uwong sing sangga wang.

(49) Uwong sing senengane ngobong kulit bawang.

(50) Uwong sing nggathukake barang siji lan sijine (contone: dandang diedu karo

dandang).

(51) Uwong sing seneng ngobong rambut.

(52) Uwong sing senengane ngobong klasa sing saka pring.

11

(53) Uwong sing senengane ngobong kayu uwit “kelor”.

(54) Uwong sing senengane ngobong balung.

(55) Uwong sing senengane nyapu ora ditutukake, utawa ora diobong sisan.

(56) Uwong sing senengane ngguwang uyah.

(57) Uwong sing mbuwang regetan saka cendhela.

(58) Uwong sing mbuwang regetan neng longan.

(59) Uwong sing turu pas srengenge njedhul.

(60) Uwong sing turu pas srengenge angslup ( wayah surup ).

(61) Uwong sing menek uwit pas jam 12 awan ( wayah bedhug ).

(62) Uwong sing turu pas jam 12 awan.

(63) Uwong sing ngliwet trus ditinggal lunga.

(64) Uwong sing senengane ngakoni duweke wong liya.

(65) Uwong sing senengane ninggal beras ing ” lesung ”.

(66) Uwong sing ngembrukake pemean “wijen”.

B. Piranti Ruwatan

Ana pirang-pirang piranti sing kudu ana ing upacara ruwatan. Ruwatan lumrahe

kanthi nanggap wayang kulit purwa kanthi lakon ‘ Murwakala’. Piranti sing digunakake

kanggo ruwatan miturut adat, ing antarane :

a. Gamelan Jawa,

b. Wayang Kulit sak kotak, komplit,

c. Kelir utawa kain,

d. Blencong utawa lampu minyak,

e. Sesajen kang kudu disediyakake, yaiku :

1) Tuwuhan, antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing ditegor

karo gagange, lan cengkir gadhing utawa klapa enom, wit tebu karo

godhonge, godhong ringin, godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep,

godhong alang-alang, godhong meja lan kara, lan godhong kluwih sing

sakabehe ditali ngadheg ing cagak lawang. Iku nduweni teges dadi pasren

(hiasan) lan nelakake penyuwunan.

12

2) Kembang mayang loro, sing uwis dipaes diselehake ing mburi kelir kiwa lan

tengen, kembang setaman ing bokor diselehake ing ngarepe dhalang sing

bakal dinggo ngedusi Bathara Kala lan wong sing diruwat.

3) Geni utawa watu areng ing njero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal

digunakake Ki Dalang sajroning tanggapan.

4) Kain mori putih kurang luwih dawane 3 meter, digelar ing ngisor debog

panggungan saka kelir nganti sak mburining kelir lan diwenehi kembang

mawar ing ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Ing mburi kelir

minangka panggonan lelenggahane uwong sing diruwat kanthi nganggo slimut

kain mori putih.

5) Gawangan kelir sisih ndhuwur, dipaes nganggo kain bathik sing anyar, cacahe

5, antarane kain sindur, kain bango tulak, lan diwenehi pari segedheng.

6) Maneka-warna sega sing kudu ana, yaiku :

(1) Sega Golong nganggo goreng-gorengan, pindhang, kluwih, pecel pitik, lan

sayur menir.

(2) Sega Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe,

abang lan ijo, brambang, lan dhele ireng.

(3) Sega Kuning nganggo endhog pitik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.

7) Maneka-warna bubur/jenang, yaiku :

(1) Jenang abang,

(2) Jenang putih,

(3) Jenang kaleh,

(4) Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna)

8) Maneka-warna jajanan pasar, yaiku:

Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing diwenehi dhuwit, gula Jawa, klapa,

jajanan arupa blingo sing diwenehi werna abang, kemenyan, kembang, banyu

sing diwadhahake cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendhi sing

isine banyu, empluk (kacang ijo, dhele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pitik,

dan dhuwit sak sen).

9) Piranti liyane, yaiku :

(1) Benang lawe, minyak klapa kanggo lampu blencong.

13

(2) Arupa kewan-kewanan kaya manuk dara, pitik, utawa bebek.

C. Tata Cara Ruwatan

Tata cara ruwatan antarane :

a. Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”. Kanggo kulawarga sing ora

mampu nanggap wayang bisa ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan

lan wayange. Dhalange bisa crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.

b. Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing bakal

nyukur yaiku wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur

bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediyakake.

c. Kanggo syarat, dijupuk sethithik wae getih saka asal siale. Getih kuwi bakal

dilarung. Carane njupuk getih nganggo ri (duri), trus dioleske ana kapuk putih.

Ri karo kapuke mau dilarung karo:

(1) Beras 4 kg

(2) Slawat 1 Dirham (dhuwit regane emas 1 gram)

(3) Pitik

(4) Theklek (sandhal saka kayu)

(5) Benang lawe sagulung

(6) Endhog pitik sing lagi metu, durung enek sedina

(7) Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg

(8) Rambut sing dicukur

(9) Klapa 1 cacahe

Kelapa, benang lawe, endhog pitik, kapas lan eri dilabuh karo maca: “Ingsung

ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake

apesing awakku”.

D. Piwulang Sajrone Upacara Ruwatan

Upacara ruwatan sing dianakake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan.

Menawa digatekake, upacara ruwatan kuwi ora mung upacara nanggap wayang,

nyukur rambut, lan nglarung sesajen nanging uga nduweni makna saka urut-urutaning

upacara. Intine upacara ruwatan kuwi nduweni piwulang :

14

(1) Menawa didelok syarat-syarate ruwatan, mesthi meh kabeh menungsa kuwi kudu

diruwat. Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kerep sedhekah kanggo

kaslametan kita. Sabenere kuwi ora kudu nganggo upacara ruwatan amarga

ruwatan kuwi karana katentreman ing jero ati.

(2) Ruwatan mesthi ana gegayutane karo Bathara Kala. Sabenere Kala kuwi tegese

wektu. Nduweni teges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo

wektu. Tuladhane, mbesok saben menungsa bakal meruhi mati.

(3) Ruwatan kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah

tumindak sing apik, lan ngedohi tumindak sing ala, sing bisa ndadekake uripe

menungsa ora tentrem

(simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20 Juli 2016)

III. UPACARA MITONI (TINGKEPAN)

Upacara tingkeban ugi saged dipunwastani mitoni, ingkang saking tembung pitu

tegesipun inggih menika angka pitu (7). Upacara tingkeban dipuntindakaken menawi

priyantun estri sampun ngandhut pitung sasi saha nembe ngandhut sepisan. Upacara

tingkeban menika salah – satunggaling tradhisi ingkang wonten ing Jawa tansah

dipunuri-uri dumugi sakmenika. Tradhisi menika anggadhahi ancas inggih menika

kagem nepangaken bilih pendhidhikan menika dipuntindakaken wiwit wontenipun

jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Nalika ngandhut kathah sanget perkawis sae

ingkang kedah dipuntindakaken dening biyungipun, lan ugi biyungipun kedah

nebihaken saking perkawis ingkang boten sae. Menika anggadhahi teges supados putra

ingkang badhe dipunlairaken dados putra ingkang sae.

a. Tatacarane Mitoni

Miturut para winasis, tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, saged dipun

tegesi pitutur, pituduh tumuju kasaenan lan kaluhuran. Wondene, miturut ilmu

medhis, jabang bayi ngancik umur 7 wulan sampun nggadhahi wewujudan minangka

manungsa kanthi wetah, pramila lajeng dipunpengeti kanthi ngawontenaken syukuran.

Nalika nindakaken upacara tingkeban wonten lelampahan ingkang kedah

dipuntindakaken, inggih menika :

(1) Siraman dipuntindakaken dening sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken)

ingkang cacahipun pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembe

15

ngandhut. Saenipun ingkang nyirami inggih punika tiyang sepuh ingkang sampun

gadhah wayah.

(2) Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam

kampung wonten ing kain (sarung) calon sang ibu dening calon bapak (garwanipun

) saking padharanipun ngantos pecah. Menika minangka simbol saha nyuwun

supados bayi ingkang badhe dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan

satunggal menapa. Padatanipun, bilih priyantun estri ingkang nembe ngandhut

sapisanan nglairaken kathah godhanipun. Awit saking punika, kedah ndedonga

kagem kaslametan, mliginipun wonten ing wekdal pitung sasi.

(3) Salajengipun inggih menika gantos rasukan ( wusana ) kaping pitu dipunrangkepi

kain pethak (putih). Kain pethak kala wau dados dhasaring busana ingkang kaping

pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhe dipunlairaken inggih suci

saha badhe pikantuk rahmat saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa.

(4) Sasampunipun calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan,

salajengipun inggih menika adicara medhot lawe ingkang dipunubengaken ing

padharanipun calon ibu. Dene ingkang medhot benang lawe inggih menika calon

bapakipun, samenika anggadhahi ancas supados bayi ing kandhutan samangke

saged lair kanthi gampil.

(5) Menawi lawe sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking calon ibu,

nggendhong klapa gadhing dipunkancani dening ibu besan. Ananging

saderengipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken wonten ing kain ingkang

dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng

dipuntampani dening calon simbah putrinipun. Ancasipun inggih menika supados

samangke bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubeda

satunggal menapa.

(6) Lelampahan adicara ingkang salajengipun inggih menika calon bapa mecah klapa

gadhing kasebat kanthi saderengipun milih setunggal saking kalih klapa ingkang

sampun dipungambari Kamajaya saha Dewi Ratih utawi Arjuna kaliyan Wara

Sumbadra utawi Srikandhi. Klapa kalih kala wau dipunwalik supados ingkang bapa

boten saged ningali gambaripun kalawau. Menawi klapa ingkang dipungepuk

16

kaliyan ingkang bapa ingkang gambaripun Kamajaya mila bayinipun badhe lair

kakung, bilih menawi ingkang dipungepuk gambar Dewi Ratih, mila bayinipun

estri. (Punika namung ingkang dipunkaremaken kemawon, dereng mesthi dados

kasunyatan). Ananging, bilih kita nyuwun kanthi saestu dhumateng Gusti Ingkang

Maha Kuwasa, mila punapa ingkang dipungayuhaken saged

kawujud.

(7) Sabibaripun upacara siraman menika kalajengaken upacara milih sekul jene

ingkang mapan wonten ing takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken

upacara sadeyan (dodol dhawet saha rujak). Anggenipun mbayar dodolan ngangge

logam ingkang kadamel saking remukan gendheng (kreweng) ingkang dipunbentuk

bunder, arupa yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng

dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun

dipunisi kaliyan kreweng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang.

Upacara menika minangka simbol supados bayi ingkang dipunlairaken samangke

pikantuk kathah rejeki, saged kangge nyekapi gesangipun kulawarganipun saengga

saged ngamal ingkang kathah. Tuladha gambaripun kados makaten:

(https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&tbm=

isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)

b. Ubarampe Upacara Tingkeban

Ubarampe ingkang dipunginakaken ing upacara tingkeban inggih menika awujud

maneka werna dhedhaharan. Ancasipun wonten dhedhaharan menika minangka

tandha syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwasa awit sedaya sih nugrahanipun.

17

Jinisipun ubarampe antawisipun dhaerah ugi sok benten-benten, tuladhanipun kados

makaten:

(1) Tumpeng Kuwat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhe

dipunlairaken samangke sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih

punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu,

tempe, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha terong

mentah ingkang dipunonceki ananging kulitipun tetep taksih nemplek, saha

dipunsukani urap-urapan.

(2) Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging

tumbas kemawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas

antawisipun kue apem, kue cucur, kue bolu, kue lapis, saha woh-wohan

kados nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan

sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kalawau dipuntata kanthi rapi (sae) nembe

dipunsajekaken.

(3) Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubian. Keleman ingkang

dipunbetahaken dados ubarampe upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta:

ganyong, gembili, ubi jalar, tela, kenthang, wortel, saha erut. Maneka warna

keleman dipunsajekaken wonten ing setunggal wadhah kados ta nyiru (tampah).

(4) Rujakan. Rujakan punika kadamel saking maneka warna woh-wohan kados ta

jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak

dipuncampur dados setunggal saha dipunsajekaken kanthi sae ngantos raosipun

rujak eca. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhe dipunlairaken samangke

saged ngremenaken kulawarganipun.

(5) Dhawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dhawetipun saged

dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak

dhawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun eca. Menawi kepengin

seger saged dipuntambahi es batu.

(6) Sajen Medikingan. Sajen punika dipundamel kangge lairanipun putra ing

sangandhaping putra mbajeng piyambak. Dene ubarampenipun inggih kados

mekaten:

18

a) sekul jene ingkang wangunipun kerucut.

b) sekul loyang, inggih punika sekul jene ingkang dipunkum wonten ing toya,

lajeng dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.

c) enten-enten, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa

ingkang dipunmangsak ngantos garing.

d) bubur utawa jenang 7 warna, inggih punika kombinasi : (1) bubur abang (2)

bubur putih (3) merah ditumpangi putih, (4) putih ditumpangi merah, (5)

putih disilang merah (jenang/ bubur palang abang), (6) merah disilang putih

(jenang/ bubur palang putih), (7) baro-baro (bubur putih diwenehi parutan

kelapa lan sisiran gula Jawa).

e) bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis

klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk

ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.

(http://noviliyacemong.blogspot.co.id/2014/12/tradhisi-tingkeban.html diakses 10 Juli 2016).

Tuladhanipun gambar sajen:

Rantamane tatacarane tingkeban kang prasaja, mangkene:

(1) Pambuka

(2) Mijiling Calon Ibu lan Calon Bapak saking tepaswangi/pantibusana

(3) Sungkeman ing Rama/Ibu

(4) Tumuju Pasiraman

(5) Siraman

(6) Sesuci (Juru Pangrengga Busana)

(7) Ganti Nyamping

19

(8) Babon Angrem

(9) Nigas Janur Kuning (benang lawe)

(10) Brojolan

(11) Mecah Cengkir Gadhing

(12) Sade Rujak

(13) Wilujengan

“Niat ingsun nylameti jabang bayi, supaya kalis ing rubeda, nir ing sambikala, saka

kersaning Gusti Allah. Dadiyo bocah kang bisa mikul dhuwur mendhem jero wong

tuwa, migunani marang sesama, ambeg utama, yen lanang kadya Raden Komajaya,

yen wadon kadya Dewi Komaratih..kabeh saka kersaning Gusti Allah.

c. Nilai-Nilai Budi Pekerti Dalam Tradhisi Tingkeban

Tradhisi yaiku perangan saka kabudayan. Tradhisi pakulinan kang wis dilakokake

dening masyarakat turun-temurun saka mbah buyut kang wus seda. Masyarakat

utawa bebrayan Jawa lumrahe nindakake adicara slametan kanthi ubarampene apa

wae kang dadi tradhisine wong urip wiwit mijil nganti mati. Siklus uripe manungsa kuwi

miturut wong Jawa ana 5 kedadeyan penting kang disandhang, yaiku mbobot, mijil,

manten, mantu, lan mati. Kabeh kuwi ditindakake nganggo slametan, nanging ora

mung lima kuwi wae, uga ana slametan kanggo kagiyatan saben dinan. Utamane

kanggo para tani yaiku wiwit, tingkepan pari, methik lan liya-liyane, kanggo dagang uga

ana slametan sing gayutane karo panggonan kayata mbangun omah, pindhah omah

utawa boyongan, ana bersih desa utawa ngresiki sukerta sing ana ing desa, ruwatan

kanggo menungsa, nyadran, megengan lan liyane. Pirang-pirang slametan kuwi mau

karepe lan tujuwane ya mung nyuwun keslametan marang Gusti Kang Maha Kuwasa

sing digathukake karo budaya. Mulane ndadekake kedadeyan sinkretisme antarane

kapercayan, agama, lan budaya. Adat istiadat wong Jawa slametan iki isih dilestarekake

lan diuri-uri senadyan ta saperangan warga ana kang wis ninggalake sithik mbaka

sithik karana ora ana ing sajrone agama kang dianut.

Tradhisi slametan wis ditata kanthi permati. Slametan kuwi salah sawijine

kapitayan masyarakat Jawa, sing gayutane karo aspek sosio kultural sing asipat religius.

Tujuwan slametan kuwi (1) nglestarekake tradhisi sing wis ditindakake kanthi turun-

temurun utawa nglestarekake budaya lan rasa wedi karo anane walat, (2) minangka

20

rasa syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, (3) silaturahmi karo warga

masyarakat, (4) sedhekah, lan (5) mung karana melu-melu (partisipasi/ praja) karo

tradhisine warga sakampunge. Tegese, mung karana isin karo tangga kiwa tengene

amerga tangga kiwa tengene nindakake.

Ing alam bebrayan Jawa tinemu maneka warna tradhisi slametan. Tradhisi kang

lumrah ditindakake umume digayutake karo urip bebrayan. Wiwit isih ana ing

kandhutan, nganti ing alam kubur, tansah dislameti. Krana slametan iku gayut karo

proses panguripane umat manungsa (mbobot, mijil, mantu, manten lan mati)

kawastanan lima ma (Suwarni.2014). Miturut Sutrisna (2002) proses kasebut

kawastanan daur hidup adat Jawa.

Tradhisi lima ma kawiwitan nalika sawijine calon ibu nggarbini. Wiwit umur

sewulan nganti 9 wulan. Kandhutan sewulan kawastana eka kamandanu, wulan

sabanjure dwi panunggal, tri lokamaya, catur hangga jati, panca yitma jati, sad loka

jati, sapta kawasa jati, hasta sabda jati, lan nawa purna jati. Slametan tumrap sawise

bayi lahir, nganti tumekaning diwasa, dislameti brokohan, sepasaran, puputan,

selapanan, tedhak siten, setahun, sewindu, sunatan, pasahan (pangur), sukeran, lan

ruwatan.

Tradhisi kang awujud slametan kasebut cetha ngandhut nilai filosofis tartamtu

uga karakteristik ing budaya dhaerah. Slametan ana gayutane karo kapercayan, dudu

kewajiban sing kudu ditindakake lan ora ana gandheng-cenenge klawan agama.

Nanging krana majune jaman unsur agama dadi perangane slametan. Ana kang

nganggep yen tradhisi iku mitos ana uga kang mastani musrik. Wis katur yen tradhisi

pancen dudu agama, nanging kabudayan lan dudu peranganing agama, senajan ing titi

wanci saiki digayutake karo agama.

Tradhisi kang gayut karo ma kang sepisanan yaiku mbobot, wiwit eka kamandanu

nganti nawa purna jati, kang paling regeng, sapta kawasa jati, utawa masyarakat

mastani mitoni utawa tingkeban. Mitoni saka tembung pitu sing nduweni teges angka

pitu (7). Upacara tingkeban dianakake nalika umur kandhungane wis pitung wulan lan

lagi ngandhut sepisanan.

Tujuwane tingkeban, yaiku (1) kanggo ngenalake yen pendhidhikan kuwi diwiwit

saka jero kandhutan nganti diwasa, (2) tasyakuran, dene anggone mangun bale wisma

21

kaparingan momongan, (3) nyuwun kaslametan lan karaharjan, katujokake marang

Gusti Kang Maha Agung, (4) nyuwun supaya anak kang dikandhut ing tembe bisa

migunani tumrap kulawarga, masyarakat, lan syukur bisa migunani marang agama,

bangsa lan nagara. Ing adicara tingkeban kinandhut nilai-nilai simbolik, kang kawujud

ing tata laku lan ubarampene.

d. Wektu kanggo tingkeban

Upacara tingkeban lumrahe dianakake ing dina Selasa utawa Sabtu, tanggal 14

lan 15 miturut tanggalan Jawa. Wong Jawa percaya yen upacara dianakake ana ing

tanggal kuwi bayi sing dilairake bakal nduweni cahya saengga bisa dadi bocah sing

pinter. Wektu kanggo nganakake upacara tingkeban sing apik yaiku tabuh 09.00-11.00.

Calon ibu kudu adus lan kramas sing resik, ateges yen calon ibu kuwi mau suci.

Upacara uga bisa diwiwiti tabuh 15.00-16.00, amarga wong Jawa percaya menawa

widadari mudhun ana bumi kanggo adus. Ing tlatah Sidoarjo lan saperangan tlatah

liyane, tradhisi siraman dianakake ing tengah wengi. “Desa mawa cara negara mawa

tata”, kang ateges saben masyarakat ing sadhengah papan nduwe adat kang beda karo

masyarakat liyane, kalebu ing bab tradhisi. Ing Jawa Tengah lan DIY, adhedhasar

pakem kang isih diugemi, yaiku ing dina Selasa utawa Sabtu, katindakake ing wayah

awan (tabuh 11 00-16 00), milih tanggal ganjil sadurunge wulan purnama, yen bisa

tanggal 7 (Pringgadigda, 2003:2). Bab iku digayutake karo weton calon ibu lan calon

bapak, lan sangat (saat/waktu yang tepat), adhedhasar primbon.

e. Piranti kanggo Tingkeban

Saperangane piranti sing kudu digatekake kanggo upacara tingkeban ing

antarane yaiku meja sing ditutup kain putih. Ing dhuwure ditutup maneh karo bangun

tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang sekar utawa lentrek, ron

dhadhap serep, ron kluwih, lan ron alang-alang. Sakabehe bahan kuwi kanggo

lambaran menawa saweg nyirami.

Piranti liyane sing dibutuhake, yaiku :

(1) Bokor utawa pengaron lan siwur banyu suci perwita sari. Ing Jawa timur,

kawastanan banyu kembang setaman. Gandaning kembang setaman utawa

kembang sri taman, minangka lambang yen calon ibu mau kudu tansah njaga

kesehatan ben katon seger lan ngganda wangi.

22

(2) Kembang boreh, gantine sabun ing upacara siraman.

(3) Kendhi, dienggo nyiram sing pungkasan.

(4) Lap andhuk.

(5) Kain putih lan jarik bathik 7 motif, slendhang / kemben bangun tulak. Klambi

sembagi lan jarik lurik.

(6) dhingklik, kanggo lungguh calon ibu nalika siram. Dhingklik kasebut dilemaki klasa

bangka, godhong kluwih lan godhong alang-alang.

(7) Janur kuning (ing Surabaya), lawe wenang.

(8) Keris pusaka Kyai Brojol lan kunir.

(9) Klenthing lan pitik dikurungi.

(10) Endhog pitik kampung siji dibungkus plastik lan cengkir gadhing.

f. Ngidhentifikasi Makna Bathik Sajrone Tradhisi Mitoni (Tingkeban)

Bathik minangka kaskayane wong Jawa kang dening UNESCO diakoni dadi hak

paten. Ing sakawit bathik mung awujud jarik utawa nyamping kang fungsine kanggo

busana , jangkep karo kebayak, gelung kondhe, lan sandhal njinjit. Temahan kebayak

dadi pakaian nasional ing Indonesia. Krana pangaribawaning zaman lan ngrembakane

kawruh, bathik ora mung kanggo busana tradhisional nanging wis kalumrah dadi

busana padinan kang ora kudu nganggo kain kebayak. Dadi bisa dienggo busana

kanthi maneka rupa modhele.

Tumrap wong Jawa bathik ora mung minangka busana nanging uga nduweni nilai

filosofis. Filsafat iku jumbuh karo motif utawa jinise utawa jenenge. Saben motif

nduweni fungsi lan makna. Bathik uga kanggo ing upacara tradhisional. Contone ing

adicara tingkeban, butuh 7 motif bathik kanggo salin ing adicara siraman. Motif kang

dibutuhake yaiku: sidamukti, truntum, sidaluhur, parangkusuma, semenrama, udan

riris, cakar ayam, grompol, lasem, lan dringin.

Miturut Pringgadigda (2003:7-8) saben motif bisa diwerdeni lan nduweni nilai

filosofis. Nilai lan werdine jarik bathik tumrap wong Jawa ing adicara tingkeban yaiku:

(1) Sidamukti, kanthi pangarep-arep, supaya bayi kang isih ana ing kandhutan ing

tembe bisa urip mulya, mukti wibawa.

23

(2) Trutum, supaya bayi kang kinandhut ing tembe nduweni budi kang luhur. Utawa

bebuden kang luhur kang disandhang dening wong tuwane bisa tumurun marang

anak kang dikandhut.

(3) Sidaluhur, motif kasebut minangka pangarep-arep supaya bayi kang dikandhut

ing tembe nduweni subasita lan tata krama lan budi pekerti kang luhur.

(4) Parangkusuma, muga-muga bayi kang dilahirake lantip pikire kaya dene

landhepe pangot/parang, trampil trengginas, lan bisa mikul dhuwur mendhem

jero kulawargane. Werdine bisa njunjung drajad lan martabate wong tuwane lan

kulawargane.

(5) Semenrama, anak kang dikandhut supaya bisa nduweni rasa tresna marang

sapadha-padha, kaya dene Rama lan Sinta marang kawulane ing crita Ramayana.

(6) Udan Riris, utawa udan grimis. Kang bisa nuwuhake swasana seger lan

tetuwuhan katon ijo royo-royo, kang ngresepake. Kang diwerdeni anak kang

bakal lair bisa nuwuhake swasana kang ayem tentrem lan bisa srawung karo

sapepadhane.

(7) Cakar ayam. Nyamping cakar ayam bisa diwerdeni, supaya bayi iku ing tembe

bisa golek rejeki, kaya dene pitik kang ceceker, krana tanggung jawab marang

kulawarga.

(8) Grompol. Werdine supaya kulawarga kasebut tansah guyup rukun, asih-

ingasihan.

(9) Lasem , nyamping lasem kang motife garis-garis jejeg, bisa diwerdeni anak iku ing

tembe tansah ngabekti marang Gusti Kang Maha Agung (bertaqwa).

(10) Dringin/ Lurik, motif iki awujud garis-garis horisontal, werdine anak kasebut bisa

srawung ing alam bebrayan agung, tulung-tinulung, lan kurmat-kinurmati siji

kalawan liyane.

Motif lan werdine bathik ing tradhisi tingkeban kasebut bisa dipilih, sing jumbuh

karo kahanan. Jaman saiki wis akeh salon kecantikan kang siyaga bisa disraya, jangkep

saubarampe lan tatalakune. Apa maneh saiki wong Jawa akeh sing ora nyampingan.

Ora saben wong nduweni jarik bathik.

Werna-wernane jarit kanggo tingkeban kaya gambar iki:

24

Bathik Sidomukti Bathik Semenrama

Bathik Cakar Ayam Bathik Truntum

Bathik Parangkusuma Bathik Sidoluhur

Bathik Grompol Bathik Udan Riris

Bathik Dringin/ Lurik Bathik Lasem (https://astumd.wordpress.com/2014/09/22/filosofi-upacara-tingkeban, diakses tgl. 8 Juli 2016)

25

IV. UPACARA ADAT SIRAMAN PENGANTEN

Siraman iku salah siwijine rantaman ing upacara pengantenan. Acara siraman iku

upacara pralambang kanggo ngresikake jiwane calon penganten. Upacara iki dianakake

sedina sadurunge ijab kabul ing omahe calon manten. Padatan mapan ing bageyan

omah sing rada kabuka kaya ing plataran, mburi omah, utawa ing taman ngarep

omah. Sing nyiram sepisanan biasane wong tuwa calon manten, banjur diterusake

dening para sedulur liyane, lan uga pemaes nganti gunggung pitu

Uba rampe sing kudu disiyapake kanggo siraman, antara liya:

(1) Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu.

(2) Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber.

(3) Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang

kanthil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga.

(4) Wedhak teles limang werna kanggo sabunan.

(5) Shampo tradhisional saka awu merang.

(6) Duduh klapa.

(7) Banyu peresan jeruk.

(8) Klapa loro sing ditaleni dadi siji.

(9) Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh.

(10) Kainputih.

(11) Godhong dlingo-bangle.

(12) Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala

(13) Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu

(14) Kain batik motif grompol lan nagasari

(15) Andhuk

(16) Kendhi

(17) Gayung (siwur).

Rantaman ing upacara siraman, yaiku:

(1) Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduweni ancas minangka kanggo ngeyupi papan

kanggo mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka penganten putri

kanggo pralambang gotong-royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing

kulawarga. Dene, tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja

26

sauwite, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan

ron waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya penganten

kekalih enggal entuk momongan.

(2) Ngirim toya perwitasari menyang calon penganten priyaya iku sawise toya 7

sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim

menyang omahe calon penganten priya. Sing ngirimake wakil saka kulawarga sing

diarani duta sraya.

(3) Sungkeman sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwa

kanggo njaluk pangapura lan pangestu anggone arep mbangun balewisma.

(4) Dedonga

(5) Siraman sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon penganten banjur ibu penganten

lan diterusake para pinisepuh uga kalebu juru paes. Sawise iku, banjur calon

penganten wudlu nganggo banyu sing dipancurake saka kendhi dening bapake

calon penganten.

(6) Pagas rikma sawise siraman banjur diterusake upacara pagas rikma utawa potong

rambut. Potongan rikma saka penganten kekalih banjur didadekake siji banjur

ditanem ing upacara tanem rikma.

(7) Dodol dhawet tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki nduweni

pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe penganten suwasanane bisa

rengeng. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo

dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng).

(8) Potong tumpeng kamulyan. Bapak saka penganten putri motong tumpeng

kamulyan banjur diwenehake ibu banjur didulangake penganten putri.

(9) Dulangan, penganten putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.

(10) Kembul bujana andrawina, para tamu dhahar sesarengan.

(https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman, diakses tgl. 9 Juli 2016)

Sesaji jroning acara siraman arupa tumpeng, panganan-panganan adhem,

gedhang lan woh-wohan liyane, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulite, gula klapa,

lentera, kembang telon kenanga, mlathi lan kanthil, pitung werna bubur, kuwe-kuwe

legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung. Upacara adat siraman iki uga bisa

ditemokake ing rantaman upacara pengantenan adat suku-suku liya ing Nusantara.

27

Aspek simbolik sajrone upacara siraman, tuladhane kaya mangkene:

(1) Werdine Dodol Dhawet

Ibune penganten putri dodol dhawet, dene bapake mayungi ibune, karo

nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon

penganten bisa sesrawungan karo liyan lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet

yaiku para tamu lan dhuwite kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko

(pecahan gendheng). Wardine (tujuane) dodolan dhawet yaiku supaya wong

omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma (bale omah), saengga

tundhone padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem, bahagia).

(2) Werdine Dhuwit Kreweng

Kreweng (pecahan gendheng) iku digawe saka lemah, amarga manungsa iku asale

saka lemah lan lantaran bapa biyunge, asale saka Gusti Allah.

(3) Werdine Kembang Mayang

Dianggo panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa rahayu slamet ora ana

alangan apa-apa. Kembar mayang iku ana loro, werdine sing siji kanggo

pralambang lanang, lan sijine maneh kanggo pralambang wadon (putri). Ancase

supaya panganten loro-lorone bisa kembar tresna, lan kembar cipta, rasa, lan

karsane

(4) Werdine Janur Kuning

Janur saka tembung [jan + nur]. Nur tegese cahaya, dene jan tegese sanyatane

utama sabenere. Dadi janur tegese cahaya sejati kang diparingake Gusti Kang

Maha Agung. Werdine Janur Kuning, yaiku supaya penganten sarimbit tansah

entuk cahaya sejati saka Gusti, kang awujud parentah (wewarah) lan ngedohi

larangane agama, supaya dadi keluarga sakinah, mawadah, lan warohmah.

(5) Werdine Pisang Raja kang wis Suluh

Supaya bisa nduweni wataking raja, yaiku tansah tanggung jawab, berbudi bawa

leksana, tresna asih marang kulawargane, lan suka dedana. Ing tembene bisaa

dadi tepa-tuladhaning sapadha-padha

(6) Cengkir Gadhing

Ing sajroning cengkir gadhing iku isi banyu kang wening. Muga tresnane

penganten kaloro linambaran weninging cipta, rasa, lan karsa satemah uripe atut-

28

runtut rerentengan, golonganing budi saeka-praya ing pakaryan, saeka-kapti ing

pakarti.

(7) Tebu Wulung

Yen dijarwakake tebu ‘antebing kalbu’. Kalbu iku ‘ati, galih’, dadi werdine tebu

wulung yaiku manunggaling temanten sarimbit satuhu linambaran antebing ati lan

dipangestoni dening para pinisepuh, sesepuh, kadang, lan sanata. Tebu wulung iku

tebu sing kuwat (santosa) tegesing kasantosaning brayat (kulawarga) bisa digayuh

manawa linambaran tresna kang suci.

(8) Pari Sawuli

Werdine supaya penganten sakloron bisa tansah kecukupan ing pangan (boga),

seneng nandur kabecikan, lan diparingi anak, sarta ngajeni marang liyan.

(9) Kembang lan Wohing Kapas

Werdine kembang-kembang ngemu werdi “wewangen, kaendahan, kaaruman’

kang dadi gegayuhan lan pepenginane wong akeh. Muga-muga penganten

sarimbit dadi pepenginane wong akeh amarga uripe ayem tentrem, bagya mulya.

(10) Werdine Kapas

Supaya penganten sakloron tansah kecukupan ing sandhang. Godhong apa-apa lan

suket alang-alang minangka pralambang manawa tumapaking gawe saka wiwitan

tumeka rampunging gawe bisa kaleksanan kanthi lancar, slamet, ora ana alangan

apa-apa.

(11) Godhong Kluwih lan Godhong Waringin

Minangka pralambang supaya uripe penganten sakloron tansah pinaringan

kaluwihan sandhang, pangan, lan kawibawan, sarta dadi pangayoman tumpraping

liyan, luwih-luwih marang sanak-kadhang lan kanca mitra.

(https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman, diakses tgl 9 Juli 2016)

Saperangan gambar rerangkene upacara siraman kaya mangkene:

29

Masang Bleketepe Siraman

Pagas Rikma Dodol Dhawet

(https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&..., diakses tgl 12 Juli 2016)

V. PROSESI PANGGIH

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijine upacara sakral adat Jawa sing

nduweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki

nglambangake pepanggihan antarane penganten putri lan penganten kakung ing

kahanan sing khusus kadi dene raja lan ratu. Padatan, rantaman inti upacara

ditindakake ing daleme penganten putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtuwa

utawa kaluwarga penganten putri, nanging tetep dibantu dening kaluwarga saking

penganten kakung. Rantaman adicara pengantenan adat Jawa ing saben laladan beda

miturut ekonomi saben kaluwarga.

Sadurunge panggih lumrahe kawiwitan kanthi srah-srahan iku uga diwastani

"asok tukon", yaiku calon penganten kakung menehake ubarampe lan ragat sing bakal

kanggo nindakake pahargyan pengantenan. Tuladhane ubarampe, kayata: beras,

sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyane iku sing paling penting ana ing

pepasrahan yaiku dhuwit sing gunane kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahe

penganten putri.

30

a. Makna Simbolik ing Adicara Panggih Temanten

Tembung panggih, ing basa Jawa tegese temu utawa ketemu. Kang werdine

sawise akad nikah utawa ijab kabul, adicara sabanjure yaiku panggih. Adicara

kawiwitan temu pengantin, asrah sanggan kembar mayang, adicara bucalan gantal,

wiji dadi utawa ngidak tigan lan wijik sekar setaman, sinduran lan kacar-kucur, bobot

timbang lan dhahar walimah, ngunjuk rujak degan lan tilik pitik, lan sungkeman,

(Hariwijaya, 2005: 151-171). Panemu saemper diandharake dening Sutrisna(2002:68),

adicara panggih, diadani sawise akad nikah. Adicara kasebut kaperang dadi: (1) balang

gantal utawa sadak, (2) wiji dadi utawa midak antiga (3) sindur binayang, bobot

timbang, (4) tanem jero, (5) kacar-kucur, (6) dulangan, (7) gambuhan, (8) ngunjuk

rujak degan, (9) liru kalpika kencana, (10) mertui, (11) sungkeman, lan (12) kirab. Dene

Pringgadigda (1998: 72) adicara panggih, kawastanan upacara adat Jawa, (a)

timbangan, (b) wisuda penganten, (c) kacar-kucur, (d) dulangan, (e) bubak kawah, (f)

tumplak punjen, (g) tilik besan, (h) sungkeman, lan (j) lambang kalpika.

Tata laku ing adicara panggih, ngemu werdi kang asipat simbolik. Werdine katur

mangkene:

(1) Upacara panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah) ditindakake acara panggih. Ing acara

iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didhelehake neng prapatan

cedhak omah sing tujuane kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku penganten putri

ketemu (panggih) karo penganten kakung saprelu nerusake upacara: balang

suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar-kucur, dhahar klimah, mertui

lan sungkeman.

(2) Upacara balangan suruh/ gantal

Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing

antarane penganten kakung lan putri.

(3) Upacara wiji dadi utawa midak antiga

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri

mijiki/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang.

31

Upacara iki minangka pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung

jawab mring kulawargane.

(4) Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha

ikhlas nampa dadi bageyane kulawarga.

(5) Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha

pinanganten sakloron wis tinampa adi kulawarga.

(6) Timbang

Pinanganten sakloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri,

minangka pralambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu lan

besan.

(7) Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing dikucurake ana

pangkone penganten putri minangka pralambang paweh nafkah.

(8) Dhahar Klimah

Penganten sakloron dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinanganten

sakloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

(9) Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng

ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.

(10) Sungkeman

Pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

(11) Babak Kawah

Upacara iki katindakake mligine tumrap kulawarga kang sepisanan mantu putra

putri kang pambarep. Upacara iki ditandhani kanthi mbagi bandha arupa dhuwit

receh, umbi-umbian, beras kuning lan sapanunggalane.

(12) Tumplek Punjen

Numplak tegese ngutahake utawa ngluwari, dene punjen tegese sesanggan

utawa tanggung jawab. Makna saka tumplek punjen yaiku ngluwari darmane

32

utawa tanggungjawabe wong tuwa marang anake. Upacara iki katindakake yen

mantu putra ragil tegese ora bakal mantu maneh.

(13) Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani

resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara slametan,

slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung katindakake. Ing acara

iki, pasangan penganten nrima pambagya slamat saka kerabat, kanca uga kabeh

sing rawuh neng acara iki.

(denyhendrawansaputra.blogspot.com/.../tata-upacara-pernikahan-ja..diakses tg. 15 Juli 2016)

Saperangan gambar adicara panggih penganten kaya mangkene:

Ubarampe panggih Kacar-kucur Sungkeman (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bih=657&source=... Diakses

tgl 14 Juli 2016)

b. Ngidhentifikasi Basa Rinengga Sajrone Panyandra Panggih

Ing andharan bab basa rinengga wis karembug bab panyandra utawa cecandran.

Tembung candra tegese rembulan, mula dicandra tegese dipadhakake karo rembulan.

Kang dicandra, yaiku samubarang kang apik lan nengsemake. Upamane sawijine priya

kang lagi kasmaran marang sawijine kenya kang ayu. Blegere kenya mau dicandra

utawa diemper karo rembulan (Hadiwidjana, RDS. 1967).

Panyandra iku uga tinemu ing adicara mantu, mligine ing adicara panggih.

Adicara panggih kalebu adicara kang sakral. Ing tahapan kasebut minangka adicara

pepanggihan seremonial ing antarane penganten kakung lan putri, kang ditindakake

sawise akad nikah. Ing adicara kasebut kekarone katemu kanthi resmi, kanthi ngagem

busana pengantin kanthi jangkep, lan nengsemake. Adicara kasebut minangka puncak

33

acara ing adicara pawiwahan ing upacara adat penganten tradhisional. Adicara

kasebut ancas lan tujuane kanggo nemokake manten ing ngarsane para tamu

(Hariwijaya, 2005: 152).

Panyandra panganten ing adicara panggih tegese mawas bab basa kang kanggo

ing adicara kasebut. Panyandra tegese pangalembana. Kabeh sarwa apik lan

nengsemake. Kang asring antuk panyandra ing adicara panggih, yaiku: (1) sasana

pawiwahan, (2) para tamu, (3) pinanganten, (4) jumenengan, (5) adat Jawi, ing adicara

timbang, kacar-kucur, dhahar kembul, sungkeman,lambang kalpika, (6) bubak kawah,

(7) tumplak punjen, lan (8) kirap 1 lan kirab 2, (Pringgadigda: 1998: 144). Ing

kalodhangan iki mung katur tuladha sawetara.

1) Panyandra Sasana Pawiwahan

“.... Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah punika

pratandha bebukaning panyandra, satuhu kathah papan ingkang edi, papan

ingkang endah lan nengsemaken, ananging mboten kados edi lan endahing sasana

pawiwahan.

Gapuraning pawiwahan rinengga edining rerenggan janur kuning, sinangga ing

pisang raja, cengkir gadhing, tebu wulung, pari sawuli, sekar sarta wohing kapas,

ron apa-apa, suket alang alang, miwah roning kaluwih, ron waringin sarencekipun,

pengaron ingkang isi sekar setaman ingkang wasita sinandhi.Wimbuh amilangoni

sarana pawiwahan kang pinajang dlancang rinonce, wilis, seta, rekta miwah

kresna.

Rerengganing pahargyan saweneh, wonten ingkang awujud dlancang rinonce,

pinatut ingkang maneka warni ingkang pita jenar kacandra kadya podhang

binorehan, ingkang warni rekta yayah wukir kawelagar, ingkang biru maya-

maya pindha situbandalayu, dene wilis kawistara ijo royo-royo kadya pantun

ingkang nembe gumendhung, ingkang seta sumorot suci wening pindha sunaring

mutyara, lembak – lembak katiyup maruta, ebah – ebah kadya tirtaning talaga adi.

Satuhu lambanging kaweningan, mugi nyawabana dhateng sri temanten ingkang

arsa ngambah alam bebrayan, mugi kagungana raos sumeleh, miwah nengenaken

kasabaran, pindhane gulu bengawan weteng segara, kang sarwa sarwi amomot

sakaliring reh....”

2) Panyandra Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga

“....(sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar

ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa

praba, tuhu punika tejane penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas

34

wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba

busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating

galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun

cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten

putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-

gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan. Wewening pranaja

singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol-

jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada

katon pating galebyar dening rerengganing ingkang tinaretes ing sesotya

nawaretna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing

wanci dalu...”

3) Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan

“..... (Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)

Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja

maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata punika tejaning

penganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi

manjing sasna pawiwahan. Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang

angemba busananing narapati, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah

mrabawa. Agung ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene

mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa

ateges sinung prabawa adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak ingkang samya

lumaksana angayap sang pinanganten kakung, pinarangan dening para kadang

santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung anyardula lapa

tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata,

sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga

wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab

prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra

ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta...”

4) Penganten Dhaup (Panggih)

“....(Binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang

Larasmaya Pelog Barang)

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing

Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat

jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming

madya, amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dhahat pinundhi-pundhi, sarta

angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising

tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh

35

saking osiking panggalih, wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang

kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana

rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang

pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih umiring tindake

penganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan

Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing penganten sarimbit.

Saksana kumlawe astane penganten putri sarwi ambalang gantal mring penganten

kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta penganten kakung gya

gumatya ambalang gatal ingkang winastan gondhang tutur....”

Punapa ta wujud wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing penganten

sarimbit?. Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan

lawe wenang, sarta pinilih suruh ingkang temu rose. Ingkang amengku werdi

sinandi. Suruh yen dinulu beda lumah lan kurepe. Nanging lamun ginigit padha

rasane. Punika amengku sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri .

nanging lamun wus manunggal cipta rasa miwah karsane, pinasthi jatukramane

(Hariwijaya, 2005:162).

5) Wiji Dadi (Midak Antiga) lan Sinduran

“.... Sedhah kaya lumah lawan kurepe, dinulu beda rupane, gineget tunggal rasane.

Sanadyan sajuga mijil priya, sajuga mijil wanita, kalamun sampun tinangsulan

tresna suci, pinesthi dadi jatukramane. Laju hanjengku risang penganten kakung

midak antiga kalajeng risang penganten putri mijiki samparaning ingkang garwa

kanthi toya perwitasari kang sinebat ranupada. Ranu nun inggih warih, her, utawi

toya. Pada nun inggih ampeyan utawi samparan. Karekating manah amrih ilang

salwiring sukreta, kalis saking sambekala. Paripurna anggenira mijiki samparaning

kang raka, jinunjung lenggah risang ahayu dening risang abagus....”

Singep sinduran:

“.... Paripurnaning gati kang titi laksana adicara panggih, lajeng jumeneng jajar

putra temanten kekalih sandhing kekanten asta, satuhu sajajar drajating priya lan

wanita, sanadyan wanodya datan nyingkur kodrating wanita minangka garwa,

risang pinanganten nulya lumampah tumuju ing sasana rinengga, aloke kang

samya humyat….

Gandheng renteng – renteng kekanthen asta risang pinanganten sarimbit datan

ginggang sarambut pinara sasra, sarwi singep sindur ingkang awarni rekta miwah

seta dening rama ibu, kanthi pangajab bebrayaning putra sarimbit tinuntun ing

36

rehing kautamen, pinanggiya ing budi rahayu linambar raos tresna, rasa, tepa,

sembada lan kumawuluh, Wani ing bebener, ajrih ing kadurakan lan kanistan,...”

6) Ngunjuk Degan & Bobot Timbang

Tuladha pranatacara mlebet adicara ngunjuk degan :

“.... Ngunjuk degan, mengku suraos kekudangane para winasis, lan para sepuh,

mugi-mugi temanten enggal kaparingan pracima ingkang bangkit saged tata jalmi,

utawi momongan awohing apalakrami, sinartan ginadhang mugi sri temanten

saged nuwuhaken kautamen ingkang suci pantes tinulad dening bebrayaning

sesami.

Kalamun risang temanten badhe necep maduning asmara janma, manunggalaken

ing rasa, rasa sejati sejatining rasa, satemah mijilaken kama warni seta saking

pokaling bapa, miwah kama warni rekta saking pokaling rena, ing tembe saged

mbabar putra kang minangka rerengganing balewisma,

Ugi dados pratandha, kalamun sedaya tumindak miwah muna muni badhe

kapenggalih kanthi weningin nala, satemah amung rahayu kang bakal tinemu,

kados unen unen : “ Ajining dhiri gumantung lathi, Ajining raga gumantung

busana, Ajining awak gumantung tumindak ....”

Tuladha atur pranatacara mlebet adicara Bobot Timbang :

“.... Jangkeping adicara panggihing risang putra tinemanten sarimbit kalajengaken

adicara bobot timbang.

Penganten kekalih kapangku dening kang rama kanthi asta kekalih, karangkulaken

ing pamidhanganipun temanten sekaliyan. Sineksenan dening ingkang ibu miwah

para-para ingkang humiyat, punapa malih para sepuh ingkang mahambeg dharma,

prasemonipun bilih rama ibu kekalih sampun satraju mengestoni, lan jumurung

puji hastawanipun dhateng dhaupipun temanten sekaliyan, kanthi sampun

mboten badhe emban cindhe emban siladan, anggenipun angrengkuh dhumateng

putra temanten sekaliyan, putra kekalih karengkuh kados yugo piyambak, mboten

wonten pundi ingkang sinebat putra mantu sadaya kaanggep sami....”

7) Kacar Kucur, Dhahar Kembul, Ngunjuk Toya Wening

Kacar kucur :

“.... Panjenenganipun papa tamu kang mahambeg luhuring dharma kakung

sumawana putri, pinaringan sih wilasitaning Gusti kang Maha Agung. Temanten

sekaliyan sampun kalampahan panggih, kaparenga gya ngadani adicara tampa

kaya kacar kucur.

Kacaryos dupi wus ngancik ing titi laksana, penganten kakung gya jumeneng

ngasta tilam lampus, isi wus kapurara Jawa ketos palawija sekar panca warna

37

miwah arta receh, kasuntak ing pangkoning kang garwa, katadhahan katampi

mawi sindur ingkang awarni rekta

Guna tampa kaya kyai ambarsejati nenggih risang pinanganten kakung paring

tampakaya mring nyai ambarsejati nenggih risang pinanganten putri, guna tampa

kaya pralambang tanggel jawabing priya.

Minangka tetunggaling kulawarga darbe tanggel jawab nyekapi sandhang boga

ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, won jenar,

arta pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang panganten ing

tembe kacekapan sandhang boga. Syukur bage pinaringan kesugihan, lamun

pinaringan kesugihan sageda lumeber mring para kadang sentana tangga tepalih.

Kawuryan risang pinanganten putri nampi tampa kaya datan wonten ingkang

marebel sanajan kang sajugo, mratandhani dados wanodya ingkang gemi nastiti,

surti tur ngati-ati.

Asiling tampa kaya laju katitipaken mring wanodya kang pinitados rumeksa

kawidagdaning tampa kaya nun inggih ingkang ibu…………paripurna nitipaken

tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul ing sasana sakawit, nenggih sasana

rinengga....”

Dhahar Kembul :

“.... Tumuli risang pinanganten nindakaken dhahar kembul, dhahar nedha kembul

ya wus ngarani sesarengan, pralambang sageta tumangkep manggih sing

katresnanipun temanten kakung putri, jumbuh ingkang ginayuh, saiyek saeka kapti

sembada ingkang sinedya, rengganeng basa ngaten sinebat manunggaling karsa

marganing mulya....”

Ngunjuk toya wening :

“.... Paripurna dhahar kembul, sri pinanganten sarimbit ngunjuk toya wening, dadi

pratandha, kalamun risang pinanganten badhe necep maduning asmara janma,

manunggalaken ing rasa saking pokaling rena, ing tembe saged mbabar putra kang

minangka rerengganing balewisma,

Ngunjuk toya wening ugi dados pratandha, kalamun sedaya tumindak miwah

muna muni, badhe kapenggalih kanthi weninging nala, satemah amung rahayu

kang bakal tinemu, kados unen-unen, ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga

gumantung busana, lan ajining awak gumantung saka tumindak....”

8) Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan

“ .... Kacanarying penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha

kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun

kapareng lenggah satata, pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen

ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir

38

keplasing warastra lungit. Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna

lyan among daya-daya denirarsa among swagata, manembrama atur pambagyarja

konjuk sagunging para tamu minulya....”

Panyandra Tamu:

“.... Sinigeg ingkang cinandra gantya kang cinarita..

Sinatriya pundi to ingkang ka eka adi dasa purwa eka marang sawiji, dasa sapuluh,

purwa kawiwitan, satuhu katah titahing sukma, nanging satus tan jangkep sedasa

yen sedasa amung sawiji, kang kasinungan budi utama, budi utamaning kang

sinatriya mboten kadi luhuring budi pamengku gati.

Satuhu priyagung ingkang luhur kawibawane, jembar pocapane, bebasan suket

godhong dadi kadang, kalawan wreksa adoh dadi samya mentelung, dadya cerak

samya hamentiung. Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak tansaya sumanak, mila

datan nggumunaken bilih ing wanci menika para tamu sampun bek amblabar

hangebeki pahargayan.

Prasasat linobong ing penggalih ingkang dahat suka amarwata suta tumanduk

ingkang saweg mangun boja, kadi kelem karoban ing memanis sinandhing kastuba

manik.

Kapanduking raos ingkang dahat tumenem ing kalbu, saksana ambuka osiking

penggalih/driya, denira sumengko pangawak braja, lir keplasing warasta lungit,

prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tan ana liyan amung doyo-doyo

denirarsa asung swagata, manembrama atur pambagyaharjo, kunjuk sagunging

para tamu minulya....”

9) Beksan Gambir Anom Gandrung

(kacandra nalika gangsa sirep)

“.... Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara

kayungyun marang kasulitane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata

Dwarawati.

Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthil-

kanthil aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya

ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata,

lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra....”

(10) Kirab Kanarendran

“ .... ( Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra Pelog

Barang)

Rampak runtut swaranya anganyut-anyut, lah punika ta wau swaraning

pradangga, ambabar Ketawang Langggeng Gita Sri Narendra, umiring tindakira

39

sekaring pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab,

nulad adi endahing budaya. Penganten kakung angagem makutha awarna kresna

pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi munggwing jangga lir ginupit,

amimbuhi pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni

langking sinulam benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung,

prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor kalawan sangsangan sekar

mlathi rinonce munggwing pamindhangan kanan miwah kering, angalewer

tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat. Sinigeg gatnya kang

winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambar teja manda maya, tejaning rising

suryeng ratri, pranyata lamun tan kucuwa memanise. Meloking wadana sumunar

agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar....”

(11) Kirab Kasatriyan

(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa Slendro 9)

“ .... Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa,

kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat

teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata

tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.Wus lukar busana katong

angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong

guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya

atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin

Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya

ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang

nendheng mangudhar wewangi. Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni

atmajane Ki Demang Sangkalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki

Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom. Kang apindha putri astha sata

anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon predikan ing

Toyabiru. Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki

kang kaudi, lestari kang kaesthi...” (dinnushobirin.blogspot.com/.../pengertian-

dan-macam-macam-pa diakses tanggal 8 Juli 2015)

VI. UPACARA NGUNDHUH MANTU

1. Ngundhuh Mantu utawa Sepasaran

Ing masyarakat Jawa, lumrahe sing nduwe gawe mantu pihak penganten putri.

Mula sawise sepasar (5 dina), penganten sakloron, diterke nang omahe penganten

kakung. Istilahe sepasaran utawa tilik besan. Ing Jawa Timur kawastanan walik ajang,

walik klasa utawa tilik pitik. Krana penganten kasebut ora mung sarimbit, nanging ana

pengombyong, pihak keluarga penganten kakung mahargya kanthi suka rena lan

40

ngaturi tangga teparo, kulawarga lan mitra karuh, adicara mau kawastanan ngundhuh

mantu, ( Sutrisno, 2002:82, Hariwijaya, 2005:192). Adicara ngundhuh mantu asipat

seremonial panutuping adicara mantu. Tegese kanthi resmi pihak penganten putri

masrahake marang pihak penganten kakung. Sebab wiwit akad nikah, resmi dadi

tanggung jawabe penganten kakung.

Ancas lan tujuan upacara ngundhuh mantu kanggo pengalaman urip ing alam

bebrayan, utamane ing lingkungan keluarga penganten kakung. Kanthi resmi

penganten putri dadi kulawarga penganten kakung. Mula adicara ngundhuh mantu

mesisan karo boyongan. Ubarampe kang dibutuhke awujud tebusan lan sanggan,

pisang ayu, suruh ayu, ditata ing lengser, kembar mayang sepasang, banyu kembang

setaman, kembang telon, lan sindur.

2. Tata laku Ngundhuh Mantu

Sadurunge, pihak penganten kakung utusan menyang pihak penganten putri,

nggawa tebusan kasebut. Werdine, pihak penganten kakung duwe pangarep-arep

sedya rahayu supaya penganten sakloron lan kulawarga bisa urip tentrem, bagya

mulya sakinah, mawaddah, lan warahmah. Utusan kang disraya kasebut njaluk supaya

diparengake mboyong penganten sakloron menyang keluarga penganten kakung.

Sadurunge budhal, pihak penganten putri nganakake slametan sepasaran. Kanthi

pangarep-arep supaya tansah kalis ing sambekala, tekan papan kang dituju, yaiku

omahe mara tuwa. Kejaba iku ing adicara sepasaran iku nggawe jenang sungsum

utawa jenang baning, dicaosake marang tangga lan kadang sing padha rewang. Ing

pangangkah ben seger atot bebayu kang loyo krana kesel bisa ilang, lan pikiran dadi

wening.

Pihak penganten putri tekan ing panggonan pihak besan, penganten sakloron lan

pangombyong dipapag dening keluarga besan. Ibu penganten kakung, mapak anak lan

mantune. Kanthi nggawa roncen kembang, dikalungake marang penganten sakloron

lan urip bebarengan sadurunge manggon lan mangun balewisma dhewe.

3. Nilai Simbolik Sajrone Adicara Ngundhuh Mantu

41

Saben tradisi ngandhut pasemon lan nilai-nilai kang asipat simbolis. Sanadyan

adicara mau mung asipat seremonial, nanging tetep diugemi lan ditindakake dening

masyarakat. Nilai-nilai kang awujud pasemon bakal katur. Nilai-nilai kang kinandhut ing

adicara kasebut awujud ubarampe. Bubur sungsum, tebusan, kembang setaman, lan

toya wening. Andharan, nilai simbolis ing ubarampe ngundhuh mantu, ing antarane:

1) Bubur sungsum

Bubur sungsum, digawe saka glepung beras Jawa, santen, lan gula Jawa. Bubur

sungsum, minangka sawijine ubarampe ing upacara tradhisional masyarakat Jawa.

Saben bubar nduwe gawe ing adicara sepasaran (mantu, sunatan) pamangku karsa

gawe jenang sungsum. Werdine bubur sungsum, minangka pralambang supaya

sungsum lan syaraf bisa kendho, kesele ilang, seger sumringah, lan atur panuwun

marang panitia kang wis nindakake tugas kanthi rancak. Acara kasebut minangka

pamungkase adicara mantu, utawa pembubaran panitia. Kejaba iku uga minangka

syukuran marang Gusti Kang Maha Agung, dene anggone kagungan kersa mantu

lancar, nir ing sambekala. Kejaba iku, jenang sungsuman uga minangka atur

panuwun marang panitia lan kabeh kang mbiyantu adicara kasebut kang wus

tandang gawe wiwit lekas nganti pungkas.

2) Tebusan

Tebusan kang awujud sanggan, gedhang ayu lan suruh ayu, ing sajrone lengser,

minangka pralambang, yen penganten sakloron bakal ngadhepi maneka warna

masalah ing bale wisma lan ing alam bebrayan. Gedhang ayu minangka lambang,

yen temanten anyar kaya dene raja, urip kebak kamulyan lan kabagyan. Suruh

ayu, minangka lambang yen suruh iku beda lumah lan kurepe nanging yen digigit

padha rasane. Rasane pait lan getir kang kudu disandhang bebarengan ing sajrone

bale wisma. Dene, lengser utawa bokor kang kanggo wadhah, minangka lambang

bale wisma kang bakal dadi papan dununge urip bebrayan sabrayat.

3) Sekar Rinonce

Sekar rinonce (roncen kembang) kanggo mapag penganten sakloron kang

dikalungake minangka lambang, yen wong tuwane penganten kakung duwe

pangajab kulawarga anyar iku manggih katentreman lann kamulyan, kaya dene

endah lan ngganda wangi kaya dene sekar rinonce kasebut. Tekane anak mantu

42

ing kulawarga kasebut katampi kanthi suka renaning panggalih, kanthi maringi

kalung awujud sekar rinonce.

4) Toya Wening

Ing adicara ngundhuh mantu, ibune penganten kakung maringi unjukan awujud

toya wening marang anak lan mantune. Werdine supaya penganten sakloron anggone

mangun bale wisma tansah pinaringan kesabaran lan pikiran kang wening (Sutrisno,

2002:83). Penganten sakarone wiwit lelumban ing jagating alam bebrayan, kudu bisa

ajur-ajer ing masyarakat. Saru-sikune bale wisma dilakoni bebarengan.

VII. NGIDHENTIFIKASI BUSANA PENGANTEN JAWA

Nenikahan utawa dadi temanten mujudake saperangan saka siklus panguripane

manungsa. Nenikahan katindakake kanggo nglestarekake katurunan. Saben dhaerah

iku nduweni busana penganten kang maneka warna kang nuduhake idhentitas

dhaerahe utawa suku bangsane. Kaya ta busana adat Jawa Tengah utawa Yogyakarta

asring dienggo dening wong Jawa Timur, senadyan ta Jawa Timur uga nduweni busana

temanten dhewe kang khas.

Ing kena bakal diandharake busana penganten Jawa, mligine busana gaya Solo

(Jawa Tengah) dan busana gaya Yogyakarta.

A. Busana Penganten Gaya Surakarta (Solo)

Tata rias busana adat pengantin Jawa gaya Solo / Surakarta kebak nilai filosofi

kang luhur. Tradhisi tata rias busana iki nuladha saka busanane bangsawan lan raja

kraton Kasunanan Surakarta sarta Istana Mangkunegaran, Jawa Tengah.

1) Busana Penganten Solo Putri

43

Wujud tata rias busana temanten Solo, temanten kakung nggunakake beskap

langenharjan kanthi blangkon lan bathik wiron kang motife Sidoasih prada. Temanten

putri nggunakake kebaya klasik kang bahane saka bludru werna ireng. Kebaya mau

diwenehi paesan benang emas kang disulam. Motif sulamane wujud kembang

manggar. Kanggo ngisorane nganggo sewek kain motif bathik Sidoasih prada. Tata rias

temanten Solo Putri kaya putri raja kanthi paes ireng njanges ing perangan bathuke

minangka wujud sinom. Paes rias rambut kanthi ukel gedhe kaya bokor mengkureb

apaes melati rinonce tiba dhadha. Ora mung kuwi, perangan rambut dipaesnganggo

cundhuk sisir lan cundhuk mentul.

Wiwitane modhifikasi tumrap tata rias busana penganten Solo Putri

dumunung ana pangganggone kebaya dawa warna putih, ananging kairing owahing

wektu bab werna bisa kasalarasake karo apa temane pawiwahan penganten kasebut.

Wernane kebaya bisa abang, jambon, ungu, biru lan werna-werna liyane. Kanggo

busana saiki tansaya akeh variasine lan nggunakake modhifikasi modhel busana kang

modern, nanging ora ngilangi kaendahaning busana lan nilai-nilai budaya kang

kinandhut .

44

2) Busana Penganten Solo Basahan

Saliyane Solo Putri, gaya paes temanten Solo kang kondhang yaiku Solo

Basahan. Busana Solo Basahan arupa dodot utawa kampuh kanthi corak bathik werna

peteng kang motife alas-alasan (kewan) lan tetuwuhan ing alas. Kairing majuning

jaman, pilihan motif lan corak werna dodot luwih maneka warna nanging filosofine

tetep yaiku drajat mulya kang pantes dianggo temanten sakloron.

Makna saka busana basahan yaiku simbolisasi pasrah marang kersane Gusti ing

babagan lumakune ngaurip ing tembe. Busana basahan temanten putri arupa kemben

minangka tutupe dhadha, kain dodot utawa kampuh, sampur utawa slendhang

cindhe, sekar abang lan kain jarik werna kang memper, sarta buntal arupa rerangkene

gegodhongan pandhan saka kembang-kembang. Maknane gegodhongan pandhan saka

kembang-kembang yaiku minangka tolak balak.

(http://salonbiela.blogspot.co.id/2015/02/5-aneka-corak-gaya-model-rias-pengantin.html, diakses

tanggal 18 Juli 2016)

Busana basahan temanten kakung arupa kampuh utawa dodot kang motife

padha karo temanten putri, kuluk (pilihan wernane saiki maneka warna, ora mung biru

kaya tradhisi kraton)minangka tutuping sirah, stagen, sabuk timang, epek, clana cindhe

sekar abang, keris warangka ladrang, buntal, kolong keris, selop, lan paesan kalung

ulur.

Busana Sikepan Ageng/ Busana Solo Basahan Keprabon yaiku salah sijine gaya

abusana kang niru tradhisi para bangsawan lan raja Jawa kang nganti seprene isih

digandrungi. Temanten kakung nganggo kain dodotan lan klambi takwa yaiku memper

beskap kang biyen mung oleh dianggo dening Ingkang Sinuhun wae. Temanten putri

45

nganggo kain kampuh utawa dodot kanthi dijangkepi potongan cendhak, lengene

dawa saka bahan bludru kanggo tutup pundhak lan dhadha.

B. Busana Penganten Gaya Yogyakarta

Tata rias lan busana penganten khas Jogjakarta iku lumrahe niru corak busana

penganten tradhisi Keraton Jogjakarta. Saperangan modhel busana penganten gaya

Yogjakarta, yaiku Paes Ageng utawa Kebesaran, Paes Ageng Kanigaran, Jogja Putri lan

Kesatrian.

1) Busana Penganten Kebesaran utawa Paes Ageng

Sing paling kaloka gaya Jogja Paes Ageng utawa Kebesaran. Penganten Jogja

Paes Ageng nggunakake dodot utawa kampuh jangkep karo hiasane. Paes ireng kanthi

pinggiran warna emas ing bathuk, rambut sanggul bokor kanthi gajah ngoling kang

nglawer endah, sarta sumping lan aksesoris unik wanita liyane, kaya ta ukel ngore

(buntut rambut nglawer) dilengkapi sisir lan cundhuk mentul kecil. Tumrap penganten

kakung, ngagem kuluk kang ngrias sirah.

(See more at: http://sorayawedding.net/ragam-corak-busana-pengantin-jogja-detail-2970#sthash. QkztDeFQ.dpuf diakses tanggal 19 Juli 016)

Tuladhane gambar busana Paes Ageng kaya mangkene:

46

(https://fatmasari.wordpress.com/category/jawa/, diakses tanggal 22 Juli 2016)

Busana penganten Yogya nduweni kekhasan ing lembaran dodot kampuh, cindhe, lan

bathik kang tansaya muwuhi keagungane gaya bangsawan. Ragam corak busana

penganten tradhisi Kraton Yogyakarta:

2) Busana Penganten Yogya Putri

Busana penganten Yogya Putri diagem ing adicara ngundhuh mantu. Penganten

putri ngagem kebaya beludru dawa kanthi bordiran warna keemasan, kain bathik

prada, sanggul tekuk kang rinias mentul gedhe, dene penganten pria ngagemageman

sikepan, kain prada, lan kuluk kanigaran.

(maudyweddingorganizer.com/...pengantin/rias-pengantin-jogja diakses tgl 21 Juli 2016)

3) Paes Ageng Jangan Menir

Paes Ageng Jangan Menir digunakake ing upacara adat boyongan penganten

putri. Pengantin putri ngagem kebaya blenggen bahan bludru, bangkekan (pinggang)

dililit selendang rinias pendhing, lan kuluk kanigara. Paes Ageng Jangan Menir ora

ngagem kain kampuh utawa dodot. Babagan iki digunakake kanggo mbedakake karo

corak Paes Ageng Kanigaran.

47

(https://www.google.com/search?q=gambar+busana+pengantin+gaya+yogyakarta&tbddiakses

tanggal 23 Juli 2016)

4) Busana Penganten Corak Kanigaran

Tata Rias sarta busana pengantin kanigaran meh padha karo Paes Ageng, yaiku

ngagem kain dodot, mung wae busana dodot Paes Ageng penganten ora ngagem

klambi. Busana penganten kanigaran ngagem beskap lan kebaya beludru. Kanggo

penganten putri ngagem kebaya beludru warna ireng, ijo, abang, biru, wungu, lan

coklat. Bahan beludru muwuhi kesanglamor lan elegan tumrap sang pengantin.

Kebaya kang diagem dawa nganti wates dhengkul lan bagian ngarepnganggo bef

utawakutu baru. Kutu barune dipasang bros renteng utawa susun telu saengga

endah sinawang.

(https://www.google.com/search?q=gambar+busana+pengantin+kanigaran&biw=1366&bih=657&tbm,

diakses 22 Juli 2016)

5) Busana Kesatrian Modhifikasi

Busana iki kombinasi karo busana modern kang tetep ngugemi tradhisi budaya.

Penganten putri ngagem Paes Yogya Putri, kebaya dawa bahan lace lan kain bathik

prada, sanggulan gelung tekuk. Penganten kakung ngagem beskap kanthi kain bathik

prada lan blangkon.

48

(http://maudyweddingorganizer.com/produk-layanan/rias-pengantin/rias-pengantin-jogja, diakses tgl. 22 Juli 2016)

6) Penganten Yogya Kontemporer

Tata rias Paes Ageng dipadhokake karo busana modhifikasi kebaya dawa lace, lan

dijangkepi kain prada Yogya. Semono uga ing tata rias Paes Ageng direnggani kanthi

asesoris modern.

(http://maudyweddingorganizer.com/produk-layanan/rias-pengantin/rias-pengantin-jogja,

diakses tgl. 23 Juli 2016)

DAFTAR PUSTAKA

Bhratawijaya, Thomas Wiyasa, Upacara Tradisional Masyarakat Jawa, Jakarta, Pustaka Sinar Harapan.

Darusuprapta. 1992. Serat Wulang Reh.Anggitan Dalem Sri Pakubuwana IV. Surabaya. CV Citra Jaya Murti.

Hariwijaya, 2005. Perkawinan Adat Jawa. Jokjakarta. Penerbit Hanggar Kreator.

Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.

Pringgadigda, Suwarna.2003. Upacara Tingkeban. Yogyakarta. Adicita Karya Nusa.

Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar & dahara Prize.

Soemodidjojo,R. 1993 Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Yogyakarta, Penerbit, Soemodidjojo Mahadewa.

Suryadi, Respationo, tt. Upacara Mantu Jangkep Gagrag Surakarta. Effna Dahara Prize.

Suwarni, 2003. “Sistem Penanggalan Jawa”. Padma. Jurnal Seni dan Budaya. No. 2. Tahun 1. Surabaya. FBS Unesa.

49

Suwarni, 2008. ”Naskah Dewi Sri Sadana, kajian sosiokultual” Tesis. Pasca Sarjana Unesa.

Suwarni, dkk. 2014. Mengenal Sekilas Tradisi Jawa. Surabaya. Penerbit Bintang.

Widjaja. A.W. 19 Manusia Indonesia, Individu, Keluarga dan Masyarakat, Akademika Preesindo.

Sudarayanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogjakarta: Badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa.

Sumber Internet:

(1) (simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20 Juli

2016 )

(2) (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc-pranatacara-pranata-ad... diakses

tanggal 6 Juli 2016):.

(3) ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar

(4) (https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&tbm

=isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)

(5) (http://noviliyacemong.blogspot.co.id/2014/12/tradhisi-tingkeban.html diakses

10 Juli 2016).

(6) (https://astumd.wordpress.com/2014/09/22/filosofi-upacara-tingkeban, diakses

tgl. 8 Juli 2016)

(7) (https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman, diakses tgl. 9

Juli 2016)

(8) (https://kidemangsodron78.wordpress.com/.../adicara-siraman, diakses tgl 9 Juli

2016)

(9) (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&..., diakses tgl 12

Juli 2016)

(10) (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&biw=1366&bih=

657&source=... Diakses tgl 14 Juli 2016